Alhamdulilah, puji dalah syukur namung pantes kagem Allah subahnahu wata’ala kemawon, ingkang
sampun paring nikmat iman, saha Islam ugi keistiqomahan. Lan Allah subahnahu wata’ala kemawon
dzat kang wajib dipun sembah lan dipun ibadahi sedaya makhlukipun.
Shalawat lan salam mugi tansah kunjuk katur dhumateng junjungan kita Rasulullah
Muhammad shallallahu ‘alaihi wasallam ingkang sampun paring margi pitedah nuninjih margi Islam
ingkang sempurna. Keslametan mugi tansah lumeber dhumateng kaluwarga, sahabat sarta
pendherekipun kang istiqomah ngamalaken sunnahipun. Amin allohuma amiin….
Wonten ing kesempatan siang puniko, Mangga kita sami tansah usaha ningkataken raos taqwa
dhumateng Allah subahnahu wata’ala kanthi netepi perintah-perintahipun lan nebihi sedaya awisan-
awisanipun.
هللا َح َّق ُت َقا ِت ِه َوالَ َتم ُْو ُتنَّ ِإالَّ َوَأ ْن ُت ْم مُّسْ لِم ُْو َن
َ َيا َأ ُّي َها الَّ ِذي َْن آ َم ُنوا ا َّتقُوا
“He wong kang podo iman, sira padha takwa’a marang Allah kalawan sajatining takwa, Ian sira aja
padha mati, kajaba mati ono ing kahanan Islam.” (QS. Ali Imran: 102)
Lumantar mimbar Jumat wonten ing siang puniko monggo sesarengan nyinau lan ngestokaken
dhawuhipun kanjeng Nabi shallallahu ‘alaihi wasallam wonten ing hadits riwayat Imam Al-Baihaqi
khabar saking sahabat Abu Hurairah radhiyallahu ‘anhu,
َو ْال َقصْ ُد فِي ْال َف ْق ِر،ِضب َ ضا َو ْال َغ َ ِّ َو ْال َع ْد ُل فِي الر،ِهللا َت َعا َلى فِي السِّرِّ َو ْال َعاَل ِن َّية
ِ َخ ْش َي ُة:ات ٌ ات و َثاَل
ُ ث ُم ْهلِ َك ٌ َثاَل
ٌ ث ُم ْن ِج َي
َوِإعْ َجابُ ْال َمرْ ِء ِب َن ْفسِ ِه،ٌ َو َه ًوى ُم َّت َبع،ٌُطاع
َ ش ٌّح م ُ َو ْال ِغ َنى َفَأمَّا ْال ُم ْهلِ َك.
ُ َف:ات
“Ana telung perkara kang bisa nylametake lan bisa nyilakani. Bilih kang bisa nylametake yaiku taqwa
ing dalem Allah kahanan sirri (rahasia) utawa terang-terang, lan pangandikan kang bener nalika ridha
utawa murka, ugo sifat sederhana nalika sugih utawa mlarat. Bilih perkara kang nyilakani yaiku nafsu
kang dituruti, lan kikir kang ditaati, ugo bebangga marang awak pribadine dewe.” (Syu’ab al-Iman,
Imam al-baihaqi, No. 7252)
Estu, menika satunggaling dhawuh Rasulullah shallallahu ‘alaihi wasallam ingkang agung lan penting
sanget, jalaran wonten ing lebetipun hadits kolo wau, wonten perkawis ingkang dados margi kesaenan
lan pepenget saking margi-margi kerisakan.
Bilih tigang perkara ingkang waget nylametaken, angka sepisan nun ninjih taqwa dhumateng ngarsane
Allah subahnahu wata’ala sae nalika kahanan sirri (rahasia)/piyambakan utawi naliko terang-terangan.
Menika satunggaling sikap kang kedah dipun gadhahi tiyang iman keranten sikap menikalah kang
ndadosna amal soleh saget kaleksanan lan maksiyat saget dipun tahan.
Ugi takwa menika sumbering kebahagiaan gesang wonten ing ngalam donya dumugi akherat
samangkeh. Mboten wonten pribadi, keluarga, masyarakat ngantos negari menawa taqwa dhumateng
Allah subahnahu wata’ala kejawi Allah badhe paring kebahagiaan.
“Walau Anna ahlal quroo amanu wat taqou lafatahna alaihim barokaatim minas sama’I wal ard”
Lan sekirone poro penduduk negeri iku podo iman lan taqwa bakal Alloh buka kanggo dewe berkah soko
langit lan bumi. Qs.Al A’rof 96
Lajeng nomer kaleh inggih punika ngendikan kang bener nalika ridha utawa murka, hal puniko ugi saget
ndadosaken sebab2 keslametan. Kranten menika satunggaling bukti nyoto tiyang menika jujur kaliyan
imane lan tiyang menika dipun paringi taufik saking ngarsanipun Allah subahnahu wata’ala.
Nomer tiga inggih punika anggadahi sifat sederhana nalika sugih utawa mlarat. Menika tandane tiyang
kang nggadhahi kepatuhan dhumateng dhawuhipun Allah subahnahu wata’ala.
Saklajengipun wonten tigang perkawis ingkang saget njerumusaken wonten ing kacilakan nggih punika,
nuruti hawa nafsu. Kathah tiyang saget sasar saking dalan kang bener karana hawa nafsu lan kathah ugi
tiyang kang wanton nglampahi tumindak kufur gegarane nuruti hawa nafsu. Allah subahnahu
wata’ala paring pangandikan wonten al-Quran,
ّ ٰ َّن ا َّت َب َع َه ٰوى ُه ِب َغي ِْر ه ًُدى م َِّن هّٰللا ِ ۗاِنَّ هّٰللا َ اَل َي ْهدِى ْال َق ْو َم
الظلِ ِمي َْن َ ََو َمنْ ا
ِ ض ُّل ِمم
“Lan sapa wong kang luwih sasar tinimbang karo wong kang nuruti hawa nafsune, tanpa oleh pituduh
saka ngarsane Allah. Saktemene Allah iku ora kersa nuduhake marang wong-wong kang nganiaya.” (QS.
Al-Qashash: 50)
Saklajengipun perkawis nomer kaleh kang saget nyilakani inggih puniko kikir kang ditaati. Kathah-
kathahipun manungsa niku tansah nuruti laku kikire. Menawi mekaten tiyang kolo wau bakal rugi
wonten ing pagesanganipun. Tur tiyang kikir niku saget nglirwakke hak-hak tiyang sanes ingkang
kedahipun dipun jagi.
Saktemene laku kikir lan iman menika mboten bakalan saget ketemu utawi kumpul wonten ing pribadi
tiyang Islam, kranten Rasulullah shallallahu ‘alaihi wasallam paring sabda,
ب َع ْب ٍد َأ َب ًدا
ِ اَل َيجْ َت ِم ُع ال ُّش ُّح َواِإْلي َمانُ فِي َق ْل
“Ora bakal bisa kumpul sifat iman lan kikir neng njero atine kawulane Allah subahnahu wata’ala.” (HR.
Nasa’i No. 3110)
Ingkang terakhir nggih punika bangga kalih awak pribadi, menika ugi kang waget nyilakani pagesangan,
sae puniko wonten ing alam donya punapa ing akhirat.
Sifat menika satunggaling gerbang mlebetipun sifat sombong lan ngremehaken tiyang, ugi remen ngolo-
olo tiyang sanesipun. Rasulullah shallallahu ‘alaihi wasallam saestu paring wanti-wanti saking sifat
sombong wonten ing sabdanipun,
Mekaten ingkang saget kawula aturaken, mugio waget dados ilmu kang manfaat lan nasehat ingkang
minulya kagem khatib pribadi ugi jamaah samudayanipun.
َفاسْ َت ْغ ِفر ُْوهُ ِإ َّن ُه ه َُو ْال َغفُ ْو ُر الرَّ ِح ْي ُم،ٍاِئر ْالمُسْ لِ ِمي َْن مِنْ ُك ِّل َذ ْنب َ َأقُ ْو ُل َق ْولِيْ هذا َوَأسْ َت ْغ ِف ُر.
ِ هللا لِيْ َولَ ُك ْم َول َِس
KHUTBAH KEDUA
د َأنَّ َن ِب َّي َنا م َُحم ًَّدا َع ْب ُدهُ َو َرس ُْولُ ُهBُ َوَأ ْش َه،ُْك لَه
َ َوَأ ْش َه ُد َأنْ اَل ِإلَ َه ِإاَّل هللاُ َوحْ َدهُ اَل َش ِري،َُأحْ َم ُد َربِّي َوَأ ْش ُك ُره
ْنِ ان ِإلَى َي ْو ِم ال ِّدي
ٍ ص ِّل َعلَى َن ِب ِّي َنا م َُح َّم ٍد َو َعلَى آلِ ِه َو َمنْ َت ِب َع ُه ْم بِِإحْ َس َ اللَّ ُه َّم
ان الرَّ ِجي ِْم
ِ ْط َ هلل م َِن ال َّشي ِ َأع ُْو ُذ ِبا،ك َو َت َعالَى ُ هللا َع َّز َو َج َّل َحي
َ ْث َقا َل َت َب
َ ار ِ م َو َن ْفسِ يْ ِب َت ْق َوىBْ ُأ ْوصِ ْي ُك،هللا
ِ عِ َبا َد:
هللا َح َّق ُت َقا ِت ِه َوالَ َتم ُْو ُتنَّ ِإالَّ َوَأ ْن ُت ْم مُّسْ لِم ُْو َن
َ َيا َأ ُّي َها الَّ ِذي َْن آ َم ُنوا ا َّتقُوا
ك َس ِم ْي ٌع َق ِريْبٌ ُم ِجيْبُ الدَّعْ َو ِة َ ت ِإ َّن
ِ مْوا َ ت اَألحْ َيا ِء ِم ْن ُه ْم َواَأل ِ ت َوالمْؤ ِم ِني َْن َوالمْؤ ِم َناِ اغفِرْ ل ِْلمُسْ لِ ِمي َْن َوالمسْ لِ َما
ْ الل ُه َّم
ِش َما َ ْال َف َواحB َو َج ِّن ْب َنا،ور ِ ت ِإلَى ال ُّن ِ الظلُ َما ِ َ َوَأصْ لِحْ َذ،وب َنا
ُّ َو َنجِّ َنا م َِن، َواهْ ِد َنا ُس ُب َل ال َّساَل م،ات َب ْي ِن َنا ِ ُاللَّ ُه َّم َألِّفْ َبي َْن قُل
ُت ال َّتوَّ اب َ ك َأ ْن َ َو ُتبْ َعلَ ْي َنا ِإ َّن، َو ُذرِّ يَّا ِت َنا، َوَأ ْز َوا ِج َنا،وب َنا ِ ُ َوقُلB،ار َناِ ْص َ َوَأب،ك لَ َنا فِي َأسْ مَاعِ َناBْ ار
ِ َو َب،َظ َه َر ِم ْن َها َو َما َب َط َن
َعلَ ْي َناB َوَأ ِت ِم ْم َها،ِين لَ َها َ َق ِابل،ْكَ ِك م ُْث ِني َْن ِب َها َعلَي َ َواجْ َع ْل َنا َشاك ِِر،الرَّ حِي ُم
َ ين لِ ِن َعم
ِين ِإ َمامًا َ َو ُذرِّ يَّا ِت َنا ُقرَّ َة َأعْ ي ٍُن َواجْ َع ْل َنا ل ِْل ُم َّتقBَر َّب َنا َهبْ َل َنا مِنْ َأ ْز َوا ِج َنا
َ ُاللَّ ُه َّم إ َّنا َنسْ َأل
َ وال َع َف، وال ُّت َقى،ك الهُدَى
وال ِغ َنى،اف
َ َع َذBَر َّب َنا آ ِت َنا فِي ال ُّد ْن َيا َح َس َن ًة َوفِي اآْل خ َِر ِة َح َس َن ًة َوقِ َنا
ِ اب ال َّن
ار
ان ِإ َلى َي ْو ِم ال ّديْن َ هللاُ َعلَى َن ِب ِّي َنا م َُح َّم ٍد َو َعلَى آلِ ِه َوBصلَّى
ٍ صحْ ِب ِه و َ َمنْ َت ِب َع ُه ْم بِِإحْ َس َ َو
َوآ ِخ ُر دَ عْ َوا َنا َأ ِن ْال َحمْ ُد هلل َربِّ ْال َعالَ ِمي َْن