Anda di halaman 1dari 4

Pasinaon iki ngrembug teks artikel.

Ancase supaya para siswa bisa tambah kawruhe ing


babagan tata rakit utawa panulisane artikel. Minangka ketrampilan nulis, artikel bisa
dibedakake manut isine yaiku artikel ilmiah lan artikel populer. Artikel ilmiah luwih
nengenake marang wawasan tumrape seserepan lan ngelmu, dene artikel populer digawe
kanthi nengenake pirembugan sing entheng nanging tetep mirasa kanggo diwaca.

STRUKTUR TEKS ARTIKEL

Struktur teks artikel mujudake gegambaran kepriye artikel kasebut diwangun. Bisa
kokjingglengi sawijine artikel kasusun kanthi struktur : pambuka, isi, lan dudutan. Panulise
artikel kudu migatekake isine gagasan utawa ide ilmiahe. Gagasan ilmiah iku bisa disumurupi
saka substansi gagasane lan alur ilmiah ing artikel kasebut.

JINISE ARTIKEL

Miturut teorine, wewatakan lan pamangune sawijine artikel bisa njalari jinise artikel bisa
kaperang dadi :

Artikel Ekploratif
Artikel eksploratif yaiku artikel sing ngandharake kanyatan-kanyatan miturut panalare
panulis. Jinis iki pas banget kanggo ngandharake temon-temon anyar. Tuladhane ana sawijine
pawongan nemokake barang-barang antik.

Artikel Eksplanatif

Eksplanatif tegese njelasake. Artikel eksplanatif yaiku artikel sing isine nerangake sawijine
masalah sing bisa dipahami dening sing maca.

Artikel Deskriptif

Deskriptif yaiku artikel sing ngandharake sawijine masalah kang dumadi ing masyarakat,
sahingga bisa disumurupi apa sing satemene dumadi. Jinis iki memper kaya laporan utawa
reportase, bedane yen laporan mung adhedhasar kasunyatan wae, yen artikel panulisane
nerangake masalah kanthi gamblang bisa awujud opini

Artikel Prediktif

Artikel prediktif yaiku artikel sing isine petungan utawa ramalan apa kang dumadi ing
mangkone manut petungane panulise.

Artikel Preskriptif

Artikel preskriptif yaiku artikel sing menehi tuntunan tumrap sing maca kanggo nindakake
sawijine pakarya sahingga ora kliru utawa salah anggone nindakake.

UNSUR BASA TEKS ARTIKEL


Unsur basa sing bakal disinoani lumantar artikel iki yaiku jinise ukara. Miturut akeh sithike
rerangkene tembung, ukara dibedakake dadi rong ukara yaiku ukara lamba lan ukara
camboran.

Ukara Lamba

Ukara lamba diarani uga ukara tunggal, yaiku ukara kang gagasane mung siji kang dumadi
saka Jejer (J) lan Wasesa (W)

Tuladhane ukara lamba :

 Komponen iki mbebayani banget.


 Sampah elektronik kudu kaolah luwih dhisik.

Ukara Camboran

Ukara camboran yaiku yaiku ukara kang gagasane luwih saka siji, Jejer (J), Wasesa (W),
Lesan (L) utawa Katrangan (K) luwih saka siji.

Tuladha ukara camboran :

 Saben dina ewon jenis barang elektronik diproduksi lan kaimpor.


 Sampah elektronik kudu diolah kanthi bener lan pamilahe kudu selektif.

TATA CARA NINTINGI TEKS ARTIKEL

Perlu dimangerteni tata cara nintingi teks artikel bisa kanthi urutan kaya mangkene :

 Irah-irahan artikel
 Asmane penulis artikel
 Media sing digunakake
 Foto lan sumber
 Papan panggonan dumadine
 Ukara kasunyatan, aktual lan wis kedadeyan
 Akibat sawise kedadeyan
 Dina lan tanggale kedadeyan
 Nara sumber
 Asmane narasumber
 Pawangsulane narasumber ngenani pitakon gegayutan sebab musababe prastawa
 Pratelane narasumber
 Panemune narasumber kanggo ngudhari masalah

TATA CARA MACA EKSPRESIF TEKS ARTIKEL

Para siswa kabeh, kaya kang wis mbok ngerteni, tembung ekspresi tegese pamedharing
pamikir lan rasa-pangrasane manungsa, nalika dheweke sesambungan karo kahanane jagad
sakupenge. Lumantar ekspresine, saben manungsa bisa ngatonake apa sing sejatine dipikir
lan dirasa nalika nemoni sawijine prakara.

Pamacan ekpresif tegese pamacan utawa carane maca sawijine teks tartamtu, sing njalari
wong sing maca nduweni pamikir lan rasa-pangrasa khusus ngenani isi lan wewatakane teks
mau. Mula saka iku, pamacan ekspresif ngudokake wong sing maca mau nggambarake
gregete rasa nalika sesambungan karo isining teks.

TATA CARA NGRINGKES TEKS ARTIKEL

Saiki wis kokngerteni carane nggawe ringkesan. Isi ringkesan kudu pada karo isi wacan kang
diringkes. Olehmu ngringkes, uga bisa manfaatake struktur teks iku kanggo pathokan.
Bandhingna ringkesanmu karo garapane kancamu. Apa pancen isine padha persis antarane
ringkesan lan wacan, yen durung, balenana lan benerna maneh nganti kasil. Cara ngringkes
kaya mangkono mau bisa kok trapake kanggo luwih mangerteni wacan liyane. Kegiyatan iki
bakal krasa luwih gampang lan nyenengake yen sering kok lakoni.

Anda mungkin juga menyukai