Anda di halaman 1dari 2

Drama Pendidikan Dimana Dalam Suatu Hari Saat Ada Ulangan Matematika Siswa Kelas 7 B Yang

Bernama Iwan, Dona, Serli, Dan Andi Yang Saling Bekerjasama Dalam Mengerjakan Ulangan Alias
Contek-Contekan. Sementara Itu Bima Sebagai Siswa Paling Pintar Di Kelas Tidak Mau Memberikan
Jawabannya Kepada Mereka.

Iwan : "Dona, aku njaluk jawaban soal nomor lima (5) lan enem (6).

Dona :"C karo B"

Serli : "yen soal nomor telulas (13), limalas (15)

lan telulikur (23) jawabane apa Wan gonamu?

Iwan : "telulas jawabane C, limalas A, yen nomer

telulikur ayu ya durung bisa njawab Ser"

Andi : "Huss, ojo seru-seru ngko bu guru mireng"

Serli :"Iha soale angel kabeh, isih akeh soal sing

durung bisa tak jawab"

Bocah 4 kui pada turun-turunan jawaban. Kaya biasane Bima sing terkenal dadi bocah paling sregep lan
pinter dewe ana kelas katon sante lan ora turun-turunan kaya kanca-kancane.

Iwan :"Bim, kowe wis rampung?"

Bima :"durung sih Wan, tapi kurang telung soal tok"

Iwan : kandani jawaban nomer 23 ketuk 25

Bim”.

Bima : "Walah Wan rausah ya, emoh ngandani aku"

Iwan : "Lha emange nopo Bim? Kanca we kowe ki ra gelem kandan-kandanan"

Dona :"Iya Bim, kowe ki ra nggaya suk raoleh

nyonto ne kancane lho"

Andi: "Iya, kowe kan sing paling pinter sak kelas

Bim mbok pisan-pisan ngandani kancane"

Bima :

Bima :"Iya sih, tapi ya ura turun-turunan ngeneki carane"


Serli:"Lha napaj Bim? Mug telung soal we!"

Bima :"Ah kanggo aku nyonto apa sing wenehi

turunan pada-pada le ora bener, dosane pada. Aku ora

turun-turunan merga wedi dusa, sory y my best prend".

Serli : "Tapi iki soale angel tenan Bim, raisa nggarap aku blas ra ndue gambaran jawabane"

Dona : "Mbok ewangi Bim pisan-pisan kowe ki ro

kanca we ngunu"

Bima:"Emoh ya emoh"

Andi: "yawis. Urusen awakmu dewe Bim." (Nesu)

Iwan : "wis, kita ndelok buku wae yuh"

Iwan banjur ngetokake buku saka tas e dewek e kanthi meneng-meneng supaya ora diconangi ibu guru
banjur ndelok rumus kang ana ing buku iku. Sawise kui banjur Serli nakoke jawabane marang Iwan.

Serli:"Piye wan? Ana apa ora?

Iwan : "ana, rungoke ya telulikur (23) A, patlikur (24)

C, selawe (A)"

Ananging apes temen ki bocah-bocah bandel, merga suwarane lwan sing buanter Ibu guru mireng apa
sing pada digunemke mau.

Bu Guru : "Cah papat iki, gaweane turun-turunan wae. Metu seka kelas tinggal garapanmu kabeh"

Merga keconangan turun-turunan siswa cacah papat (4) dihukum supaya ninggalake kelas lan ora oleh
melu ulangan kesebut.

Nasehat saka naskah drama bahasa jawa 6 orang ana ing nduwur: Dadi murid iku aja seneng nyonto lan
turun turunan marang liyane merga kui ora apik tumrap masa depane kita kabeh. Luwih becik digarap
dewe tanpa nyonto apa wae hasile yen dilakoni kanthi temenan mesti bakale sae.

Anda mungkin juga menyukai