Anda di halaman 1dari 3

YAYASAN PENDIDIKAN PERWARI

SEKOLAH MENENGAH KEJURUAN (SMKS) PERWARI


BIDANG KEAHLIAN :
1 BISNIS DAN MANAJEMEN 2. SENI, KERAJINAN DAN PARIWISATA
3. TEKNOLOGI INFORMASI DAN KOMUNIKASI
STATUS : TERAKREDITASI
Jalan Patimura 12, Telp. (0355) 322761 Tulungagung : 66231

PAMBIJEN TENGAH SEMESTER GANJIL 2022/2023

Piwulangan : Basa Jawa Nama : ……………..


Kelas : XII-…. No. : ……………..
Waktu : 90 Menit
Pambiji :

Lumantar tanggaping nalar lan rasa, sumangga digarap kanthi temen!


Eling, Tinindakan culika Hyang Kwasa mboten remen!

1. Coba andharna panemumu ngenani karakteristik lan panganggone unggah-ungguh basa


Jawa Ngoko Lugu/Andhap lan Alus/Inggil!

2. Coba andharna panemumu ngenani karakteristik lan panganggone unggah-ungguh basa


Jawa Krama lugu/Andhap lan Alus/Inggil!

3. Putu : “Mbah taksare sedhela ya, Panjenengan nedha sik wae.”


Mbah : “Ukaramu kuwi luput, coba benerna!”
Putu : (Krama Inggil) …………………………

4. Pak Lurah: “Bapakmu apa ana ing omah, Jo?”


Tejo : “Bapak ……… ringgit wonten ………….. Pak.”
Pak Lurah: “…………………………….”
Tejo : “……………………………..”

5. Gawea 3 ukara unggah-ungguh basa Jawa Krama Inggil!

6. Gawea 3 ukara unggah-ungguh basa Jawa Ngoko Alus!

7. Ukara ing ngisor iki owahana nganggo basa krama lugu!


a) Ibu lagi nonton kethoprak ing Tegalrejo.
b) Sapa sing nduwe sepdha abang iki?

8. Unggah-ungguh basa iku digunaake kanggo? Weneha alesan sing dadi dhasare
wangsulanmu kuwi!

9. “Ajining dhiri ana ing lathi, ajining raga ana ing busana, ajining bongsa ana ing
budaya”
Unen-unen Jawa ing ndhuwur ana gandheng cenenge karo unggah-ungguh lan
tatakramane wong Jawa. Coba andharna, miturut panemumu dhewe!

10. Masyarakat Jawa kawentar ngugemi babagan unggah-ungguh lan subasita. Kalebu nalika
pacelathon marang wong liya kudu nggatekake tatakrama kang trep. Pawongan sing
kokajak guneman ngadeg. Kepriye becike subasita lan tatakrama kang kudu
kokpatrapake? Andharna panemumu!
1
YAYASAN PENDIDIKAN PERWARI
SEKOLAH MENENGAH KEJURUAN (SMKS) PERWARI
BIDANG KEAHLIAN :
1 BISNIS DAN MANAJEMEN 2. SENI, KERAJINAN DAN PARIWISATA
3. TEKNOLOGI INFORMASI DAN KOMUNIKASI
STATUS : TERAKREDITASI
Jalan Patimura 12, Telp. (0355) 322761 Tulungagung : 66231

11. Nalika arep mangkat sekolah, kaya padatane Ima ngampiri Lita murih mangkat sekolah
bebarengan. Nalika wis tekan omahe Lita, sing mbukakake lawang yaiku ibune Lita.
Banjur kepriye ukara kang trep sing diaturake Ima marang ibune Lita? Gawea teks
pacelathone!

Semaken teks pacelathon ing ngisor iki kanthi permati!


Ing dina Selasa, bel sekolah tabuh 07.15 wis muni pratandha piwulang ing pawiyatan
kawiwitan. Nanging, Arya katon lesu ora sumringah.
Arya : “Dimas, kowe wis sinau kanggo ulangan Basa Jawa mengko?”
Dimas : “Aku mang bengi wis sinau diwulangke guru. Apa kowe durung sinau?”
Arya : “Aku mang bengi nonton bal tekan wengi, lali ora sinau. Iki mau aku mung maca
saklebatan wae.”
Dimas : “Hla mengko kepriye menawa ulangane pas babaga sing durung koksinau?”
Arya : “Awake dhewe iki rak kanca ta, Dim? Sing jenenge kanca kuwi lumrahe rak
kudu tulung-tinulung ta?”
Dimas : “Ya bener aku kuwi kancamu lan bener nek awake dhewe kudu tulung-tinulung.
Nanging tulung-tinulung sing kepriye sing kokarepake?”
Arya : “Ngene hlo Dim, menawa mengko ana soal sing aku ora ngerti, aku taktakon
kowe ya?” (Ngomong alon sinambi nyedhak Dimas)
Bayu : “Heh Ya, sing jenenge wong urip ing alam donya kuwi ancen kudune tulung-
tinulung, ning aja banjur kokgladrahake tegese dad mangkono. Wis dadi
kuwajibane awake dhewe minangka murid kuwi kudu sregep sinau. Ngapa kowe
malah nengenke sesenenganmu dhewe kanthi nglirwakake tanggungjawabmu dadi
murid kanggo ngadhepi ulangan? (Bayu sing krungu rembugane Arya lan Dimas
melu urun rembug)
Dimas : “Bener apa kandhane Bayu, Ya. Ora ateges aku wegah nulungi, ning iki wis dadi
kuwajibane dhewe-dhewe yen kudu sregep sinau, apa maneh kaya ngene iki
nalikane lagi ngadhepi ulangan. Sing kokalami kuwi rak ya undhuh-undhuhanmu
dhewe sing ora sinau mung mburu sesenenganmu dhewe.”
Pungkasane Arya ngaku luput lan njaluk ngapura marang Dimas lan Bayu. Ora let
suwe Bu Ida minangka guru Basa Jawa rawuh ing kelas.
Bu Ida : “Sugeng enjing murid-murid, wis dha siyap kanggo ulangan dina iki, ta?”
Murid : “Sampun, Bu!”
Bu Ida : “Becik yen mangkono, saiki ing ndhuwur meja mung ama kertas wangsulan wae
lan piranti nulis. Samubarang buku ora kena ana ing ndhuwur meja!”
Wis sawetara wektu anggone ulangan, Arya nemoni soal sing miturute dheweke rada
angel lan durung bisa mangsuli. Karepe dheweke arep niliki wangsulane kancane samburi
kursine, ning durung nganti klakon wis konangan Bu Ida.
Bu Ida : “Arya! Arepe ngapa?”
Arya : “Anu… Mboten Bu, mboten kok.” (Sumaur semu wedi)
2
YAYASAN PENDIDIKAN PERWARI
SEKOLAH MENENGAH KEJURUAN (SMKS) PERWARI
BIDANG KEAHLIAN :
1 BISNIS DAN MANAJEMEN 2. SENI, KERAJINAN DAN PARIWISATA
3. TEKNOLOGI INFORMASI DAN KOMUNIKASI
STATUS : TERAKREDITASI
Jalan Patimura 12, Telp. (0355) 322761 Tulungagung : 66231

Bu Ida : “Yen ora, kok mengo nyang mburi? Apa ora sinau mang bengi?”
Arya : “Ku.. kula sinau kok, Bu. Ning mboten ngantos sedaya.”
Bu Ida : “Hla keneng ngapa?”
Arya : (meneng sedhela) “Kula wau dalu nonton tandhing bal ngantos dalu, Bu. Mboten
kober sinau. Dados anggenkula sinau namung saklebatan mawon.”
Bu Ida : “Apa Sampeyan lali menawa Sampeyan kuwi isih dadi murid? Kuwajibane kuwi
ya sinau kanthi temenan. Apa maneh ya kanggo ngadhe ulangan ngene iki, ora
malah sakarepe dhewe kaya mangkono. Sinau kuwi dadi tanggung jawabe
pribadhi. Banjur yen wis ngene iki, sapa sing rekasa? Rak ya Sampeyane dhewe
ta?
Arya : “Inggih, Bu. Kula sampun lepat. Kula nuwun pangapunten inggih, Bu…”
(cuthel)

12. Kena ngapa Bu Ida ngundang Arya kanthi sesebutan “Sampeyan” kok ora nganggo
“Kowe” wae? Kamangka upama Bu Ida ngundang Arya kanthi sesubutan “Kowe” ya ora
salah, malah-malah bener.

13. Saka teks pacelathon ing nduwur, apa surasane kang dadi pirembugan? Banjur wenehana
bukti!

14. Piwulang apa sing bisa kokundhuh saka teks pacelathon ing nduwur? Andharna
panemumu kasebut nggunaake basa Krama!

Anda mungkin juga menyukai