Anda di halaman 1dari 4

Teks 1

"Waspa Saka Bangsa"

Lilakna aku mara nggawa

Tembang-tembang rasa

Kang ginuritku ing angkasa

Supaya atiku kathon lega

Guritku mung gurit sumende

Tansah njojoh jiwa ing kene

Ojo thok gawe lara

Ben dadi pamikire kanca

Linambaran waspa kang dadi

Ubeling panandang angga

Ameruhi lukning jantra bangsa

Kang wus ngancik ing luwih saka 50 warsa

Dina-dina mung kebak warta

Kang gawe ringkihe bangsa

Kabeh pada sulaya

Ngrebut menang pamikiran

Dina iki layange angin

Paweh kabar sing digawa


Maling malaing nagri

Wus nguntal jiwa bumi pertiwi

Warta wingi

Kabuka saka kaca televisi

Anane suwarga kang butuh nyawa

Saka nom-nomane negara

Sawangen ing kana

Gendara abang putih

Sing gawa getih lan balunge rama

Saiki wus kajuwing-juwing

Teks 2

"Ojo Podo Congkrah"

Ibu Pertiwi nandang keronto-ronto..

Hanyekseni putra putri sami congkrah...

Nangis....??

Luh tumetes ana ing bumi iki...

Ibu sedih ngger...


Eling... eling... elingo..

Perjuangane Bopo bopomu...

Ngrebut kamardikane bumi iki....

Ngusir para penjajah walanda...

Kanti lilo legowo toh nyowo..

Kanti lilo legowo ninggalke keluarga...

Kanti lilo legowo kelangan nyowo...

Kangko nglabuh labet ing negoro..

Elingo... elingo... elingo...

Welinge bopo bopo pejuang kito...

Openono ibu pertiwimu...

Terusno perjuanganku...

Ben ora muspro olehku gugur...

Ojo kok sia-sia ....

Ojo podho congkrah...!!

Teks 3

"Kabar Apik Kanggo Pahlawan"

Yen ora kanggo usahamu

Ngasah pring

Bet urip lan pati

Mung kanggo negara

Yen mung wektu iku

Semangatmu ilang
Batinmu kaya kapas

Aku ora ngerti apa sing kedadeyan dina iki

Pahlawan!

Menawi wonten tembung sanes ingkang mathuk

Aku bakal ngganti jeneng

Aku bakal milih sing paling apik kanggo sampeyan

aku isin…

Aku ora bisa mujudake kekarepanmu

Aku ora bisa ngganti pengorbananmu

Nanging, aku ora bakal mbuwang hadiah sampeyan iki

Anda mungkin juga menyukai