Anda di halaman 1dari 11

NASKAH DRAMA

Judul: Perawan Deso? Ra Masalah


Latar Panggon:
1. Gubuk
2. Omah
Latar Waktu: Awan lan bengi
Sutradara: Julia Nisfa Qanita (19)
Asisten Sutradara: Pinkky Angelia Febriani (29)
Kameramen:
1. Devita Tiara Nur Utami P. (09)
2. Muhammad Ardan Maulana S. (27)
Editor:
1. Sakya Anindya Prianggodo (31)
2. Indry Ratna Ayu Diyandra (17)
Sie Perlengkapan:
1. Dewi Putri Anggraini (10)
2. Leonardy Frizy (21)
Penata Rias: Fadila Nur Rochmah (16)
Pemeran:
1. Bu Tri: Mualifil Habibah (25)
2. Mbok Lasri: Fadila Nur Rochmah (16)
3. Dewi: Sakya Anindya Prianggodo (31)
4. Suparman: Duta Bayu Widhi A. (12)
5. Bunga: Dewi Putri Anggraini (10)
6. Kamto: Leonardy Frizy (21)
7. Kartono: Muhkammad Nur Huda (28)
8. Sari: Pinkky Angelia Febriani (29)
9. Eko: Muhammad Ardan Maulana S. (27)
10. Tukiyem: Devita Tiara Nur Utami P. (09)
11. Painem: Indry Ratna Ayu D. (17)
12. Ana: Keisha Putri Ramadani (20)
13. Siti: Julia Nisfa Qanita (19)
14. Ahmad: Anatori Dafa Adi p. (05)
15. Sujiman: Bangkit Fabian (07)
16. Widodo: Aditya Adi Saputra (01)
Pambuka
Remo Bolet
(keisha) Tuku wesi ing pasar loak, mulih awan lek lewat Dupak. Wong saiki gak peduli wis
duwe anak, pengen nggudo perawan sampek natap becak. Sugeng rawuh mbak-mbak, mas-
mas, ing ludruk babagan perawan. Monggo ndelok sampe wes buyar, mugi-mugi ngguyune
bablas.

Dagelan
Paraga: eko lan kartono
(eko/ardan): Heh! Lapo kon iku?
(kartono/huda: Kepenaken Man njoget e mau.
(eko/ardan): Lha wong lagune wes entek kon sek njoget.
(kartono/huda): Entek apane? Sek muni mau iku.
(eko/ardan): Lagune loh wes mandek sak mariku nyanyi iku mau.
(kartono/huda): Yo kongkon mlaku, iyo opo ora?
(eko/ardan): Ya Allah, yo ngene iki nek ngomong karo arek seng laire Minggu malem
Rebo.
(kartono/huda): Minggu malem Rebo mbahmu a, seng jenenge Minggu iku yo malem
Senen, lapo minggu malem rebo?
(eko/ardan): Halah ngomong tok.
(kartono/huda): Loh, kandani kok.
(eko/ardan): Yowes-yowes, aku iki kate takok Man. Aku iki kan jomblo Man, enak e
yoopo?
(kartono/huda): la rumangsamu? Wong lo yo jomblo, yo opo se rek! Opo awake golek
prawan yo ko?
(eko/ardan): wahh prawan iso ae kon iku No. ben e kamto karo suparman wae seng golek
prawan arek e yo podo sambat jomblo.
(kartono/huda): lho iyo ta? ealah-alah…
Teks Narasi
Adegan 1
(bu tri/alif): sopo sing bingung jomblo?
(eko/ardan): kamto buk sing bingung jomblo.
(Bu Tri/alif): Ealah To To, kon iki bingung jomblo ae uripe, yo enak singel a ngonoku.
(Kamto/leo): Single buk, single.
(Bu Tri/alif): Yo ikulah pokok e, penakno sek uripmu, mlaku-mlaku nangdi ngono loh, nang
Jogja ta, nang Bali ta, ojok makani pitik ae.
(Suparman/duta): Ojok buk, ojok. Sek kasbon moso kongkon mlaku-mlaku.
(Bu Tri/alif): Lo guduk ngono, moso de'e ndek deso iki teros mulai mbrojol sampe om-om
ngene. Apene rabi ambek pitik a kon?
(Kamto/leo): Yo ojok buk.
(Mbok Lasri/fadila): Heh buk Tri Lapo ndek kene?
(Bu Tri/alif): Cak Kamto iku loh jeng, bingung te rabi wae.
(Mbok Lasri/fadila): Healah-alah, nggolek kerjo sek seng bener talah, jok gelem penak e ae
kon.
(Suparman/duta): Rungokno iku To
(Mbok Lasri/fadila): Heh! Kon iku sisan, umur piro ape duwe bojo? ga rabi-rabi malah sek
nggudoi prawan ae.
(Suparman/duta): Iyo mbok, iyo.
(Bu Tri/alif): Yoweslah pikiren iku, aku tak mulih sek.
(Mbok Lasri/fadila): Tak mulih sisan aku.
(Suparman/duta): Salam ke dek Dewi ku yo mbok.
(Mbok Lasri/fadila): Heh! Heh! Tak tuapok lo kon!

# mbok lasri, bu tri, suparman metu

(Kamto/leo): Loh, aku ditinggal e.


(Tukiyem/tiara & Painem/indry): LHAR!! LHAR!!
(Kamto/leo): ASTAGHFIRULLAH!
(Tukiyem/tiara): Loh Nem, gak bareng yoopo seh, ulang-ulang! 1,2,3
(Tukiyem/tiara & Painem/indry): LHAR!!!
(Kamto/leo): Kon iku lapo seh Yem, Nem?
(Tukiyem/tiara): kon takok? aku numpang lewat dadi iklan.
(kamto/leo): yoopo se arek iki!

#tukiyem lan painem metu

(Kamto/leo): Lho ya Allah, mimpi opo aku mang bengi, kok onok yo arek koyok ngono.
Timbang lungguh dewe aku tak nyelok koncoku. hei ges kam hir!!kene lungguh-lungguh
sek
(Kartono/huda): Lapo To nyeluk awak dewe?
(Eko/ardan) Lek gak dicelok slak dipangan ulo No.
(Widodo/adit): He sek-sek, kok gaonok sing dodolan jamu seh, ngelak i aku
(Ahmad/dafa): Sektas ae.. atene ngomong, wes kon disik i.
(Kartono/huda): lyo cak, ngelak sisan aku mari ndelok iwakku ngombe mau iku.
(Eko/ardan): lahh yoopo seh rek, iwak onok seng isok ngombe ta?
(Sujiman/bangkit): yo nok lah kelazzz…Iwak e wong sugih yo jelas bedo noh, yoopo rek
rek.
(Eko/ardan): Ah mosok seh?
(Kartono/huda): Menengo kon, rame wae.

#penjual jamu, ana,siti mlebu

(Ana/keisha): Uhuy!
(Dewi/nindy): Heh kon lapo seh!?
(Widodo/adit): Jek ket dirasani wes teko rek.
(Ahmad/dafa): Alhamdulillah seh Do.
(Dewi/nindy): Yowes yowes iki loh jamune lek ngelak.
(Siti/nisfa): Iki sisan lek luwe gorengane.
(Suparman/duta): Lha kon dodolan opo An?
(Ana/keisha): Ngawur ae, aku kasir e, awas lek podo kasbon!!
(Sujiman/bangkit): Yowes iyo, tuku o wes rek, tak bayari dino iki mumpung mari bayaran
aku.
(Ahmad/dafa): Alhamdulillah ya Allah.
(Eko/ardan): Ngene lak mashok seh! Sering” wae yoo.. aku jan suiyap nrimo traktiranmu
(Kamto/leo): Nah wes sip!
(Suparman/duta) Dek Dewi kiw- kiw!!
(Dewi/nindy): Opo maneh!
(Suparman/duta): galak e rek, wong ape tuku kok yo..
(Dewi/nindy): Halah iyo-iyo, tuku opo Man?
(Suparman/duta): Sinom ae wes.
(Kamto/leo): Aku sisan.
(Eko/ardan): Aku yo gelem.
(Kartono/huda): Mesisan kabeh wes.
(Ana/keisha): Berarti piro iki sinom e?
(Widodo/adit): Itungen dewe An.
(Ana/keisha): Ji, ro, lu, pat, mo, nem, pitu. Pitu yo iki berarti?
(dewi/nindy): yowes sek
(sujiman/bangkit): iyo an pitu, Aku gorengan e limo, opo ae wes sembarang. Seng biasane
iku loh.
(Siti/nisfa): iyo man
(Kartono/huda): Lanjutno To seng ape mbok omong mau.
(Kamto/leo): Dadi iku....

Kringggg Kringggg
(Suparman/duta): Halo piye? Mrene o wes aku nde pojokan deso
(Kamto/leo): Kurang ajar dipotong!
(Suparman/duta): Adekku loh telpon ape mrene.
(Kamto/leo): LHO IYO TA!!?
(Suparman/duta): lyo, lapo kon kok sueneng ngono koyok ane?
(Kartono/huda): Paling yo naksir adikmu Man Man.
(Dewi/nindy): Iki sinom e.
(Siti/nisfa): Iki Man gorengane.
(Sujiman/bangkit) : eh iyo… Suwun suwun.
(ana/keisha): Ayoo age..gek ndang di bayar jamu karo gorengan e ojo kasbon teros.
(sujiman/bangkit): iyo-yo an sabar a, kok muring- muring wae kaet mau. total e piro ti?
(siti/nisfa): 5 ewu man
(sujiman/bangkit): wes iki pas yo!
(siti/nisfa): iyo man. aku tak disek yo
(Kartono/huda): iyo ti. wes ayo gass.
(Suparman/duta): Lho To naksir adikku a kon? Hayo ngaku kon......
(Kamto/leo): Wes-wes lanjut sek, aku ape ngomong.
(Suparman/duta): Halah, kon ape ngomong jomblo seh, wes ngerti aku!
(Kartono/huda): Kabeh yo jomblo ndek kene, wes gausah dibahas, marai erosi!
(Suparman/duta): Emosi! Erosi-erosi mbahmu a.
(Bunga/dewi): Massss, Masss.
(Suparman/duta): Opo seh rek! bengak bengok ae wong aku ndek kene!
(Bunga/dewi) Yo sepurane talah! Ngono ae kok ngamok seh kon!.
(Suparman/duta): Yowes dek kon nak kene mbek cak Kamto ae, aku mbek sing liyane onok
bisnis.
(Eko/ardan): He bisnis opoo?
(Kartono/huda): wes melok o ae, ket mau takok teros!!
(Eko/ardan:) Mek takok cak, yowes-yowes.
(Suparman/duta): Ayo wes, sek yo dek

Adegan 2
(Kamto/leo): Gausah ngadek dek, kene lungguh sebelahku.
(Bunga/dewi): iyo. mass, langit e apik yo, jan cuerah dino iki.
(Kamto/leo): Iyo dek, tapi sek apik an awakmu.
(Bunga/dewi): Heehhh, opo seh mas onok” wae.
(Kamto/leo): Eh dek, ngerti po ra persamaane langit karo kowe?
(Bunga/dewi): Ora mas, emange opo?
(Kamto/leo): Podo-podo ngademno atiku.
(Bunga/dewi): Moso she mas. Ojok nggarai baper tok kon iku, engkok ditinggal ndang an.
Sedih atikuu, hiks.
(Kamto/leo): Bunga oh bunga, ojok sedih onok aku nang kene seng tresno karo kowe.
Bunga/dewi): Hah, tresno?
(Kamto/leo): Iyo lah mosok tresna, koncoku lak an iku piye toh.
(Bunga/dewi): yowes mas, arep mlaku-mlaku po o? Mumpung dina iki uapik cuacane.
(Kamto/leo): Jiwa ragaku slalu siap nek bareng awakmu.
(Bunga/dewi): Halahh gombal amoh, wes ayo!
(Tukiyem/tiara): He nem nem, kene-kene!
(Painem/indry): Nyapo maneh?
(Tukiyem/tiara): saiki Bunga mbe Cak Kamto tah?
(Painem/indry): kon iki gaoleh ngurusi uripe wong. Eh tapi iyo a?
(Tukiyem/tiara): Jare ga oleh ngurusi tapi kono yo kepo, piye seh?
(Painem/indry): Hot nyus iki hot nyus
(Tukiyem/tiara): Cih, plin plan arek iki.
(Painem/indry): Yowes babah. Ayo nggoleki Bunga karo Cak Kamto mau!

#painem lan tukiyem budal nggoleki bunga


(Mbok Lasri/fadila): Nduk, sampe kapan kon ga nggolek bojo koyok ngene?
(Dewi/nindy): Mbokk ojok gupuh tahh. Aku sik enom, sik isok nggolek duwit dewe
(Mbok Lasri/fadila): Iyo ngerti mbok. Tapi kon wes umur selawe moso gorong onok seng
mbok taksir?
(Dewi/nindy): Dereng enek mbok, ya Allah.
(Mbok Lasri/fadila): Ealah yawes-yawes, ayo ngentasi klambine iki.
(Dewi/nindy): Ngge pun.
(Bunga/dewi): Assalamualaikum Mbok, Dew.
(Mbok Lasri/fadila) : Waalaikumsalam, nyapo mrene nduk?
(Bunga/dewi): Iki mau mbek bang kamto muter-muter, eh dadakno lewat,
(Dewi/nindy): Lho kon saiki mbek cak Kamto?
(Kamto/leo): Yo iyo rekkk.yo mampir mbok.
(Mbok Lasri/fadila): Yo ngene talah, gak koyok sebelahku, judes e karo wong lanang.
(Dewi/nindy): Haduhh, mesti mbok iki.
(Kamto/leo): Tunggok ono undangan kawinku ae Dew, engkok lek onok teko o, lak akeh
tamu seh, yo iku barangkali jodohmu.
(Dewi/nindy): Amin wes aminn, ndang digawe loh.
(Bunga/dewi): Hm tala, yowes-yowes tak lanjut muter-muter maneh.
(Kamto/leo): Monggo Mbok, Assalamualaikum.
(Mbok Lasri/fadila): Waalaikumsalam.
(Dewi/nindy): Loh mbok, Bunga ape kawin karo cak Kamto a?
(Mbok Lasri/fadila): Mboh wes cak Kamto moso nggenah lek ngomong.
(Dewi/nindy): Iyo ya, yawes-yawes tak mlebu disikan ya mbok.
(Mbok Lasri/fadila): Iyo-iyo.

# omah e suparman

(Suparman/duta): Ya Allah, jam piro iki adekku gorong mulih-mulih.Ngene iki lek diolehi
mlaku-mlaku, lak lali wektu, ncene mokong!
(Bunga/dewi): Assalamualaikum.
(Suparman/duta): Waalaikumsalam, tekan ndi ae kon?
(Bunga/dewi): Mlaku-mlaku karo mas kamto mas.
(Suparman/duta): mass!? Lho kon saiki mbek Kamto a?
(Bunga/dewi): lyo lahhh.
(Suparman/duta): Eala-ala, sek ket ketemu langsung ngene arek iki.
(Bunga/dewi): Gaopo kan mas?
(Suparman/duta): Yo gaopo seh, awas ojok keblablasan tapi!
(Bunga/dewi): Yo tapi, a....
(Kartono/huda): MAMANK SAMLEKOM!!
(Suparman/duta): Heh Lek salam iku seng nggenah talah.
(Kartono/huda): Iyo-iyo, Assalamualaikum.
(Suparman/duta): Waalaikumsalam.
(Bunga/dewi): Nyapo mrene No?
(Kartono/huda): Jare mas mu ape dulin catur karo aku
(Bunga/dewi): Oalah yawes. Mas, aku nang kamar yo.
(Suparman/duta): Adus sek terus mangan baru turu.
(Bunga/dewi): Iyo mas, iyo. Bye.
(Kartono/ huda): Ndang jupuken caturmu Man!
(Suparman/duta): Teko-teko ngongkon! Sek, sabar.
(Sari/pinkky): Assalamualaikum.
(Suparman/duta): Waalaikumsalam, lo Sari onok opo mrene bengi-bengi?
(Sari/pinkky): Apene nang Bunga mas, oiya karo nginep kene, gapopo toh?
(Suparman/duta): Yo gapopo. Sek, NGAA!! BUNGAA!!!
(Bunga/dewi): Opo seh mas!? Bengak bengok ae, sek apene mlebu kamar iki loh!
(Suparman/duta): Lha iki loh Sari kate nginep, lali ta awakmu?
(Bunga/dewi): Oemji lali aku! Ayo Sar, melbu!
(Suparman/duta): Ncene cah bocah iki, ck ck ck.
(Kartono ngorok.)

(Suparman/duta): NO! dadak turu arek iki.


(Kartono/huda): Ngantuk aku, ndang jupuken catur e tak gawekno kopine nak dapur.
(Suparman/duta): He kok sepi ya nek wong loro tok?
(Kartono/huda): La lapo emange? Ape nyelok arek liyane a?
(Suparman/duta): Kamto ae, ojok akeh-akeh!
(Kartono/huda): lyo-iyo sek.
(Suparman/duta):Yowes kono ndang

(Suparman nyruput kopi)!

(Suparman/duta): Hadeh, ngene iki deritae wong jomblo, mesti kesepian.


(Kamto/leo): Assalamualaikum!
(Suparman/duta): Waalaikumsalam, lha ngene kan rame, enak.
(Kamto/leo): Salah e jomblo, buahahah.
(Kartono/huda): Mentang-mentang wes karo Bunga, malah ngenyek wong.
(Suparman/duta): Mas e maneh seng dinyek.
(Kamto/leo): Oiyo ya, lali aku.

(Kartono nyruput kopi)

(Kamto/leo): Lho, endi kopiku iki?


(Suparman/duta): Nggaweo dewe To.
(Kartono/huda): Njaluk enak e ae, mbok kiro awak dewe babu opo?
(Kamto/leo): Lho kan onok pepatah, tamu adalah raja.
(Suparman/duta): Wo, gak berlaku neng kene
(Kartono/huda): lyo cak, wahahahah
(Kamto/leo): Hey, berapa harga outfit lo?
(Suparman/duta): Lho, takok kon?
(Kartono/huda): Klambine Suparman iku eksklusif cak, digawe ndek negara Aceh!
(suparman/duta): He! Aceh kok negara se blok! Sek Indonesia iku.
(Kamto/leo): Ngene iki mbujuk gak janjian.
(Suparman/duta): Sumpek lur!
(Kartono/huda): Sido dulin catur gak iki Man?
(Suparman/duta): Yo sido lur. Heh To, ojok ngapel karo adekku lo kon, gapareng ngapel
ndek omah iku.
(Kartono/huda): Wes ndek kene ae ojok kabur!
(Kamto/leo): Ngge pun.

Anda mungkin juga menyukai