Anda di halaman 1dari 5

GETUN TIBO MBURI

ing deso banjarsari ana bocah jenenge farel lan adit, iku bocah sing seneng
banget dolanan bareng ing deso.
dina minggu wayah prei sekolah adit mlaku menyang omahe farel, kaya
biasane adit ngajak farel kuwi dolanan, durung tekan omah e farel adit
weruh farel mlaku karo nggawa alat pancing eruh iku adit nyeluk farel.

adit : "rel.. farel awakmu arep menyang ngendi kok gowo alat pancing
barang".

farel sing krungu di celuk adit iku langsung mlayu marani adit.

farel : "eh dit pas banget ketemu nang kene aku mau arep marani omah mu
arep ngejak awakmu mancing ing kali sanding sawah iku "
adit : "apa ana iwak e rel nang kali iku kok ameh mancing nang kunu"
farel: "iyoo, wingi pas aku liwat kali kunu aku weruh nang kunu akeh iwak
e"
adit : "yawis lak akeh iwak e ayo mancing wae rel "

weruh adit setuju karo ajakan ne farel, bocah loro iku langsung mangkat
menyang kali ing dalan temuju kali adit lan farel ketemu karo pak eko
tangga ne adit sing penggaweane ngarit ing sawah kanggo pakan sapi.

adit : "duh pie iki rel ono pak eko aku wedi lek engko di omong no bapak
ku"
farel : "tenang ae dit"

pak eko sing weruh bocah loro iku gowo pancingan nakok i apa sing arep
di tindakake bocah loro iku.

pak eko : " heh rel dit arep nang endi awakmu kok gowo pancing barang "
adit : " eeee…." (adit ora iso jawab pertanyaan ne pak eko amergo
gugup)
farel : " ajeng e teng lepen,mancing pak " (farel motong omongan ne
adit)

Amargo farel lan adit isih cilik, Pak eko ngongkon farel lan adit kuwi bali
amargo mbebayanii banget yen dolanan ing kali naliko musim udan.

pak eko : " aja sembrono dolanan neng kali lo rel dit opo maneh pas wayah
musim udan ngene ki kali ne banjir bahaya baget, wis ndang mantuk ae! "

ananging farel lan adit kui alesan yen bapake wis ngerteni lak farel lan adit
iku mancing ing kali, Pak eko pracaya karo omongane farel lan adit kui
lan ngongkon ngelanjotna mancing. ananging bapak eko ngongkon bali
farel lan adit nalika cuacane mendung.

farel : " tapi aku sampun pamit teng bapak lak ajeng e mancing pak "
adit : " nggih bapakku nggih sampun ngertos pak lak aku ajeng e
mancing kalih farel"
pak eko : " oalah yowis lek wong tuamu wis ngerti, tutukna lek mu
mancing, tapi mengko lek langit e mendung ndang gage bali lo rel dit! "
farel lan adit : " nggih pak eko " ( jawab bebarengan)

ing tangah perjalanan adit mandek amarga ngrasa ra penak wis mbijuk i
pak eko lan kalingan marang omongane ibune yen ora oleh dolanan ing
kali nanging farel ngeyakinake lak wis oleh iwak siji sing gedhe bakalan
langsung bali. krungu omongan ne farel kaya ngunu adit setuju lan ora
kuatir maneh.

adit : (adit ruh-ruh mandek )


farel : " loh dit lapo awakmu mandek? "
adit : " anu rell aku ra penak karo pak eko gara-gara wis mbijuk i wong e
terus aku yo kelingan omongan ne ibuk ku lek ora oleh dulina ing kali"
farel : "alah ra opo dit, mengko lek wis oleh iwak siji sing gedhe
awakdewe langsung bali "
adit : " tenan yo mengko lek wis oleh iwak 1 sing gedhe langsung
muleh"
farel : "iya dit tenan, yawis ayo melaku neh cek ndang cepet teko ning
kali"
adit : " yawis ayo "

singkate cerita farel lan adit wis tekan kali lan mancing koyo rancana
awale. amargo wis kesenangen deweke ra kroso lek cuacane wes
mendung. adit sing maune ra kuatir maleh kuatir neh ngejak farel bali.
amargo durung oleh iwak blas, farel ngongkon adit nganteni dilut ngkas.

adit : " eh.. rell wis teletik, langit e ya wis mendung delut engkas arep
udan ayo bali, aku wedi lek engko di golek i ibuk ku "
farel : " sek dit dilut ngkas dit, iki rung oleh iwak belas "

ora suwi tekan kuwi, moro-moro pancing e kroso abot amargo kesenengen
oleh iwak adit langsung mudun nang kali ngecek opo bener kui iwak opo
uduk.

farel : “ eh dit ayo delok pancingku obah – obah bekmenowo oleh iwak”
Adit : “ iyoo ta, ayo-ayo di delok mosok wes oleh iwak “

Farel Karo Adit medun nang kali ndelok pancing e wes di pangan iwak
opo durung, nalika farel lan Adit mudun nak kali Moro Moro udan teko.
Adit lan farel ndelok pancing e seng mau obah obah bocah loro iku
sueneng akhire oleh iwak gedi. Langsung farel lan Adit Munggah mentas,
nalika arep Munggah Adit keplese watu kan keseret arus amarga udan e
deres.
Farel seng weruh kancane keseret arus langsung mlayu golek rewangan
nulungi adit, adit bengok – bengok nyeluk i farel

Adit : “ rel tulungono akuu rel”

Farel kedangdapan bingung golek tulungan, lan Adit iseh terus bengok
bengok nyeluk i farel.
Ing sisih liya ibune Adit yaiku Bu Erni lan bapake Adit pak firman seng
wes kuwatir amarga anake durung bali padahal udane saya deres.
Bu Erni : “ pak Adit nandi yo kok gak muleh muleh “
Pak firman : “ hlayo buk padahal udane soyo deres tapi Adit gak Ndang
muleh muleh, nandi Jane arek iku. “

Ibu lan bapake Adit kuwatir banget marang Adit lan nekat metu nggoleki
Adit seng ket mau durung bali. Ing tengah dalan ibu weruh pak Eko seng
lagi ngiyup ing warung, Bu Erni lan pak firman nakoni pak eko seng lagi
ngiyup ing warung.

Bu Erni : “ Pak Eko, pak samian weruh adit opo Ra?”


Pak firman : “ amarga Adit ketmau durung muleh “
Pak Eko : “ hloo, Adit kimau Karo farel , bocah loro iku mancing ing kali
cedek sawahku.”
Pak firman : “ kira kira bocah loro iku sak Iki opo jek nek kunu pak? “
Pak Eko : “ ora ngerti aku jajal o deloken Nyang Kono, kimau uwes tak
omongi nek mendung tak kongkon Ndang muleh, hla opo Ket mau durung
muleh ?”
Bu Erni : “ durung pak”
Pak Eko : “ jajal sak Iki delok en menyang kali, bekmenowo iseh nak kunu
bocah loro iku “
Bu Erni : “ ayo pak di delok, udane soyo deres aku Wedi enek opo opo.”
Pak Firman : “ ayo buk”

Pak firman Karo Bu Erni mangkat menyang kali nerjang udan seng lagi
deres banget, amarga wes kuwatir banget marang Adit.
Ing sisih liya Adit seng lagi keseret arus lagi ngusaha ngelangi, farel seng
kedangdapan Masi kancane keseret arus bengok bengok bingung golek
tulungan.
Akhire pak firman lan Bu Erni teko ing kali seng gawe mancing Adit lan
farel.
Bu Erni lan pak firman kaget banget weruh anake seng lagi keseret arus
banter raiso ngelangi. Langsung pak firman medun ing kali nulungi anake
seng lagi keseret arus. Farel ngeroso salah amarga deweke mau wes ngejak
bliduk Adit lan emoh di Jak muleh. Akhire adit wes ketulung bapake di
gowo munggah.
Farel njaluk sepuro marang ibuke Adit amarga kesalahan e, deweke gelo
lsn ngeroso salah amarga wes ngejak adit bliduk.

Farel : “ Bu bu Kulo nyuwun pangapurane amarga wau wis ngajak adit lan
nggawe adit dadi kaya iki , kulo getun buk, kulo nggih janji mboten bakal
mbaleni malih.”
Bu Erni : “ ora popo dit, sesuk maneh Ojo di Baleni maneh yo. Dolan enek
wayah e, nek sekirane wes ngerti mendung endang langsung mangkat
muleh. Ngesakne ibuk bapakmu barang kuwatir marang awakmu. “
Farel : “ enggeh Bu”

Sakwise Adit di selametne, farel njaluk sepuro marang Adit amarga


deweke ngerasa salah wes ngejak Adit bliduk.

Farel : “ dit sepurane yo goro goro aku awakmu keseret arus aku getun dit
ra manut omongan mu mau”
Adit : “ Ora popo rel aku yo salah kimau ora ati ati maleh keplese”

Sakwise farel njaluk sepuro farel muleh, disusul Pak firman , Bu Erni lan
Adit langsung yo mangkat muleh.
Sakwise tekan omah Adit njaluk sepuro marang ibu lan bapake amarga
kesalahan e deweke geton ora arep mbaleni maneh.

Adit : “ Bu pak, kulo nyuwun pangapurone kulo janji ora arep mbaleni
malih, lan aku geton amarga sampun bliduk i panjenengan.“
Pak firman : “ Iyo ora popo sokmben maneh nek arep dolan iku pamit, lan
dolan iku yo kudu ngerti wayah nek wayah e muleh yo Ndang muleh.”
Bu Erni : “ iyoo dit ibuk lan bapakmu kuwatir , Ojo di Baleni maneh.”
Adit : “ enggeh buk pak.”

akhire bocah loro kui getun lan janji ora bakal mbaleni meneh dolanan ing
kali.

Anda mungkin juga menyukai