Anda di halaman 1dari 6

Ning Pasewakan Agung ing negara Ngastino Sengkuni,

Bolodewo, Werkudoro, Arjuno, lan Durna Ngadep ing ngarsane Prabu


Duryudhana ono ugo Penemban Dewantaka lagi ngrembuk masalah
rukune pandawa lan kurawa
Duryudhana :“Kakang prabu Baladewa prayugakno anggon mu
lenggah”
Baladewa : “Iyo ngger wis ora kurang kepenak, ana wigati apa yayi
dene yayi ngadakna pasewakan agung. Adi yo ngundang
si werkudara opo dene arjuna”
Duryudhana : “Kakang baladewa aku lagi nggayuh rukun e kurawa lan
pandawa”
Baladewa :”Ndadekna seneng atiku yayi aku melu ndukung
gegayuhan mu”
Wurunge Perang Agung Barata Yudha dados cara ngrukunake Pandawa
lan kurawa Penemu iki digagas si penemban Dewantaka
Nanging perang agung Baratayudha sampun dados kodrating dewa
krungu dawuh e Penemban Dewantaka runtik atine si Baladewa.
Baladewa :”Nyuwun sewu ngger aku ora ngias karo penemban
dewantaka akeh sing macak kaya penemban nanging dudu
penemban”
Duryudhana :”Opo ora langkung prayogi yen kakang ngrembag dewe
karo Penemban Dewantaka. penemban dewantaka !!
mangga rembugan karo Kakang Naladewa”
Penemban
Dewantaka :”Iyo ngger” !!.Prabu baladewa pada raharja
Baladewa : “Yo slamet teka ku. Penemban!! Baratayudha iki kodrat
e dewa sing ora bisa di terjang dasar mu opo arep
murungake perang iki
Penemban
Dewantaka :perang iku wengis perang iku kejem sing kalah dadi
rempah menang nandang wirang akeh kawula prajurit
bakal mati niatku nuak korban pirang pirang ono ing
perang iki”
Baladewa : “Perang iki perang suci guduk perang awur awuran ono
ing perang iki bakal katon endi sing apik endi sing ala
becik ketitik ala ketara sing nandur apik tukul apik sing
nandur ala tukul ala lalek nganti sampean wurungake
perang iki sammpean nandur angkara murka aku ora
gatuk karo penemu sampean
Penemban
Dewantaka : “Anak prabu duryudhana ora usah gagas omonge
baladewa .Penemban durna miturut sampean penemuku
apik opo ora”
Penemban
Durna :“kula mathuk penemban sampean ngrukunake
pandawa lan kurawa”
Ing pasewakan iki akeh kang sarujuk karo Penemban Dewantaka
yaiku murungake perang gedhe baratha yudha werkudara arjuna
Sengkuni kelawan durna kabeh pada sarujuk ujare Penemban Dewantaka
“Gegayuhan murungake perang agung barata yudha bakal kalakon yen
manungsa kang bentik bentik ne kurawa lan pandawa iku sirna , yaiku
ratu ireng cemani (krisna/adike baladewa) lan semar badranaya”
Baladewa ngamuk krungu ujare penemban dewantaka. Baladewa metu
pasewakan ngandhak nabab iki maring adine lan semar.
Penemban Dewantaka : “Werkudara kelawan Arjuna opo angger saguh
ngrangket si Baladhewa”
Werkudhara :”Yen iki dadi lakon e rukun e pandawa lan kurawa aku
Saguh”
Arjuna :”Nggih kula saguh”
Durung mari pasewakan agung iki katon ponokawan petruk
gareng lan bagong Sowan pasewakan agung ngastina.
Duryudhana :”Paman harya nembe di rasani malah anak anak e sing
Sowan”
Sengkuni :”Ula marani gepuk . mangga ngger katimbalan”
Petruk :”Gong kok Sengkuni muni ngunu”
Bagong :“Rasah wedi truk pesen e bapak di sampek no”
Duryudhana :”Ana wigati apa siro sowan ponokawan”
Petruk :”Sowan kula mboten karep kula piyambak tapi
dikongkon bapak semar”
Duryudhana :”Bapak mu akon opo”
Petruk :”Sak wise bapak weruh werkudara lan arjuna lenggah
wonten ngastina ngelmu marang penemban anyar ana ing
ngastina bapak akon kula ngaturi kondur raden werkudara
lan arjuna”
Bagong :”Yen sinuwun prabu duryudana ora ngoleh I raden
werkudara lan arjuna kondur rawe rawe rantas malang
bakal tak putung”

Petruk kelawann bagong nyampekno pesen e semar yen ora


sarujuk werkudara lan arjuna lenggah ing ngastino swito marang
penemban anyaran dewantaka lan melu gegayuhan murungake perang
agung bratayudha ponokawan ora trimo karo penemu si penemban
dewantaka bab murungake perang agung baratayudha.
Bagong lan petruk niat nggowo muleh werkudara lan arjuna
nanging ora di olehke karo penemban dewantaka bagong nantang gelut
karo penemban dewantaka rame sasana pasewakan.Penemban dewantaka
metu pasewakan.

Bagong :”Den ayok mulih den”


Werkudara :”Aku Gurung wayah e muleh”
Bagong :”Sampean opo ora apal karo sifat e kurawa”
Werkudara :”lakon saiki karo biyen bedo aku bakal bali yen lelakon
iki rampung”
Bagong :”Nuwun ngapunten yen njenengan mboten purun kondur
kula gawe geger negara ngestina”
Bagong lan petruk gawe geger negara ngestina werkudara lan arjuna di
perintah duryudana gawe mundur punakawan lan mbantu penemban
dewantaka
Bagong :”Piye truk kurawa satus cacah e lho”
Petruk :”Rasah wedi gong mati dilabuhi”
Bagong :”Oke siap aku sing nantang kowe sing gelut mengko
Gentenan”
Petruk :”Oke gong tandangi”
Soto kurawa pada ngroyok bagong lan petruk nanging bagong lan
petruk ora wedi ora gentar niat mboyong moleh werkudara lan arjuna
petruk bagong menang musuh sata kurawa Sengkuni banjur ngandake
marang werkudara lan arjuna. Weruh werkudara lan arjuna maju petruk
bagong mlayu bali keweden
Petruk :”Wis gong mati tenan iki gong sing maju werkudara karo
arjuna
Bagong :”Wis ayo truk wani wani
Petruk :”Sopo sing maju
Bagong :”Kowe kui”
Petruk :”Yo rawani gong mati tenan iki”
Bagong :”Ayo reng jatah mu reng kowe lak murid e wong fai
hung”
Gareng : “Tai mlenyek iki musuh kui e yo mati tenan ayok mlayu
wae”
Banjur mlayu bali ning ngamarta petruk bagong lan gareng papakan
karo prabu baladewa.
Bagong :”Waduuuh kecekel satpol pp”
Gareng :“Wis mati tenan iki”
Baladewa :”Lapo mlayu mlayu” (nyentak nyentak)
Bagong :”Anuuuu”
Baladewa :”Saka ngendi kowe”
Bagong :”Nganu saking negara ngestina ngejak bali raden
werkudara lan arjuna”
Baladewa :”Terus!!!!!”
Bagong :”Terus kula geger ten mrika”
Baladewa :”Lapo mlayu?”
Bagong :”Sing maju werkudara lan janaka”
Baladewa :”Aku mbelani kowe”

Baladewa mbelani marang punakawan merga baladewa yo ora


sarujuk marang penemban dewantaka baladewa maring ke pusakane
alugara ning bagong gawe medeni werkudara lan janaka. Janaka uga
werkudara keplayu weruh bagong nggowo alugara.

Baladewa :”Iki bapak mu di jangka patine gawe sarate murungake


perang gede bratayudha jaya binangun”
Bagong :”Wuuuuh weruh ngunu tak pateni kabeh kurawa iki
Maeng”
Petruk :”Lhaiyooo sakniki pripun den”
Baladewa :”Saiki ayo sowan nang bapak mu semar”

Ponokawan uga baladewa sowan marang semar ing karang


kadempel negara ngamarta ngandhakna apa sing wis kedaden ana ing
ngastina bab murungake perang ageng barathayudha jaya binangun kang
den sarati patine semar lan prabu krisna semar runtik atine krungu apa
kang diaturaken baladewa.
Semar :”Salah kula napa kliru kula napa den kok kula arep
dipateni tapi aku ora bakal wedi den”
Baladewa :”Iyo kakang semar aku percaya nanging sing diancam
adiku pisan “
Semar :”Lhaiyo den terus pripun”
Baladewa :”Kowe munggah o kayangan takok no karep e dewa iki
apa kok iso ngene lelakone.”
Semar munggah ning khayangan badhe ngadep ing ngarsane bathara
wenang tengah dalan alam antara ning khayangan semar kepanggih
kalian krisna yo prabu duwarawati .prabu duwarawati sampun ngadep
ngarsane batharawenang merga bingung penggalihe pandawa pisah
semar ngandak na kedadean wonten ing ngastina perang baratha yudha
bakal di wurungake ingkang di sarati patine semar lan prabu duwara wati.
Sang hyang bathara asih prana sampun paring dawuh tentreme jagad
tentreme para pandawa gumantung marang krisna lan semar. Sang hyang
bathara wenang paring daya kekuatan timbul daya batin marang krisna
lan semar ingkang kasebut wahyu katenteman
Semar :”Mak ces adem atiku kedunungan wahyu katentreman
Krisna :”Kowe iki aneh aneh”
Semar :”Lha terus pripun den?”
Krisna :”Ayok tindak ning negara ngestina”
Semar :”Mangga den”

Ing praja ngastina katon pandita dewantaka rembug karo


werkudara lan janaka yen dina iki wis titi wancine mateni semar lan prabu
krisna Werkudara janaka mangkat arep mateni semar lan prabu krisna.
Prabu krisna matek aji pameling nimbali gatotkaca lan abimanyu gawe
nglawan werkudara lan janaka. Abimanyu gatotkaca bisa gawe arjuna lan
werkudara tunduk marang prabu krisna.Banjur krisna nyadarke
werkudara lan arjuna yen pambegane salah
Krsina :”Abimanyu gatotkaca”
Abimanyu gatotkaca :”Nggih wa”
Krisna :”Petruk bapak mu kongkon musuh pandita kae”
Petruk :”nggih den”
Rame geger semar ngajar penemban dewantaka .dumadakan
penemban dewantaka malik wujud dadi bethari durga (dewi panggoda
pangrencana). Bethari durga tunduk marang Semar badranaya.
werkudara kangwus sadar yen salah banjur ngresiki kurawa kang isih niat
mateni semar. Ujare krisna “Wahyu katentreman keperang dadi loro
krisna dadi pangayom e pandawa. Lan semar dadi pamomong loro loro
ne ora bakal bisa di pisah dening pandawa dadi utusaning adil ingkang
bakal mbabar katentreman ana ing jagad”

Anda mungkin juga menyukai