Anda di halaman 1dari 112

CRIWIS

Penulis : Siswa-siswi XI-B


Layout : Fransisca Gladys Lyvius
Kezia Concetta
Illustrator : Dave Willson Wibisono
Joel Kristanto Rahardjo
Writer : Helena Naftalie Santoso
Kezia Concetta
Cetakan 1 : September 2023

ii
Purwakaning Atur

Ing jaman saiki kasusastran Jawa wis ora pati


disenengi kanoman. Amarga saka kuwi, kasusastran
Jawa dadi sansaya angslup. Kanggo dandani bab
kasebut, buku iki nyoba angurip-urip kasusastran
Jawa. Buku iki uga dadi tandha menawa basa lan
sastra Jawa iku ora kalah apik karo crita kang
dianggep modern.

Wacan sastra cacahe ana telu yaiku puisi,


prosa, lan drama. Tuladha wacan prosa yaiku novel
lan cerkak (cerpen). Buku iki ngemot salah sawijining
jinis sastra Jawa yaiku cerkak utawa crita cekak.
Cerkak yaiku wacan kang ngandharake sawijining
lakon wiwit awal nganti pungkasan kanthi ringkes.

Kumpulan cerkak kang ana ing buku iki ditulis


dening siswa-siswi kelas XI-B kanggo ngrampungake
tugas basa Jawa. Puji syukur katur Gusti kang wis
mberkahi kita sasuwene nyusun cerkak iki. Matur
nuwun marang Pak Afri minangka guru basa Jawa
kang wis paring kawruh. Muga-muga pamaca

iii
bisa nyesep bab kang becik saka tulisan kang ora
luput saka kleru iki.

Salam,

Penulis

iv
Daftar Isi

Juara 1 Pencak Silat………………………………….…1


Mayat Balap……………………………………………...5
Adit Cah Menengan sing Hebat…………………….…9
Lost Contact With My Friend………………………….16
Ora Ana Bukti Ora Isa Disalahake……………………29
Sion Sang Juara Kickboxer……………………………34
Imam Juara Badminton………………………………...38
Irwan Sang Pro Player E-Sport Mobile Legend……..42
Banyu Kanca……………………………………..….….45
Bambang Si Bocah Pinter……………………………..52
Kulawarga Doldi..……………………………………….58
Wulan Ilang………………………………….…………..63
Denise Malih dadi Wong Becik……………………….69
Gara-Gara dadi Bocah Ngeyelan…………………….75
Aku Isa Gitaar!!..........................................................80
Futsal Anzuhaa lan Mio……………………………….85
"Apa Kowe Nyawang Langit nalika Srengenge
Surup?”......................................................................89
Takdir Tresna Sejati……………………………………97
Mlebu Sekolah SMA…………………………………..102

v
JUARA 1 PENCAK SILAT

Dening Alex Antoni Sabathani

Sambo yaiku siji nom-noman umur 18 taun


kang manggon ing desa cilik ing Jawa Kulon.
Dheweke yaiku siji juara ing kagunan bela dhiri pencak
silat, lan nduweni reputasi kang apik banget ing
kalangan warga desa ing kono. Sambo nduweni awak
kang kuwat, refleks kang cepet, lan keahlian kang luar
biasa ing teknik-teknik pencak silat.

Saka cilik, Sambo wis minat marang kagunan


bela dhiri. bapane Sambo iku guru pencak silat kang
kondhang, lan dheweke ngajari Sambo tekun ngenani
macem-macem teknik lan filosofi ing walik kagunan
bela dhiri iki. Sambo terinspirasi banget saka bapane
lan berjanji kanggo dadi juara kaya dheweke.

Saben dina, Sambo latihan karo tekun.


Dheweke tangi esuk-esuk banget lan lunga menyang

1
alas ing cedhak omahe kanggo nglatih kelincahan lan
ketahanan awake. Lawase berjam-jam, dheweke
jongkok ing watara wit, migunakake teknik pencak silat
kanggo ngalahake wit-witan iki.

Ing sekolah, Sambo tansah nuduhake


keahliane marang kanca-kancane. dheweke dadi
pusat perhatian wektu maragakake
serangan-serangan pencak silat karo cepet lan akurat.
Nanging, dheweke ora tau gumedhe utawa andhap
asor. Sambo tansah mulang marang kanca-kancane
wigatine migunakake kagunan bela dhiri kanthi
wicaksana lan tanggung jawab.

Nalika Sambo ngleboni kompetisi laladan


kanggo kaping kapisanan, dheweke wis dideleng akeh
wong kang skeptis. dheweke yaiku pasarta paling
enom ing kompetisi kasebut, lan para pasarta liyane
yaiku seniman bela dhiri kang pengalaman lan handal.
Nanging, Sambo ora mundur utawa ngrasa klimputan.
dheweke ngerti menawa dheweke wis nyiyapake dhiri
karo apik lan nduweni kaprecayan dhiri kang kuwat.

2
Lawase babak penyisihan, Sambo ngalahake
lawan-lawane karo gampang. serangane kang gesit
lan presisi ora bisa diatasi dening pasarta siji.
dheweke maju menyang babak final, ing endi dheweke
arep ketemu karo juara bertahan, siji penjago pencak
silat kang kuwat lan pengalaman.

Final diwiwiti, lan pertarungan iki yaiku


pertempuran sengit. Sambo nuduhake kabeh teknik
pencak silat kang dheweke sinauni lawase tetaunan.
Dheweke ngendhani serangan lawane karo kecepatan
kilat lan nyerang walik karo agresif. Detik-detik ing jero
medan pertempuran iku obah dadi menit, lan menit iku
obah dadi jam.

Pungkasane, ing wektu-wektu pungkasan


pertarungan, Sambo kasil nyerang lawane karo
kuda-kuda kang sampurna, dibarengi karo serangan
kang cukup keras kanggo nibakake lawane.Siji
anteman pungkasan lan lawane tiba karo kalah.

Sambo kasil dadi peraih medali emas, lan


dheweke diwenehake penghargaan juara jero

3
kompetisi kasebut. Dheweke ngerasa seneng banget
lan bungah dhuwur prestasine. Nanging, kang luwih
wigati maneh, Sambo wis mbuktekake marang
kabehing wong menawa umur ora wigati, kang paling
wigati yaiku keahlian lan sengkuyung juang.

Sawise kompetisi, Sambo bali menyang desane


karo sirah jejeg. Njaga filosofi lan biji kagunan bela
dhiri pencak silat, dheweke mulang marang
bocah-bocah ing cerake lan memotivasi dheweke
kabeh kanggo nduweni gegayuhan lan kaprecayan
dhiri kang kuwat. Dheweke ngerti menawa pencak
silat dudu sekadar siji keahlian, nanging uga ya iku
dalan urip kang kebak karo disiplin, ngendhaleni dhiri,
lan sikap urmat marang sapadha-padha.

Lan mangkono lah, sambo dadi inspirasi


kanggo akeh wong ing desane.Dheweke terus nglatih
lan nambahi kemampuane jroning pencak silat karo
tekun. Sawijining dina mengko, dheweke ngarep-arep
bisa numuti kompetisi internasional lan nggawa jeneng
apik Indonesia ing donya pencak silat.

4
MAYAT BALAP

Dening Arwin Pradipta Nugroho

Ana bocah enom sing jenenge Krowkci Njceicz.


Krowkci duweni montor F1 sing dheweke seneng
nganggoni. Krowkci duwe kanca apik sing jenenge
Ivanskie. Krowkci wis kancanan karo Ivanskie
sawijining SD. Ing sawijining dina, kanca liyane
Krowkci sing jenenge Kjacobc ngejaki dheweke lunga
balapan liar ing dalan pantura nganggo montor F1
duweke Krowkci. Krowkci manut karo Kjacobc kanggo
balapan liar ing dalan pantura nganggo montor F1.

“Yo aku melu kowe balapan. Aku iki jagone


balapan. Ora ana wong sing isa ngalahake aku.” Ujare
Krowkci karo mesem-mesem.

Sawise iku, Krowkci lan Kjacobc budhal lunga


ing dalan pantura. Ing dalan pantura, wis ana wong
sing menehi aba-aba. Sadurunge dheweke lan
Kjacobc balapan.

5
Kjacobc muni karo Krowkci "Aku bakalane
menang amarga kowe ora banter."

Krowkci dadi munggah emosine lan muni "Aku


luwih banter saka kowe."
Wasite banjur muni "Wis-wis, sing tekan finish
dhisik iku sing menang." Wasite banjur menehi
aba-aba kanggo balapan.

"DING!" pitutur wasit sing menehi aba-aba.

Krowkci lan Kjacobc banjur narik gas sakpole


lan kabeh padha budhal saka garis start. Krowkci ana
ing ngarepe Kjacobc lan Krowkci seneng.
Speedometer dhuweke Krowkci ana ing 300 lan
Krowkci mesem-mesem. Krokci banjur joged-joged ora
jelas lan mesem-mesem. Amarga Krowkci joged-joged
lan mesem-mesem, Krowkci ora ndeloki dalan.

Krowkci muni karo awake dhewe "Aku menang


iki WUUUHUUUU seneng atiku."

6
Nanging, Krowkci ora ndelok yen ing ngarepe
ana truk tronton sing ana muatane sing ngerem.
Krowkci ora ngerem lan isih ngebut amarga dheweke
arogan lan ora mikirake wong liya ing dalan. Montore
Krowkci banjur mlebu njlungeb ing ngisor truk tronton.
Krowkci jebul kaget tenanan nanging ora ana wektu
kanggo Krowkci obah banjur dheweke lan montore
penyet kaya sambel matah amarga getihe Krowkci
metu kabeh. Sopire sing nyetiri truk tronton jebule
kancane Krowkci sing jenenge Ivanskie. Nalika
Ivanskie krungu suarane, dheweke banjur medhun
saka truk tronton. Nalika Ivanskie ndelok montore,
dheweke ora ngerti sapa iku amarga awake Krowkci
ajur kaya klapa kopyor.

Uteke Krowkci wis dadi kopyor lan mripate ucul


koyo setin. Awake Krowkci dadi kaya iwak giling sing
akeh lomboke amarga awake krowkci wis adus getih.
Kjacobc sing ndelok banjur melu Ivanskie nulungi
montore Krowkci. Kjacobc banjur ngebel bengkel
kanggo mindhahake montore Krowkci. Montor derek
banjur tekan ing papane kacilakan kuwi.

7
Nalika montore Krowkci diderek, ana kolam
getih ing ngisore. Getih lan awake Krowkci sing ajur
ketok kaya iwak giling karo saos lombok lan tulange
Krowkci ketok kaya sega. Sawise montore Krowkci
diderek, Awake krowkci banjur digawa ing rumah sakit
kanggo otopsi awak. Ing rumah sakit, Krowkci
diumumke mati amarga kacilakaan montor. Sawise
iku, Kjacobc banjur dicekel karo polisi amarga gawe
kacilakaan lan Ivanskie digawa lunga pengadilan lan
dadi saksi kacilakaan. Sawise kasus Kjacobc wis bar,
dheweke dileboke penjara satus taun lan Ivanskie
dipecat saka papan kerjane amarga ngajurke tronton
duweke papan kerjane.

Krowkci banjur finish dhisik uripe lan tekan ing


neraka ndhisik sadurunge Kjacobc. Mayate Krowkci
banjur diwenehi jeneng "Mayat Balap" karo wartawan
ing TV lan koran amarga Krowkci mati nalika balapan
lan mayate memper lontong balap, panganan sing
ambyar ora kaya lontong nanging jenenge lontong lan
dodolane kaya balapan amarga padha mlayu.

8
ADIT CAH MENENGAN SING HEBAT

Dening Bonifasius Aria Narindra S

Adit yaiku siswa SMP sing kurang gaul, Adit


bocah menengan amarga jarang omong-omongan
karo wong liya. Adit kerep di ece karo murid sing ana
ing sekolahe amarga Adit ora duwe kanca lan ora isa
bersosialisasi, Adit iku siswa sing duwe ambisi lan
mimpi sing akeh. Wektu sinau biji Adit rada elek
timbang murid liyane, Adit kurang fokus amarga mikir
keluargane Adit lan ngarep perhatian wong tuwane.
Kondisi keluargane Adit kurang apik, Adit yaiku bocah
siji-sijine lan urip dhewekan ing omah karo kedua
wong tuwane. Wong tuwane sibuk kerja lan balik
wengi saben dina, saka cilik Adit mangkat sekolah
dhewen lan balik sekolah dewean. Adit ngerasa yen
dheweke kurang diperhatike kulawarga, Adit sedhih
amarga saka cilik Adit ora tau entuk dukungan saka
wong tuwane. Wong tuwane mung isa mbiyayai
dheweke lan ora tau mikirke kegiatan sekolahe Adit,

9
bijine Adit, paseduluran Adit. Senadyan iku Adit yaiku
bocah sing ora gampang nyerah. Adit tetep semangat
ngejar bijine sing elek senadyan Adit kurang fokus.
Adit gelem les. Nanging wektu Adit njaluk wong
tuwane, Adit ora ngerti kepinginane. Adit ngerasa lara
ati amarga kurang perhatian wong tuwane. Adit sedhih
saka kelas siji SMP nganti kelas telu SMP.

Adit cahe mayan seneng wektu pelajaran


matematika, IPA, lan kegiatan-kegiatan olahraga. Biji
Adit ing pelajaran matematika lan IPA ora se elek
bijine sing liya. Nanging biji Adit ora se apik
murid-murid liya. Adit ngerasa yen dheweke kudu
sinau luwih giat lan luwih fokus. Adit uga seneng karo
badminton, saben dina kudu nonton badminton ing TV,
Adit gelem tenan duwe kanca dolan badminton.
Nanging wektu ngundang murid liya kanggo dolan
badminton bareng, murid liyane mesti nolak lan
ngomongi Adit sing elek. Murid-murid iku ngeremehke
Adit.

Saben Adit arep tanding. Adit tau melu lomba


badminton pas SD sing ngewakili sekolahe, nanging

10
Adit ora menang nanging juara pungkasan. Saka kuwi
Adit dibully saben arep dolan badminton. Adit ora tau
nyerah wektu Adit dibully, Adit latihan badminton karo
tembok ing omahe.

Wektu Adit lulus SMP lan mlebu SMA, Adit duwe


ambisi sing gedhe kanggo ningkatake biji sekolahe lan
ningkatake kemampuan badmintone dheweke. Adit
gelem ndandani kabisan bersosialisasi dheweke. Awal
mlebu MPLS Adit isih gugup kanggo ngajak ngobrol
murid-murid liya. Ujung-ujunge Adit ora ngajak ngobrol
murid liya. Adit isih dibully amarga durung isa
bersosialisasi lan ora duwe kanca, Adit wis biasa karo
kabeh bullyan sing dialami.

Ing pertengahan semester ana lomba


badminton ing sekolahe, Adit kepingin melu lomba
kuwi nanging Adit ora percaya dhiri yen dheweke
bakal menang. Akhire Adit mutuske gawe melu lomba
badminton kuwi. Lomba badminton sing arep diikuti
Adit isih loro minggu maneh. Kanthi ambisi Adit sing
gedhe, Adit niat latihan badminton saben mulih karo
bocah sing ana ing komplek omahe. Adit ngomong

11
karo wong tuwane nanging wong tuwane ngeremehke
Adit yen dheweke ora bakal menang lombane.
Amarga omongane wong tuwane Adit, Adit ngerasa
termotivasi kanggo mbuktekake menawa Adit iso
menang.

Nalika dina lomba, Adit mlebu lapangan kanthi


percaya dhiri amarga Adit wes latihan terus. Lawane
Adit medeni tenan, delokane sangar-sangar. Nanging
Adit tetep kendel yen dheweke bakal menang
lombane. Babak siji Adit nglawan siswa saka sekolah
liya, Adit menang babak sijine lan Adit mlebu
perempat final. Banjur kuwi Adit tanding meneh lan
meh kalah nanging akhire Adit menang kanthi poin
sing mepet. Wektune istirahat, Adit tuku panganan ing
kantin. Dumadakan dheweke ketemu karo pembully,
sawise ketemu karo pembully Adit diece yen Adit ora
isa menang. Adit ngerasa emosi lan gelem
mbuktekake yen Adit isa menang, kajaba kuwi Adit
ngerasa kurang percaya diri amarga dioneke.

Mlebu semi final, Adit kalah poin adoh lan meh


kalah, nanging Adit kelingan yen dheweke diremehke

12
karo wong tuwane lan siswa-siswi sekolahe. Adit
semangat meneh lan Adit ngembalike poin lan akhire
menang. Wong-wong sing nonton padha kaget.
Wektune tanding final Adit lawan siswa sekolah liya,
mulane pertandingan Adit kalah akeh saka lawane.
Adit ngerasa ragu lan pasrah, krungu swara saka
penonton sing bengoki yen Adit bakalan kalah. Adit
nglirwakake kabeh omongan sing ana lan Adit tetep
berjuang. Poin Adit nyusul alon-alon nganthi akhire
poin Adit wes seimbang karo lawane, Adit semangat
maneh lan terus berjuang kanggo menang.
Pungkasane Adit menang, kabeh penonton lan lawane
Adit meneng kabeh. Kabeh siswa lan murid padha
kaget. Ora lama saka kuwi kabeh wong teriak lan
nyelameti Adit, nanging pembullyne Adit ora.
Omongane pembullyne Adit wes ora ngefek kanggo
dheweke. Adit ngerasa bangga lan nudhukake marang
wong tuwane yen dheweke juara lomba badminton.
Wong tuwane Adit isih meneng lan ora ngomong
apa-apa blas. Adit wes biasa karo sikap wong tuwane
sing ngono lan Adit selebrasi dewe.

13
Mlebu kelas loro SMA, Adit wis ora kerep
dibully, Adit ora duwe kanca. Bijine Adit munggah saka
mbiyen. Biji matematika lan IPA Adit apik tenan, Adit
dadi siswa kanthi biji paling dhuwur ing kelase.
Sawijining dina ana informasi yen ana olimpiade
matematika lan IPA. Adit sing ndelok gelem melu
olimpiade. Bali saka sekolah Adit ngenteni wong
tuwane balik saka kerja, amarga gawe mlebu
olimpiade wong tuwane Adit kudu tanda tangan kertas
pendaftaran. Wong tuwane Adit mulih lan kekeselan,
Adit njaluk tanda tangane bapak lan ibune. Adit
bungah Adit isa mlebu olimpiade lan kepilih dadi siswa
sing bakal ngewakili sekolah. Adit sinau terus-terusan
kanthi niat, Adit wis percaya dhiri bakal menang,
nanging ana pembullyne Adit sing meden-medeni Adit
yen soale luwih angel ketimbang sing diajar lan
lawane luwih pinter saka Adit. Adit ngrasa kurang
percaya dhiri amarga babagan kuwi. Ing dina
olimpiade, Adit ngarape kanthi ragu-ragu lan wis ora
percaya dhiri amarga omongane pembully. Ing uteke
Adit nalika nggarap ora kalem. Apike kuwi kanthi
pikiran sing ora tenang Adit isih isa garap soal kanthi
teliti.

14
Nalika soal olimpiade dipreksani Adit deg
-degan yen dheweke ora bakal menang. Jantunge
Adit wis deg degan terus-terusan, pengumuman sing
memang kuwi isih rong dina meneh. Ngenteni rong
dina kuwi atine Adit ora tenang. Wektu pengumuman
juara, Adit deg-degan nanging akhire sing juara siji
kuwi dheweke. Adit langsung seneng lan ora isa
ngomong apa-apa. Mulih menyang omah Adit
nuduhake wong tuwane yen Adit juara siji nanging
wong tuwane tetep ora urus. Amarga babagan kuwi
Adit wis kebal lan saiki wis ora peduli karo omongane
wong liya lan dheweke terus fokus marang dhirine
dhewe saiki lan bekerja keras gawe dhirine dewe. Adit
dadi ngerteni kanggo fokus marang dhirine dhewe lan
ora kudu peduli karo omongan wong liya sing elek.

15
LOST CONTACT WITH MY FRIEND

Dening Carin Wong

Ing sawijining dina, ana bocah lanang sing


nggantheng, disiplin lan sregep. Jenenge Leonardo.
Dheweke sekolah ing Wildwood High School,
bebarengan karo kancane Vincent. Vincent iku kanca
cedhake Leonardo wiwit saka kelas 6 SD, Vincent uga
kesed, kerep keturon ing kelas. Nanging dheweke
pinter olahraga. Dheweke mesthi menang nalika ana
kompetisi olahraga. Dheweke uga siji kelas lan siji
sekolah uga lan cedhak.

Ing wayah esuk sing cerah Leonardo lagi


siyap-siyap mangkat sekolah. Wis sarapan, dheweke
pamit karo ibune.

"Ma... Leon lunga sekolah dhisik ya.." kandhane


kanthi bungah.

16
Banjur Leonardo naleni tali sepatune ing ngarep
lawang lan mbukak lawang omah. Banjur dheweke
nutup lawang omahe lan nalika ndeleng swasana
gunung sing asri, dheweke menyang sekolah numpak
sepeda.

Dheweke numpak sepedha menyang sekolah.


Sawise tekan, dheweke ora lali ganti sepatu ing lemari
banjur langsung mlebu kelase.

Dheweke ketemu Vincent ing kelas, "Eh halo,


kowe biasane teka ing wayahe, kok kowe rada telat?",
ujare.

“Ya ampun, adhikku biasane angel tangi, mula


aku telat,” kandhaku nesu.

Riiinggggg.........

Swara bel muni banter banget nganti keprungu


kupingku. Pawulangan diwiwiti, swasanane sepi, ora
keprungu swara ing kelas, mung gurune sing
ngomong.

17
"Pelajaran mboseni, rasane meh turu," ujare
Vincent sing wis kesel karo pelajaran sing disengiti.

Aku mung bisa ngguyu lan weruh Vincent sing wis


arep miwiti turu. Aku nyuwun pangapunten marang
bapak ibu guru sing wis nglaike. Banjur aku ora bisa
mung lungguh. Aku ngelus-elus awake.

"Aja turu ing kelas," ujare Leonardo.

“Huh, pelajarane mboseni tenan, kowe weruh


sepira angele materi sing diajar Bu Hyena, aku ora
ngerti kabeh, apa maneh pelajaran matematika iki
angel.” Wangsulane Vincent kanthi jengkel banget.

"Luwih becik turu tinimbang kesel kanggo


mangerteni materi. Ora apa-apa, kowe mung ngerti
materi dhisik. Yen isih ora ngerti, mengko aku isa
ngajari maneh." omong Leonardo

“Janji kowe kanggo ngajari aku” kandhane


Vincent kanthi bungah.

18
“Ya janji kowe kudu fokus dhisik mengko aku
bisa ngajari kowe”. wangsulan Leonardo

"Ya wis" ngandika Vincent bungah maneh .

Wektu wis entek bel muni maneh lan wis


wayahe istirahat.

Riiiiing......

Swasana ing kantin rame banget, akeh siswa


sing antri tuku panganan lan wedang sing dikarepake.
Aku ngenteni antrian arep tuku jajanan. Sakwise aku
ngantri lan nggawa panganan sing tak cekel banjur
aku lungguh karo dheweke. Aku mangan panganan
lan nalika ngobrol karo dheweke. Nalika jam istirahat
rampung, para siswa padha menyang kelase
dhewe-dhewe.

Nalika pelajaran diwiwiti, yaiku pelajaran


pungkasan. wulangan basa. Kaya biasane, Vincent
ora nate turu ing kelas nalika pelajaran. Aku mung

19
bisa ngguyu amarga kelakuane kancane. Rong jam
sakwise pelajaran basa wis rampung, kanca-kanca
kelasku ana sing resik-resik kelas lan ana sing melu
kegiatan ekstrakurikuler. Amarga ing sekolahku
ekstrakurikuler mung dianakake ing dina sing padha
lan liyane sing ora melu ekstrakurikuler mung ngresiki
kelas.

“Pungkasane, mulih sekolah dina iki kesel.”


Kandhane Vincent kanthi bungah nalika jam sekolah.

Leonardo ambegan. Sauntara iku lagi numpak


sepedha.

“Kowe lagi turu wae pas pelajaran” wangsulane


Leonardo nesu.

“Hehehehe, nuwun sewu... Oalah, kowe bisa


ngajari aku apa ora? Ana materi sing aku ora ngerti,
yen kowe bisa teka ing omahku” Vincent kandha.

“Oh ayo, ayo menyang omahmu.” Wangsulane


Leonardo.

20
Sawise tekan omahe Vincent......

Totok totok....
Kreeek......

"Eh, anak mama wis bali... eh, kowe nggawa


kanca-kancamu? Ayo mlebu." omonge mama Vincent.

Banjur Vincent lan Leonardo mlebu omah.


Padha ngrasa ambune panganan sing dimasak mama
Vincent kanggo mangan bengi.

“Umm... kula mlebu kamar Vincent dhisik ya


budhe, kanngo ngajari Vincent.” Leonardo takon
mamane Vincent. Banjur mamane manthuk-manthuk
lan ngidini dheweke mlebu kamar. Sawise mulang
Vincent, dheweke mlayu menyang omah amarga wedi
yen ibune kuwatir.

“Eh, kok langsung muleh nak, apa kowe ora


mangan dhisik?” kandhane.

21
"Ora usah, ibu bakal kuwatir." Wangsulan
Leonardo

"Wah, ati-ati ing dalan, cah apik." Kandhane


mama Vincent.

Tekan omahe, lan mesthi ibu kuwatir karo aku


amarga aku mulih wis wengi amarga aku kudu mulang
kancaku Vincent. Aku mung bisa njaluk ngapura
marang ibu amarga aku durung ngabari ibu. Aku
banjur cepet-cepet nedha bengi amarga aku luwe
banget. Sawise mangan aku adus lan ganti klambi
supaya awakku tetep resik nalika arep turu.

"Wis wayahe turu, dina iki pancen kesel


banget," ujare Leonardo sing kesel lan pengin turu.

Dina liya, nalika lagi ing kelas, Vincent karo


sedih lan kuciwa ing pasuryan. Sedhela Leonardo
gumun karo kancane apa salahe dheweke kaya
ngono. Banjur Leonardo takon marang Vincent.

22
"Ana apa Vincent? Kok katon sedhih?" pitakone
Leonardo sing penasaran.

Banjur Vincent mangsuli kanthi raine sedih lan


swarane dheg-dhegan, "U-umm, Leon... Sesuk Kamis
aku bakal pindhah menyang luar negeri amarga
bapakku kerja ing kana, mula aku lan ibuku kudu
lunga karo bapakku."

"Hah" Leonardo kanthi rai kaget apa sing


diomongake kancane.

"Tenan kowe, secepet iku kowe ninggalake aku


kanthi cepet. Kenapa bisa kedadeyan iki?"
Wangsulane Leonardo.

“Nuwun sewu Leon... nanging wis takdire aku


kudu melu bapakku sing kerja ing luar negeri sepurane
Leon.” omonge Vincent.

"Ora apa-apa, Vincent. Aku ngerti iki bakal


angel nanging anggere kita isih bisa ngobrol liwat

23
chatting online, kita isih kanca?" nyelani Leonardo
kanthi cepet.

Vincent mung mesem sithik. “Iya Leon...


mumpung isih omong-omongan, awake dhewe isih
kekancan”.

Lha senajan isih kekancan wiwit kelas 6 SD lan


sakloron kudu cepet-cepet pisah. Mesthi bakal
nglampahi wektu nggawe kenangan sadurunge pisah.
Sadurungé dina teka, wong-wong mau bakal
nongkrong bebarengan lan nglampahi wektu
bebarengan. Nganti pungkasane Vincent lan ibune
teka ing bandara.

“Matur nuwun, kowe wis ngancani aku nalika


SD, muga-muga isa bali mengko,” kandhane Vincent.

"Ya wis Vincent, ati-ati ing dalan ya."


wangsulane Leonardo kanthi rasa sedhih.

Banjur padha ngrangkul kang pungkasan.


Vincent lan ibune mlebu lawang mlebu pesawat lan

24
langsung budhal menyang negara sing arep dituju
yaiku Australia. Sawise ninggalake Leonardo bali
menyang omah kanthi rai surem lan rasa sedhih.

Pirang taun mengko....

Leonardo uga lulus saka sekolah menengah lan


wis dadi mahasiswa. Dheweke uga nampa beasiswa
ing Australia. Dheweke seneng banget, dheweke
langsung ngandhani bapak lan ibune babagan
beasiswa sing ditampa.

“Bapak, Bu!... Lha aku entuk beasiswa ing luar


negeri lho...!” pitakone Leonardo bungah lan seneng.

Banjur padha kaget apa sing diomongake


anake dhewe. Padha bungah banget amarga putrane
entuk beasiswa ing luar negeri.

"Wah!..Tenan...?!..Bapak bangga karo kowe


nak, Slamet ya nak Ibu bangga banget karo kowe....
ibu lan bapak bakal tansah nyengkuyung ing ngendi
wae nak..!" Kandha bapak lan ibu.

25
Leonardo, sing krungu jawabane wong tuwane,
seneng banget. Dheweke ora sabar ketemu kanca
cilike ing kana sing wis pirang-pirang taun manggon
ing kono. Sayange, wis 2 taun Vincent ora nganyari
Leonardo liwat chatting online. Dheweke uga kepingin
weruh apa Vincent isih nganggep awake dhewe
kanca?

Tekan dina nalika Leonardo wis siyap-siyap


budhal menyang bandara menyang Australia.

"Bapak, Ibu... Leon ndhisiki ya..." Omonge


Leonardo.

"Iya nak, ati-ati ing dalan ya." wangsulane wong


tuwane.

Akhire Leon mlebu mlebu, banjur pesawat


budhal lan mabur menyang langit. Swasana ing
dhuwur uga endah banget, langite biru padhang lan
mendhung ngubengi srengenge padhang.

26
Sakwise tekan kana, dheweke langsung golek
apartemen kanggo dienggoni nalika kuliah. Sawise
entuk apartemen banjur nyelehke barang-barange lan
langsung ngaso.

Esuke, dheweke wis siyap-siyap budhal.


Tekane Leonardo langsung mlebu kelas lan weruh
Vincent sing karo kanca anyare, wis pirang-pirang taun
ora ketemu.

"Hei... Vincent, aku kanca lawasmu Leonardo."


takon Vincent bungah.

Vincent nyoba ngelingi kanca lawase.

“Vincent kuwi sapa?... Oh ya, sampeyan bocah


anyar ta?” pitakone kanca anyare Vincent, Joshua.

Banjur Vincent mangsuli pitakone Leonardo


sadurunge.

27
“Hai kancaku biyen, Leon... wis suwe ora
ketemu”. Wangsulane Vincent banjur ngrangkul
kancane Leonardo.

"Joshua, iki kanca lawasku jenenge Leonardo".


Kandha Vincent

"Jenengku Joshua, muga-muga bisa dadi


kanca." Omonge Joshua.

"Salam jenengku Leonardo seneng ketemu


kowe Joshua.” Wangsulan Leonardo

Pungkasane wong telu dadi kanca lan nginep


bareng.

28
ORA ANA BUKTI ORA ISA
DISALAHAKE

Dening Chelsea Quentin Wijaya

Este tansah ketemu kancane yaiku Taylor


saben Rebo. Padha ketemu ing cafe kanggo mangan
bengi lan sawetara anggur. Pungkasan iki Este ora isa
turu, krasa tingkahe bojone bedo lan mambu
selingkuh.

Dheweke marang Taylor, Este ngomong "Ana


lipstik Marlot ing mobil lan iku ora duwekku".

Banjur Este uga ujar "Dheweke tuku perhiasan


ing akun gabungan nanging ora tau tekan aku.”

Dheweke kandha, "Aku mikir yen dheweke


ngapusi aku, mung aku ora bisa mbuktekake."

Ora ana bukti yen sampeyan ora bisa


disalahake, Este ora bakal nglilani bojone bebas
selingkuh sanajan Este kudu mati.

29
Rebo sabanjure, Este ora katon, dina Rebo
kaya biasane, ing cafe sing biasane ketemu Este lan
Taylor, ing papan kerjane, lan ing ngendi wae ora
ditemokake. Bojone Este ngelaporake ilange Este, lan
pranyata ban truk bojone Este diganti karo ban anyar.

Selingkuhane pindhah menyang omah Este, lan


nggunakake kabeh barang Este.

"Aku ora mangu wong kudu nyekel bojone


amarga aku iku sing ilang Este, mung aku ora bisa
mbuktekaken. Aku matèni Este, iya iku." ujar Taylor.

Untunge, bapake Taylor mulang lan menehi ijin


nyopir prau mesin nalika umure 15 taun. Taylor
ngresiki kabeh omah Este, nutupi kabeh kejahatan
kanggo numpes bukti. "Untunge adhine Este kepengin
menehi kesaksian marang dheweke yen dina iku aku
karo dheweke." Akeh asuransi bojone Este bakal
diwenehake marang selingkuhan bojone.

Saiki polisi curiga karo selingkuhan bojone,


mung dheweke ora duwe bukti. Polisi kanthi yakin yen
bojone Este dipateni dening kekasihe, mung dheweke

30
ora duwe bukti. Lan wong wadon wiwit mikir aku
mateni bojone mung dheweke ora bisa mbuktekake.
"Aku wis ngomong, aku ora bakal nglilani wong lanang
mau nganti mati." Taylor ngandika.

Taun mengko sawise Este seda. Ing sudut


pandhang liya. Kanca-kancaku bubar, ana kancaku
sing nikah. Ana sing wis lairan, ana sing wis dikubur.
Tren ing internet wis owah, gosip sing keprungu wiwit
dilalekake. Nanging aku isih macet ing panggonan
sing sampeyan ninggalake aku. Bab ora bener isih
kobong, nanging urip wis liwati kanggo nutupi kabeh
kasunyatan. Wong urip karo ganjaran lan pelajaran,
nanging aku isih macet ing ngendi kowe ninggalake
aku. Aku isih mandheg ing memori restoran, aku isih
rumangsa lungguh ing pojok.

Aku angker dening cahya surem, wong liwat


ngomong "Apa kathon sedih."

Aku ngerti sampeyan mesthi krungu jepit


rambutku tiba pas uripku mandheg. Aku tetep ana,
bledug kumpul ing rambutku.

31
Dheweke ngarep-arep yen aku bakal
ditemokake ing endi wae nggunakake macem-macem
sudut pandang, nanging aku mung bisa lungguh lan
mandeng sampeyan ing papan sing sampeyan
tinggalake. kowe ninggalake kula tanpa menehi kula
pilihan lan tetep kula macet ing kene selawase.

Kowe mung ninggalake aku. Apa kowe tau


krungu bab cah wadon beku? Tumrape wong liya,
wektu iku terus-terusan nanging dheweke ora ngerti
babar pisan, amarga wektu mandheg nalika umure 23
taun. Saiki dheweke urip ing fantasi, cara uripe.

Kowe tau krungu saka cah wadon sing


manggon ing bayangan? Saben dina dheweke tansah
lara, saiki kowe ora kudu kangen maneh, amarga ing
salawas-lawase umure 23 taun ing fantasi dhewe.

Lan wengi iku sampeyan lungguh ing ngarepku,


ing restoran. Nalika aku isih siji sing kowe pengin.
Cahya surem nyabrang, lan kabeh isih apik. Aku isih
bisa ngrasakake mascaraku mlaku karo nangis krungu
kowe wis ketemu lan tresna karo wong wadon.

32
Atiku rusak, kedadeyan sing nggegirisi, lan
saiki wong-wong wis maju. Mangga, aku isih ana ing
restoran, isih lungguh ing pojok kamar. Aku yakin
sampeyan wis nikah lan duwe anak kanggo natal,
nanging aku ora peduli. Amarga aku ora mikir iki bakal
cilaka sampeyan?

Aku bakal mikir urusanku dhewe, yen


katresnan kita mati kanthi cepet. Aku ora bisa
nyekseni maneh, amarga kedadeyan iki wis suwe.
Nanging yen aku ngelingi lan ngrasa salah, kowe
ngerti aku isih ana ing panggonan sing sampeyan
ninggalke aku, ing panggonan sing sampeyan
ninggalake aku tanpa pilihan lan tetep aku macet ing
kene kanggo selawase.

33
SION SANG JUARA KICKBOXER

Dening Clement Christian Wiguno

Sion yaiku sawung priya umur 28 taun sing


manggon ning siji kutha alit ing pinggiran kutha.
Dheweke yaiku sawung kickboxer sik kondhang ing
kutha menika. awit alit, Sion wus nedhaake bakat luar
biasa jerong kagunan bela dhiri. Sion asale saka
kulawarga sing kurang mampu, mangka Sion kerja
keras kanggo ngulihake pendhidhikan lan gladhen sik
pakra jerong kickboxing. Kalayan dedikasine sing
dhuwur lan tekad sing kuwat, Sion kasil nggayuh
kabeh ngimpi lan ambisine jroning donya kickboxing.
pating umur 23 taun, Sion wis dadi juara nasional
jerong kickboxing.

Sion kerep tampil ing turnamen kickboxing lan


tansah kasil memikat para penonton kalayan gaya
tarunge sing agresif lan teknik sing presisi.
kemenangane saka pertandingan menyang
pertandingan liyane marai jenenge dadi populer lan
dikurmati ing donya kickboxing. Sawijining dina, Sion

34
entuk undhangan kanggo turnamen kickboxing
internasional ing Las Vegas. Bebungahe yaiku emas
lan Sion mbuktekake kemampuane ing tingkat donya.
Dheweke uga kalayan kebak sengkuyung nampa
tawaran kasebut tanpa ragu-ragu. sakbubare teka ing
Las Vegas, Sion isih latihan lan mersiapake dhiri
kanggo pertandingan mengko. Dheweke dikancani
dening pelatihe, yaiku mantan juara donya kickboxing
kanca cerake. Pelatihe maringake nasihat paling apik
lan mbantu Sion memertajam kemampuan tarunge.

Ing dina pertandingan, Sion nglawan petarung


sako sawetara nagari kalayan reputasi. Sansaya
ngadepi tantangan sing dhuwuring, Sion boten goyah
lan tetep pracaya pating kemampuane dheweke.
Pungkasane, Sion kasil ngalahake lawane kalayan
cara sing spektakuler. Sion nggayuh babak final,
dheweke ajeng adhep-adhepan kalayan juara donya
bertahan sing kuwat banget lan duwe pengalaman.
Pertarungan kuwi dadi pertarungan sing intens
banget, kaping kalih petarung padha-padha baku
hantam tanpa mandheg.

Sion ngalami pinten pinten tatu, dheweke ora


35
nyerah lan terus berjuang kanggo menangake
pertandingan. Jerong rondhe kaping-5, Sion
maringake tendangan khas sing mateni menyang arah
rai lawane. Tendangan menika nggawa kemenangan
dum Sion wektu wasit ngitungi nganti sedasa lan
lawane ora isa nglanjutake pertandingan.

Sion kasil nyithak sejarah dadi kickboxer


pisanan saka negarane sing menangake gelar juara
donya kickboxing. Sabubare kemenangan gemilange,
Sion balik menyang kampung platarane dadi sawung
pahlawan. Dheweke ditrima kalayan kebak
kehormatan lan diganjar kalayan bebungah-bebungah
sing marai gesange langkung apik. Nanging, Sion
tetep andhap asor lan tetep ngreksa dhirine amrih
tetep duwe tekad jerong ngoyak ngimpi lan ambisine
sing liya. Crita Sion dadi inspirasi ing kutha asale.
Bocah mudha sik ngimpi dadi kickboxer dadi
kasunyatan. sion dadi sosok sik memotivasi dheweke
kabeh berjuang, bekerja keras, lan ora nyerah jerong
nggayuh ngimpi dheweke kabeh.

Sion nglanjutake karier dadi kickboxer,


ananging dheweke miwa njupuk kelodhangan ngge
36
nggladhi lan ndhidhik para bakat mudha ing kuthane.
Sion karep maringake kelodhangan dhumateng
dheweke kabeh sik kirang untung ngembangake bakat
dheweke kabeh lan nggayuh ngimpi dheweke kabeh.
kalayan kabeh kebrasilan sing dheweke raih, Sion
terus ngelingi budaya andhap asor lan kerja keras sing
ditanamake ing kulawargane. Sion ngerti menawa
kabeh kebrasilan sing dheweke entuk yaiku kasil saka
kerja keras dheweke lan dhukungan saka wong-wong
cedhake. Sion uga berjanji ajeng terus bersyukur lan
ora lali marang mulane.

37
IMAM JUARA BADMINTON

Dening Darren Tahta Wijaya

Imam Juara Turnamen Badminton, bocah lanang


umur 16 taun, yaiku atlet bulutangkis sing bakat
banget. Dheweke manggon ing desa cilik jenenge
Desa Mawar, Jawa Tengah. Imam wis pirang-pirang
taun latihan kanthi sregep lan ulet, lan saiki dheweke
melu turnamen bulu tangkis tingkat regional. Ing
sawijining esuk, Imam tangi gugup. Dina iku dina
pertandhingan final, dheweke bakal ngadhepi pemain
paling apik liyane, yaiku Dimas. Sanadyan gugup,
Imam tetep sregep main lan menehi sing paling apik.
Dheweke percaya yen kanthi kerja keras lan
ketekunan, dheweke duwe kesempatan dadi juara.

Pertandhingan diwiwiti kanthi sengit. Pemain


loro kasebut saling gelut kanthi pukulan sing cepet lan
akurat. Imam nggunakake prigel lan Intelligence
supaya game malah. Saben kesempatan
dimanfaatake kanggo entuk poin, nanging Dimas ora
kalah hebat. Loro-lorone nuduhake kabisan sing luar

38
biasa ing pengadilan. Perjuangan sengit terus nganti
pungkasan game. Weruh pemain loro kasebut main
kanthi semangat lan katrampilan sing luar biasa, para
penonton katon terhipnotis lan ora kedhip. Pungkasan,
sawise sawetara babak sing dawa lan kesel, Imam
kasil menangake pertandhingan kanthi skor 21-19.
Imam rumangsa seneng lan lega. Dheweke menang
gelar pertama ing turnamen bulutangkis iki. Kabeh
kerja keras lan latihan sing ditindakake dheweke entuk
bathi. Imam ngerti yen iki ora mung kamenangan
pribadine, nanging uga kamenangan kanggo Desa
Mawar.

Sawise pertandhingan rampung, Dimas marani


Imam lan menehi tepuk tangan. Padha menehi
apresiasi saben liyane kanggo perjuangan sengit lan
prestasi sarwa padha nuduhake. Dimas menehi
motivasi lan njaluk Imam supaya terus ngembangake
bakate, amarga dheweke yakin Imam nduweni potensi
gedhe ing donyane badminton. Wiwit kuwi, Imam dadi
inspirasi kanggo para mudha ing Desa Mawar.
Dheweke kerep menehi latihan lan pembinaan marang
wong-wong sing pengin nuruti lakune ing jagad

39
olahraga. Kanthi kebecikan, sabar lan semangat,
Imam mbantu dheweke nemokake kapentingan lan
bakat dhewe. Bocah sulap sing diceluk Suwarno dadi
juara pertama turnamen bulutangkis kuwi terus
berjuang lan sukses.

Dheweke nglajengake karire ing donya


badminton ing tingkat regional lan nasional. Nanging,
dheweke tetep dadi wong sing andhap asor lan apikan
marang sapa wae sing njaluk pitulungane. Imam
minangka conto sing jelas yen ketekunan, kerja keras,
lan semangat juang sing dhuwur bakal ndadekake
wong bisa nggayuh apa wae sing diimpi-impi.

Dheweke ora mung juara ing lapangan, nanging


uga pahlawan kanggo bebrayan. Saiki Imam pengen
fokus dadi atlet badminton meneh. Tanggal 7 Juni
Imam ambal warsa sing kaping 17, Imam bungah
banget amarga Imam rumangsa wis cukup dewasa
amarga wis bisa duwe KTP lan SIM. Imam uga nampa
bebungah saka bapake yaiku motor anyar, Imam
seneng banget karo oleh-oleh saka bapake.

Imam pancen seneng banget karo motor


40
anyare, saben dina Imam nggunakake motor anyare
kanggo keliling panggonan sing arep dituju Imam.
Imam pinter banget numpak sepedha motore dadi
Imam kepincut melu klub motor. Klub motore Imam
akeh anggotane, saka kono Imam tambah kepincut
melu klub motor.

Tanggal 12 Agustus, Imam resmi melu klub


motor lan Imam uga wis akeh kanca-kanca sing padha
hobi karo Imam saiki. Imam wiwit ngejarke hobine
nganti Imam kepengin nyoba modifikasi motore dadi
luwih apik lan keren Singkat cerita, Imam kasengsem
dadi pembalap motor profesional, lan sing luar biasa,
mung siji sasi Imam wis menang lomba balap ing
wilayahe.

41
IRWAN SANG PRO PLAYER E-SPORT
MOBILE LEGENDS

Dening Dave Stanlay Hartanto

Ing sawijining dina ing tengah wulan, nalika


angin segara mligi kutha Semarang, Irwan tetep fokus
ana ing kamare wis ndelok layar komputere. Dheweke
wis dadi pro player esport Mobile Legends sing diakoni
dadi idola para komunitas gamer. Tekanan saka
turnamen akbar nalika iki isih ndekatke. Saiki isih
mung dadi tim cilik, wis njalari kemampuane dadi sing
apik nalika terjadi tembange.

Nalika tengah wengi, Irwan dumadhakan


ngrungoke tangisan saka dhuwure. Dheweke ngetak
kajaba lan nyuda utawa kaping kalih saka kompetisi.
Sakumur dadi kompetisi iku dadi spektakuler nalika
Irwan ningali ibuné sing tetep tansah migunani
waktune menehi donga-donga lan dukungan.

Sukate kang wis ndadekake, wong-wong kutha


Semarang uga ngrasa bangga. Apa sing kadadine

42
dadi pangeran cilik saka Semarang saiki wis dadi
punggawane salah siji klub esport terkenal ing
negarane. Sawise kuwatir uga njalari turnamen, nalika
wengi wong ngejupuk Irwan ing lelungan tim esport
iku. Dheweke dipanggil kanggo ngalami uji coba nalika
pentas internasional. Sadurunge dadi pancen, Irwan
isih karo ibune kang lagi mesake lara. Kabeh dheweke
bisa mbayangake yaiku ngingali ibuné kang duduk
marang lantai lara, kathah dadi ayem lan padhang.

Ing uji coba, Irwan main karo kecepatan lan


kepintaran sing dijupuk nalika dheweke nalika ana ing
lapangan. Dheweke ngladeni hero sing akurat lan
ngrangkul taktik sing cerdik, dadi bener-bener nggawe
para penonton terkesima. Para pelatih esport kang
ngrasakake perubahan kanthi cepet pantes dados
Irwan sawise turnamen iki.

Nanging sesawang liwat, nalika Irwan kasedya


yen ibune takon lara kang dadi makin parah. Dheweke
ngrasa nyes lelungan, nanging Irwan duwe pangerten
yen wis wektune kanggo nggawe keputusan penting.
Dheweke main kanthi niat kang gedhe lan lemah
semangat kang nggawe para pemain sing liwat, nalika
43
dheweke duwe gawe sing bener-bener apresiasi.
Nalika pitulas, ing tengah-tengah pertandingan akhir,
Irwan nggawe combo sing luar biasa kanggo nggawe
tim menang lan mlebu ing babak final. Nanging
sesawang tuwuh nggawe dadan saka kamar. Ibu
Irwan iku dadi makin sekarat.

Ing tengen tengah panggung, karo rahasia


dheweke, Irwan nggawe putusan sing gawe dirine gur
gawe penonton. Dheweke ngirim pesan, ndeleng
kacamata, lan ngangkat jempol marang ibuné sing wis
jupuk sumber kekuatan. Kombinasi antara niat kang
takwa lan teknik main sing apik ndelengke dheweke
dadi inspirasi kang apik kanggo semua wong sing
nonton panggung.

Wonten ing pungkasaning crita iki, Irwan isa


nyandhangake karo tim lan ana ing panggung
pemenang. Kemenangan iku ora mung milike, nanging
uga kang liwat. Dheweke ngerti apa sing banjur ana
ing kajaba. Ing tengen tengah sukses lan kegagalan,
kaluwarga tetep dadi sumber kekuatan utama.

44
BANYU KANCA

Dening Dave Willson Wibisono

Biyen, ing segara sing tenang, pante sing apik


lan kulawarga sing seneng. Ing kulawarga iku, ana
Jono lan wong tuwane loro jenenge Jojo lan Ria.
Kulawargane dudu kulawarga gedhe nanging angel
golek panganan amarga ora akeh kewan sing cedhak
karo segara. Dadi, kulawarga Jono kudu mburu ing
njero alas. Dheweke urip ing samodra nganti
pirang-pirang taun, urip kanthi sabisane lan kanthi
kabeh kekuwatane. Jono duwe adhi, jenenge Siwi.
Sayange Siwi mati amarga kena racun sing diolehake
sawise njajah samodra sing jembar. Sawise
pirang-pirang wulan, Jono mikir apa sing njalari
samudra keracunan. Kulawargane Jono menging
menyang segara sawise kedadeyan sing disandhang
kulawarga kasebut. Saben wengi, Jono mikir-mikir apa
sing disandhang adhine. Wiwit cilik, Jono uga duwe
kanca sing tansah nunggal karo dheweke. Dheweke
minangka monster laut sing ngopeni Jono nalika isih

45
cilik lan tansah ngancani Jono dolanan pasir nanging
Jono ora kelingan.

Esuke, kulawargane Jono golek pangan ing


alas lan printah marang Jono ngopeni omahe. Jono
banjur menyang alas nggawa barang eksperimen sing
wis disiapake kanggo mangerteni racun kasebut. “Kok
banyu iki ana racune? Yen ana racune, aku ya wis
mati!” jare Jono. Nalika Jono tekan pante, dheweke
nemokake yuyu sing ngumpulake cangkang.

Jono mudhun nyedhaki yuyu karo takon,"Lha


kowe kok duwe cangkang emas iki?" jare Jono.

"Golek panganan, kerang iki arang banget lan


enak iki dipangan, apa maneh emas kaya ngene iki!"

Jono penasaran banjur njupuk cangkange lan


langsung nguncalake kerang menyang watu gedhe
kuwi banjur cangkang kasebut pecah lan ngetokake
cairan ungu peteng. Cairan ungu peteng iku nggawe
watu kasebut pecah dadi loro. Si Jono lan si yuyu
kaget ndelok kedadeyan.

46
Jono uga takon yuyu kuwi entuk saka ngendi,
“Aku entuk neng pinggir pulo ngarep” wangsulane
yuyu. Jono nyiapake prau lan lunga menyang pulo
liyane.

Bareng tekan pulo, Jono nemuake akeh


cangkang emas ing pinggir segara. Ketoke uga ana
tanduran warna emas sing ngeculake kelopake ing
endi-endi ing cangkang-cangkang sekitar. Jono
ngati-ati supaya ora ngidak cangkang emas lan bisa
liwat. Ujug-ujug kembange tandurane disebul angin
lan marani Jono. Jono meneng lan ora bisa obah.
Ujug-ujug ana banyu sing narik Jono menyang segara
kanggo ngendani kelopak kembang emas. Jono
langsung noleh mburi lan ndelok ana monster ula laut,
Dewa Laut. Dewa Segara ngombak-ombak lan ilang
maneh ninggalake simbol sing tegese Dewa sing
njaga. Banjur Jono langsung kelingan critane para
leluhure, yen ana dewa agung arupa banyu sing
mbantu njaga urip ing jero banyu nanging dheweke
ora ngetutake usaha sing ditindakake manungsa yen
manungsa ora ngrusak imbangane.
47
Kelopak kembang sawenehe ndharat ing
kapale Jono dadine Jono ora bisa mulih. Jono akhire
nyingkir saka tandurane ing pinggir watu sing adoh
saka tandurane lan mikir.

"Apa sing kudu tak lakoni?" jare Jono. Jono uga


nyoba nyelok Dewa Laut kanggo nyoba komunikasi
supaya isa njaluk solusi.

Dewa Laut muncul lan jawab, "Sing sabar cah


enom, kudu nggunakake banyu klapa murni ing
tengah alas iki," ngandika Dewane.

"Banyu klapa iku asli? Apa ora banyu iku mung


dongeng", pitakone Jono.

Sang Dewa njawab, "Lungana, tindak menyang


ing tengah alas kang peteng ndhedhet, kowe bakal
nemokake pohon iku. Gunakake watu kristal sing
landhep iki gawe njupuk kelapane. amarga yen kowe
ora medhot tandurane, banyune bakal dadi najis
gegara mau lan tambah akeh."

48
Alasane, banyu klapa sing resik iku wit gedhe
sing ditandur dening Dewa Srengenge kanggo
kekasihe. Wit mau uga nandurake woh 2 lan dijupuk 1
lan menehi siji marang Dewa Laut nalika butuh. Jono
mlayu menyang tengah alas nggawa watu kristal
landhep sing diparingake Dewa Laut.

Saktekane Jono uga nemoni wite, wite gedhe


banget lan kandel ora bisa nggores kanggo entuk
wohe. Woh klapa banyu murni sejatine ana ing
tengah-tengah batange. Jono uga nyoba ngethok
gagang kanthi atos. Wektu Jono nyoba ngethok
batang wit kasebut, Jono kanggo watu kristale ora
sengaja mental adoh menyang kali sing jero. Jono
gupuh lan bingung. Dheweke nyoba lan meh klelep
sawise nyoba golek kristal watu kasebut. Banjur wiwit
nyerah kanggo njaluk watu kristal. Jono akhire nyerah
lan mikir dawa. Dumadakan Jono ndelok kewan sing
mlebu kali. Banjur ana cahya metu saka watu kristal
ing dalem jero bayangan, luwih suwi luwih padhang
kaya watu wiwit ngambang. Jebule ana yuyu gedhe
sing wis diwasa metu saka banyu nggawa watu kristal
banjur diparingake marang Jono.

49
Yuyu ngandika, "Jupuk, kowe wis nylametake
nyawane anakku saka cangkang emas mau". Si Jono
ngaturake panuwun lan nerusake ngethok batange lan
entuk klapane.

Jono cepet-cepet marani panggonane tanduran


emas lan ndelok dewa laut wis nunggoni, dheweke ora
bisa apa-apa amarga tandurane mung bisa
disucekake nganggo banyu klapa sing resik. Malah
Banyu mung isa nggawe dorongan sing isa nyurung
cangkang emas adoh saka segara nanging akeh sing
wis kelelep adoh ing endi endi. Tanduran emas kuwi,
muncul saka critane sing dicritakake leluhure jaman
biyen. Tanduran iku nduweni inti ing lemah sing
ndadekake kabeh zat sing tercemar dening tanduran
kasebut nyambung lan nular. Jono langsung mecah
klapa iku kanggo njupuk banyune. Klapane dibelah
setengah lan diuncalake menyang tanduran. Banjur
sawise sawetara wektu, tanduran emas iku nyerep
banyu klapa murni alon-alon lan werna wiwit luntur lan
mati.

Dewa Laut ngucapake syukur banget marang

50
apa sing ditindakake Jono lan menehi Jono kapal sing
teka dhewe saka segara lan menehi woh-wohan karo
panganan liyane sing cukup akeh kanggo
kulawargane Jono, banjur Dewa Banyu Laut menehi
kembang srengenge sing diwenehake Jono. Jono
kaget lan kelingan masa lalune banjur ngrangkul dewa
segara, Jono tansah ngimpi yen Jono iku nate menehi
kembang srengenge marang kanca sing dibanggake
lan ditresnani.

Banjur Jono bali kanthi slamet dibantu ombak


saka pitulungane Dewa Banyu Laut karo numpak prau
lan dolanan karo Jono. Jono ngandhani wong tuwane
yen dheweke ketemu Dewa Banyu Laut sing
ngalahake racun ing samodra karo Jono. Kulawargane
uga percaya amarga kelingan yen Jono wis dijaga
dening Dewa Laut saka Jono isih cilik. Wong-wong
kabeh padha ngucapake matur nuwun karo Dewa
Banyu Laut bebarengan karo Jono. Dumadakan Jono
tangi saka impene, jebule Jono keturon banjur ngimpi
ing bak mandi sawise mulih sekolah mau.

51
BAMBANG SI BOCAH PINTER

Dening Dylan Christovan Hananto

Bambang iku bocah paling pinter ing SMA


Expo Semarang. Saben dina Bambang sinau lan ora
ana wektu gawe dolanan karo kancane. Ing sawijining
dina kancane bambang jengenge Adi ngajak
bambang dolan, nanging Bambang ora gelem lan
kudu sinau gawe wulangan sesuk. Adi ngerasa
Bambang ora duwe kanca lan sibuk karo wulangane
terus. Sesuke wektu sekolah Bambang duduk
dhewekan lan ora ana kanca, Adi lan kanca-kancane
lagi dolanan tebak kata. Adi ndelok Bambang dewean
lan sinau terus, Adi ngajak bambang kanggo dolanan
bareng tebak kata. Nanging Bambang nolak ajakane
Adi.

Bambang ngomong "Ora usah ngajak aku


dolanan terus".

Adi jengkel karo Bambang, Adi bermaksud apik


supaya Bambang ana kancane lan ora sinau terus.

52
Adi ngajak kanca-kancane kanggo ganggu bambang
sinau. Kanca-kancane Adi ora gelem ganggu
Bambang lagi sinau. Kanca kancane Adi ngerasa Adi
dadi wong beda, biasane Adi bocah sing apik lan ora
seneng musuhi wong, Nanging Adi pengin ganggu
Bambang sing lagi sinau lan musuhi Bambang. Adi
nggoleki Doni, Danang, lan Dono, telu bocah iki
dijuluki Depembully ing sekolah. Adi ketemu Doni
ketua ing Depembully, Adi ngajak Doni gawe bully
bambang lan kanca-kancane Adi sing ora gelem
ganggu Bambang. Doni nyetujuni ajakane Adi, Doni
ngajak Danang lan Dono gawe ikut bully Bambang lan
kanca-kancane Adi.

Sesoke sekolah ngumumke Bambang melu


olimpiade matematika lawan ngewakili sekolahe,
Bambang seneng banget amarga dipilih melu
olimpiade matematika gawe makili sekolahe. Adi
ngerasa jengkel lan iri karo kepinterane Bambang,
wektu jam istirahat Adi lan Doni marang mejane
Bambang lan rusak kertas matematika Bambang,
Bambang maneh ing toilet wektu Bambang bali
menyang bali menyang kelas, Bambang delok kertas

53
matematikane wis rusak. Bambang kaget lan takon
ing kelas sapa sing ngerusak kertas matematikane
bambang, nanging ora ana sing ngaku. Bambang
bingung amarga kertas matematikane iku materi gawe
olimpiade matematika.

Sawise sekolah Bambang nyritakake bapak lan


ibu yen bambang kapilih gawe olimpiade matematika
ngewakili sekolah, bapak lan ibu seneng lan menehi
semangat. Ing wayah wengi Bambang nulis maneh
materi matematika nganggo kertas suwek. Bambang
nulis maneh materine kanthi wengi lan ora turu, ibu
bambang ngamuk karo bambang amarga ora
turu-turu.

“Bambang turu sesok sekolah!" Kandha ibune.

Bambang ngomong marang ibu yen kertas


materi olimpiade matematikane rusak lan Bambang
isih nulis maneh gawe ajar sesuk. Ibu nulungi
Bambang nulis supaya cepet rampung lan cepet turu,
sawise nulis ulang catetane Bambang. Wis tengah
wengi, akhire turu.

54
Awan sesok, Bambang telat tangi. Bambang
ora adus lan ora sarapan, Bambang langsung
nganggo seragam lan langsung mangkat sekolah.
Nalika tekan sekolah bambang telat lan pager sekolah
wis ditutup. Bambang bingung amarga iki sepisan
bambang telat sekolah. Pager sekolah bakal dibuka
sejam maneh lan Bambang ngenteni ing ngarep
pager sekolah. Bambang lagi eling yen ana ulangan
matematika, ulangan iku penting gawe pemilihan
tingkatan olimpiade. Yen bambang ora nggarap
ulangane bambang entok tingkatan olimpiade paling
ngisor. Bambang njaluk bantuan satpam gawe bukake
pager amarga ana ulangan. Nanging satpam ora
gelem bukake pager lan ngongkon Bambang nganteni
siji jam maneh.

Kancane Adi jenenge Asep lagi tindak


menyang toilet lan delok bambang ing ngarep pager,
Asep ngerti yen bambang kudu melu ulangan kanggo
olimpiade. Asep nulungi bambang lan ngapusi satpam
yen Bambang iku dipanggil guru. Satpam percaya lan
bukake pager sekolah, bambang langsung mlayu
menyang kelas lan asep tindak toilet. Adi kaget

55
amarga delok bambang isa mlebu kelas. Wektu
ulangan dimulai bambang isa melu ulangan lan entuk
biji sempurna. Bambang entok tingkatan paling
dhuwur ing olimpiade. Adi iri lan ora seneng bambang
isa melu ulangan.

Sawise sekolah Bambang ajar gawe sesuk,


sesuk iku hari olimpiade. Bambang ajar saka mulih
sekolah tekan wengi. Wektu olimpiade Bambang
ngelawan bocah pinter, nanging gara-gara bambang
ajar tekan wengi. Bambang isa ngalahke bocah pinter
kuwi lan entuk poin luwih akeh amarga jawab
takonane terus. Bambang juara siji ing olimpiade lan
entuk penghargaan saka sekolahe. Adi seneng
amarga bambang isa ngebanggake sekolahe. Adi
njaluk nyuwun pangapunten karo bambang lan ngaku
yen Adi sing ngerusak kertase Bambang.

Bambang ngapura Adi lan dadi kanca.


Bambang ugi matur nuwun karo Asep amarga
bantuan bambang isa nggarap ulangan matematika.
Bambang, Adi, Asep lan kanca-kancane Adi sing
liyane dadi kanca. Bambang duwe kanca, saiki

56
Bambang lan kanca-kanca padha dolan bareng lan
ajar bareng.

57
KULAWARGA DOLDI

Dening Geraldo Abel Sarwono

Kulawargane Doldi lagi repot, Doldi ngupaya


nyukupi keluargane. Doldi nyambut gawe dadi
pedagang. Doldi duwe kulawarga, Ross minangka
bojo sing apik lan tresna marang anak-anake.
Sawijining wektu Doldi lagi nandhang nasib elek,
dagangan doldi bangkrut lan ambruk. Doldi nyoba
golek cara supaya dodolan doldi kanthi cepet laris.

Pitakone Doldi marang Ross bojone. Doldi


ngomong “Ross, carane supaya cepet dodolan?”

Ross wangsuli “Ya, dodolan, kadhangkala


dodolan laku, kadhangkala ora. Dodolan kudu sabar
lan ora srakah golek bathi.”

Doldi ngomong “Iki bangkrut, piye carane kowe


bisa sukses maneh, yen terus kaya iki. Bocah-bocah
kita mengko ora bisa sekolah.”

58
Ross ngandika “Carane nggunakake promosi
kanggo wong sing arep tuku.”

Doldi kandha “Ana sing arep tuku mengko?”

Ross wangsuli “Nanging ora jamin laris tenan,


paling ora usaha ben dodolan Doldi bali babar blas.”

Doldi ngomong “Sing penting usahane ora


bangkrut nanging pulih.”

Sesuke Doldi nganggo promosi supaya


dagangane Doldi bisa laris lan nyukupi kebutuhan
keluargane. nanging dodolan Doldi ora bisa nutupi
setengah saka bangkrut. Doldi ora nyerah, Doldi terus
promosi dagangan Doldi. Doldi wis nggawe wong tuku
dagangan Doldi, ana pelanggan sing isih pengin tuku
dagangan Doldi. Ana uga sing ora kasengsem marang
promosi lan dagangane Doldi. Dhuwit sing
diklumpukake Doldi wis setengah nutup kerugian sing
didol Doldi.

59
Doldi seneng weruh kuwi. Doldi uga njaluk
utangan supaya dagangan sing didol tansah duwe
modal. Doldi wis njaluk utangan supaya ana modal lan
Doldi kudu menehi laporan perdagangan Doldi saben
minggu supaya bisa entuk modal ing dodolan. Yen
Doldi ora ngirim laporan, sing menehi utang ora bakal
menehi modal kanggo Doldi. Doldi setuju karo
persetujuan kasebut. Doldi uga mlebu surat
persetujuan. Sawisé iku, Doldi ora perlu kuwatir
babagan modal ing perdagangan Doldi.

Doldi uga wiwit dodolan lan menehi laporan


saben minggu sing kudu ditindakake. Sawijining dina
Doldi duwe saingan sing padha dodolan panganan lan
saingane padha karo Doldi. Saingan kasebut malah
luwih dikarepake karo Doldi lan rasa panganan sing
didol luwih apik. Doldi iri karo prestasi iki, nanging
Doldi tetep sabar karo saingan kasebut. Dina-dina
Doldi weruh saingane dodol panganan sing padha.
Kompetisi kasebut malah akeh pengunjung sing teka.

Pengunjung Doldi sing setya uga seneng karo

60
dagangan sing didol saingane. Dagangane Doldi wis
mulai gagal amarga ana saingane Doldi. Doldi ngalami
alangan babagan carane saingan kasebut bakal
bangkrut. Doldi wis nyoba ngedhunake rega dagang
nanging isih padha. Doldi uga nyoba nambah rasa
panganan sing didol, asile padha. Doldi uga nyoba
mbalekake pelanggane nanging dheweke gagal.
Sawise seminggu dodolan Doldi ora ana mundhak.
Sing menehi utang uga narik modal sing diduweni.

Sing ngutangi mbalik modale Doldi amarga


dodolan ora mundhak lan saben dinane dodolan
mudhun. Sing menehi utang bakal mbantu Doldi yen
Doldi bisa stabil dodolane. Doldi sansaya nekat yen
bakal ana saingan sing arep ngrusak dagangane.

Doldi lan kulawarga wiwit urip mlarat lan


pisanan padha seneng-seneng, saiki kudu nyimpen
dhuwit kanggo kedadeyan kasebut. Doldi arep
nyolong resepe. Bojone ora ngidini amarga wedi yen
Doldi ketahuan banjur dicekel polisi. Doldi ora nyolong
resep panganan amarga Doldi ora pengin jenenge
dadi kotor amarga kejahatan sing ditindakake. Doldi

61
njaluk saran marang keluargane. Nanging Doldi malih
pikirane, Doldi nglakokake tumindake nyolong resep
panganan saingane. Doldi wis tekan omahe saingane.
Doldi mlebu liwat lawang ngarep lan nyuwil lawang
ngarep. Doldi wis kasil mbobol lawang ngarep. Doldi
wis mlebu lan golek resep. Doldi ora nemu resepe,
banjur doldi golek brankas. Doldi ora bisa nemokake
aman utawa resep. Doldi mulih karo tangan kosong.
Sawetara wulan sabanjure, bisnis Doldi mandheg lan
ora didol maneh. Dodi lan kulawargane urip mlarat lan
anak loro ora bisa urip kepenak.

62
Wulan Ilang

Dening Fransisca Gladys Lyvius

Aku duwe kanca jenenge Wulan. Nalika isih


kelas loro, Wulan seneng banget diece kanca liyane.
Nganti sawijining dina nalika istirahat sekolah, Wulan
nangis amarga bonekane digawa karo Budi.

“Huaaaaaa boneka ku dijupuk Budi “ Wulan


nangis banter nunjuk Budi, Aku langsung marani
Wulan.

“Gara-gara kowe ki Budi, Wulan nangis ki loh! ”


ngomongku karo Budi. Budi mbalekake bonekane
Wulan. Wulan meluk bonekane kenceng.

"Iya, nyuwun pangapunten, aku mung guyon


tok loh " Wangsulane Budi.

Aku mung isa geleng - geleng pala to sinambi


nglilani Wulan. Aku ngancani dheweke nanging
dheweke ora mandheg nangis.

63
Ujug-ujug bel sekolah muni, tegese jam istirahat
wis rampung kudu antri kanggo mlebu kelas. Aku lan
Wulan antri mlebu kelas.

“ Yowis balik kelas sik “ Ngomongane Budi.

Nalika aku lungguh ing kursi, aku bingung


weruh noleh nengen ngiwa amarga Wulan ora ana ing
kursi jejerku. Aku takon kanca-kancaku uga ora ngerti
ana ngendi Wulan.

“Loh Wulan ngendi? kok rak ana?” Takon ku


karo kanca-kancaku.

“Lah tak kira karo kowe.“ Wangsulane kancaku.

“Ya sama, tak kira dheweke ya ana ing mburiku


ing baris tadi “ wangsulan ku.

Mula banjur mutusake kanggo nggoleki Wulan


nalika pelajaran matematika wis rampung. Nanging
amarga kanca-kancaku ora gelem sinau matematika,
banjur padha mlayu golek Wulan.

64
“Ya wis nyari Wulan wae, ora usah sinau
matematika setuju ora?” Bengoke Budi.

“Setuju !! ” Wangsulane bocah kelas.

“Mengko kabeh digoleki, ora apa-apa yen


adoh-adoh, sing suwe wae ora apa-apa“ Sak kelas
menehi jempol marang Budi, kabeh padha siyap-siyap
nggoleki Wulan.

Nalika guru matematika anyar mlebu,


kanca-kancaku padha mlayu metu saka kelas karo
bengok-bengok “Ayo goleki Wulan”. kabeh padha
mlayu kanthi cepet.

Guruku bingung “Lah iki kok mlayu-mlayu


kabeh? “ Bengoke guruku.

“Goleki Wulan bu.” Wangsulanku banjur mlayu


nyusul kanca kancaku.

Aku lan kanca-kancaku nggoleki ing


ngendi-endi ing saambane sekolah nanging ora

65
ketemu. Awake Wulan iku luwih cilik tinimbang bocah
kelas 2 biasa, Dadi isa ndhelik ing ngendi wae.
digoleki toileti, kantin, kelas liyane, nganthi lemari
kelas nanging ora ana hasile.

Sawise rong jam nggoleki Wulan ora ketemu.


ujug-ujug guruku mbengok "Ayo, ayo menyang kelas
banjur ngintil bali".

Aku lan kanca-kancaku langsung bali menyang


kelas. Bali menyang kelas, awake dhewe padha
sedhih amarga ora ketemu Wulan. Nanging kita uga
seneng amarga ora sinau matematika. Nanging nalika
arep donga, dumadakan....

"Bruk"

“Swara apa iku “ takon ku.

“Mboh “ Wangsulane guruku.

“Katon saka meja guru iku.“ Omongane


kancaku.

66
“Periksa dhisik iku, diperiksa jebule kucing.“
Wangsulanku.

“Ya wis cepet periksa sik, meh mulih aku“


Bengoke Budi.

Keprungu swara keprungu saka meja guru,


Nalika kita ditiliki, jebule iku Wulan.

Mula saka biyen Wulan tansah ndhelik ing njero


meja guru, ora ngerti amarga gurune ana ing kono,
ora ana sing ngira yen dheweke ana ing kono.

“Lah Wulan ki, wis digoleki sak sekolah kowe


ndelik kene to “ Ngomongku

“Wis digoleki sak sekolah loh Lan.“ Omongane


Budi.

“Kanca kanca mu nggoleki kowe sak sekolah


eh kowe ndelik kene nduk.“ Omongane guruku.

67
“Hiss sirahku lara kena meja” omonge Wulan
karo nangis nyekeli sirahe.

Aku sakanca kabeh ngguyu seneng lan lega.


Merga sakliyane ketemu Wulan, aku sakanca uga ora
dadi sinau matematika.

68
DENISE MALIH DADI WONG BECIK

Dening Helena Naftalie S

Denise iku bocah SMA sing nakal lan ora tau


nggugu marang wong liya. Denise urip karo wong tua
lan kembarane yaiku Dina. Dina beda banget karo
Denise. Dina bocahe rajin, nggugu marang wong tua,
lan duwe akeh prestasi ing akademik. Bu Sari lan Pak
Yanto, wong tuwane Denise lan Dina mesthi
mbandhingake bocah loro kuwi. Saben Denise salah,
Bu Sari lan Pak Yanto seneng mara tangan karo
Denise.

Nganti ing sawijining dina, Denise kudu melu


acara keluarga ing omah nanging ing tengah dalan
Denise ketemu mbah-mbah sing arep nyebrang dalan
nanging ora isa. Denise niat arep ngewangi amarga
atine Denise paling trenyuh marang wong tua sing
kangelan. Amarga ngewangi mbah iku, Denise telat
setengah jam teka ing acara kaluwargane. Wong
tuwane Denise ngamuk lan ngisin-ngisini Denise ing
ngarep kulawargane. Denise diomongke bocah sing

69
ora genah lan ora bakal isa sukses. Denise banjur
lunga menyang kamare lan nangis kejer.

Sesuke, Denise wis tenang atine. Denise arep


dadi luwih becik lan buktekake marang wong tuwane
yen dheweke isa dadi wong sukses. Denise wiwit
nggawe ngrancang sing bakal dilakokake. Nalika
mangkat sekolah, Denise nganggo seragam sing rapi
lan nggawe sedulur lan wong tuane kaget amarga
biasane Denise nganggo seragam sing ora lengkap.
Denise mangkat numpak motor kesayangane sing
dijenengi Tori, jeneng kuwi dijupuk saka film
kesayangane. Ing sekolah Denise mulai mlebu kelas
kaya biasane, kanca kanca lan kanca sekelase Denise
kaget amarga seragam seng Denise iku lengkap.
Kanca-kanca karibe Denise jenenge Juna, Rena, lan
Dino ngerasa ana sing aneh karo Denise. Daripada
penasaran, mereka takon apa sing terjadi marang
Denise.

"Dengaren seragammu genah Den, dipaksa


sapa?" takon Rena.

"Ora ana sing ngancem, emang aku sing


70
pengen berubah Ren." jelas Denise. Kanca kancane
Denise kaget marang pernyataan iku, mereka nambah
bingung lan heran karo jawaban Denise.

Pembelajaran jam sawiji dimulai, ing jam iku


ana kerja kelompok sing isine 5 wong. Denise sak
kelompok karo kanca kancane lan 1 kancane sak
kelas jenenge Toni. Toni biasane dibully karo genge
Denise. Kanca kancane Denise kaget amarga Denise
mbahas tugase karo Toni amarga biasane Denise ora
gelem ngerjake tugas saka guru. Kanca kancane
Denise dadi mulai ora seneng karo Denise amarga
Denise dadi beda. Wektu jam istirahat Denise di adohi
kanca kancane lan akhire mangan karo Toni. Denise
ora ngerasa amarga Denise wis isa mulai ninggalke
pergaulane sing elek.

Sadurunge balik sekolah Denise nyempetke


tuku jajanan lan lawuh kanggo wong omah. Wektu
tekan omah, wong tua lan Dina kaget marang
kelakuane Denise. Wong tuane Denise seneng
marang sikap bedane Denise, wong tuwane ngerti yen
Denise arep dadi wong sing luwih apik. Nanging Dina

71
ora seneng amarga ngerasa lan Dina ngerasa yen
Denise bakal posisine Dina.

Ngarepe Denise nunjukake perkembangan sing


apik. Denise entuk biji 90an terus, manut marang
wong tuwane lan gurune, lan aktif ing kegiatan
sekolah. Hubungan Denise lan wong tuwane dadi
luwih apik. Ing sawijine dina sekolah nunjuk Denise lan
murid murid sing berprestasi liyane melu olimpiade
makili sekolah. Nanging kanca kancane Denise ora
tau njurung amarga Denise dadi angel diajak dolan lan
milih sinau kanggo olimpiade. Kanthi kanca-kancane
Denise ngusili Denise nanggo aneka cara, salah sijine
yaiku ngumpetke bukune Denise nanging untunge
Denise nyinggahi buku sing liyane lan ngecek cctv
kanggo nggoleki bukune sing diumpetke.

Kanthi sedina sakdurunge olimpiade kanca


kancane Denise lan Dina kerjasama kanggo ngusili
Denise nanggo cara nguncini Denise ing kelas.

HPne Denise mati dadi ora isa ngabari


sapa-sapa. Denise wis nunggu ana sing ewangi saka
jam lima sore nganthi jam pitu wengi. Denise wis
72
nangis lan ngeluh amarga dheweke ora isa sinau
meneh kanggo olimpiade. Akhire Denise dunga
marang Gusti supaya dikei jalan. Ora suwi sawise
Denise dunga, dheweke krungu suara sepatu. Denise
nyoba bengak bengok supaya ana sing ngerti Denise
isih ing kelas lan nulungi. Pak satpam sing isih jaga
krungu suarane Denise lan nyoba nggoleki kunci
ruang kelas iku nanging ora ketemu amarga
diumpetke kanca-kancane Denise lan Dina.
Pungkasane lawanglan Denise ngerasa lega amarga
wis isa metu.

Denise balik omah diterke karo satpam sing


nulungi Denise. Wong tuane Denise ora panik amarga
ngira Denise isih kerja kelompok ing omah kancane.
Nanging Dina kaget amarga Denise isa balik omah.
Bengine Denise lara, awake panas. Wong tuane
langsung tukoke obat lan kongkon Denise turu gasik.
Sesuke Denise ngerasa luwih sehat lan isa melu
olimpiade. Denise lan murid murid liyane sing melu
olimpiade nggarap tenanan supaya banggake sekolah
lan wong tuane. Murid muride isa mlebu babak banjur
nanging Denise ora isa. Denise nangis lan ora gelem

73
mangan seminggu. Nganthi Denise mlebu rumah sakit
lan kudu nginep. Dina lan kanca kancane Denise
ngerasa bersalah lan njenguk Denise. Denise kaget
lan seneng amarga gelem njenguk. Dina lan kanca
kancane ngaku wis ngunci Denise ing sekolah lan
njaluk ngapura. Denise wis ngapura lan seneng padha
gelem ngaku salah.

74
GARA-GARA DADI BOCAH
NGEYELAN

Dening Irene Geraldine Prasetyo

Jenengku Siti, taun iki umurku wolu las taun.


Aku seneng banget nduwe Abang loro sing sayang
banget karo aku. Sayange aku iku wong sing
ngeyelan lan seneng melu-melu kancaku, tuladhane
yen kancaku ora seneng marang sawijining bab aku
melu ora seneng. Sifat ngeyelku iki angel marine.

Kaya dina setu wingi, aku diajak marang


kaluwarga menyang Salatiga kanggo preinan
bareng-bareng sekaluwarga. Katane ibuku aku kudu
melu, amarga bahaya yen bocah seumuranku ing
omah dewekan. Nanging aku ora gelem amarga aku
wis janji marang kancaku, yen sore Iki aku bakal melu
dolanan ing omahe Dinda. Senadyan ibuku ngomong
kaya ngono, aku tetep kekeh kanggo tinggal ing omah
dhewekan. Aku ngeyakini ibuku, lan kaluwargaku yen
aku wis bisa njaga awake dewe.

75
Sawise dhebat-dhebatan sing suwe, akhire
tiba wektune kaluwargaku kanggo cepet mangkat
amarga wektu wis nunjukkae jam telu sore. Sawise
salam perpisahan karo keluargaku, aku mutuske
kanggo langsung adus, lan siap-siap lunga menyang
omahe Dinda.

Sawise dolan cukup suwe ing omahe Dinda,


aku langsung balik omah. Ora kerasa wis jam wolu
sore aku balik saka omahe Dinda. Sawise tekan, aku
banjur langsung siap-siap turu. Nanging nalika aku
arep turu tiba-tiba ana suara gedoran lawang sing
kenceng banget, sampe bikin jantungku mau copot.

Banjur aku mbranike diri kanggo ngintip saka


jendela, aku ndelok ana lanang nganggo jaket item,
badane dhuwur, lan gedhe, Sayange raine ora ketok.
Sing bikin jantungku tambah mau copot, aku ndelok
lanang iku nggawa pisau tajem sing disembunyike ing
kantong jakete.

Ndelok lanang kuwi aku otomatis langsung


ngiling-ngiling sapa wae sing ora seneng, lan duwe
dendem marang aku. Banjur aku inget, yen dulu nalika

76
aku umur pitu taun aku pernah melu-melu
kanca-kancaku ngebully Dani bocah cupu sing gendut,
cendek, jerawaten lan ora pernah duwe kanca amarga
akeh sing ngomong dheweke iku bocah sing wis
mbunuh ibune dewe. Kelingan iku aku langsung
tambah wedi lan nelpon polisi kanggo nyritakake
kedadeyan sing lagi tak alami. Ora perlu wektu suwe
polisi langsung tekan lan untunge aku isih selamet.
kaluwargaku juga langsung teka nyamperi aku, lan
mastike keadaanku ora papa.

"Sit… iki cuma saran ibu, sebaike sesok kowe


lunga ing omahe, lan langsung njaluk ngapura marang
Dani, supaya perkara iki cepet mandheg, lan atimu
juga bisa tenang." Ibu kandha.

"Ya Bu." Kataku amarga senajan aku wong sing


wedinan nanging, yen aku ora pernah ngadhepi, aku
ngerti perkara iki ora bakal mandeg.

Sesuke aku lan kaluwargaku langsung


menyang omahe kanggo ngobrol-ngobrol marang
kaluwarga. Nanging sing aku temui cuman Dani,
ternyata dheweke tinggal dhewekan selama iki.

77
"Ngopo kowe kabeh ing omahku?" Takon Dani
marang aku lan ibuku."

"Dani… Tante.. ibune Siti, Siti mau njaluk


ngapura marang Dani, ibu arep ndidik Siti supaya ora
ngulangi kesalahane maneh, ngarepe ibu Dani lan Siti
juga bisa damai." Ujare ibu.

"Iya Dan, aku njaluk ngapura marang Kowe


amarga aku pernah melu-melu ngebully kowe wektu
isih cilik, aku nyesel banget, aku janji ora bakal
ngulangi kesalahan sing padha meneh." Omongane
Siti.

"Ya… aku njaluk ngapura juga. Nanging aku wis


ora urusan marang sapa wae saiki. Dudu urusanku
yen kowe arep ngelakuke kesalahan sing sama
meneh. Esuk wingi bapaku meninggal amarga lara
jantung, dadi aku ora sadar menyang omahmu kanggo
ngelampiaske emosiku amarga kelingan omonganmu
wektu isih cilik.” Wangsulane Dani

"..... Ibu, lan Siti turut bela sungkawa kanggo


bapakmu Dan, nanging yen kowe duwe niat mateni

78
ato ngelampiaske emosimu marang wong liya iku
tetep salah nak. Ibu ora bakal nglanjutke perkara iki,
amarga arepe ibu lan Siti murni arep damai marang
Dani. Ibu ngerti Siti juga duwe salah marang Dani.
Apa meneh sawise ngalami kedadean sing kaya
mangkono, kowe kudu tegar nak uripmu isih dawa,
isih akeh sing kudu kowe lakuke ing donya iki, jalani
uripmu lan dadi manfaat kanggo wong liya, aja duwe
dendem marang sapa wae, yen mangkono atimu ora
bisa damai, rajin donga lan njaluk ngapura marang
Gusti supaya kowe bisa ngerelake bapakmu, lan atimu
bisa damai, lan kowe bisa duwe Urip sing bahagia.
Yen kowe arep butuh apa wae telpon ibu, ibu bakal
nyoba bantu semampune.

"Yen mangkono ibu lan Siti balik sek ya, iki ana
roti, lan iwak goreng kanggo mangan." Wangsulane
ibu.

Pungkasane Siti dan kaluwargane damai


marang Dani, lan ndalani uripe dhewe-dhewe.

79
AKU ISA GITAAR!!

Dening Joel Kristanto Rahardjo

Sawijining dina ana wong sing jenenge Yanto,


dheweke kuwi arep mulih menyang omahe dhewe
sawise dolan karo kanca kancane. Ing sawijining dina
Yanto lagi mlaku, ujug-ujug Yanto krungu lagu sing
nyenengke atine banget.

"Swara apa kuwi? Swarane kok apikmen? Tak


tilikane ahhh." Kandha Yanto.

Yanto tekan menyang ujung dalane, dheweke


ndelok ana wong sing dolanan gitar sing disebut
“Maestro al dente”, lagune kuwi cakep lan apik banget
sing dolanan gitare tekan dhewe gumun, sampe
dhewe ngomong ngene,

“Yowis, mulai saiki aku arep tuku gitar lan sinau


alat musik ben aku pinter kaya dhewe.” omongane ing
jero ati. Nalika banjur bali menyang omahe dhewe.

Wiwit iku dhewe nabung kanggo tuku gitar lan

80
wiwit golek kerja saka jasa nindakake tugas
kanca-kancane, uga kerja sampingan jaga warung
cedhak omahe dheweke pas preinan.

Sanadyan wiwitane angel amarga Yanto


nyambut gawe dadi dinas, ora kerja karo kantor liyane
lan kerja sampingan, akhire dheweke bisa tuku gitar.
Dheweke kuwi seneng banget entuk gitar sakwise
ngirit kabeh, nanging Yanto nemu masalah, dheweke
ora ngerti dolanan gitar lan kanca-kancane nanging
ora ana sing duwe gitar lan alat musik liyane.

“Iki aku wis tuku gitare, tapi kepriye cara


dolanane ya?” Kandhane Yanto.

Dhewe kang pisanan nyoba-nyoba nyurung


senar e lan genjrengi gitare. Tapi Yanto isih bingung
kepriye dolanan gitare ben isa dadi kaya wong sing
dheweke senengane nonton ing pinggir dalan, Yanto
terus berusaha nganti kesel banget.

“Jariku kemeng banget, sesok lanjut meneh


wis, moso aku tuku gitar kanggo dipajang wae.” Gitare
ditaro banuir dheweke turu amarga Yanto sesok

81
sekolah.

Yanto terus latihan gitar dhewekan saben dina,


Yanto uga kerep njaluk guru senine ajar dasare, Yanto
nyoba dadi hobi gitar. Wis pirang-pirang wulan Yanto
wis kesel karo gitare amarga dheweke ora nemu
kemajuan, dheweke mulai nyerah.

“Ahhh apa salah, ora isa terus dolanan gitar


sawise latihan pirang-pirang wulan, lan aku ora ana
sing bisa ngajar aku kanthi serius amarga guru seniku
ora fokus ing musik, mung bisa ngajar dasare wae."
Omonge dheweke.

Yanto wiwit nyerah dolanan gitare lan wiwit


panginten kanggo ninggalke gitare lan mikir kanggo
ngedol gitare. Nanging ing sawijining dina nalika
sekolah, Yanto manggil kanca-kancane, sing krungu
mbah dheweke wiwit nyerah dolan gitar.

“O, Yanto, kok kowe wis siyap pasrah kaya


ngono?” Kandha mbahe.

Yantone crita ngapa dheweke ngrasa pasrah

82
wiwit kaget ana ngajari dheweke marang wong liya.

"Nek ngono jare tho, kan kowe isa golek


internet carane dolanan musik."

Yantone wangsuli, “Kepriye nggoleki e? Aku ora


ngerti sapa wae sing pinter main gitare."

“Ahhh gampang nek kuwi, goleki mengko kowe


ora bakal ngrewangi ing kene.” Wangsulane kancane.

Sawise nemokake video kasebut, Yantone


seneng banget nemokake video kasebut. Banjur
Yanto nindak menyang omahe lan nyoba sarane
kanca-kancane, akhire dheweke golek dalan latihan
lan latihan liwat internet lan miwiti ngirim video
pangembangan gitar ing media sosial kanggo e
dheweke kang kenangan. Sawise pirang-pirang dina
minggu wis mulai nyanyi lagu lan Yanto wiwit dadi
populer ing internet, kanthi jeneng videone dhewe.

Sawise umur Yanto, dadi wis pinter main gitar


lan wis dadi sensasi lokal, lan dhewe wis nggawe
tembang sing keren banget nganti diundang,

83
dheweke diarani "Yanto de Mestro" amarga lagu
Dhewe iku. terinspirasi saka wong sing dolanan gitar
lan dalan kuwi.

Ing sawijining dina, Yanto lagi main gitar ing


panggung, dheweke wis sampe klimaks lagune.
Dhewe meh genjreng nanging dumadakan sesuatu
kedaden.

“Towellll” Senar e ana sing copot.

Banjur Yanto wedi yen ki piye bakal klimaks,


nanging nalika dheweke weruh raine penonton sing
nonton, wong-wonge ngenteni kabeh Amarga
ngomong yen tali e bakal putus.

“Puji Tuhan pada seneng mbek ending lagune


ngene.” Kandhane Yanto.

Pungkasane aku nonton dadi luwih seneng


yen bali nguri-uri omahe saben klan prastawa kuwi.

84
FUTSAL ANZUHAA LAN MIO

Dening Juan Vincent

Ing dina sing cerah ana loro bocah lanang sing


senenge dolan futsal ing ngarep omahe pak RT. Nama
loro bocah kuwi yaiku Anzuhaa lan Mio. Loro bocah
kuwi emang wit esuk nganti sore seneng dolan futsal
teros. Esuk-esuk Anzuhaa lan Mio mesti mangkat
sekolah barengan, ing sekolah wae Anzuhaa lan Mio
mesti dapet biji elek ing kabeh wulangan. Nanging
guru olahraga ne karo Anzuhaa lan Mio Amarga
Anzuhaa lan Mio iso Juara siji saben lomba futsal.
Nanging pas SMP Mio ganti sekolah Amarga wong
tuwa Mio ngalih kerja. Dadine Anzuhaa krasa
kesepian nalika dolan futsal amarga ora ana Mio. Saiki
Anzuhaa dolan futsal karo tim anyare tanpa Mio
nanging Mio saiki dolan futsal karo tim anyare tanpa
Anzuhaa. Anzuhaa lan Mio wis ora setim meneh
nanging Anzuhaa lan Mio terus latihan tekan isa juara
siji ing Jawa Tengah. Guru olahragane Anzuhaa
ngandhani Anzuhaa yen ana turnamen futsal ing

85
lapangan sekolah sesok tanggal pitulas Agustus.
Amarga babagan kuwi Anzuhaa makin semangat
kanggo menangke juara siji Kota Semarang. Anzuhaa
banjur latihan terus kanthi isa menang turnamen kota
Semarang. senajan Anzuhaa karo Mio adoh, tetep
sering komunikasi lewat hp. Gurune Mio ngandhani
Mio ana turnamen futsal Jawa Tengah, banjur Mio
ngandhani Anzuhaa ana turnamen Jawa Tengah.
Amarga kuwi Anzuhaa banjur wis ngerti dheweke
bakal nemoni Mio meneh ing turnamen Jawa Tengah
dadi Anzuhaa makin seneng lan semangat. Ora ngerti
yen tanggal 17 Agustus ing sekolah Anzuhaa
dianakake turnamen futsal.

Ana 16 sekolahan liyane sing dolan ing


turnamen e nanging Anzuhaa makin semangat
amarga Anzuhaa wis ngalahake 2 tim. Anzuhaa
pungkasane wis masuk ing perempat final nanging
Anzuhaa ketok nambah semangat. Mio uga wis mlebu
ing perempat final tapi Mio ketok kaya nyembunyiake
sesuatu. Dumadakan turnamen iki mandheg amarga
ana sawetara alangan. Banjur turnamen iki
dumadakan mandheg dadi padha kuciwa banget lan
86
ana sing nesu. Pungkasane ora ana sing menang lan
kabeh padha mulih. Nanging Anzuhaa ketemu Mio lan
takon babagan turnamene sing bubar.

Banjur Mio ngomong “Mboh kuwi aku ora ngerti


opo-opo”.

Banjur Anzuhaa mulai curiga karo mio amarga


turnamene ana ing sekolahan Mio nanging mio
ngomong yen Mio ora ngerti padahal mio nggawe
turnamen. Anzuhaa ora bali ing omah tapi dheweke
muter-muteri sekolahane Mio nganggo nyari tau kok
turnamene di batalke. Sekolahane Mio kuwi ana 5
lantai lan 1 lantai kuwi gedhe banget. Anzuhaa wae
wis kesel golek apa sebab turnamene dibatalke
amarga saben lantai gedhe tenan. Nanging pas
Anzuhaa ing lantai 4 dheweke ngrungokake swarane
Mio ngomong karo kepala sekolah babagan turnamen
futsal e.

Banjur Anzuhaa ngintip ing jendela kelas e lan


Anzuhaa kaget banget jalari kepala sekolah e kuwi
87
dudu wong biasa soale kepala sekolah e mung duwe
sirah wae nduwe awak nanging Mio ngomong karo
kepala sekolahe biasa wae. Anzuhaa Banjur langsung
bengok-bengok banter banget dadine wong sekitar
sekolah ngrungokake lan ngewangi Anzuhaa sing wis
ditangkep kepala sekolahe. Mio ora isa ngewangi
soale dheweke dikendaliake kepala sekolahe. Banjur
Anzuhaa wis selamat lan kepala sekolahe wis mati
dipateni Anzuhaa banjur Mio sadar pas kepala
sekolahe mati. Anzuhaa lan Mio sempet crita-crita sitik
babagan kepala sekolah sing isa hipnotis kabeh wong
sing sekolah ing kono dadine Anzuhaa lan Mio
bingung sak bingung-bingunge. Anzuhaa lan Mio wis
tekan ing omah banjur Anzuhaa lan Mio mangan lan
istirahat. Sesoke kabar ing TV ngomong yen sekolah
ing tengah kutha ilang kabeh kalebu bangunan lan
guru. Pungkasane Anzuhaa lan Mio sekolah barengan
meneh nanging Anzuhaa lan Mio wis siji tim futsal
meneh ing sekolahane Anzuhaa. Anzuhaa lan Mio
pungkasane mlebu ing TV kanggo menang papat
turnamen futsal. Nanging Mio kadangkala ngrasakake
gangguan saka sing ora katon.

88
"APA KOWE NYAWANG LANGIT
NALIKA SRENGEGE SURUP?”

Dening Kezia Concetta

Gita iku ketua OSIS ing sekolahe. Dheweke


dadi murid kang ditresnani akeh wong. Saliyane duwe
watak sing grapyak lan sumeh, dheweke uga peduli
karo wong liya.

Amarga bab kuwi, Gita kerep nahan karepe


dhewe kanggo kepentingane wong liya. Kaya kang
kedadeyan wingi, OSIS lagi nganakake rapat kanggo
ngrembug masalah sekolah sing diajukake
murid-murid.

“Dhuh Kak Gita, dokumen sing iki piye ya angel


tenan Ashel ora paham.” Sekretaris ngomong.

“Iki tak waca dhisik, mengko tak cek. Matur


nuwun ya!” Wangsulane Gita.

89
Anggota OSIS liyane uga njaluk tulung marang
Gita, nanging Gita kandha gelem-gelem wae
sanadyan lagi repot.

“Kanca-kanca, editan video wingi mau wis


rampung durung? Aku arep bali kelas dhisik amarga
kudu njupuk ujian basa Jawa.” kandhane Maha.

“Ora apa-apa, mengko tak garape, balia


kelasmu wae.” Kabeh meneng-menengan lan Gita
ngomong kanthi swara lirih.

Ing rapat, Gita gojag-gajeg njaluk tulung


marang wakil ketua jenenge Oniel nanging wedi
ngganggu dheweke. Banjur pungkasane takon lan
ditulungi sawise Oniel rampung tugase.

Ing wektu istirahat, Gita tumuju ruang guru


amarga ana wara-wara kanggo OSIS babagan lomba
pitulasan. Para guru ngalem marang semangate Gita
anggone nindakake tugas. Sawise sekolah, Gita
kepengin ngomong babagan iki karo Oniel nanging
Oniel luwih dhisik njaluk bantuan kanggo mulang
matematika. Pungkasane Gita ora dadi ngomong

90
babagan iki.

Sewengi Gita mikir cara kanggo ngandharake


wara-wara iki. Gita arep mikir ide utawa langsung
nggarap tugas amarga dheweke ngerti OSIS lagi sibuk
nyiapake perkara liyane.

“Kok ora kandha Git, yen ana wara-wara saka


bu guru babagan ngurusi lomba pitulasan. Bu guru wis
nagih hasil rapat loh.” Esuk-esuk Oniel marani Gita lan
ngomong.

Gita njaluk ngapura banjur wara-wara ing grup


WhatsApp OSIS babagan pitulasan kasebut. Nanging
wis seminggu ora ana wangsulan babar pisan.

Gita sedhih lan wiwit ngrasa yen dheweke


mung digunakake dening kanca-kancane.

"Kabeh wong tetep ngendelake aku, banjur aku


kudu gumantung marang sapa?" Gita ngomong ing
njero ati.

Untunge Oniel ngrumangsani lan langsung

91
ngumpulake anggota OSIS kanggo rapat kanggo
ngrembug persiapan acara lomba pitulasan. Rapat
kasebut lumaku kanthi lancar amarga padha gotong
royong nyambut gawe lan tukar pikiran. Rampung
rapat, Oniel menehi pesen marang anggota liyane
supaya ora meneng nalika ana pengumuman ing grup
WhatsApp, kabeh padha njaluk ngapura amarga lali
tugas minangka anggota OSIS.

Wis sore, Gita lan Oniel mulih saka sekolah.


Kabeneran dalan omahe padha. Oniel wiwit ngomong
karo Gita. Oniel menehi pesen marang Gita lan takon
menawa dheweke ora apa-apa. Wiwitane Gita ngapusi
yen dheweke ora duwe masalah amarga dheweke ora
pengin gawe kuwatir wong-wong ing kiwa tengene.
Nanging dumadakan dheweke nangis lan ngomong
yen dheweke ora wani ngomong amarga wedi yen
salah.

"Satemene aku uga duwe masalah kulawarga,


nanging aku ora pengin digawa menyang sekolah,
dadi yen aku nindakake kabeh kanthi apik, kabeh
bakal apik." Kandhane Gita.

92
"Ora apa-apa Git, aja kabeh disimpen ing atimu,
Gita duwe aku sing bisa diajak ngomong kaya dina
iki." Oniel mangsuli omongane.

“Lha kepriye, dhuwit ki lho gawe bapak ibu


tukaran. Gita wis capek ngrungokake debat lan
nggawa-gawa masalah anake!” Gita ngomong lan
emosi.

“Aku ngerti Git, duwe akeh dhuwit utawa sitik


dhuwit tetep dadi masalah. Apike kowe fokus sekolah
wae, masalah omah ora perlu dipikire terus. Aja
nyalahke kahanan wae, kabeh wong duwe masalah.
Nanging Gita kudu njaluk tulung wong liya lan aja
ditanggung dewe ya!” ujar Oniel.

Ora krasa wayah awan wis surup. Gita lega


banget amarga pungkasane ana wayahe dheweke
bisa seneng nalika mulih, amarga ing dina-dina
sadurunge dheweke tansah mikir babagan akeh
perkara ing uripe nalika mlaku mulih.

"Mesem iku penting, Git, nanging palsu apa


gunane. Coba luwih ngajeni awake dhewe, ora pengin

93
dimanfaatake, nanging kowe ngalami masalah." Oniel
kandha.

“Ya bener Niel, delengen sekar dandelion ing


jejere sikilku, malah sekar dandelion bisa mekar ing
papan iki. Aku rumangsa wis diajari arti lan tekad sing
kuat kanggo urip." Wangsulane Gita.

Sawise mlaku adoh lan omong-omongan,


padha mandheg sedhela nyawang langite surup.
Wektu terus mlaku lan srengenge sore surup
enggal-enggal diganti wengi sing bakal bola-bali ing
dina esoke.

“Senajan urip ana sing susah, kok luwih


seneng, amarga bungah lan susah kabeh sing ana ing
donya iki ana porsine dhewe-dhewe kanggo ngajari
awake dhewe dadi wong, mula apa sing arep kita
lakoni ing donya iki?” Oniel ngomong lan dina wis
rampung.

Ujug-ujug keprungu swarane wong liya ing


sandhinge Gita lan Oniel.

94
“Eh, lembar tugas biologi wis rampung durung?
Aku arep nyilih.” kandhane bocah SMA rambut dawa
sing ngadeg ing pinggir dalan, jenenge Helisma.

“Oh, kowe bingung merga ora ngerti, sing endi?


ayo tak ajar,” omonge murid SMA liyane sing rambute
cendhek, jenenge Vivi.

“Ora usah, ndang didelok sedhela, utawa aku


foto neng kene.” Helisma ngomong.

Banjur Oniel lan Gita weruh yen Vivi katon


murung lan ora gelem menehi, nanging Helisma kaya
meksa amarga Vivi katon ora kepenak.

"Woi, aja nyontek kowe, nyoba sethithik, kowe


wis pengin dibantu diajari supaya ngerti." Kandhane
Oniel langsung nyetop.

Sawise kuwi Helisma rumangsa isin lan


langsung mlayu tanpa njaluk ngapura.

"Matur nuwun ya, sejatine aku ora pengin


menehi wangsulan tugas. nanging aku wedi yen dikira

95
pelit wangsulan lan diremehake kanca liyane. Dadi ora
gelem nambahi masalah" ujare Vivi.

Oniel ora lali menehi nasehat lan Vivi ngucap


matur nuwun banjur kondur. Pungkasane Gita eling
yen kedadean iku mujudake bayangane awake
dhewe, dadi Gita janji marang awake dhewe bakal
luwih apik lan percaya marang kanca-kancane,
ngilangake rasa frustasi supaya wong liya ora seneng
karo dheweke. Dheweke uga sinau yen sesambungan
karo manungsa bisa dadi masalah, nanging kita ora
bisa urip dhewe amarga sejatine manungsa iku ringkih
lan kudu urip tulung-tinulung.

96
TAKDIR TRESNA SEJATI

Dening Sierafin Nataela Sugito

Ing sawijining dina ana bocah wadon jenenge


Lovelyn, dheweke cukup populer ing sekolahe amarga
dheweke apikan lan grapyak. Lovelyn duwe kanca
lanang sing nembe ketemu liwat aplikasi Instagram
sak chatting sing padha wis tau ketemu ing wong
nalika sawetara dina mengko Lovelyn temen maujud
sing cah lanang iku ing sekolah padha Lovelyn lan
sing lanang dijenengi Austin.

Saka kadohan Lovelyn kandha, “Austin iku cah


sing diidam-idamake kabeh wong wadon?”

Kanca-kancane padha jengkel amarga Lovelyn


sing tansah mandeng marang Austin kandha,
“Lovelyn, mripatmu wis lara” amarga Austin iku.

97
Rame banget karo baskete dadi ora ana wektu
kanggo ngobrol bareng. Austin minangka wong sing
tertutup lan misterius saengga Lovelyn dadi
penasaran banget babagan urip saben dinane Austin.
Dheweke tansah ngobrol saben dina nganti wengi lan
dadi cedhak banget.

Lovelyn kandha marang kanca-kancane carane


cedhak karo Austin "Wong lanang kok aku jengkel
banget amarga ngetik kaya wong." Kancane
ngomong.

"Austin pancen nggantheng nanging sing ati-ati


iku baya, sampeyan seneng ngobrol karo wong wadon
liyane" Lovelyn sing krungu iki rada kuwatir nanging
uga ora peduli.

Esuke

"Hai Austin, apa kowe pengin kita menyang


mall bebarengan?" takon Lovelyn banjur karo ati wedi
yen dumadakan ditolak.

98
Austin mangsuli "Ora apa-apa."

Lovelyn, sing krungu jawaban Austin, seneng


banget yen dheweke lunga menyang mall kabeh dina
lan nggawe kenangan kanggo wong loro.

Wis pirang-pirang wulan luwih akrab nanging


tetep ora duwe status hubungan amarga mung kanca,
Austin mesthi duwe hak cedhak karo sapa wae. Austin
wis akeh pembuangan ing sekolah, utamané
bocah-bocah wadon lan akeh sing ngakoni Austin
liwat chatting nanging Austin arang nanggapi kanggo
wong-wong mau. Lovelyn rumangsa begja dadi
cedhak karo Austin sawise ngerti iki.

Nanging ing sawijining dina Austin ujug-ujug


ngomong "Kaya Lovelyn kita wis ora bisa bebarengan
maneh amarga aku duwe urusan liyane."

Lovelyn sing krungu iki langsung atine


deg-degan nanging isih katon kuwat saka njaba
Lovelyn karo pasuryan sedih njawab.

99
"Ya wis. Oke fokus wae karo gawean mu
dhisik.“ pas Lovelyn tekan ngomah dheweke nangis
lan ngarep-arep supaya ora kelakon nanging nyatane.

Esuke Lovelyn ngrasa yen dinane wis beda


kaya biyen tanpa Austin saiki dheweke tambah adhem
lan saiki awake dhewe uga wis ngobrol. Esuke, Austin
mung menehi kabar yen dheweke bakal sinau ing luar
negeri suwene 3 taun, Lovelyn sing krungu iki
langsung saya tambah sedih amarga ora bakal bisa
ketemu maneh.

Uwis tiga tahun Lovelyn sing saiki dadi artis top


sukses, bareng krungu yen kanca lawase Austin wis
bali menyang Indonesia, dheweke seneng banget
amarga saiki Austin uga duwe pacar anyar saka luar
negeri. Lovelyn seneng banget amarga ketemu Austin
lan bisa ketemu maneh. Pandangan Austin marang
Lovelyn isih padha wektu iku Austin kepengin ngobrol
karo Lovelyn ing taman hiburan.

Austin kandha ing kono, “Lovelyn, sejatine aku


isih cinta karo kowe senajan aku wis duwe pacar,

100
nanging aku wis 3 taun kepungkur tansah kepikiran
karo kowe.”

Lovelyn sing krungu kuwi, kaget karo


omongane Austin. Lovelyn isih bingung arep mangsuli
apa amarga dumadakan nanging pungkasane Lovelyn
nampa Austin lan nalika umur 25 taun padha nikah
kanthi seneng lan tentrem.

101
MLEBU SEKOLAH SMA

Dening Tjioe, Angelina Christiani

Sawise preinan sekolah suwe, sesuk wayahe


mlebu sekolah golek ilmu kanggo sangu mbesuk
gedhe. Ati iki gugup amarga sesuk wis mlebu sekolah.
Aku ketampa ing SMA kang tak pengeni kang
panggonane ana ing kutha gedhe. Aku wis ora sabar
bakal ketemu kanca anyar, guru anyar, lan
pengalaman anyar. Bapak lan Ibu uga menehi
wejangan supaya isa sekolah tenanan, pinter, lan isa
gawe seneng wong tuwa.

Ora lali aku uga dikandhani yen sekolah ing


kutha kudu isa jaga awak saka pasrawuhan kang ora
becik, kudu taat agama! Ora krasa dina kang ditunggu
tiba. Tepate dina senin aku di terke bapak menyang
sekolah gawe seragam anyar lengkap. Aku diterke
sampe gerbang ngarep sekolahan terus pamitan lan
bapakku mulih.

Bapakku matur. “Yen wes jam mulih sekolah

102
kabari ya le, mengko tak papak” “Enggeh Pak!!”,
jawabku.

Aku mulai mlebu sekolah menyang lapangan


kang wis ono akeh bocah anyar baris. Dina iki ana
kegiatan sing diarani “MOS”. Jadi para siswa anyar
bakal dikenalke karo lingkungan sekolah sing suwene
3 dina. Acara MOS iku dimulai pembukaan upacara
bendera, wejangan saka bapak kepala sekolah,
perkenalan lingkungan lan liya-liyane. Aku seneng
banget duweni kesempatan isa sekolah SMA ing
kutho.

Sawise kegiatan MOS, aku ketemu akeh kanca


lan tukaran informasi karo tanya tanya. Aku kenalan
karo Agus, Bimo, Ayu, lan Nita. Dheweke pancen
apikan karo aku lan duwe kapribaden sing beda. Aku
uga matur nuwun amarga ana sing pengin kekancan
karo aku.

Sawise sawetara sasi, ing sawijining dina ing


sekolah nalika kelas basa Indonesia, guru menehi
tugas kelompok lan kelompok diijini milih dhewe sing
dumadi saka 5 wong. Aku, Agus, Bimo, Ayu lan Nita
103
langsung janjian rombongan. Kita kabeh diwenehi
tugas kelompok rembukan geguritan. Seneng banget
olehe geguritan, ora sadhar yen pelajaran basa
Indonesia wis rampung lan tugas kelompok
didadekake PR ing omah lan dina Sabtu tugas
kelompok kudu rampung lan dipajang.

Jam pelajaran wis ganti lan awake dhewe arep


sinau matematika maneh. Aku ora seneng karo
pelajaran matematika iki lan ora krasa dina wis
nuduhake jam 09.30 WIB. Wektu istirahat wis teka lan
bel istirahat muni lan awake dhewe pada istirahat.

Ing njaba kelas aku ngomong karo kancaku,


“Lha yen lungguhan nang ngisor wit.”

Kancaku ngomong “Ayo ndang mrana.”

Awake dhewe mlaku menyang wit sing


rembuyung lan lungguh ngobrol ngenani tugas basa
sing diparingake guru. Aku takon marang
kanca-kancaku. Kepriye yen jam 15.00 WIB kita
ketemuan lan ngerjake tugas kelompok wonten ing
omahe Agus, lan kanca-kanca sarujuk setuju.

104
Kanca-kanca uga gelem diajak kerja kelompok lan
praktek ing awan iki.

Ora krasa jam wis tekan, awake dhewe bubar


lan mlebu kelas maneh lan sinau maneh lan wis awan
aku mulih lan aku siap-siap nglebokake buku sing ana
ing meja ing tas.

Sore-sore, nalika aku ketemu ing omahe Agus


lan ngrembug tugas kelompok, Nita ora teka, dheweke
uga ora ngandhani yen dheweke ora bisa melu diskusi
kelompok. Akhire awake dhewe arep nelpon Nita.
Malah nalika dheweke nelpon, dheweke ora nanggapi.
Akhire kita rembugan tanpa Nita.

Dina esuke, Nita teka sekolah. Aku, Agus,


Bimo, lan Ayu langsung takon, kok wingi ora diomongi
kok ora teko ora ngangkat telpon.

Nita raine ora peduli lan mikir wingi lali yen ana
kerja kelompok lan keturon ing omah.

Isih nampa alesan kasebut. Banjur ing wayah


sore, kita mutusake kanggo ngrembug tugas maneh

105
ing kelas. Nanging nalika rembugan, Nita ora nulungi
malah dolanan HP dhewe. Awake dhewe rumangsa
nesu banget amarga kabeh anggota kudu kerja.
Banjur sesuke teka ing ruang guru lan matur marang
guru basa Indonesia yen Nita ora melu diskusi
kelompok malah ora tau nulungi. Banjur dina liwat lan
dina Setu. Kerja kelompok wis rampung lan dhewekw
seneng banget entuk biji sing apik. Sauntara kuwi, Nita
ora entuk skor lan getun.

Aku berjanji karo awakku dhewe yen ing


sekolah iki bakale aku isa luwih berprestasi, sregep
lan isa nyenengake wong tuwaku loro karone.

106
107

Anda mungkin juga menyukai