Anda di halaman 1dari 8

BAHAN AJAR

A. Identitas
Nama Penyusun : Melinda Dyah Utami, S.Pd.
Satuan Pendidikan : SMA Negeri 1 Rembang Purbalingga
Mata Pelajaran : Bahasa Jawa
Fase : F
Jenjang / Kelas : SMA / XI
Tahun Pelajaran : 2023 / 2024
Alokasi Waktu : 2 JP (2 X 45 menit/ 1 Pertemuan)
Konten / Topik : Pariwara (Iklan Abasa Jawa)

B. Capaian Pembelajaran
Elemen menulis: Murid mampu menulis teks nonsastra berupa iklan (pariwara,
broadcast) untuk berbagai tujuan secara logis, kritis dan kreatif.

C. Tujuan Pembelajaran (A-B-C-D)


Melalui model pembelajaran Problem Based Learning dengan metode tanya jawab,
diskusi, dan presentasi dengan mengembangkan kemampuan bernalar kritis, bergotong
royong, dan kreatif murid dapat:
a. mengidentifikasikan jenis dan struktur pariwara (iklan), (C1)
b. menganalisis bahasa yang digunakan dalam teks pariwara, (C4)
c. menganalisis isi pariwara cetak maupun elektronik, (C4)
d. membuat produk pariwara baik cetak maupun eletronik secara kreatif. (P5)

D. Materi
1. Faktual : Pariwara (Iklan) menggunakan bahasa Jawa.
2. Konseptual : Pengertian pariwara (iklan), ancas pariwara, jinis
pariwara, paugeran pariwara, perangan pariwara, unsur-
unsur pariwara, tatacara damel pariwara.
3. Prosedural : Mengidentifikasikan jenis dan struktur pariwara (iklan),
menganalisis bahasa yang digunakan dalam pariwara,
menganalisis isi pariwara cetak maupun elektronik,
membuat produk pariwara baik cetak maupun eletronik
secara kreatif.
4. Metakognitif : Membagikan pariwara melalui media sosial dan teman
lain untuk mengomentari pariwara yang sudah dibagikan
melalui media sosial.
5. Materi remidial : Bagi murid yang belum mencapai KKTP diberi arahan
untuk mempelajari kembali materi yang belum dikuasai
dengan bimbingan guru, kemudian mengikuti remidial.
6. Materi pengayaan : Murid membandingkan iklan yang berasal dari berbagai
macam media iklan.
E. Peta Konsep
F. Materi
1. Tegese Pariwara
Pariwara neng basa padinan, diarani “tawa”. Menawa neng Bahasa Indonesia, diarani
“iklan”. Pariwara yaiku sawijining sarana komunikasi kang digawe kanggo wong
akeh/ masyarakat, kanthi ancas (tujuan) tartamtu, kayata kanggo narik kawigatenan
wong kanggo tetuku, menehi ngerti, ngandhani, lan ngajak-ajak.
2. Kagunan Pariwara
Kagunan (fungsi) pariwara kang baku yaiku kanggo menehi ngerti masyarakat
babagan sawijining informasi nanging uga ngemu surasa ajak-ajak (persuasif).
Pariwara uga duwe kagunan kang mligi gumantung marang jinise pariwara. Saben
jinise pariwara duwe kagunan kang mligi (fungsi spesifik) kayata:
a. Kagunan Pemasaran  iklan niaga/ dodolan
b. Kagunan Komunikasi  iklan pengumuman, penerangan
c. Kagunan Pendidikan  iklan pendidikan
d. Kagunan Sosial  iklan layanan masyarakat
Jlentrehan (penjelasan) kanthi jangkep ngengingi jinis pariwara wonten ing papan
ngandhap menika.
a. Kagunan Pemasaran
Kagunan iki gegayutan karo kagunan pariwara kanggo dodolan (niaga), yaiku
menehi informasi babagan barang utawa jasa kang ditawakake saka produsen
marang konsumen, kanthi ancas:
1) ngenalake produk (anyar) marang masarakat/ konsumen,
2) njelasake nedane produk sing dipasarake karo produk liyane,
3) supaya produk luwih dikenal dening masarakat, tinimbang produk liyane
kang ora ditawakake,
4) Mbangun rasa tresna lan percaya antarane produk sing dikenalake lan calon
konsumen.

Tuladha pariwara kang nduweni kagunan pemasaran


b. Kagunan Komunikasi
Kagunan komunikasi sajrone pariwara, yaiku sawijining pariwara dadi sarana/
alat komunikasi antarane wong kang gawe pariwara lan wong kang maca utawa
ngrungokake pariwara.
Tuladhane: ana pariwara ing koran kang isine ngaturaken bela sungkawa awit
ana kulawrga utawa tetpungan kang seda. Rasa bela sungkawa diaturake marang
kulawarga nawung sungkawa lumantar koran, iki kang disebut sarana
komunikasi.

Katrangan gambar: Pemerintah Desa Trirenggo ngaturaken bela sungkawa awit


sedanipun Ki Seno Nugraha lumantar gambar kang kaunggah ing website.

c. Kagunan Pendidikan
Kagunan pendidikan sajrone pariwara, yaiku sawijining pariwara bisa kanggo
menehi informasi, kabar, lan kawruh (pengetahuan) marang masarakat.
Tuladhane: pariwara kang digawe dening lembaga-lembaga pemerintah kang
isine nerangake program-program kang wigati/ penting dingerteni dening
masyarakat.
Katrangan gambar: Lembaga GERMAS ngandharake babagan virus corona.

d. Kagunan Sosial
Kagunan sosial yaiku pariwara kanggo njaga kepentingan sosial, kayata menehi
himbauan lan pangeling-eling marang masyarakat.
Tuladhane:
- Pariwara ajakan njaga resike lingkungan
- Pariwara ajakan gotong royong
- Pariwara ajakan tumindak kabecikan, lsp

3. Jinise Pariwara
a. Jinis pariwara miturut wujude
Jinis-jinis pariwara adhedhasar wujude, yaiku:
1) Pariwara awujud suara: Iklan Audio
Tuladha: iklan radio, iklan nganggo toa
2) Pariwara tinulis utawa gambar: Iklan Visual
Tuladha: iklan awujud poster, spanduk, utawa iklan ing koran
3) Pariwara suara lan gambar: Iklan Audio Visual
Tuladha: iklan awujud video kang disiyarake ing TV, kanal youtube utawa
sosial media liyane
b. Jinis pariwara miturut isine/ maksude, kayata pariwara komersil (niaga), pariwara
pendidikan, pariwara sosial, pariwara politik.
- Pariwara komersil (niaga) - Pariwara Pendidikan

- Pariwara Sosial - Pariwara Politik

c. Jinis pariwara miturut media kanggo nyebarake iklan kaperang dadi 2, yaiku:
1) Iklan cithak (cetak), tuladhane: ariwarti (koran), kalawarti (majalah), pamflet,
baliho, lsp.
2) Iklan elektronik, tuladhane: ikan kang disiarake lumantar raddhio, TV,
internet (kanal youtube).
4. Struktur Kebahasaan Pariwara
 Basa Ing Pariwara
a. Basa ing pariwara iku cekak aos, cetha, lan terwaca. Uga migunakake
tembung kang bisa dingerteni dening masarakat umum/ sasaran pariwara
(komunikatif).
b. Pariwara kalebu salah sijine kabar utawa wara-wara kanthi tujuan wong
kang ngrungokake utawa maca dadi kepencut marang produk kang
ditawakake, mula basa lan tulisane digawe supaya bisa narik kawigaten.
c. Pariwara kang becik iku kang isine nyata, ora ngapusi, lan bener; jumbuh
karo kasunyatan.
Kanthi ringkes basa ing pariwara iku kudu:
a. cekak aos/ lugas basane,
b. gampang dingerteni lan gampang ditampa isine (komunikatif),
c. nyenengake/ narik kawigaten,
d. isine nyata, ora ngapusi, lan objektif,
e. sipate ngajak-ajak (persuasif).

 Surasa/ Isi Pariwara


Isining pariwara kudu ngandhut pirang-pirang syarat ana ing ngisor iki antarane,
yaiku:
a. Kudu objektif lan jujur
Sanajan gunane kanggo narik kawigaten para warga supaya nuku lan
nggunakake produk sing diwarakake, ananging anggone ngandharake kudu
kanthi srana sing cetha, ora perlu dilewihake lan ora perlu diandharake
babagan sing sejatine ora ana.
b. Cekak lan cetha
Iklan iku lumrahe wujude cekak nanging cetha. Cekak amarga durasi iklan
kuwi gumantung bayarane. Iklan sing sansaya suwe wektu utawa durasine,
bayarane sansaya larang. Mula para produsen kudu pinter-pintere anggone
ngatur wektu sajroning iklan.
c. Narik kawigaten
Iklan anggone nyusun kudu direkadaya supaya bisa ndudut atine para warga
marang produk sing diiklanake. Dadi anggone ngandharake kudu nganggo
strategi lan desaing sing paling apik.
d. Ora nyinggung wong liya
Sanajan iklan kuwi minangka sarana kanggo masarake barange, nanging
saingan antarane produsen siji lan sijine kudu saingan kanthi cara sing blaka
lan ora kena sikut-sikutan, ece-ecean, lan ngenyek produsen liya sing ngedol
barang sing padha karo sing arep didol.

5. Struktur/ Perangan Pariwara


Perangan kang kudu digatekake nalika gawe iklan, yaiku:
a. Headline yaiku irah-irahan (judul) utawa bagian pengenalan babagan jeneng
produk/ jasa sing ditawakake.
b. Bodycopy (awak iklan) yaiku bagian inti ngenani informasi rinci kahanan/
manfangat barang/jasa sing ditawakake. Ing bagean iki bisa diwenehi ilustrasi,
yaiku gambar/ foto utawa konsep kreatif.
c. Close, perangan pungkasan kang isine bisa diwenehi tagline/ slogan, catch
phrase, lan katrangan jeneng produsen lan babagan papan dununge produsen
kayata nomer tilpun, akun media sosial, website, email,alamat, lan liya-liyane.
6. Praktek Nulis Teks Pariwara
a. Mangerteni Pariwara kang becik
Pariwara kang becik yaiku pariwara kang nduweni:

b. Langkah-langkah nulis pariwara


1) Nemtokake jinise pariwara
- Arep gawe pariwara apa? Pariwara komersil, sosial, pendidikan,
kulawarga?
- Arep digawe wujud pariwara kang endi? Pariwara audio, visual, utawa
audio visual?
2) Nemtokake barang/ tema
- Sawise milih jinise pariwara, sabanjure pilihen APA kang arep koktulis
ing pariwara.
- Upamane pariwara komersil, arep nawakake apa (barang/ jasa)? Upamane
pariwara sosial, isine arep himbauan apa?
3) Golek ide/ informasi
Ditindakake kanthi njinggelngi (observasi) marang bab kang arep digawe
pariwara. Bisa uga kanthi neliti pariwara sing wis ana, teknik penyajiane kaya
ngapa, kepriye anggone nata, perangan endi kang kudu kaunggulake, uga
kudu golek daya pembeda.
4) Milih ide/ konsep
Sawise observasi, banjur milih perangan-perangan kang katulis ing pariwara,
ing antarane tulisan lan gambar ilustrasi. Kalebu milih layout utawa tatanan
desain.
5) Gawe slogan unik
Supaya pariwara sing bakal kagawe duwe daya pembeda lan daya tarik luwih
bisa nganggo SLOGAN. Slogan yaiku ukara ringkes lan mentes kang dadi
ciri khas lan gampang dieling-eling dening pamiyarsa.

c. Praktek Nulis Pariwara


Mangga pari siswa kalih kelompokipun piyambak-piyambak sami gladhen damel
pariwara!

Anda mungkin juga menyukai