Anda di halaman 1dari 4

Bahasa Jawa

PASINAON 3
NYUSUN TEKS
INFORMASI MANDHIRI

1
Bocah-bocah saben dina mesthi oleh
Gladhen 1: Nulis informasi saka ngendi bae. Informasi bisa
saka TV, radhio, ariwati (koran), kalawarti
Tanggapan Teks (majalah), utawa langsung saka sumbere.
Kanggo tansaya nambahi pangertenmu
Informasi bab teks informasi tindakna pakaryan iki
kanthi mandhiri

2
Tuladha
Sriwijaya Air Nyemplung Segara
Awal taun 2021 iki katengeran anane prastawa kacilakan gedhe kang ora bakal dilakekake ing
sejarah penerbangan nasional. Pesawat Sriwijaya Air SJ-182 ceblok sajroning penerbangan saka
Bandara Soekarno-Hatta (Cengkareng) menyang Bandara Supadio (Pontianak), Sabtu (9/1) watara
tabuh 14.40.
pesawat iki ngangkut penumpang 50, lan kru 12, ceblok ing Laut Jawa, ing gugusan Kepulauan
Seribu. Tim Basarnas dikuwati dening TNI wis nemokake lokasi cebloke pesawat. Sing anyar, malah tim
penyelam saka TNI AL kasil ngangkat kotak hitam kang mengkone bisa miyak apa sebabe kacilakan iki.
Engga seprene pancen wis muncul maneka teori dalah spekulasi ngenani cebloke pesawat Sriwijaya Air.
racake spekulasi mau nyebut pesawat ngadhepi masalah ing alat elevator, yakuwi piranti kanggo
ngunggahake pesawat nalika mabur. Amarga ana masalah neng elevatore. Pesawat kelangan gaya angkat
nalika mabur banter neng akasa. Amung sajroning petungan detik wae, pesawat banjur ceblok neng
samodra. Spekulasi iki lelandhesan karo cathetan komunikasi antarane menara pengawas ing Bandara
Soekarno-Hatta karo pilot Kapten Afwan.

3
Informasi kang kandharake saka teks “Sriwijaya Air Nyemplung
Segara”, yaiku:

Apa : Kacilakan peswat Sriwijaya Air


Sapa : Kru lan penumpang peswat Sriwijaya Air
Kapan : Tanggal 9 Januari 2021
Nyapa : Pesawat ngadhepi masalah ing elevatore
Kepriye : Pesawat kelangan gaya angkat nalika neng
akasa, banjur ceblok neng samodra.
Nang endi : Ing Laut Jawa, Ing Gugusan Kepulauan Seribu

Anda mungkin juga menyukai