Anda di halaman 1dari 5

Tugas

Khutbah Jum’at
Kelas XI IPS 2

Oleh :
Ahmad Rommaris – 04

SMA MUHAMMADIYAH I JOMBANG


MAKSIYAT
NEKAKAKEN MUSIBAH
‫صيَ ِة‬ِ ‫هلل الَّ ِذى اَمر نَا بِالطَّاع ِة و َنهى ع ِن اْملع‬ ِ ‫اَحْل م ُد‬.
َْ َ َ َ َ ََ َْ
َ ‫اَهَّلُ َّم‬.ُ‫َن حُمَ َّم ًدا َعْب ُدهُ َو َر ُس ْولُه‬
‫ص ِّل‬ َّ ‫ك لَهُ َواَ ْش َه ُدأ‬ َ ْ‫اَ ْش َه ُداَ ْن الَإِلهَ إِالَّاهلل َو ْح َدهُ الَ َش ِري‬
ِِ ِ
َ ‫الد يْ ِن اََّما َب ْع ُد َفيَا َم َعاشَرالْ ُم ْسلمنْي‬ ِّ ‫َص َخابِِه اِىَل َي ْوِم‬ ِِ ٍ
ْ ‫َو َسلِّ ْم َعلَى حُمَ َّمد َو َعلَى اَله َوأ‬
‫اهلل لَ َعلَّ ُك ْم ُت ْفلِ ُح ْو َن‬
ِ ‫أو ِصي ُكم و َن ْف ِسى بَِت ْقوى‬
َ َْ ْ ُ
Maasyiral Muslimin Rohimakumulloh
Ngawali khutbah meniko, monggo kito sami usaha ningkataken Iman Soho Taqwa dumateng
Alloh SWT, soho tansah syukur dumateng Alooh ingkang sampun maringi kesempatan dumateng
kito menikmati nopo ingkan dipun ciptaaken Alloh SWT wonten ing alam dunyo meniko.
Sholawat soho salam katur junjungan kito Nabi Muhammad Rasulullah SAW dalah sahabat
tabi’in soho tabi’ahum ngantos dinten qiyamat

Kaum Muslimin jama’ah Jum’at Rohimakumulloh


Menawi kito amati situasi lan kondisi, dene menopo sak mangkin meniko wonten pundi-pundi
kathah musibah, bala bencana ingkang menimpa umat manusia, khususipun kito ingkang wonten
Indonesia meniko?
Wonten salah satunggaling riwayat, wekdal dalu wonten dalemipun Rasulullah SAW wonten
kedadosan ingkang ngagetaken, meniko “pejahipun lampu”, ingkang dadosaken petengipun ruangan.
Ngingingi kedadosan meniko Rasulullah SAW langsung ngucapaken kalimat : “Inna lillahi wa inna
ilaihi roji’un”, mireng ucapan Rosululloh meniko, salah satunggali istrinipun Rosululloh wonten
ingkang ngendikan utawi tanglet dumateng Rosululloh :”Ya Rosululloh nopotoh kedadosan
petengipun utawi padangipun lampu meniko ugi termasuk musibah?”
Rosululloh SAW jawab : wonten ing salah satunggaling hadits dipun riwayataken bilih
pangertosan musibah meniko :
ِ ‫مـا اَصـا ب الْم ْؤ ِمن مِم َّا ي ْکره َفهوم‬
)‫صْيبَةٌ (رواه الطرباىن‬ ُ َُ ُ َ َ َ ُ َ َ َ
“Menopo-menopo ingkang menimpa tiang mukmin ingkang boten dipun senenfi (kangge seleranipun)
meniko dipun sebat musibah “(HR. Imam Thobroni)
Menawi kito tilik wonten Al-Qur’an bilih kalimat “Musibah” Meniko jumlahipun wonten
sedoso panggenan, meniko suatu pertanda bilih “Musibah” boten saget dipun lepasaken kaliyan hidup
lan kehidupan manungso.

Kaum Muslimin jama’ah Jum’at Rohimakumulloh


Menawi kito kaji lan kito tilik secara cermat, bilih saben-saben perkawis wonten sebab lan
musababipun serto wonten latarbelakangipun, antawis wonten tigo meniko:
1. Akibat kekeliruan lan kebrutalan umat menungso. Meniko dipun nyataaken wonten Al-
Qur’an surah Ar-Rum Ayat : 41 ;
         
“Kerusakan wonten ing bumi meniko akibat ulah tangan manungso piyambak”(Ar-Rum :41)
Kedadosan kados ancuripun bangunan-bangunan gedhe kaya gedung-gedung, gempa, tsunami
lan lintunipun ngakibatno kathah manungso tilar dunyo, kedadosan penyerbuan kaum Israel lan
Yahudi dumateng warga-warga islam timur-tengah, lan nyebabno korban ribuan kang boten gadhai
dosa, soho kedadosan-kedadosan lintu ing pinten-pinten panggenan ingkang nyebabaken korban jiwa
inggih meniko, “akibat kekeliruan lan kebrutalane manungso piyambak”.

2. Akibat Hidup mewah.


Hidup mewah damel menungso supe daratan, sehinggo nuruti kehendak nafsunipun.
Ngangge falsafah “aji mumpung”, agawe sak wenang-wenang. Nopo maleh dipun perbuat kalayan
tiang ingkang gadhai kekuasaan soho jabatan, pramilo meniko saget nglahiraken diktator ala “Fir’aun”
lan “Namrud” laknatulloh, kados firman Alloh SWT wonten Al-Qur’an surat Al-Isro’ ayat : 16 :
         
    
“Lan nalikane Alloh badhe mbinasaaken suatu negeri, mongko Alloh mrintahno marang wong-
wong sing urip mewah wonten ing negeri niku (supados taat dumateng Alloh) ananging penduduk
meniko damel kefasikan, mongko penduduk negeri iku sakmestine oleh hukuman(Azab), Lan negeri
iku Alloh hancurno sak ancur-ancure”,(Al-Isro’:16)

3. Akibat Dosa lan agawe maksiat.


Dosa lan maksiat meniko merajalela wonten pundi-pundi panggenan, sahinggo
manungso terjerumus ke lembah kehancuran. Firman Alloh SWT wonten surat Al-An’am : Ayat : 6 :

٦:‫ ال انعام‬: ‫ين‬‫ر‬ِ ‫اآخ‬ً‫ن‬‫ر‬‫ق‬َ ‫م‬ ِ ‫ فَأَهلَ ْكناهم بِ ُذنُوهِبِم وأَنْشأْنَا ِمن بع ِد‬...
‫ه‬
َ َ ْ ْ َْ ْ َ َ ْ ُْ َ ْ
“Mongko Alloh binasaaken wong-wong kafir lantaran dosa-dosane lan Alloh nyiptakno
sakwise wong-wong kafir iku generasi liyane maneh”

Ma’asyirol Muslimin Rohimakumulloh.


Rosululloh SAW nate nyaritaaken wonten ing salah setunggale hadits ingkang dipun
riwayataken dining Imam Tirmidzi saking shahabat Ali, Ingkang maksudipun mekaten: wonten 15
lelampahan, menawi dipun lampahi nimbulaken bala bencana inggih meniko;
1. Bilih kekusaan dupun anggap rampasan, akibatipun berbuat semena-mena, KKN maju terus
dianggap biasa.
2. Bilih amanah meniko dipun anggap jatah kangge penguasa, akibatipun penegakan hukum sulit
dipun tegakaken, sehinggo merajalelanipun fitnah-memfitnah.
3. Bilih Zakat dianggap kerugian.
4. Bilih Suami Tunduk dumateng istri.
5. Bilih putra wanton durhaka dumateng tiyang sepuh, khususe dumateng ibu.
6. Fanatik buta, seneng membeo, inggih puniko niru-niru, tanpo nggadhani dasar.
7. Durhaka Dumateng Bapak.
8. Masjid dipun panggeni kangge pertengkaran kang padu.
9. Pemimpin boten nggadhani nurani, seneng memfitnah lan mbijuk rakyatE.
10. Wong kang dipun mulyaaken kranten dipun takuti kebodohanipun, Sehinggo arto luwih
berharga tinimbang nyawa.
11. Merajalelanipun perjudian lan minuman keras.
12. Kathahipun tiyang (Lanang) ngagem sutra.
13. Kathah biduwanita buka aurotipun soho pelacuran merajalela.
14. Merajalelanipun Filem-filem Porno.
15. Generasi anyar kang seneng mencemooh generasi shahabat, ngrendahaken generasi shahabat
lan tabi’in

Kaum Muslimin Rohimakumulloh


Sangking uraian khutbah singkat meniko, saget dipun simpulaken, bilih kedadosan
musibah meniko wonten 3 sebab:
1. Menungso salah anggenipun noto alam meniko.
2. Menungso seneng bermewah-mewah, sehinggo kirang anggunaaken hati nurani,
menghalalkan segala cara sing penting tujuanipun tercapai.
3. Akibat prilaku dosa lan maksiat pada sebagian umat menungso, sehinggo lali daratan.
Pramilo meniko monggo anggen kito ngadhepi krisis lan cobaan silih berganti ingkang
nimpa tanah air meniko, sami-sami ngoreksi diri nopo sebab lan akibat timbulipun bala bencana
meniko? Monggo kito ngedhepanaken “Hati Nurani” sembari dedungo dumateng Alloh, mugio
bongso lan negeri kito, Khususipun Umat Islam saget lepas saking krisis lan bala bencana, Amin.

‫ ونفعنى وإياکم بما فيه من ا‬،‫با ر ك هللا لى و لکم فى القران العظيم‬


‫ و تقبل منى و منىکم تال وته إنه هو السميع‬،‫ال يا ت والذکرالحکيم‬
.‫و قل رب اغفروارحم وانت خير الراحممين‬.‫العليم‬

Khutbah Kedua
‫الحمد هلل علي احسانه‪.‬واشهد ان الاله االهللا و حده ال شريك له‬
‫تعظيما لشأنه‪.‬واشهدان محمد اعبده ورسوله الد اعي الي رضوانه‪.‬‬
‫الهم صل على عبدك ورسولك محمد وعلى اله واصحا به وسلم‬
‫تسليما کثيرا‪ .‬امابعد فيا عبادهللا أوصيکم وإياي بتقوي هللا وطاعته‬
‫لعلکم ترحمون‪.‬‬
‫و قل تعا لي ان هللا و مإلکته يصلون على النبي يأيها الذين‬
‫امنواصلواعليه وسلموا تسليما‪.‬‬
‫ربناظلمنا انفسنا و ان لم تغفرلنا وترحمنالنکونن من الخاسرين‪.‬‬
‫عبادهللا ان هللا يمرکم بالعدل واألحسان وايتا اذالقربى وينهى عن‬
‫الفحشاء والمنکروالنغي يعظکم لعلكم ترحمون و اشکرواه على‬
‫نعمه يزدکم‪.‬ولذکرهللا اکبر وهللا يعلم ماتصنعون‪.‬‬

‫والسلم عليكم ورحمةهللا و بر كا ته‬

‫‪Sumber‬‬ ‫‪: Seksi PENAIS DEPAG. KAB JOMBANG‬‬


‫‪Dengan sedikit perubahan kecil.‬‬

Anda mungkin juga menyukai