Anda di halaman 1dari 2

Assalamualaikum wr.

wb

Kaping sepindah mangga kita aturaken puji syukur katur gusti ALLAH S.W.T ingkang maringi
rahmat kalian hidayahipun maring kita sedaya, saengga kita seged kempal ing dinten punika.
Inkang kula hormati Ibu Mutiah guru Bahasa Jawa lan rencang-rencang ingkang kula
banggaaken. Kula aturaken matur nuwun ingkang kathah minangka kapercayan kaliyan
kesempatan ingkang dipunparingaken dhumateng kula kagem maos pidato kanthi irah-irahan
Dampak Positif dan Dampak Negatif Situs Jejaring Sosial Bagi Pelajar

Rencang-rencang
Asring kita mirengaken tembung Jejaring Sosial ing pagesangan sedinten-dinten. Jejaring
sosial kathah dipun agem marang sedaya tiyang kalebet kita minangka pelajar. Jejaring sosial
inggih punika salah satunggaling web berbasis pelayanan ingkang saged ndadosaken tiyang
ndamel profil, ngajak / nampi rencang kagem nggabung ing situs kasebat.
Warni-warni jejaring sosial inggih punika facebook, twitter, hello lan sak panunggalanipun.
Asringipun kita ngangge jejaring sosial, mestinipun wonten unggah ungguh sae lan unggah
ungguh awon.
Unggah ungguh sae saking pangagem jejaring sosial tumrap pelajar inggih punika:
1. Ningkataken sesrawungan supados langkung sae
2. Nambahi rencang supados langkung kathah
3. Nambahi pengetahuan tumrap pelajar
Unggah ungguh awon saking pangagem jejaring sosial tumrap pelajar inggih punika:
1. Saged ngirangi prestasi pelajar
2. Mirsani video ingkang mboten prayogi dipunpirsani
3. Mboten sae kagem kasarasan amargi dangu ing ngajeng komputer utawi laptop namung
kagem dolanan jejaring sosial

Pelajar kesupen dumateng wedal


Dados kesimpulanipun, rencang-rencang minangka pelajar saged mbedaaken pundi unggah
ungguh sae kaliyan awon ingkang saged maringi paedah kagem piyambakipun.
Wasana cekap semanten atur kula, mugi-mugi punapa ingkang kula aturaken saget bermanfaat
dumateng kita sedaya.

Wassalamuallaikum Wr. Wb.

Anda mungkin juga menyukai