Anda di halaman 1dari 27

PAWARTOS NGAYOGYAKARTA

· Adicara : Pawartos Ngayogyakarta


· Stasiun Tv : Jogja TV
· Dinten : Selasa, 19 April 2010
· Wekdal : 19.00 – 19.30 WIB
· Pranata Adicara : Margono Wedyo Pranasworo
· Reporter : Adi Mulyadi
Pawartos-01
Dewan kebudayaan kota Yogyakarta, ing dinten Senen siang ngadani sarasehan
terbuka babagan :Kraton Ngayogyakarta dan Bangunan Pagar Budaya antara Kurifikasi
dan Dinamisasi” ingkang mapan ing Joglo Taman Sari Ngayogyakarta.
Ingkang paring pangandikan salebete sarasehan kasebat antawisipun inggih
menika :
· Gusti Genduro Pangeran Hendraningrat
· Yuwana Suswita – Kirun Marwita selaku Budayawan ing Ngayogyakarta.
Pawartos-02
Penghimpunan Pelestarian dan Pengembangan Budaya Jawa badhe nganake
seminar lan pameran batik nasional. Grido ingkang badhe dipun gelar tanggal 22
(rorikur) April 2010 ing Gedung Universitas Club UC UGM. Ugi badhe rawuh inggih
menika Gubernur Daerah DIY, Sri Sultan HB X.
Batik nasional menika antawisipun kangge nglestantunaken lan ngembagaaken
batik serta minangka kanthi uri-uri budaya. Bab kasebat amargi batik sampun dados
lambing lan kasukatan ngayogyakarta, lan ugi sampun dipunaku ing UNESCO. Sak
lebete, ing seminar mangkeh ingkang badhe paring pangandikan yaiku :
· Gubernur DIY, Sri Sultan HB X
· Ketua Dewan Kebudayaan DIY, Yuwana Suwita.
Ketua Dewan Kebudayaan DIY, Yuwana Suwita negesaken, menawi tegesipun
batik wonten 3 wujud, yaiku :
· Wujud budaya ingkang hasan
· Wujud mlampah social
· Wujud Watak
Ingkah kabeh punika ketegesipun dados sarana kagem nyebetaken
kemanunggalan lan jati dirining bangsa.
Sinaosa ing tlatah menika tansah katah corak, ananging para perajin lan
pengusaha batik kedah kreatif damel menika motif enggal tanpa ngilangi cirri khas batik
ngayogyakarta. Seniman jogja, Yani Sastra Wijaya ngendika, pamangke katah batik
saking menika tlatah kadosa Pekalongan, Surakarta lan Cirebon. Sinaosa mekanten, batik
ngayogyakarta tetep nggadahi cirri-ciri lan kwalitas ingkang angil dipuntandingi.
Pawartos-03
Kabupaten Banul nganaken Hari Bebas Rokok ingkang dipun pengeti wonten ing tanggal
02 Mei 2010, sareng kaliyan Hari Pendidikan Nasional. Hari Bebas Asap Rokok ing
wewengkon Dinas Pendidikan Kabupaten Bantul, kangge mengetaken pelajar bab
pakulinan udud. Sebab kathah sanget pelajar ingkang sampun remen udud ing
tembenipun bbas asap rokok dipun terapaken wontenipun Kabupaten Bantul, ing
saklajengipun ugi diterapaken wonten ing UPT lan sekolah-sekolah. Wonten ing kantor-
kantor pemerintahan kabupaten ugi dibangun ruangan khusus kagem tiang ingkang remen
rokok. Kanthi mengkaten saged ngurangi pakulinan pelajar utawi masyarakat umum
anggenipun ngonsumsi rokok.
Pawartos-04
Dianaake fashion terapi ing Laut selatan Pantai Sundak - Gunung Kidul. Fashion
menika saking Busana Nita Azhar . Kamangke fashion meniko katah sangat jurnalis –
jurnalis kalian para photographer kangge ngalbumaken photo photo para model. Wonten
puri, anis, lan candra kadados model kangge album fashion terapi menika. Lan uga melih
wonten katah lima welas tyang Jepang kangge melu pemotretan menika.
Pamotretan meniki kangge mameraken klambi-klambi sing uga ajeng kangge
iklan mode klambi aman sakniki . Klambi ingkang diagem para model ugi wonten
karakteripun dewed ewe . Karakter klambinipun injih saking hari lahir ingkang para
model-model punika. Uga klambi-klambi punika saget nunjuaken kepribadian masing-
masing model.
Acara punika didukung kalian PFI Jogjakarta lan katah sanget para jurnalis photo
saking media-media sakliyane. Tarko Sudiyanto selaku pemimpin acara punika injih
setuju kemawon kangge acara punika margi kangge mikat para fashionable fashionable
ingkang masa sakniki. Lan cara punika ingkang sae kangge promosiaken model-model
ugi klambi-klambi ingkang didasaraken kepribadian para model.

PAWARTOS NGAYOGYAKARTA

· Adicara : Pawartos Ngayogyakarta


· Stasiun Tv : Jogja TV
· Dinten : Kamis, 31 October 2013
· Wekdal : 19.00 – 19.30 WIB
· Pranata Adicara : Margono Wedyo Pranasworo
· Reporter : Adi Mulyadi

Yuswa Sepuh Sanes Pepalang Kangge Makarya


Kamis, 31 October 2013 | 19:57 WIB
Ngayogyakarta, www.jogjatv.tv - Yuswa sepuh boten dados pawadan kangge kendel
makarya, tanpa ngayahi maneka kridha, sinaosa sepuh mila kedah greget makarya kangge
mecaki gesang. Tuladhanipun, selangkung perupa sepuh ingkang ngadani pameran
lukisan ing taman budaya Yogyakarta, malem Kemis kala wingi.
Pameran Seni Rupa “Ngawe Kadang” punika, mitontonaken selangkung wohing
pakaryanipun selangkung perupa sepuh, warganing paguyuban perupa wedangan. Miturut
ketua panitia, Slamet Riyanto, ngawe kadang mengku teges ngajak kekadangan, awit
saking punika pameran samangke mengku ancas kangge ngajak para perupa sepuh
supados greget makarya lan pasrawungan lumantar pameran. Pameran samangke
mitontonaken wohing pakaryanipun para perupa ingkang yuswanipun langkung saking
seket taun, antawisipun jembatan menuju kebaikan wohing pakaryanipun Slamet
Riyanto. The Bingung wohing pakaryanipun Bambang Sukono Wijoyo, Potret Diri
wohing pakaryanipun Soeharto, sarta wohing pakaryanipun Soenarto, Azf Tri Hadiyanto,
Agus Supartomo, lan Naima F. Soer.
Salah satunggaling perupa sepuh, ingkang yuswanipun 78 taun, Soeharto mratelakaken,
wiranem mila kedah nuladha gregeting para sepuh, supados boten aras arasen lan
nglokro.
Tim Liputan Jogja TV
Parade Seniman Reog
Kamis, 31 October 2013 | 19:55 WIB
Klaten, Jawa Tengah, www.jogjatv.tv - Kesenian reog boten namung wonten ing
wewengkon Ponorogo Jawa Timur. Ing Klaten, kridha kesenian ingkang bebayani
kasebat, pranyata ugi ngrembaka ing wewengkon Jawa Tengah. Nalika puluhan
paguyuban kesenian reog nggelar pentas ing Alun-Alun Klaten, tetela nampi tanggapan
ingkang gumathok saking masyarakat.
Dhateng sangajengipun atusan warga, para seniman reog mitontonaken olah kridha
ingkang mbebayani. Salah satunggalipun paguyuban reog saking desa Jabung,
Kecamatan Gantiwarno, Klaten. Paguyuban reog kasebat wonten ingkang maragani
bujangganom, dhadhak merak, warok lan klana sewandono. Saderengipun mitontonaken
olah kridha ingkang mbebayani, para seniman dedonga wonten ngarsanipun gusti,
supados pinaringan kawilujengan.
Para seniman reog saking 20 dhadhak merak sakabupaten Klaten lan Wonogiri punika,
greget nduwa penganggep bilih reog tansah gegayutan kaliyan inuman keras, dene
warganing paguyuban ingkang kadenangan mendem, dipun awisi pentas. Pentas reog
padatan dipun gelar ing karang padhusunan, lan tansah ndudut kawigatosaning
masyarakat. Parade reog samangke dipun estreni dening 20 dhadhak merak utawi
paguyuban, gangsal paguyuban saking Klaten lan 15 paguyuban saking Wonogiri, dene
saben paguyuban dipun sukani kalodhangan wekdal setengah jam kangge pentas.
Haryadi
PAWARTOS NGAYOGYAKARTA

· Adicara : Pawartos Ngayogyakarta


· Stasiun Tv : Jogja TV
· Dinten : Rabu, 30 October 2013
· Wekdal : 19.00 – 19.30 WIB
· Pranata Adicara : Margono Wedyo Pranasworo
· Reporter : Adi Mulyadi
Tradisi Mapag Kondur Haji
Rabu, 30 October 2013 | 19:18 WIB
Sleman, www.jogjatv.tv – Masyarakat Dhusun Krandon, Desa Wedomartani, Ngemplak
Sleman gadhah cara ingkang nyleneh kangge mapag konduripun jamaah haji. Salebeting
tradisi turun temurun kasebat, jamaah haji dipun kirab numpak dhokar, ingkang dipun
geret dening yoganipun jamaah haji.
Warga Dhusun Krandon Wedomartani Ngemplak Sleman, malem Rebo (29/10) kala
wingi nindakaken lampah adapt mapag konduripun jamaah haji. Jamaah haji ingkang
nembe kemawon kondur, dipun arak mubeng kampung binarung ungeling sholawatan
lan obor. Sasampunipun kondur saking Masjid Agung Sleman, jamaah haji ingkang
kondur boten lajeng kondur dhateng griyanipun, nanging mlempak dhateng masjid
dhusun. Sasampunipun dumugi masjid, jamaah haji dipun sukani kalodhangan
nindakaken sholat, lajeng kasuwun ndongakaken warga ingkang sami mapag kondur haji,
awit warga gadhah kapitadosan, jamaah ingkang nembe kondur haji donganipun badhe
dipun tampi dening Gusti. Sasampunipun punika, para jamaah haji lajeng dipun arak
mubeng kampung numpak dhokar, binarung sholawatan. Elokipun, ingkang nggeret
dhokar yoganipun para jamaah haji. Sasampunipun dumugi griya, warga lajeng ndhatengi
griyanipun para jamaah haji, saperlu nyuwun toya zam-zam. Miturut sesepuh masyarakat
Dhusun Krandon, Triyadi, tradisi punika taksih dipun leluri dening warga ing
wewengkonipun, lan saben ngadani kirab tansah dipun adani kanthi sasae-saenipun.
(Hari Atmaja)

Tmmd Paripurna
Rabu, 30 October 2013 | 19:18 WIB
Gunungkidul, www.jogjatv.tv – Penutupan TNI Manunggal Membangun Desa (TMMD)
dipun adani dinten Selasa (29/10) enjing ing Lapangan Trengguno, Ponjong,
Gunungkidul. Lampahing program TMMD ingkang dipun adani ing Kecamatan Ponjong
punika trep kaliyan pangangkah.
Kridha TMMD sengkuyung tataran kaping kalih, taun 2013, paripurna dinten Selasa
enjing. Dene upacara penutupan dipun adani ing Lapangan Trengguno, Ponjong,
Gunungkidul. Upacara penutupan dipun estreni dening Muspida Kabupaten
Gunungkidul, kanthi inspektur upacara Bupati Gunungkidul, Badingah. TMMD
samangke sampun kasil mbangun cor rabat beton ingkang panjangipun 700 meter,
masang gorong-gorong satunggal unit, sarta ndandosi masjid ing Desa Sidorejo, Ponjong,
Gunungkidul. Kridhaning TMMD samangke kepara over prestasi, masang gorong-gorong
bis beton ngantos sekawan unit lan ndandosi ilenan toya 100 meter. Warga nelakaken
bingah wontenipun kridha TMMD, jalaran masjid lan jejangkep sanesipun samangke
dados murwat. Kajawi kridha fisik, TMMD ugi ngadani kridha non fisik, antawisipun
suka penyuluhan babagan kesadaran bela negara lan bebaya narkoba dhateng masyarakat.
Komandan Kodim 0730 Wonosari, Letkol (Arh) Herman Toni, mratelakaken, lampahing
TMMD taun samangke jumbuh kaliyan pangangkah, kepara over target. Kridha TMMD
mujudaken program ingkang dipun tindakaken dhateng wewengkon ingkang mencil lan
rawan bencana. (Anjar Ardityo)

PAWARTOS NGAYOGYAKARTA

· Adicara : Pawartos Ngayogyakarta


· Stasiun Tv : Jogja TV
· Dinten : Kamis, 31 October 2013
· Wekdal : 19.00 – 19.30 WIB
· Pranata Adicara : Margono Wedyo Pranasworo
· Reporter : Adi Mulyadi
Krisis Regenerasi Petani
Kamis, 31 October 2013 | 19:55 WIB
Bantul, www.jogjatv.tv - Samangke sawetawis wewengkon ing Bantul saweg panen raya
pantun ciherang. Asil panenan pantun maremaken, emanipun asil kasebat boten njurung
gregeting wiranem ing Bantul kangge nggarap sabin.
Kadang tani ing padhukuhan Tegalyoso Sitimulyo Piyungan Bantul samangke panen raya
pantun. Sesarengan kaliyan Petugas Pertanian lan Camat Piyungan, kadang tani ing
wewengkon kasebat miwiti panen raya. Ing kalodhangan kasebat ugi dipun etang asil
panenan pantun ciherang ingkang dipun tanem kanthi sistem legowo lima kasebat.
Miturut Camat Piyungan, Agus Sulistyono, sampun 5 taun kadang tani ing
wewengkonipun ngecakaken sistem legowo, inggih punika nalika tanem suka let sabaris
sasampunipun nanem pantun gangsal baris lan boten nanjakaken rabuk pabrik, dene
asilipun mila maremaken. Ewa semanten, pehakipun rumaos eman, awit bab kasebat
pranyata boten saged njurung gregetipun wiranem ing Bantul kangge nggarap sabin,
menawi kawontenan kasebat boten tumuli dipun awekani sawetawis taun ngajeng dipun
kuwatosaken badhe nemahi krisis penggarap lahan.
Hari Atmaja

Elpiji 3 Kg Langka
Kamis, 31 October 2013 | 19:55 WIB
Klaten, Jawatengah, www.jogjatv.tv - Sampun setengah wulan punika, gas elpiji tigang
kilonan ing wewengkon Klaten, Jawa Tengah langka. Miturut agen LPG, gas elpiji 3
kilonan samangke langka, jalaran kathahipun masyarakat ingkang gadhah damel.
Salah satunggaling agen LPG ingkang dumunung ing jalan seruni Klaten, Sulistiyo
mratelakaken, ngantos samangke distribusi gas elpiji saking Pertamina, ajeg lan boten
dipun watesi. Saben dinten pehak Pertamina, ngintun 22.255 gas elpiji 3 kilonan dhateng
pitung atus kawan welas pangkalan saking sedasa agen gas elpiji ing Klaten. Sampun
setengah wulan punika gas elpiji 3 kilonan ing wewengkon Klaten langka, jalaran kathahi
warga ingkang gadhah damel.
Sulitiyo ngajab, dungkap natal lan warsa enggal benjing, Pertamina nambah jatah
pasokan epiji, supados masyarakat saged nyekapi gas epiji.
Purwanto

6 Lepen Dipun Kuwatosaken Katrajang Bena Ladhu


Kamis, 31 October 2013 | 19:54 Wib
Sleman, www.jogjatv.tv - Tumapak mangsa rendheng samangke, 6 lepen ingkang
tukipun saking pereng redi merapi wewengkon kabupaten Sleman, dipun kuwatosaken
badhe katrajang bena ladhu. Awit saking punika, warga wewengkon pereng merapi,
punapa dene warga penambang galian C, ing 6 lepen kasebat kedah waspada.
Miturut pelaksana tugas Kepala Dinas Sumber Daya Air Energi dan Mineral Kabupaten
Sleman, Purwanto, 6 lepen ing wewengkon Sleman ingkang dipun kuwatosaken badhe
katrajang bena ladhu, inggih punika lepen Gendol, Boyong, Kuning, Opak, Krasak lan
lepen Progo, jalaran sedaya lepen kasebat tukipun saking pereng merapi, kamangka ing
pucak redi merapi samangke wonten 77.000.000 meter kubig galian C, lan menawi jawah
deres badhe gampil longsor lan kentir ilining toya. Awit saking punika, Purwanto ngajab,
supados warga ingkang mapan ing bantaran lepen, mliginipun warga ingkang pados
pasir, kedah ngindhakaken kawaspadan, menawi sawanci-wanci jawah deres kedah
kendel makarya lan boten dipun idini makarya ing wanci dalu.
Subardi, Heri Susanto

PAWARTOS NGAYOGYAKARTA

· Adicara : Pawartos Ngayogyakarta


· Stasiun Tv : Jogja TV
· Dinten : Rabu, 30 October 2013
· Wekdal : 19.00 – 19.30 WIB
· Pranata Adicara : Margono Wedyo Pranasworo
· Reporter : Adi Mulyadi
Upacara Dharmacanti Galungan Lan Kuningan
Rabu, 30 October 2013 | 19:17 WIB
Klaten, www.jogjatv.tv – Atusan umat Hindu ing Kabupaten Klaten, Jawa Tengah
ngestreni Upacara Darmacanti Galungan lan Kuningan ing kompleks Candhi Sojiwan.
Upacara punika saweg sepisanan dipun adani ing candhi Budha ingkang dumunung ing
Desa Kebondalem Kidul, Kecamatan Prambanan Klaten.
Umat Hindu saking sawetawis wewengkon Klaten mlempak dhateng Candhi Sojiwan,
kanthi bekta sesaji lan ubarampe upacara, saperlu ngestreni Upacara Dharmacanti
Galungan lan Kuningan. Upacara kapurwakan kekidungan dening lare-lare pasraman.
Upacara sembahyang Galungan lan Kuningan dipun pandhegani dening Resi Baudada
Sajiwa Telabah. Kajawi Umat Hindu ing wewengkon Klaten, upacara samangke ugi
dipun estreni dening Umat Hindu saking Kabupaten Sleman lan Ngayogyakarta.
Panitia, I Wayan Sahopiartha mratelakaken, Upacara Galungan samangke sesirah
“Membangun Kebersamaan Melalui Jalan Dharma”, angkahipun supados manungsa
saged guyub rukun linandhesan lampah kautaman. Dene kamanunggalan boten namung
kangge Umat Hindu kemawon, nanging ugi ngrengkuh sedaya pangrasuk agami, satemah
cinipta gesang ingkang tentrem ing madyaning masyarakat. Kapilihipun Candhi Sojiwan
kangge nindakaken upacara samangke, jalaran Candhi Sojiwan dados pralambang
kerukunan umat pangrasuk Agami Hindu lan Budha ing jaman kawuri. Kridha samangke
ugi minangka kupiya kangge nglestantunaken situs budaya. Ketua Parisada Hindu
Dharma Indonesia Jawa Tengah, I Nyoman Suharta mratelakaken, Upacara Galungan
mengku ancas kangge mengeti sasabipun dharma saking adharma, awit saking punika
saben titah kedah meper hawa nafsu. (Purwanto)

Toko Oleh-oleh Haji Laris


Rabu, 30 October 2013 | 19:17 WIB
Sleman, www.jogjatv.tv – Awit winatesipun papan kangge mbekta barang saking Tanah
Suci satemah bektanipun para jamaah haji kedah dipun watesi, panyadening oleh-oleh
haji ing Sleman dados regeng. Kejawi langkung ringkes, para jamaah haji lan
kulawarganipun saged mardika anggenipun milih oleh oleh haji, tanpa kuwatos badhe
dipun beslah dening petugas bandara.
Awit bektan barang jamaah haji saking Tanah Suci samangke dipun watesi, pramila
kathah jamaah haji ingkang milih tumbas oleh-oleh haji dhateng dhaerah asalipun
kemawon, sasampunipun kondur haji. Toko ingkang nyawisaken oleh-oleh haji kadosta
maneka tetedhan mirunggan Arab Saudi, ing wanci kondur haji samangke regeng dening
para jamaah haji lan kulawarganipun, ingkang blanja oleh-oleh haji kangge dipun
dumaken dhateng tangga tepalih lan sanak sadherek. Para jamaah haji lan
kulawarganipun mratelakaken milih blanja oleh-oleh sasampunipun kondur haji, awit
bektan saking Tanah Suci dados langkung ringkes. Tansaya samangke bektanipun jamaah
haji ugi dipun watesi, satemah boten saged tumbas oleh-oleh kathah saking Tanah Suci.
Salah satunggaling bakul oleh-oleh haji ing Sleman, Kustilah Priyono mratelakaken, ing
wanci kondur haji samangke panyadenipun tikel tinimbang dinten padatan. Awit saking
punika, saderengipun musim haji Kustilah Priyono sampun nambah pasudiyan barang
daganganipun ngantos 75 persen, kanthi impor saking Tanah Suci.
Miturut Kustilah Priyono, oleh-oleh haji ingkang dipun remeni samangke antawisipun
pernak-pernik, kadosta bandhul kunci, tesbeh, sajadah, kopyah lan maneka tetedhan
mirunggan saking Tanah Suci, kadosta kurma, kacang Arab, toya Zam-Zam lan
sapanunggalanipun. Sinaosa barang-barang kasebat kedah impor, nanging regi
panyadenipun ugi murwat lan saged kagayuh, inggih punika antawis puluhan ngantos
atusan ewu rupiyah, gumantung jinisipun. (Subardi)

Regi Ulam Mindhak


Rabu, 30 October 2013 | 19:16 WIB
Sleman, www.jogjatv.tv – Gumantosing mangsa samangke, kathah petani ulam ingkang
gagal pemijahan. Kawontenan kasebat njalari regi ulam mindhak, mliginipun regi ulam
bawal lan nila.
Heru, salah satunggaling warganing Paguyuban Pasar Ikan Rewulu, Kecamatan Godean,
Kabupaten Sleman mratelakaken, wiwit tumapaking wulan Oktober, regi ulam loh,
mliginipun jinis bawal lan nila mindhak. Regi bawal sakawit Rp 11.000/kg samangke Rp
14.000/kg. Regi nila sakawit Rp 14.000/kg samangke Rp 20.000/kg. Dene grascup,
tawes, lele lan tambra racakipun mindhak Rp 1.000/kg. Regi bibit ulam Rp 16.000-Rp
22.000/kg. Regi ulam samangke mindhak, awit kathah petani ingkang nemahi gagal
panen lan gagal pemijahan, jalaran gumantosing mangsa.
Heru ugi mratelakaken, kirangipun pasudiyan ulam njalari panyadening ulam ing Pasar
Ikan Rewulu mandhap. Sakawit nyade 500 ngantos 600 kg ulam, samangke namung 200-
300 kg kemawon ing saben dinten. Kangge nambah karaharjan warganipun, taun
samangke, Pasar Ikan Rewulu badhe damel blumbang malih lan miyaraken parkiran
peken. (Asti Musman – Nadi Mulyadi)

PAWARTOS NGAYOGYAKARTA
· Adicara : Pawartos Ngayogyakarta
· Stasiun Tv : Jogja TV
· Dinten : Senin,28 October 2013
· Wekdal : 19.00 – 19.30 WIB
· Pranata Adicara : Margono Wedyo Pranasworo
· Reporter : Adi Mulyadi

Siswa Smk Patria Babat Jombang Dhateng Jogja Tv


Senin,28 October 2013| 19:17 WIb
Sleman, www.jogjatv.tv - Kangge nambah wawasan lan seserepan bab industri televise,
siswa SMK Patria Babat Jombang, Jawa Timur, dinten Kemis enjing dhateng ing Studio
Jogja Tv, Jalan Jogja Wonosari, Sendangtirto, Berbah Sleman. Salebeting kridha punika
para Siswa SMK Patria ugi dipun ajak ningali lampahing giyaran langsung program
acara Rolasan.
24 Siswa SMK Patria Babat, Jombang Jawa Timur, dinten Kemis enjing(13/1), dhateng
ing Studio Jogja Tv, Jalan Jogja Wonosari Sendangtirto Berbah. Kridha punika dipun
adani dening pehak sekolah minangka kupiya kangge nambah wawasan lan
seserepanipun para siswa. Kanthi dipun ampingi dening guru lan pembimbing, para
Siswa SMK Patria katingal nyemak kanthi permati katrangan ingkang dipun jlentrehaken
dening Humas Jogja tv, Widiana.
Salebeting kalodhangan kasebat, siswa ugi dipun ajak ningali kawontenan ruwangan
Divisi Pemberitaan, nyemak lampah Produksi Pawartos ingkang badhe dipun giyaraken.
Salajengipun para siswa ugi dipun ajak ningali langsung lampahing giyaran program
acara Rolasan. Minangka pangenget enget, para siswa ugi foto sesarengan dhateng
sangajenging Studio Jogja Tv.

Hari Atmaja

Kerajinan Sandal Spon Dumugi Hotel Berbintang


Senin,28 October 2013| 17:25 WIB
Bantul, www.jogjatv.tv- Kawiwitan saking nyobi, boten kanyana saged kangge
pedamelan kanthi pamedal sakalangkung kathah. Makaten ingkang dipun lampahi
dening Andi Ardiatmoko, warga Pedukuhan Kurahan, Kelurahan Murtigading,
Kecamatan Sanden, Bantul. Saking nawekaken sandhal spon dhateng hotel, samangke
sakalangkung kathah welingan ingkang dipun tampi.
Kadereng saking raos kepengin nyobi damel sandal spon, Andi nyobi nawekaken sandhal
damelanipun dhateng sawetawis hotel ing Ngayogyakarta. Pangajabipun nalika semanten
prasasat pupus, jalaran boten wonten hotel ingkang purun numbas sandal damelanipun.
Panampikipun hotel boten dipun anggep pepalang. Andi lajeng nyobi nambahi kain
bathik ing sandal spon damelanipun. Boten kanyana pranyata kathah ingkang remen, lan
kathah nampi welingan. Kanthi dipun biyantu dening pedamelipun cacah 8, Andi saged
nyekapi welingan 10.000 pasang sandal hotel saben wulan. Sandhal spon damelanipun
limrahipun kasade dhateng hotel-hotel berbintang ing Ngayogyakarta lan Surakarta.
Pandameling sandhal spon yektinipun boten angel. Kawiwitan kanthi nggatra spon
ngginakaken mesin miturut mal. Perangan punika lajeng dipun templeki kain bathik
punapadene serat alam. Lampah salajengipun saben perangan dipun gathukaken kanthi
dipun jait. Saben sandhal hotel dipun sade kanthi regi Rp. 1.700,- dumugi Rp. 7.500,-.

Anang Zainuddin

Bakul Daging Lembu Kuwatos


Senin,28 October 2013| 18:45 WIB
Sleman, www.jogjatv.tv - Sumebaripun pawartos virus antraks ingkang dipun
panggihaken ing papan teleng peternakan lembu ing Boyolali, Jawa Tengah njalari
kadang bakul daging lembu ing sawetawis peken tradisional rumaos kuwatos. Kejawi
kuwatos badhe kecalan pelanggan, sumebaripun pawartos kasebat ugi njalari regi daging
lembu mandhap.
Wartilah, satunggaling bakul daging lembu ing Peken Gamping Sleman, mratelakaken
wiwit sumebaripun pawartos virus antraks sawetawis dinten punika, njalari panyadening
daging lembu dados sepen. Kangge ngawekani bab punika, Wartilah kepeksa
ngandhapaken regining daging lembu. Daging lembu super ingkang sakawit reginipun
Rp. 62.000,- samangke mandhap dados Rp. 50.000,- saben kilonipun. Wondene daging
lembu mutu madya ingkang sakawit Rp. 55.000,- saben kilo, samangke mandhap dados
Rp. 53.000,- saben kilonipun. Daging lembu mutu andhap ingkang padatan kangge damel
bakso, samangke reginipun Rp. 50.000,- saking regi sakawit seket Rp. 52.000,- saben
kilo. Kawontenan punika njalari pamedal ingkang dipun tampi Wartilah suda. Menawi
sakawit Wartilah saged nampi pamedal Rp. 2.000.000,- ing saben dintenipun, samangke
mandhap dados Rp. 1.700.000,- saben dintenipun.
Wartilah ugi mratelakaken, kangge nambah pamedal ing saben dintenipun, kejawi nyade
daging lembu, Wartilah ugi nyade daging ayam, daging giling sarta abon.

Nadi Mulyadi
Posko Pwi Peduli
Senin,28 October 2013| 19:06 WIB
Yogyakarta, www.jogjatv.tv - Posko pwi peduli ingkang mapan ing universitas
pembangunan nasional, upn yogyakarta, tetela mbiyantu para pengungsi ing babagan
pawartos, inggih saking media cetak punapa dene elektronik. Kridhaning posko pwi
punika salah satunggalipun damel kliping pawartos ingkang magepokan kaliyan erupsi
merapi ngantos sasampunipun erupsi. Kejawi punika, kangge mbiyantu para pengungsi
ingkang sampun wangsul dhateng griya ananging dereng saged makarya, jogja tv senen
siyang (22/11) masrahaken bantuan ingkang asal saking para pamirsa jogja tv.
Ketua posko pwi peduli merapi, susilastuti mratelakaken, wontenipun posko pwi peduli
merapi pranyata mbiyantu sanget, awit posko punika tansah nyemak pawartos bab
kurdaning redi merapi. Kejawi punika, posko pwi peduli merapi ugi ngerigaken
sawetawis juru warta kangge suka pawartos ingkang leres dhateng warga. Ing saben
dintenipun, posko punika dipun biyantu dening sedasa personil, ingkang samekta
ngedumaken maneka bantuan.
Tim Liputan
Pagelaran Kethoprak Wartawan
Senin,28 October 2013| 19:23 WIB
Ngayogyakarta, www.jogjatv.tv - Juru warta utawi wartawan, nalika nglampahaken
pakaryanipun asring nyoroti lampahing politik pemerintahan. Lajeng kadospundi menawi
para juru warta kasebat kadhapuk dados para narapraja salebeting pagelaran kethoprak,
kanthi maneka lampah politik-ipun? Kangge mengeti Hari Pers Nasional ingkang kaping
65, malem Jemuah(7/4), mapan ing Concert Hall Taman Budaya Yogyakarta, Persatuan
Wartawan Indonesia, PWI Cabang Yogyakarta, nggelar kethoprak kanthi lampahan
“Gonjang-Ganjing Kabar Miring”.
Sinaosa kadhapuk kanthi dadakan, para juruwarta warganing PWI Cabang Yogyakarta
punika tetela prigel nglampahaken dhapukanipun, salebeting lampahan kethoprak
“Gonjang-Ganjing Kabar Miring”, kanthi Sutradara Nano Asmorondono. Para juru warta
ingkang ayahan padatanipun luru pawartos, ing malem Jemuah(7/4), mapan ing Concert
Hall Taman Budaya Yogyakarta, kedah saged nglampahaken dhapukan ingkang
nyariosaken ruwet rentenging politik ing pamaretahan sarta ngudhari perkawis kasebat
lumantar dhapukanipun piyambak piyambak. Boten namung para juru warta kemawon,
pagelaran kethoprak wartawan punika ugi dipun regengaken dening para pejabat, kadosta
Kepala Kanwil Pajak DIY, Djangkung Sudjarwadi, warganing DPR RI - Gandung
Pardiman, sarta sawetawis seniman dhagelan Ngayogyakarta kadosta Marwoto, Kelik
Pelipurlara, Yu Beruk, Anang Batas lan Den Baguse Ngarso.
Pagelaran kethoprak wartawan ingkang mujudaken rerangkening pengetan Hari Pers
Nasional ingkang kaping 65 punika, sawetawis ugi ngrembag maneka perkawis ingkang
saweg monjo, kadosta perkawis Bank Century, PSSI lan ugi Melinda Dee, kanthi rinacik
gegujengan cara Ngayogyakarta, ingkang saged damel gumujengipun pamirsa. Kethoprak
wartawan punika sengaja nglampahaken lampahan “Gonjang-Ganjing Kabar Miring”,
minangka panyaruwe dhateng suwasana politik negari samangke, ingkang kados
panggung kethoprak. Kathah perkawis ageng ingkang boten saged ingudharan. Awit
saking punika dipun betahaken media massa lan ugi juru warta, ingkang saged suka
pawartos imbang dhateng masyarakat.
Hery Poernomo

PAWARTOS NGAYOGYAKARTA

· Adicara : Pawartos Ngayogyakarta


· Stasiun Tv : Jogja TV
· Dinten : Selasa,29 October 2013
· Wekdal : 19.00 – 19.30 WIB
· Pranata Adicara : Margono Wedyo Pranasworo
· Reporter : Adi Mulyadi
Peternak Lembu Kuwatos Antraks
Selasa,29 October 2013| 18:50 WIB
Sleman, www.jogjatv.tv - Mratahipun pawartos bilih ternak lembu ing Kabupaten
Boyolali kathah ingkang katerak sesakit Antraks, njalari para peternak lembu ing
Kabupaten Sleman kuwatos menawi ternak lembunipun ketularan Antraks. Awit saking
punika, para peternak lembu ngajab supados Pemkab Sleman tumuli ngawekani kanthi
suka Vaksin Antraks lelahanan dhateng para peternak lembu ing Sleman.
Para peternak lembu ing Kabupaten Sleman mratelakaken, samangke lampah usaha
ternak lembu saweg lesu. Kejawi regi panyadenipun mirah, mratahipun pawartos bilih
ternak lembu ing Kabupaten Boyolali kathah ingkang katerak Antraks, ugi nuwuhaken
raos kuwatosipun para peternak lembu ing Sleman. Sugi Wiyono, salah satunggaling
peternak lembu ing Desa Sendhangagung, Kecamatan Minggir, Kabupaten Sleman,
mratelakaken, kathah nemahi pepalang kangge ngawekani sesakit Antraks kasebat. Ing
antawisipun samangke regining obat ternak saya awis lan obat ingkang manjur ugi dereng
dipun panggihaken. Awit saking punika, Sugi Wiyono ngajab supados Pemkab Sleman
paring pambiyantu dhateng para peternak kanthi suka Vaksin Antrax lelahanan.
Sugi Wiyono ugi mratelakaken, ngengeti bilih regining obat ternak sakalangkung awis,
pramila kangge ngawekani nularipun sesakit Antrak, samangke lembu ternakipun dipun
obati kanthi jampi tradisional ing antawisipun asring dipun pakani ron kates.
Subardi

Ringgit Palsu Ing Museum Radya Pustaka


Selasa,29 October 2013| 19:17 WIB
Surakarta, www.jogjatv.tv - Nanggapi pawartos bab wontenipun koleksi ringgit palsu ing
Museum Radya Pustaka, Surakarta, Jawa Tengah, njalari dhalang kawentar, Ki Manteb
Sudarsana ndatengi museum kasebat. Saking asiling paniti priksa, dipun mangertosi bilih
koleksi ringgit Kagungan Dalem Sinuwun Pakubuwana kaping X ingkang kasimpen ing
Museum Radya Pustaka kasebat, pranyata boten asli.
Sumebaripun pawartos bab ringgit palsu ing Museum Radya Pustaka njurung Ki Manteb
Sudarsana, ndatengi Museum Radya Pustaka, saperlu niti priksa koleksi ringgit kasebat
setunggal mbaka setunggal. Ki Manteb ingkang sampun mumpuni ing donyaning ringgit,
tetela saget mbedakaken antawisipun ringgit ingkang asli lan ringgit tiron.
Kanthi wontenipun ringgit tiron punika, Ki Manteb Sudarsana badhe ngadani pirembagan
kaliyan pehak Komite Museum Radya Pustaka, wontenipun ringgit tiron kasebat nembe
dipun mangertosi 3 tahun sasampunipun Mbah Hadi tilar donya. Mbah Hadi mujudakan
tiyang ingkang kajibah ngupakawis Museum Radya Pustaka, ananging asring tumindak
culika kanthi malsu sawetawis barang koleksi Museum Radya Pustaka.
Faqih

Sepeda Kina Saya Awis


Selasa,29 October 2013| 18:46 WIB
Bantul, www.jogjatv.tv - Pawartos mindhakipun regi bahan bakar minyak, ing wekdal
celak punika njalari warga sami cecawisan. Warga samangke ngginakaken sepeda kangge
sarana transportasi ingkang mirah lan nyarasaken. Nanging awit kathahipun panyuwunan
sepeda, njalari reginipun saya awis.
Sampun 2 minggu punika, Peken Sepeda Bekas, ing Peken Barongan, Jetis, Bantul wiwit
regeng malih. Warga sami tumbas sepeda kina. Sepeda damelan Eropa kadosta Gazelle,
Humber lan Simplek kathah dipun padosi dening warga.
Satunggaling bakul sepeda, Sutarjo mratelakaken, wiwit wontenipun pawartos bab
mindhakipun regi BBM sawetawis wekdal kapengker, kiosipun regeng. Saben dintenipun
Sutarjo saget nyade sepeda 3 unit. Awit kathahipun panyuwunan, regi sepeda bekas
mindhak ngantos 30% saking regi sakawit, ingkang racakipun Rp. 2 yuta saben unit.

Anang Zainuddin

Produsen Susu Kedah Njagi Mutuning Susu


Selasa,29 October 2013| 18:11 WIB
Klaten, www.jogjatv.tv - Sumebaripun pawartos Bakteri Entero Sakasaki salebeting susu
formula, njalari produsen susu kedah ngrembakakaken mutuning susu saderengipun
dipun kintun dhateng pabrik. Gegayutan bab punika, KUD Jatinom, Kabupaten Klaten
ngajab dhateng para peternak lembu pohan supados njagi kasarasaning lembu sarta njagi
mutuning pakan kangge ngrembakakaken mutuning susu.
Makaten punika kawontenaning susu lembu pohan ingkang dipun asilaken dening 2.610
lembu pohan, ing KUD Jatinom Klaten. Saben dintenipun KUD punika nampi susu
watawis 11.000 liter ingkang dipun wadhahi salebeting bak pendingin. Susu ingkang
nglempak ing KUD Jatinom asal saking 542 peternak. Saderengipun dipun tumbas KUD,
susu saking peternak langkung rumiyin dipun uji mutunipun antawisipun nyakup
kandhutan toya, karbohidrat, alkohol sarta sanes-sanesipun. Pehak KUD numbasi susu
kasebat kanthi regi wiwit saking Rp. 2.500,- ngantos Rp. 3.000,- saben literipun,
gumantung saking mutuning susu. Salah satunggaling pengurus KUD, Sutomo
mratelakaken gegayutan kaliyan wontenipun pawartos bab Bakteri Entero Sakasaki,
pehakipun ngajab dhateng para peternak supados ngrembakakaken mutuning susu, kanthi
cara njagi mutuning pakan lembu, resiking kandhang sarta njagi kasarasaning lembu.
Kejawi punika, susu kasebat sasampunipun dipun peres kedah tumuli dipun dugekaken
dhateng KUD.
Sutomo ugi mratelakaken, susu kasebat kejawi dipun sade dhateng pabrik, ugi dipun sade
eceran dhateng masyarakat. Wondene produksi susu nggayuh 400 liter ing saben
dintenipun.
Haryadi
Manggihaken Bulus Tanpa Sangkan
Selasa,29 October 2013| 18:40 WIB
Gunungkidul, www.jogjatv.tv - Warga Sokokerep, Semanu, Gunungkidul horeg, jalaran
ing salah satunggal pekawisan griyanipun warga dipun panggihaken satunggaling bulus
ingkang tanpa sangkan. Saderengipun bulus kasebat dipun panggihaken, warga ing celak
pekawisan mireng suwanten sora kados dene wonten barang ingkang dhawah.
Punika wujuding bulus ingkang damel horegipun warga. Bulus utawi labi-labi punika
dipun panggihaken dening satunggaling warga, Dedi Pambudianto, Warga Sokokerep,
Semanu, Gunungkidul. Dedi ingkang manggihaken bulus kasebat mratelakaken, bulus
punika dipun panggihaken seminggu kapengker watawis jam 21.00 WIB.
Saderengipun manggihaken bulus, suwasana nalika samanten saweg jawah. Dumadakan
wonten suwanten bledheg ingkang sakalangkung sora, lan sawetawis wekdal
candhakipun kapireng suwanten kadosdene barang dhawah ing pekawisan. Awit
kepengin mangertos, Dedi nglacak dhateng asaling suwanten wau, lan tetela ing
pekawisan, Dedi manggihaken satunggaling bulus ingkang dhawah mlumah, tanpa dipun
mangertosi sangkanipun. Bab punika nuwuhaken raos gumun, awit dereng nate wonten
kaelokan kados makaten ing dhusunipun. Dening kulawarganipun Dedi, bulus lajeng
dipun upakawis. Miturut warga, wonten ingkang aneh ing badaning bulus wau,
bathokipun katingal cemeng semu emas, lan namung purun nedhi degan kemawon.
Samangke kathah warga ingkang kepengin ningali bulus kasebat. Kepara sampun 3
dinten samangke, kathah warga saking sanjawining rangkah ingkang dhateng saperlu
mbuktekaken pawartos ingkang sumebar.
Kulawarganipun Dedi boten badhe nyade bulus punika, lan badhe dipun upakawis
piyambak. Bab kasebat jalaran kathah pehak ingkang sampun ngawis sato punika ngantos
puluhan yuta rupiyah.

Chandra Saputro

PAWARTOS NGAYOGYAKARTA

· Adicara : Pawartos Ngayogyakarta


· Stasiun Tv : Jogja TV
· Dinten : Selasa, 10 september 2013
· Wekdal : 19.00 – 19.30 WIB
· Pranata Adicara : Margono Wedyo Pranasworo
· Reporter : Adi Mulyadi
Kerajinan Limbah Ban Bekas
Selasa, 10 september 2013| 18:53 WIB
Klaten, www.jogjatv.tv- Ban bekas tumrap saperangan tiyang dipun anggep boten
wonten ginanipun malih. Nanging boten makaten tumrap satunggaling warga Desa
Dlimas, Kecamatan Ceper, Klaten. Ban bekas tetela saged dipun ocal dados barang
ingkang gadhah pengaos lan migunani. Kejawi dipun damel wadhah uwuh lan bandhulan,
ban bekas ugi saged dipun damel meja kursi ingkang mranani.
Ban bekas menawi namung dipun tumpuk kemawon, saged dados susuh lemut. Nanging
menawi dipun ocal, bab bekas saged dados barang barang kerajinan ingkang migunani
lan pajeng kasade. Kejawi dipun tanjakaken kangge bahan karet jok mebel, ban bekas ugi
saged dipun damel wadhah uwuh, bandhulan lan ugi piranti balewisma kadosta meja
kursi.
Erwin, salah satunggaling perajin mratelakaken, lampah pakaryan punika sakawit jalaran
ningali ing bengkel kathah tumpukan ban bekas, ingkang namung dados susuh lemut.
Erwin lajeng tuwuh gagasanipun kangge damel maneka barang kerajinan saking ban
bekas kasebat. Regi panyadening barang kerajinan damelanipun maneka warni
gumantung saking jinising barang, wadhah uwuh reginipun Rp. 50.000,-, bandhulan Rp.
20.000,- , dene meja kursi ngantos atusan ewu rupiyah.

Tim Liputan
Kerajinan Cempurit Saking Singat Maesa
Selasa, 10 september 2013| 19:18 WIB
Klaten, www.jogjatv.tv- Desa Kepabron, Kecamatan Polanharajo, Kabupaten Klaten,
Jawa Tengah kawentar minangka punjering industri kerajinan hastakarya saking singat
maesa. Sasampunipun bom Bali sawetawis tahun kapengker, cacahing perajin wiwit
suda, awit sepenipun welingan.
Kiryono, salah satunggaling perajin ingkang ngantos samangke taksih nglampahaken
usahanipun mratelakaken, saderengipun dumados bom Bali, racakipun warga
njagakaken gesangipun saking kerajinan singat maesa, ingkang dipun ocal dados
maneka rerenggan. Sasampunipun bom Bali, welingan suda kathah, satemah kathah
perajin ingkang bangkrut. Supados saged nglampahaken usahanipun, Kiryono nyobi
ndamel cempurit, utawi gagang ringgit wacucal. Awit tumemenipun, kerajinan cempurit
ngantos samangke tansah ngrembaka.
Kiryono mratelakaken, usahanipun samangke kapepalang bahan baku singat maesa. Awit
ing Pulo Jawa, singat maesa sampun angel dipun panggihaken. Supados saged
nglampahaken usahanipun, Kiryono kepeksa ndhatengaken singat maesa saking
sanjawining Pulo Jawa, kadosta saking Sulawesi, Kalimantan, sarta Sumbawa. Regining
singat maesa ugi mindhak. Menawi sakawit Rp. 60.000,- samangke mindhak dados Rp.
100.000,- saben kilonipun. Supados saged nglampahaken usahanipun, Kiryono
ngindhakaken regi cempurit. Cempurit ingkang ageng piyambak, dipun sade kanthi regi
Rp. 1.000.000,- , lan ingkang alit piyambak dipun sade kanthi regi Rp. 50.000,-.

Tim Liputan
Pertandingan Olahraga Kanwil Depag Diy
Selasa, 10 september 2013| 18:47 WIB
Ngayogyakarta, www.jogjatv.tv - Kangge mahargya Hari Kartini ing tanggal 21 April
ngajeng, Kanwil Depag DIY, Jemuah enjing(8/4), ngadani tetandhingan olahraga voli lan
ping pong, mligi kangge pegawai wanita ing sedaya jajaran Kanwil Depag Propinsi DIY.
Tetandhingan olahraga kasebat lumampah regeng, sinaosa boten sedaya pasarta ingkang
tumut, prigel anggenipun main.
Boten kados padatan, swasananing Kanwil Depag DIY, dinten Jemuah enjing(8/4),
katingal langkung regeng. Bab punika jalaran saweg dipun adani tetandhingan olahraga
voli lan ping pong, kanthi pemain para pegawai jajaran Kanwil Depag sa Propinsi DIY.
Kridha kasebat katujokaken kangge ngregengaken Hari Kartini, pramila para pasarta
ingkang tumut tandhing, inggih mligi para pegawai wanita ing Kanwil Depag DIY.
Sinaosa boten sedaya pasarta prigel main voli lan ping pong, ananging pranyata
lumampah regeng. Kejawi punika, swantenipun para penonton pranyata ugi ndadosaken
swasana langkung regeng.
Tetandhingan voli kasebat dipun gelar ing plataraning parkir kantor Kanwil Depag DIY.
Wondene tetandhingan ping pong dipun adani ing salebeting loby kantor. Sinaosa
makaten, ugi wonten pasarta ingkang tumut tandhing voli lan ping pong, sauger
wekdalipun boten sesarengan. Kanwil Depag DIY tansah ngadani kridha kados makaten
ing saben taunipun. Bab wau katujokaken kangge nyupeketaken sesambetan antawisipun
jawatan sarta kangge ndhapuk sportivitas.

Edna Novitasari-Afinanto

Tradisi Bersih Kali Gunung Abang


Selasa, 10 september 2013| 18:50 WIB
Gunungkidul, www.jogjatv.tv- Warga Padhukuhan Gunung Abang, Desa Bejiharjo,
Karangmojo, dinten Senen siyang(4/4), ngadani malih tradisi bersih kali, ingkang ajeg
dipun adani setahun sepisan, sasampunipun panen pantun gaga. Mapan ing 2 tuk, Sumber
Lanang lan Sumber Wadon, warga ngadani kendhuren ngginakaken ancak debog, isi
sekul lan lawuhipun. Ing kalodhangan kasebat, warga ngadani upacara, minangka
pratelan raos syukur dhateng Gusti Ingkang Hakarya Jagad.
Salah satunggalipun lampah adat ingkang wigati salebeting upacara kasebat inggih
punika tayuban. Miturut sesepuh warga Gunung Abang, Sandiyo, tayuban kedah dipun
adani minangka panglipur. Warga pitados bilih Sumber Lanang mujudaken sumber
panggesangan. Rikala semanten warga pitados toya kasebat saget kangge sarana usada
maneka sesakit, lan salajengipun ing tuk Lepen Abang kasebat, warga ngadani upacara
minangka pratelan raos syukur awit kanugrahaning Gusti.
Mboten namung warga Gunung Abang ingkang ngestreni upacara kasebat, nanging
warga saking wewengkon sanes ugi nyengkuyung lampah punika, utawi ningali tayub.
Kridha kasebat, dipun adani dening warga Gunung Abang kanthi ancas kangge
nglestantunaken budaya lan lampah adat tilaranipun leluhur, supados langgeng lestari.

Chandra Saputro
PAWARTOS NGAYOGYAKARTA

· Adicara : Pawartos Ngayogyakarta


· Stasiun Tv : Jogja TV
· Dinten : Rabu, 11 september 2013
· Wekdal : 19.00 – 19.30 WIB
· Pranata Adicara : Margono Wedyo Pranasworo
· Reporter : Adi Mulyadi
Ayam Tanpa Suwiwi
Rabu, 11 september 2013| 19:15 Wib
Purworejo, www.jogjatv.tv - Satunggaling warga Kalurahan Mranti, Kecamatan
Purworejo, Kabupaten Purworejo, Jawa Tengah, gadhah ayam ingkang beda kaliyan
ayam sanesipun. Ayam punika tetela nyleneh, jalaran mboten gadhah sewiwi, satemah
dening ingkang gadhah, ayam kasebat dipun tengeri ayam purba.
Mukri Budiyono, warga Kalurahan Mranti, Kecamatan Purworejo, Kabupaten Purworejo,
gadhah satunggaling ayam ingkang nylenah lan langka. Ayam kasebat, mujudaken jinis
ayam cemani. Lan nylenehipun ayam punika boten gadhah sewiwi, satemah dening
ingkang gadhah lajeng dipun tengeri ayam purba.
Miturut Mukri, ayam kasebat sampun dipun ingah wiwit alit. Lan sampun nate dipun tawi
kanthi regi ingkang awis. Sinaosa makaten boten dipun sukakaken jalaran pinitados
nggadhahi daya gaib.
Kejawi boten gadhah sewiwi, ayam kasebat tetela ugi nyleneh awit remen nedha rumput.
Pambudi Nugraha

Kurban Merapi Nampi Sertifikat Tanah Pertanian


Rabu, 11 september 2013| 19:06 WIB
Sleman, www.jogjatv.tv- Dinten Selasa enjing(5/4), 200 warga Sleman nampi Sertifikat
Tanah Pertanian. Warga ingkang nampi sertifikat, racakipun kurban kurdaning Redi
Merapi ing Desa Argomulyo, Kecamatam Cangkringan lan warga Widodomartani,
Kecamatan Ngemplak, Sleman.
Salah satunggaling warga kurban kurdaning Redi Merapi, ingkang nampi sertifikat inggih
punika Rapingu, warga Widodomartani, Ngemplak, Sleman. Rapingu nelakaken remen,
nampi sertifikat kasebat, sinaosa samangke, saperangan sabinipun katrajang bena ladhu
saking Lepen Opak.
Sertifikat tanah pertanian punika, kanthi simbolis dipun pasrahaken dening Wakil
Gubernur DIY, Sri Paku Alam kaping IX, mapan ing Balai Desa Argomulyo,
Cangkringan, Sleman. Ing kalodhangan wau, ugi dipun pasrahaken bantuwan kewan
ternak arupi trewelu sarta maneka jinis bibit woh wohan kangge warga ing
sakiwatengenipun perenging Redi Merapi. Ing kalodhangan kasebat, Sri Paku Alam
ngendika, kanthi wontenipun sertifikat tanah wau, pramila warga ingkang gadhah pasiten
tetanen badhe langkung ayem. Kejawi punika, sertifikat tanah kasebat ugi saged dipun
dadosaken boreg kangge pados sambutan pawitan.
Asisten Sekretaris II, Pemerintah Kabupaten Sleman, Sunaryo, ing kalodhangan kasebat
ngajab dhateng pemerintah, supados saksampunipun kurdaning Redi Merapi, warga
perenging Redi Merapi langkung dipun wigatosaken, ngengeti ing Sleman dipun
panggihaken wonten 300 hektar sabin ingkang risak ketaman kurdaning Redi Merapi.

Hari Atmaja

Mujudi Budaya Maos Ing Jaman Digital


Rabu, 11 september 2013| 19:05 WIB
Ngayogyakarta, www.jogjatv.tv- Laras pangrembakaning jaman, kangge mujudi budaya
maos pranyata boten gampil. Kathah pangaribawa ingkang asal saking diri pribadi
punapa dene saking perangan njawi. Kangge njurung budaya maos ing jaman digital
punika, Kemis enjing(7/4), Badan Perpustakaan Dan Arsip Daerah, ngadani worshop
sesirah “Tantangan Mewujudkan Budaya Baca Dalam Era Digital Duaribu Sebelas”.
Ing jaman globalisasi punika, pangrembakaning teknologi informasi karaos cepet sanget.
Kemajenganing teknologi punika dipun jurung dening rebat unggul ing donyaning bisnis.
Tekonologi ugi ngrambah ing babagan ladosan kapustakan. Koleksi kapustakan kedah
laras kaliyan pangrembakaning jaman. Kapustakan tetela mbetahaken teknologi, awit
saged mbiyantu ngindhakaken ladosan, suka maneka seserepan sarta saged ngirit wekdal.
Bab kasebat dipun rembag salebeting workshop ingkang dipun adani Badan Perpustakaan
dan Arsip Daerah Propinsi DIY, ing Hotel Inna Garuda, Kemis enjing(7/4).
Nalika dipun panggihi ing sak sela-selaning workshop, Kepala Badan Perpustakaan dan
Arsip Daerah Propinsi DIY, Hendarto Budiyono njlentrehaken, wonten maneka bab
ingkang njalari andhapipun budaya maos ing kalanganipun masyarakat. Antawisipun awit
winatesipun koleksi buku ingkang dipun gadhahi warga, sarta andhapipun seserepan
masyarakat bab wigatosipun maos. Lumantar workshop kasebat kaajab saged
nggrengsengaken masyarakat supados remen nambah seserepan lumantar maos.

Afirta Diah Apsari-Abdul Maarif

Wisatawan Brayut Mindhak Kathah


Rabu, 11 september 2013| 19:11 WIB
Sleman, www.jogjatv.tv- Ing saben taunipun, para wisatawan ingkang plesir dhateng
Desa Wisata Brayut, Kecamatan Sleman, Kabupaten Sleman, tansah mindhak kathah.
Kejawi para pelajar lan mahasiswa, wisatawan ingkang dhateng ugi asal saking maneka
kantor pemerintah lan swasta ing saindenging Indonesia.
Adhedhasar data kantor Sekretariat Desa Wisata Brayut, cacahing wisatawan ingkang
dhateng ing Dhusun Brayut, Desa Pandowoharjo, Kecamatan Sleman, Kabupaten
Sleman, tansah mindhak ing saben taunipun. Menawi ing taun 2011 kapengker, cacahing
wisatawan ingkang dhateng nggayuh 1.000 wisatawan, pramila ing taun 2012 cacahing
wisatawan ingkang dhateng mindhak dados 2.000 wisatawan. Wondene ing taun 2013
samangke, cacahing wisatawan ingkang dhateng sampun nggayuh tiyang 116. Miturut
Ketua Desa Wisata Brayut, Sudarmadi, kathahipun wisatawan ingkang remen plesir
dhateng Desa Wisata Brayut, inggih jalaran Desa Brayut taksih alami lan hawanipun ugi
karaos edhum. Kejawi punika, ing Desa Brayut ugi taksih kathah dipun panggihaken
wewangunan kina cakrik Joglo punapa dene Limasan. Sarta para wisatawan ingkang
dateng dipun sugata dhaharan tradisional, ingkang dipun masak dening warga papan
kasebat.
Sudarmadi ugi mratelakaken, Desa Wisata Brayut mujudaken desa wisata ingkang
nengenaken pertanian. Menggahipun para wisatawan ingkang dhateng, kejawi dipun
ajak mubeng desa, ugi dipun ajak olah seni karawitan sarta sinau mbathik.

Subardi
Kepet Saking Kain Perca
Rabu, 11 september 2013 | 19:07 WIB
Klaten, www.jogjatv.tv - Winatesipun lapangan pedamelan ingkang cumawis, tetela
boten nyurutaken krentegipun indah, warga Desa Keprabon, Kecamatan Polanharjo,
Klaten, kangge nyekapi kabetahan gesangipun. Kanthi pawitan sabar lan tumemen, indah
nglampahaken wiraswasta, kanthi nanjakaken limbah kain perca ingkang dipun ocal
dados kerajinan kepet.
Kangge saged nyekapi kabetahan gesang ing jaman ingkang sarwa rekaos punika, tetela
dipun betahaken krenteg ingkang kiyat sarta tanggap dhateng kalodhangan usaha.
Kadosta ingkang dipun lampahaken dening indah, satunggaling warga Desa Keprabon,
Kecamatan Polanharjo, Klaten. Rekaosipun pados pedamelan ing sektor formal, njurung
indah nglampahaken wiraswasta. Indah kupiya ngocal limbah kain perca dados kerajinan
kepet ingkang mranani. Ing saben dintenipun, Indah saged ngasilaken kepet watawis 100
iji. Usaha punika sampun dipun lampahaken sadangunipun 3 taun. Awit linandhesan raos
sabar sarta tumemen, samangke usaha ingkang dipun lampahaken indah saged
ngrembaka.
Indah ugi mratelakaken, kerajinan kepet damelanipun dipun sade dateng sawetawis papan
wisata ing Klaten lan sakiwa tengenipun. Kejawi punika, indah ugi nampi welingan kepet
kangge tandha netra adicara pawiwahan. Kerajinan kepet damelanipun Indah dipun sade
kanthi regi wiwit saking Rp. 2.000,- ngantos puluhan ewu rupiyah, gumantung saking
bahan lan corakipun.

Tim Liputan

PAWARTOS NGAYOGYAKARTA

· Adicara : Pawartos Ngayogyakarta


· Stasiun Tv : Jogja TV
· Dinten : Kamis, 12 september 2013
· Wekdal : 19.00 – 19.30 WIB
· Pranata Adicara : Margono Wedyo Pranasworo
· Reporter : Adi Mulyadi
Regi Tomat Anjlog
Kamis, 12 september 2013 | 19:03 WIB
Klaten, www.jogjatv.tv- Petani tomat ing Desa Manjung, Kecamatan Ngawen,
Kabupaten Klathen, pisambat awit regi tomat samangke anjlog. Regi tomat saking
petani ingkang sakawit Rp. 1.500,- saben kilo, samangke mandhap dados Rp. 700,- saben
kilonipun. Tundhanipun petani nandhang kapitunan.
Mardono, satunggaling petani tomat ing Desa Manjung, Kecamatan Ngawen, Klaten,
namung saget pasrah, ngadhepi anjlogipun regi tomat wekdal samangke. Mardono boten
kuwawa ngawekani anjlogipun regi tomat punika, lan piyambakipun ndugi wonten
tumindak culika ing tataran tengkulak. Anjlogipun regi tomat ugi dipun pangaribawani
awit samangke wewengkon sanes ugi nembe sami panen tomat. Nanging menawi petani
boten tumuli manen tomatipun, pramila badhe saya kathah nandhang kapitunan.
Satemah petani kepeksa nyade tomatipun kanthi regi ingkang mirah.
Mardono ngakeni tuna, menawi regi tomat namung Rp. 700,- awit wragat nanem
ngantos panen, nelasaken Rp. 3.500.000,- wondene samangke ngantos kaping 2 panen
saweg nampi pamedal Rp. 2.000.000,- lan asil panenipun kirang maremaken, jalaran
asring jawah, satemah kathah tomat ingkang katedha uler.

Tim Liputan

Perajin Rerenggan Kuda


Kamis, 12 september 2013| 19:08 WIB
Sleman, www.jogjatv.tv - Kurdaning Redi Merapi mangaribawani dhateng sedaya
lampahaning usaha, inggih usaha ageng punapa dene usaha alit. Salah satunggalipun
inggih punika kerajinan rerenggan kuda. Kurdaning Redi Merapi tetela njalari welingan
rerenggan kuda, suda sakelangkung kathah. Kejawi punika, perajin ugi pisambat awit
mindhakipun regi bahan baku rerenggan kuda.
Indrawanto, salah satunggaling perajin rerengan kuda saking Dhusun Ngawen, Sidokarto,
Godean, Sleman mratelakaken, sasampunipun kurdaning Redi Merapi panyadening
rerenggan kuda suda watawis 70%. Sakawit saben sewulan, panyadenipun nggayuh Rp.
2.000.000,- ngantos Rp. 3.000.000,- nanging samangke namung pajeng watawis Rp.
600.000,- ngantos Rp. 800.000,-. Kangge ngawekani kawontenan kasebat, Indrawanto
damel rerenggan gangsa, ingkang reginipun murwat. Maneka rerenggan kuda
damelanipun indrawanto antawisipun pelican, cupon, timang, klinthing cundhuk, kalung,
sundak, sangga wedi, sok, mangkok sarta ham utawi kalung gulon. Wondene regi
rerenggan kuda punika wiwit saking Rp. 3.000,- saben ijinipun, ngantos Rp. 90.000,-
saben setunggal set. Regi setunggal set rerenggan kuda nggayuh Rp. 2.500.000,-. Kejawi
punika, regi rerenggan sanesipun, kadosta gantungan gong, cagak gender, ceplok
kendhang lan wadah tisu watawis Rp. 100.000,- ngantos Rp. 400.000,- saben ijinipun.
Indrawanto ugi mratelakaken, anggenipun nglampahaken usaha kerajinan warisan saking
tiyang sepuhipun punika, samangke manggihi pepalang, inggih punika mindhakipun regi
bahan baku kadosta rongsokan wesi, jenean lan malam. Kejawi punika, regining pasir lan
lempung kange nyithak, ugi mindhak. Indrawanto ngajab dhateng pamarentah, supados
suka bantuwan pawitan kredit kangge ngrembakaken usahanipun.

Kerajinan Peso Dhapur Klaten


Kamis, 12 september 2013| 19:14 WIB
Klaten, www.jogjatv.tv- Kathah cara ingkang saged dipun lampahaken tiyang kangge
nyekapi kabetahan gesangipun. Sauger gadhah krenteg ingkang makantar, sarta
linandhesan raos sabar, pramila usaha menapa kemawon badhe saged ndhatengaken asil.
Kadosta ingkang dipun lampahaken dening Harjono, warga desa Koripan, Kecamatan
Polanharajo, Kabupaten Klaten, ingkang ngocal rongsokan waja stainlestil dados peso
dhapur.
Rongsokan waja stainlestilsaking pabrik, padatan namung dipun bucal lan dereng dipun
dayakaken. Kalodhangan punika dipun tanjakaken dening Harjono, kangge miwiti usaha
ndamel peso dapur saking bahan rongsokan waja lan stainlestilpabrik. Awit raos sabar
lan tumemenipun, peso dapur damelanipun Harjono sampun dipun sade dhateng
sawetawis kitha ing Pulo Jawa lan Bali, kepara ngantos Kalimantan. Kanthi dipun
biyantu dening 3 tenaga pedamelipun, Harjono saged ndamel peso dapur cacah 400
saben dintenipun.
Maneka jinis peso dapur damelipun, ukuranipun tetela benten-benten. Kangge peso dapur
ingkang alit piyambak dipun sade kanthi regi Rp. 2.000,- wondene kangge peso dapur
ingkang ageng piyambak dipun sade Rp. 50.000,-. Peso saking bahan stainlestilpunika
pranyata awet, lan boten gampil nayeng. Kangge ngrembakaken usahanipun, Harjono
wiwit ndamel piranti tetanen sanesipun, kanthi ngginakaken rongsokan wesi lan
waja.Tim Liputan

Kpu Ngadani Sekolah Pemilu


Kamis, 12 september 2013| 19:17 WIB
Bantul, www.jogjatv.tv- Sinaosa lampahing pemilihan umum taksih dangu, nanging
Komisi Pemilihan Umum Kabupaten Bantul wiwit grengseng mbiwarakaken pemilu
dhateng warga. Dinten Selasa siyang,KPU Bantul ngadani sosialisasi pemilu dhateng
siswa SMA, mapan ing Kantor KPU Bantul, kanthi ngadani simulasi pemungutan suara.
Kanthi mendhet irah-irahan sekolah pemilu, Komisi Pemilihan Uum Kabupaten Bantul,
tansah kupiya nindakaken sosialisasi lan pendidikan pemilih menggahipun warga.
Welasan siswa SMA sa Kabupaten Bantul dinten Selasa siyang, dados pasarta ingkang
nampi sosialisasi pemilu kasebat. Siswa dipun paringi seserepan babagan Dasar
Mekanisme Pemilihan Umum, wiwit saking Daftar Pemilih Sementar, DPS ngantos
lampah pemungutan suara.
Divisi Sosialisasi KPU Bantul, Nurudin Latif mratelakakenL sekolah pemilu dipun adani
kanthi ancas suka biwara dhateng warga, mliginipun para pelajar, bab tatacara lampahing
pemilu lan hak hak pemilih. Kejawi punika, kapilihipun siswa kelas XII minangka
pasarta sosialisasi pemilu, jalaran para siswa punika mujudaken calon pemilih pemula
ingkang gampil kenging pangaribawa saking satunggaling golongan.

Anang Zainuddin

Parangtritis Wiwit Regeng


Kamis, 12 september 2013| 19:25 WIB
Bantul, www.jogjatv.tv - Wiwit Redi Merapi kurda ing tanggal 10 september 2013
kapengker, sawetawis papan wisata ing Bantul, ugi kaperbawan. Sumebaripun pawartos
ing maneka media massa, tetela njalari para wisatawan murungaken anggenipun badhe
plesir dhateng papan wisata ing Kabupaten Bantul. Ananging samangke, sasampunipun
status Redi Merapi mandhap ing tataran Siaga, kawontenaning sawetawis papan wisata
ing Kabupaten Bantul, samangke wiwit regeng wisatawan.
Sinaosa boten regeng sanget kados saderengipun Redi Merapi kurda, samangke
kawontenaning Pesisir Parangtritis ing Kabupaten Bantul, wiwit katingal regeng dening
wisatawan. Sasampunipun status Redi Merapi mandhap dados Siaga, laladan pariwisata
ing Kabupaten Bantul, wiwit regeng. Nalika Redi Merapi kurda, sejatosipun Parangtritis
ugi aman dipun dhatengi. Sinaosa makaten, awit sumebaripun pawartos Merapi ingkang
mbebayani, njalari para wisatawan murungaken anggenipun badhe plesir dhateng
Parangtritis.
Kurdanipun Redi Merapi tetela njalari sudanipun wisatawan ingkang plesir dhateng
parangtritis. Saderengipun redi merapi kurda, saben dinten Minggu, cacahing wisatawan
saged nggayuh tiyang 10.000. Sasampunipun Redi Merapi kurda, cacahing wisatawan
namung watawis tiyang 2.000 kemawon salebetipun sedinten. Laras kaliyan
kawontenaning Redi Merapi ingkang samangke saya aman, pramila cacahing wisatawan
ingkang plesir dhateng pesisir Parangtritis, wiwit katingal regeng malih.

Anang Zainudin
PAWARTOS NGAYOGYAKARTA

· Adicara : Pawartos Ngayogyakarta


· Stasiun Tv : Jogja TV
· Dinten : Jumat, 13 september 2013
· Wekdal : 19.00 – 19.30 WIB
· Pranata Adicara : Margono Wedyo Pranasworo
· Reporter : Adi Mulyadi

Kapustakan Desa Kangge Nggrengsengaken Budaya Maos


Jumat, 13 september 2013| 19:01 WIB
Ngayogyakarta, www.jogjatv.tv- Kapustakan nggadhahi ayahan wigatos kangge nambah
seserepanipun masyarakat. Lan kangge nggrengsengaken masyarakat supados remen
maos, Pemerintah Propinsi DIY, paring bantuwan buku lan sarana kapustakan, dhateng
156 desa ing DIY.
Kepala Badan Perpustakaan dan Arsip Daerah Propinsi DIY, Hendarto Budiyono
ngandharaken, taun samangke, Pemerintah Propinsi DIY badhe suka bantuan buku
dhateng 156 desa ing Propinsi DIY. Saben desa badhe nampi 1.000 eksemplar buku,
ingkang katujokaken kangge njurung masyarakat supados remen maos. Kejawi paring
bantuan buku, Pemerintah Propinsi DIY ugi badhe suka bantuan dana stimulan APBD
Rp. 1.000.000,- kangge lampahing kapustakan desa.
Hendarto ugi ngandharaken, buku-buku ingkang badhe dipun paringaken dhateng
kapustakan dipun larasaken kaliyan karemenanipun masyarakat desa kasebat. Kanthi
makaten, buku-buku ingkang cumawis ing saben kapustakan desa temtu kemawon boten
sami. Kadosta buku pertanian dipun cawisaken kangge masyarakat petani, lan buku-buku
kelautan lan perikanan dipun cawisaken kangge masyarakat misayamina. Kupiya punika
katindakaken supados warganing masyarakat ing karang padhusunan saged langkung
jembar wawasanipun, satemah panggesanganipun saged langkung raharja.
Afirta-Abdul Maarif
Mujudi Budaya Maos Ing Jaman Digital
Jumat, 13 september 2013| 19:05 WIB
Ngayogyakarta, www.jogjatv.tv- Laras pangrembakaning jaman, kangge mujudi budaya
maos pranyata boten gampil. Kathah pangaribawa ingkang asal saking diri pribadi
punapa dene saking perangan njawi. Kangge njurung budaya maos ing jaman digital
punika, Kemis enjing, Badan Perpustakaan Dan Arsip Daerah, ngadani worshop sesirah
“Tantangan Mewujudkan Budaya Baca Dalam Era Digital Duaribu Sebelas”.
Ing jaman globalisasi punika, pangrembakaning teknologi informasi karaos cepet sanget.
Kemajenganing teknologi punika dipun jurung dening rebat unggul ing donyaning bisnis.
Tekonologi ugi ngrambah ing babagan ladosan kapustakan. Koleksi kapustakan kedah
laras kaliyan pangrembakaning jaman. Kapustakan tetela mbetahaken teknologi, awit
saged mbiyantu ngindhakaken ladosan, suka maneka seserepan sarta saged ngirit wekdal.
Bab kasebat dipun rembag salebeting workshop ingkang dipun adani Badan Perpustakaan
dan Arsip Daerah Propinsi DIY, ing Hotel Inna Garuda, Kemis enjing.
Nalika dipun panggihi ing sak sela-selaning workshop, Kepala Badan Perpustakaan dan
Arsip Daerah Propinsi DIY, Hendarto Budiyono njlentrehaken, wonten maneka bab
ingkang njalari andhapipun budaya maos ing kalanganipun masyarakat. Antawisipun awit
winatesipun koleksi buku ingkang dipun gadhahi warga, sarta andhapipun seserepan
masyarakat bab wigatosipun maos. Lumantar workshop kasebat kaajab saged
nggrengsengaken masyarakat supados remen nambah seserepan lumantar maos.
Afirta Diah Apsari-Abdul Maarif

PAWARTOS NGAYOGYAKARTA

· Adicara : Pawartos Ngayogyakarta


· Stasiun Tv : Jogja TV
· Dinten : selasa , 8 October 2013
· Wekdal : 19.00 – 19.30 WIB
· Pranata Adicara : Margono Wedyo Pranasworo
· Reporter : Adi Mulyadi

Mbikak Lurup Cupu Kyai Panjala


1. Gunungkidul, www.jogjatv.tv – Menggahing masyarakat Jawi, dinten Selasa
(8/10) Kliwon gadhah werdi mirunggan. Kadosta ingkang dipun tindakaken
dening warga Gunungkidul, ingkang nindakaken upacara mbikak lurup Cupu
Kyai Panjala. Sedaya kedadosan, kawontenan pemerintahan lan pertanian,
sadangunipun setaun ingkang badhe kalampahan, katingal ing lawon luruping
Cupu Kyai Panjala. Nalika upacara mbikak lurup Cupu Panjala, atusan warga
ngebaki griyanipun juru kunci Cupu Kyai Panjala.
Tansaya ndalu saya kathah warga ingkang dhateng ing griyanipun Dwijo
Sumarto, juru kunci Cupu Kyai Panjala. Upacara bikak lurup Cupu Panjala,
kapurwakan dedonga sesarengan, lan dipuncawisaken ubarampe sekul gurih sarta
ingkung ayam. Saben warga ingkang dhateng dhahar kembul sekul gurih ingkang
sampun dipun cawisaken. Sasampunipun dhahar kembul, Cupu Kyai Panjala,
ingkang dipun lurupi atusan lembar mori, dipun bikak. Abdi dalem Kraton
Ngayogyakarta Hadiningrat, lajeng bikak satunggal mbaka setunggal lurup
kasebat. Kanthi permati para abdi dalem punika maos seratan ing mori wau,
ingkang nggambaraken kawontenan cuaca, karaharjan, kawontenan politik, lan
kedadosan ingkang badhe lumampah sadangunipun setaun. Dene warga ingkang
dhateng nyerat punapa ingkang dipun waos dening abdi dalem. Cupu Kyai
Panjala, inggih punika, guci alit cacah tiga, inggih punika Kenthiwiri, Kinantang
lan Semar Kinandhu, ingkang dipun wadhahi kendhaga.
Sakawit, Cupu Kyai Panjala kangge nitik kawontenan olah tetanen ingkang
badhe lumampah setaun ngajeng. Nanging anut majenging jaman, Cupu Kyai
Panjala dipun pitados suka sasmita kedadosan politik lan kedadosan sanesipun.
Seket tiga gambaran kedadosan katingal ing lurup cupu kasebat. Antawisipun
gambar sirah naga madhep ngaler. Lembar salajengipun tetesan rah garing, angka
tiga, lan mori suwek kalih lembar, gambar kleci kacang, lan gajah ndheprok.
Kajawi punika ugi wonten gambar paraga ringgit Gathutkaca, Kumbakarna, lan
Werkudara, ingkang miturut warga dados pralambang bilih politik taksih dipun
pangarsani dening tokoh lami.
Upacara bikak lurup Cupu Kiai Panjala ajeg dipun tindakaken saben taun, dipun
estreni dening warga Gunungkidul, lan sakiwa tengenipun. (Anjar Ardityo)

Warga Pringgondani Reresik Lepen Gajah Wong


2. Sleman, www.jogjatv.tv – Regedipun lepen, kejawi saged dados sumber sesakit,
ugi saged njalari tumempuhing bena. Kangge ngawekani bab kasebat, dinten
Minggu (7/10) enjing warga Padhukuhan Pringgondani, Desa Caturtunggal,
Kecamatan Depok, Kabupaten Sleman, nindakaken kerja bakti reresik ilenan
Lepen Gajah Wong ing wewengkonipun.
Miturut Ketua Komunitas Bina Lingkungan Padukuhan Pringgondani, Eko
Widiono, sinaosa warga Pringgondani asring gotong-royong reresik lepen Gajah
Wong, nanging tetela tetep kathah sangkrah ingkang kentir ilenan lepen, jalaran
taksih wonten warga ingkang mbucal uwuh dhateng lepen. Kejawi nuwuhaken
ganda banger, kathahipun sangkrah ugi saged njalari nalika mangsa rendheng
dumados bena. Awit saking punika kangge njagi resiking wewengkon pramila
warga Pringgondani boten badhe mbucal limbah komunal dhateng lepen, lan
saben tigang wulan sepisan ngadani kerja bakti reresik lepen.
Kades Caturtunggal, Agus Santoso mratelakaken, prasasat saben mangsa
rendheng, lepen gajah wong asring bena. Awit saking punika ndungkap mangsa
rendheng, warga ingkang mapan ing bantaran lepen gajah wong supados
grengseng reresik ilenan lepen kasebat, kanthi pangajab sawanci wanci dumados
jawah deres, boten dumados bena ingkang mbebayani tumrap warga ing bantaran
Lepen Gajah Wong. (Subardi)
Wandhe Klontong Rebat Unggul Kaliyan Toko Modern
3. Klaten, www.jogjatv.tv – Mratahipun toko modern samangke, njalari sepenipun
wande klontong ing wewengkon Klaten. Cakrik wande ingkang taksih
konvensional, njalari toko klonthong dipun tilar dening para pelanggan. Tanggap
dhateng kawontenan punika, bakul klonthong kupiya mranata wandenipun kados
toko modern.
Endang salah satunggaling bakul klonthong ing Desa Cungkrungan, Klaten Utara,
tansah ngrekadaya mranata dagangan ing wandenipun, kanthi dipun tata dhateng
rak-rak ingkang modern. Sakawit Endang boten nata daganganipun dhateng rak,
satemah katingal semrawut. Supados boten kawon kaliyan toko modern, Endang
ngajab Pemerintah Kabupaten Klaten migatosaken pelaku usaha wande klontong,
kanthi suka sambutan pawitan, utawi kangge ndandosi wande, supados wande-
wande tradisional langkung tumata mranani.
Salah satunggaling pembina wande klonthong ing Klaten, Sunarto mratelakaken,
ngantos samangke wande klonthong cakrikipun taksih tradisional, pramila kedah
dipun tata malih. Bab kasebat mbetahaken kawigatosan saking pemerintah, inggih
ing babagan pembinaan lan bantuwan, jalaran wande klonthong ing wewengkon
Klaten dados sumber pamedal menggahing sawetawis warga masyarakat, pramila
sampun ngantos kadhesuk toko modern. (Purwanto)

Petugas Kuwalahan Mriksa Kasarasan Kewan Kurban


4. Bantul, www.jogjatv.tv – Seminggu dungkap Dinten Riyaya Idul Adha, Petugas
Kesehatan Masyarakat Veteriner Dinas Pertanian dan Kehutanan Bantul nedheng
mriksa kasarasan rajakaya dhateng sawetawis peken rajakaya lan bakul kewan
kurban. Kathahipun rajakaya ingkang dipun sade, njalari petugas kewalahan
mriksa kasarasan kewan kurban setunggal baka setunggal.
Ngantos dinten Selasa (8/10) siyang petugas Kesmavet Dispertahut Bantul taksih
mriksa kasarasan kewan kurban dhateng sawetawis papan. Sasampunipun mriksa
rajakaya ing peken rajakaya, samangke petugas wiwit mriksa kasarasan kewan
kurban ingkang dipun sade dhateng pinggir margi. Rajakaya kasebat dipun priksa
perangan mripat, tutuk lan kukunipun. Nanging jalaran kathahipun rajakaya,
petugas kepeksa boten mriksa setunggal mbaka setunggal. Awit cacahing petugas
winates, pramila namung sawetawis rajakaya kemawon ingkang dipun priksa.
Ing Kabupaten Bantul dipun dugi wonten 3.000-6.000 lembu jaler lan 5.000-7.000
menda ingkang dipun sade kangge kurban, kamangka cacahing petugas winates.
Sinaosa makaten, kewan kurban ingkang dipun sade racakipun saras. Ewa
semanten, warga ingkang badhe tumbas rajakaya kedah teliti. Titikan rajakaya
ingkang saras, manik mripatipun resik boten rembes, wulu ulesipun lembut, tutuk
lan irung resik, sarta dhokoh nedhi. (Anang Zainuddin)

Pameran Seniman Timbul Raharjo


5. Ngayogyakarta, www.jogjatv.tv – Kangge ngregengaken pengetan ambal warsa
Kota Yogyakarta kaping 257 pitu taun, seniman Timbul Raharjo ngadani
pameran tunggal ing sauruting Jalan Malioboro ngantos Titik Nol Kilometer.
Pameran kanthi irah irahan ‘That Privilege at Malioboro” ugi kangge
nyengkuyung keistimewaan Daerah Istimewa Yogyakarta.
Miturut Timbul Raharjo, sedasa seni instalasi wohing pakaryanipun dipun pasang
dhateng Jalan Malioboro ngantos Titik Nol. Pameran punika minangka kupiya
kangge nyengkuyung keistimewaan DIY minangka kota kreatif. Wohing
pakaryanipun ingkang dipun pameraken antawisipun pepethan babi saking paku
ingkang dipun cet warni perak, sesirah Flying Boar ingkang dipun pasang dhateng
Titik Nol Ngayogyakarta, dene werdinipun soksintena kedah gadhah panjangka
luhur. Pepethan sanesipun sesirah “Bersiap” awujud pepethan manungsa saking
waja, ingkang saranduning badanipun bunder-bunder. Timbul ugi damel seni
instalasi awujud ceret angkringan. Miturut Timbul, angkringan mujudaken papan
kangge pirembagan maneka kalangan masyarakat kangge nemtokaken gagasan
enggal.
Timbul ngajab, pameran tunggal kasebat saged nggrengsengaken jagat pariwisata.
Edinipun seni instalasi luar ruang ugi badhe njurung seniman sanesipun supados
kreatif, kangge damel wohing pakarayan ingkang ngemot piweling sosial,
bebuden, lan kawigatosan dhateng sesami. (Nadi Mulyadi)

Pameran Seniman Timbul Raharjo


6. Ngayogyakarta, www.jogjatv.tv – Kangge ngregengaken pengetan ambal warsa
Kota Yogyakarta kaping 257 pitu taun, seniman Timbul Raharjo ngadani
pameran tunggal ing sauruting Jalan Malioboro ngantos Titik Nol Kilometer.
Pameran kanthi irah irahan ‘That Privilege at Malioboro” ugi kangge
nyengkuyung keistimewaan Daerah Istimewa Yogyakarta.
Miturut Timbul Raharjo, sedasa seni instalasi wohing pakaryanipun dipun pasang
dhateng Jalan Malioboro ngantos Titik Nol. Pameran punika minangka kupiya
kangge nyengkuyung keistimewaan DIY minangka kota kreatif. Wohing
pakaryanipun ingkang dipun pameraken antawisipun pepethan babi saking paku
ingkang dipun cet warni perak, sesirah Flying Boar ingkang dipun pasang dhateng
Titik Nol Ngayogyakarta, dene werdinipun soksintena kedah gadhah panjangka
luhur. Pepethan sanesipun sesirah “Bersiap” awujud pepethan manungsa saking
waja, ingkang saranduning badanipun bunder-bunder. Timbul ugi damel seni
instalasi awujud ceret angkringan. Miturut Timbul, angkringan mujudaken papan
kangge pirembagan maneka kalangan masyarakat kangge nemtokaken gagasan
enggal.
Timbul ngajab, pameran tunggal kasebat saged nggrengsengaken jagat pariwisata.
Edinipun seni instalasi luar ruang ugi badhe njurung seniman sanesipun supados
kreatif, kangge damel wohing pakarayan ingkang ngemot piweling sosial,
bebuden, lan kawigatosan dhateng sesami. (Nadi Mulyadi)
Lomba Sindhen
7. Ngayogyakarta, www.jogjatv.tv – Kementrian Pendidikan dan Kebudayaan
tembayatan kaliyan Balai Pelestarian Nilai Budaya Yogyakarta ngadani Lomba
Sindhen Cengkok Candralukitan, mapan ing Pendhapi Balai Pelestarian Nilai
Budaya Yogyakarta. Lampahing lomba dipun kepyakaken dening Dirjen
Kebudayaan Kementerian Pendidikan dan Kebudayaan ,Kacung Marijan, dinten
Selasa (8/10) enjing. Miturut Kacung Marijan, lomba sindhen ingkang saweg
sepisanan dipun adani punika, kawawas wigati awit saged dados sarana kangge
ngleluri seni adiluhung, ingkang samangke dipun kiwakaken dening wiranem.
Samangke sindhen sampun dipun kolaborasi kaliyan kesenian modern
antawisipun musik rock lan campursari. Lomba punika dipun ajab saged dados
kalodhangan kangge regenerasi sindhen. Ing tembe pehakipun gadhah gagasan
ngadani lomba sindhen kangge tataran lare-lare lan diwasa. Kepala Dinas
Kebudayaan DIY, GBPH Yudaningrat ngandharaken, Lomba Sindhen Cengkok
Condrolukitan samangke dipun estreni dening 46 pamupu, saking kabupaten lan
kota sa DIY. Dene babagan ingkang dipun biji magepokan kaliyn suwanten,
cengkok, cakepan lan wekdal. Pamupu ingkang sasab lomba, badhe pikantuk
tropi lan arta pembinaan.(Nadi Mulyadi)

Kepyakan Pameran Bkm/lkm


8. Sleman, www.jogjatv.tv – Dinas Pekerjaan Umum dan Permukiman (PUP)
Kabupaten Sleman, wiwit tanggal 8 ngantos 10 Oktober 2013, ngadani pameran
kerajinan wohing pakaryan Badan Keswadayaan Masyarakat (BKM) lan
Lembaga Keswadayaan Masyarakat (LKM) sa Kabupaten Sleman ing Gedung
Serbaguna Sleman. Lampahing pameran dipun kepyakaken dening Bupati Sleman
Sri Purnomo, dene ancasipun kangge mbiwarakaken kerajinan lan tetedhan olahan
damelanipun para perajin ing wewengkon Sleman.
Salebeting pameran kerajinan samangke, dipun bikak 75 stand BKM lan LKM sa
Kabupaten Sleman, ingkang ndhasaraken maneka kerajinan, antawisipun
kerajinan deling lan kajeng, rasukan lan kuweh kering. Miturut Ketua Panitia,
Suhadi Kamim, pameran maneka kerajinan wohing pakaryan BKM sa-Sleman
punika dados sarana pembinaan usaha, sarta kangge mbiwarakaken maneka
produk wohing pakaryan para perajin lan produsen dhateng masyarakat.
Ing sasela-selaning tetinjo lampahing pameran, Bupati Sleman Sri Purnomo
mratelakaken bilih maneka kerajinan ingkang dipun pameraken mutunipun sae.
Sinaosa makaten, kupiya kangge ngindhakaken karaharjan para perajin boten
cekap kanthi ngadani gladhen damel kerajinan kemawon, nanging ugi kedah dipun
gladhi babagan pemasaran supados usahanipun ngrembaka. (Subardi)

Anda mungkin juga menyukai