Anda di halaman 1dari 7

Upacara Miyos Gangsa Sekaten Kraton Ngayogyakarta

Kota Yogyakarta, www.jogjatv.tv – Kraton ngayogyakarta Hadiningrat, malem Selasa Kliwon (5/12)
nindakaken Upacara Miyos Gangsa Sekaten, saking kedhaton tumuju Masjid Gedhe Kauman. Upacara
miyos gangsa miwiti lampahing pahargyan Sekaten taun samangke.

Upacara Miyos Gangsa inggih upacara mboyong miyosipun kalih gangsa pusaka Kraton Ngaogyakarta,
Kyai Guntur Madu lan Kyai Naga Wilaga dhateng Pagongan Masjid Gedhe Kauman. Lampah upacara
punika inggih lampah upacara ingkang tansah dipun antu-antu dening masyarakat. Upacara Miyos
Gangsa kawiwitan upacara nyebar udhik-udhik dhateng Bangsal Ponconiti.

Upacara Miyos Gangsa, katindakaken wanci jam sewelas ndalu. Gangsa Kyai Guntur Madu lan kyai Naga
Wilaga, kaboyong miyos dening abdi dalem Kraton Ngayogyakarta. Salajengipun gangsa pusaka Kyai
Guntur Madu dipun papanaken dhateng Pagongan Kidul dene gangsa pusaka Kyai Naga Wilaga dipun
papanaken dhateng Pagongan Ler Masjid Gedhe Kraton Ngayogyakarta. Gangsa pusaka kekalih punika
dipun tabuh sadangunipun seminggu, ngantos upacara Pengetan Maulid Nabi Muhammad SAW.

Upacara miyos gangsa tansah dados punjer kawigatosan ewonan warga Ngayogyakarta lan sakiwa
tengenipun. Upacara miyos gangsa dados tandha wiwitipun upacara Sekaten ingkang dipun regengaken
pasar malem dhateng Alun-Alun Ler Kraton Ngayogyakarta. ( Fauzan Ahmad )

Dungkap Natal Lan Warsa Enggal, Sat Pol PP Nindakaken Razia

Sleman, www.jogjatv.tv – Warganing Satuan Polisi Pamong Praja (Satpol PP) Sleman, dinten Rebo (7/12)
siyang nindakaken razia spanduk lan baliho dhateng sawetawis papan mathis ing Sleman ingkang nerak
pranatan lan mboten izin. Salebeting operasi kasebat, Satpol PP nyopot spanduk ingkang dipun pasang
dhateng sanginggil margi sarta baliho lan poster ingkang dipun pasang dhateng cagak listrik. Spanduk lan
baliho kasebat lajeng dipun simpen dhateng gudang Sat Pol PP Sleman.

Miturut Kasatpol PP Sleman, Joko Supriyanto, razia spanduk lan baliho kasebat mengku ancas kangge
njejegaken pranatan lan mujudi wewengkon Sleman ingkang resik lan tumata nalika natal lan warsa
enggal benjing. Kejawi razia spanduk, samangke Sat Pol PP Sleman ugi nedheng nindakaken operasi anti
tindak kemaksiatan amrih swasana kamtibmas ing Sleman aman. ( Subardi )
Upacara Miyos Gangsa Kraton Surakarta Hadiningrat

Solo,www.jogjatv.tv – Pahargyan Sekaten rerangken Pengetan Maulid Nabi Muhammad SAW, ing
Kraton Kasunanan Surakarta Hadiningrat kawiwitan malem Selasa Kliwon, tanggal 5 Desember kalih
ewu nembelas. Upacara Sekaten punika kapurwakan kanthi Upacara Miyos Gangsa Sekaten, Kyai
Guntur Madu lan Kiai Guntur Sari, kaboyong miyos saking Langen Katong dhateng Masjid Agung Kraton
Surakarta ingkang tebihipun 500 meter saking kedhaton.

Gangsa Kyai Guntur Sari dipun papanaken dhateng Bangsal Pradangga Ler dene Kiai Guntur Madu dipun
papanaken dhateng Bangsal Pradangga Kidul.

Kekalih gangsa pusaka dipun tabuh wiwit bakda Luhur, dinten Selasa tanggal 6 Desember 2016.

Salajengipun gangsa pusaka wau dipun tabuh sadanguning seminggu ngantos dungkap Garebeg
Maulud. Nabuh gangsa pusaka punika mengku wedi ngengetaken manungsa supados tanggel jawab lan
tansah sesuci dhiri. Kanthi ungeling Gendhing Rambu lan Gending Rangkung minangka pralambang
donga pamuji lan sesuci. ( Heru Kristiyanto )

Pameran Senirupa Ing Tengah Kampung

Bantul, www.jogjatv.tv – Pameran seni rupa limrahipun dipun gelar dhateng galery punapa dene
gedung. Nanging sawetawis seniman ing tlatah Imogiri nanjakaken griya sepuh ing tengah kampong
kangge mameraken wohing pakaryanipun. Para seniman mratelakaken marem, wohing pakaryanipun
saged dipun tingali dening masyarakat.

Wiwit dinten Senen (16/1) sonten, 20 seniman saking Imogiri, Dlingo lan Jetis, Bantul warganing
Kelompok Sidji nggelar pameran seni rupa. Gumelaring pameran memper kados pameran limrahipun
nanging papanipun dede dhateng gedung punapa dene galery seni nanging dhateng satunggaling griya
limasan gadhahan Warga Minggiran Imogiri, ingkang dipun tanjakaken dados galery dadakan
sadangunipun seminggu.

Miturut salah satunggaling seniman, Sepa Harsono sengaja nggelar pameran ing tengah kampung
supados masyarakat saged ningali wohing pakaryan seniman seni rupa ing sakiwa tengen Imogiri.
Tumrap para sutresna seni rupa ingkang badhe ningali pameran saged ngakses lumantar katalog digital
ingkang dipun cawisaken dening Paguyuban Sidji. Miturut rantaman pameran badhe dipun gelar ngantos
tanggal 20 Januari 2017. ( Anang Zainuddin )

Peken Rajakaya Imogiri Boten Kaperbawan Isu Antraks

Bantul, www.jogjatv.tv – Mratahipun isu kasus antraks ing wewengkon Kulon Progo lan Sleman,
pranyata boten mangaribawani dhateng lampah dagang rajakaya ing Peken Legi, Imogiri, Bantul.
Lampah dagang ing peken rajakaya punika tetep limrah kados padatan, kepara regi rajakaya saya
mindhak awis.

Dinten Kemis (26/1) siyang,lampah dagang ing peken punika katingal lumampah limrah kados padatan.
Regengipun pawartos ing media massa ingkang nyebataken dumados kasus antrakd ing Kabupaten
Kulon Progo lan Sleman, mboten mangaribawani lampah dagang ing peken rajakaya punika.

Turadi, petugas Peken Rajakaya Imogiri mratelakaken, kawontenan peken rajakaya limrah kados
padatan. Kepara regi rajakaya saya mindhak awis. Isu antraks boten mangaribawani lampah dagang ing
Peken Legi punika, awit racakipun rajakaya ingkang dipun sade inggih asal saking Gunung Kidul lan
Bantul.

Kangge ngawekani bab-bab ingkang mboten dipun pikajengi, Dinas Pertanian, Pangan, Kelautan dan
Perikanan, mbenum kalih dokter hewan ingkang tansah sumadya ing Peken Imogiri saben pekenan
peken rajakaya kasebat. Kanthi makaten sedaya titikan sesakit rajakaya saged tumuli dipun mangertosi
lan tumuli dipun tangani kanthi satrepipun. ( Anang Zainuddin )

GAGAL PANEN NJALARI REGI LOMBOK AWIS


Bantul, www.jogjatv.tv – Kathahipun pategalan lombok ingkang katerak sesakit njalari produksi lombok
ing Kabupaten Bantul anjlok. Tundhanipun regi lombok saya awis. Dinas Perindagkop mawas regi
lombok taksih limrah lan dereng perlu wontenipun operasi pasar.

Kepala Bidang Perdagangan Disperindagkop Bantul, Sahadi Suparjo mratelakaken, ngantos samangke
regi sawetawis komoditas kadosta lombok lan sayur sampun mindhak awis. Kawontenan punika inggih
jalaran kawontenan cuaca ingkang boten kantenan satemah kathah taneman lombok ingkang katerak
sesakit. Tundhanipun pasokan lombok randhat lan winates satemah regi lombok mindhak sakalangkung
awis. Sinaosa makaten Disperindagkop dereng badhe nindakaken operasi pasar, awit reginipun taksih
kapetang limrah.

Samangke dhateng sawetawis peken, regi lombok rawit abrit ngantos sewidak ewu rupiyah saben kilo.
Sinaosa reginipun awis nanging pasokan kawawas taksih aman lan nyekapi. Samangke lombok kedah
masok saking tlatah Wonosobo sarta Karanganyar Jawa Tengah. Miturut pandugi kalih ngantos tigang
minggu ngajeng regi badhe wangsul popog malih awit para petani lombok ing Gunung Kidul tumapak
wanci panen.

(Anang Zainuddin)

Taneman Lombok Katerak Pathek

Bantul, www.jogatv.tv — Kawontenan cuaca ingkang mboten gumathok mangaribawani dhateng sektor
pertanian. Taneman lombok ing tlatah Palbapang, Bantul katerak pathek lan jamur batang. Tundhanipun
lombok ingkang dipun panen mboten pajeng, kamangka samangke regi lombok awis. Kalih minggu
pungkasan, taneman lombok gadhahanipun Marsudi ing tlatah Palbapang, Bantul, katerak pathek lan
jamur batang. Lombok ingkang sampun abrit dados cemeng. Maneka kupiya dipun lampahi antawisipun
kanthi dipun semprot lan dipun rabuk nanging kasunyatanipun paneraking ama dereng mendha.
Miturut panduginipun, paneraking pathek kasebat awit anomali cuaca.

Samangke regi lombok awis. Lombok rawit abrit reginipun sewidak ewu saben kilo. Emanipun bab
kasebat mboten bebatheni tumrap petani lombok, mliginipun ing tlatah Palbapang, Bantul awit
taneman lombok ing wewengkon prasasat katerak pathek lan jamur batang. Para petani samangke
namung saged pasrah dhateng kawontenan lan ngajab supados para praktisi pertanian damel obat
kangge mbrastha ama pathek. ( Anang Zainuddin )
MUSIK SARANA PROMOSI WISATA

Yogyakarta, www.jogjatv.tv – Daerah Istimewa Yogyakarta kathah nglairaken musisi-musisi industri


musik. Mboten saged dipun selaki, musik dados sarana kangge manunggalaken penduduk, kepara
kangge sarana promosi industri pariwisata .

Para sutrensa musik ingkang ugi ambyur ing jagat seni saya dangu ugi saya majeng, kepara group band
lokal ugi saged monjo ing madyaning masyarakat awit genre ingkang dipun cawisakan maneka warni,
antawisipun pop, dangdut sarta lagu nostalgia. Awit musik dados sarana kangge nglempakaken
masyarakat, Dinas Pariwisata dan Budaya Kota Yogyakarta, memitran kaliyan group band lokal kangge
mimbuhi regenging industri wisata, lumantar pentas musik kangge biwara lan narik kawigatosan
wisatawan. Parkiran Abubakar Ali dipun tanjakaken kangge nggelar pentas music awit papan kasebat
dados jujugan rombongan wisatawan ingkang kaangkah saged suka panglipur mligi tumrap wisatawan
ingkang plesir dhateng Kota Yogyakarta.

Kajawi punika, Pentas Kawasan ugi dados wadhah tumrap komunitas lan group band lokal kangge
ndayakaken kasagetanipun ,ngiras kangge nglipur wisatawan. ( Heri Susanto )

SEDEKAH LAUT PESISIR GESING

Gunungkidul, www.jogjatv.tv – Atusan kadang misaya mina, Desa Girikarto, Kecamatan Panggang,
Kabupaten Gunungkidul nggelar upacara sedekah laut minangka wujud pratelan raos syukur
dhumateng Gusti ingkang hakarya jagat awit sempuluring rejeki ingkang dipun tampi sadangunipun
setaun. Upacara sedekah laut dipun tindakaken kanthi nglarung sesaji, wulu wedaling bumi lan woh-
wohan dhateng tengahing seganten ingkang tebihipun 2 mil saking kisiking samodra. Sinaosa aluning
seganten nggayuh 2,5 meter nanging mboten nyurudaken gregeting kadan misaya mina kangge
nindakaken upacara. Upacara larung sesaji, kawiwitan kendurenan dipun estreni dening atusan warga.

Miturut ketua panitia , Aris Sargiyono, sedekah laut taun samangke kridha ingkang kaping 13 ugi
minangka donga pamuji amrih tansah pinaringan pengayoman saking ngarsanipun Gusti ingkang
hakarya jagat. ( Anjar Ardityo )
Sarasehan Kesehatan,Antisipasi Penyakit Stroke

Sleman, www.jogjatv.tv – Kangge ngawekani satunggaling sesakit, Gabungan Organisasi Wanita (GOW)
Kabupaten Sleman, nggelar sarasehan kesehatan ing Aula Kantor DPRD Sleman, dinten Selasa (25/10)
siyang. Ancasipun supados para wanita, pana dhateng penyakit stroke lan saged nindakaken
pencegahan dini.

Sarasehan kanthi nara sumber, dokter RSUD Sleman, Eni Nurhidayati kasebat njlentrehaken penyakit
stroke lan caranipun ngawekani. Miturut dokter Eni, penyakit stroke inggih sesakit awit pangaribawa
sesakit sanes, antawisipun ludira inggil, kolesterol tinggi , asam urat lan trigliserit tinggi jalaran pola
makan tidak sehat. Supados mboten nandhang stroke, prayogi olahraga kanthi ajeg lan nengenaken
pola makan sehat.

Miturut penasehat GOW Kabupaten Sleman, Vera Sofyan, sarasehan kesehatan ugi dados kalodhangan
kangge nyupeketaken kekadangan sarta suka seserepan caranipun njagi kasarasan badan amrih tansah
saras. ( Subardi )

LOMBA MACAPAT SISWA LAN GURU

Bantul, www.jogjatv.tv – Minangka kupiya kangge nepangaken lan memetri kagunan seni budaya jawi,
mliginipun seni macapat, Dinas Pendidikan Dasar Kabupaten Bantul, dinten Senen (24/10) siyang nggelar
lomba macapat kangge siswa lan guru. Wakil saking 17 kecamatan saKabupaten Bantul, tumut mupu
lomba. Mbaka setunggal pamupu lomba macapat nedahaken kasagetanipun nyekar macapat dhateng
sangajeng dewan juri. Sinaosa wonten ingkang kirang laras nanging para pamupu lomba katingal
sengguh mupu lomba ingkang saweg sepisanan dipun gelar dening Dinas Pendidikan Dasar punika.

Miturut panitia lomba macapat, Sartono, ancasing lomba kangge nepangaken seni macapat tumrap
siswa sarta minangka kupiya kangge memetri seni lan budaya tradisional. Kangge dinten Senen (24/10)
lan Selasa (25/10), dipun gelar lomba macapat tumrap siswa lan guru SD sarta SMP. Ing dinten Rebo
(26/10) dipun gelar lomba sesorah kangge siswa SMP. Salebeting lomba samangke, saben Unit
Pelaksana Teknis (UPT) PPD saben kecamatan ngintunaken 4 pasarta, inggih punika siswa lan guru SD
sarta SMP. Tumrap pamupu ingkang sasab lomba, badhe nampi tropi sarta arta pembinaan. ( Anang
zainuddin )

Anda mungkin juga menyukai