Anda di halaman 1dari 2

TUGAS BAHASA JAWA KELAS X

MACA PAWARTA

 Dene jinis-jinising pawarta bisa katilik saka (1) wujuding pawarta, (2) cara anggone mbiyawarakake
pawarta, lan (3) isi sajroning pawarta.
Jinising pawarta katitik saka wujuding pawarta kaperang dadi loro, yaiku (1) pawarta lisan lan (2)
pawarta tulis.
Jinising pawarta katilik saka cara anggone mbiyawarakake pawarta bisa kaperang dadi: (1) pawarta
bentuk cetak, (2) pawarta bentuk siaran, (3) pawarta liwat internet, lan (4) pawarta bentuk lisan.
Katilik saka isining pawarta, teks pawarta bisa kaperang dadi pawarta langsung, pawarta opini, pawarta
interpretative, pawarta mendalam, pawarta penjelasan, pawarta penyelidikan, pawarta singkat, pawarta
basi, pawarta apus-apus, pawarta foto, pawarta kilat, lan pawarta pambuka halaman (opening news).
 Maca pawarta kuwi kalebu jinising kaprigelan maca, yaiku maca nyaring utawa maca nganggo swara sing
sora lan cetha.
 Ancase kanggo menehi pakabaran, informasi, lan warta marang wong sing ngrungokake pawarta, mula
pawongan sing maca pawarta kuwi becike duweni kaprigelan lan mangerteni babagan teknik maca
pawarta, utamane maca pawarta ing siaran TV.
 Teknik kang kagunakake rikala maca pawarta antarane kudu nggatekake babagan, lafal utawa pocapan,
intonasi utawa lagu ukara, kawijangan pocapan, pandelelnge mripat, lan sikap maca pawarta.
 Pawarta kalebu salah sawijining teks basa Jawa kang duweni struktur utawa kaidah panulisan sing baku
mula saka kuwi dibutuhake teknik kang trep kanggo nulis lan nyusun sawijining pawarta.
 Teknik kang kagunakake kanggo nulis pawarta miturute para ahli ana 3 warna, yaiku teknik piramida
terbalik, teknik rumus 5W+1H, lan teknik panulisan pawarta nganggo teras berita.
 Langkah-langkah kang kudu katindakake rikala nulis pawarta antara liya, yaiku nemtokake prastawa
utawa kedadeyan sing bakal didadekake pawarta, nggoleki sumbering pawarta, wawancara, observasi, lan
dokumentasi, nyathet bab-bab kang wigati, gawe cengkorongan pawarta, nulis teras pawarta, nulis isining
pawarta, sing pungkasan, yaiku kagiyatan panyuntingan pawarta

Tugas Maca Pawarta!!!!

1. Gawea teks pawarta Bahasa Jawa kang ngandhut unsur-unsur 5W + 1 H!


2. Wacanen teks pawarta kang digawe mau kanthi nggatekake teknik-teknik maca
pawarta kang becik!
3. Tugas maca pawarta divideo ngginakake HP!

NB.
Soal difotokopi banjur digarap ing swalike!
Tugas teks pawarta dikempalke ing kantor, dene tugas video dikirim lumantar group WA Bahasa
Jawa!

Anda mungkin juga menyukai