Anda di halaman 1dari 14

Wulangan

2 Pawarta

Capaian Pembelajaran Tujuan Pembelajaran


Menyimak
Setelah mempelajari materi ini, siswa diharapkan mampu:
Peserta didik mampu mengapresiasi dan memahami 1. memahami pengertian pawarta;
informasi berupa arahan atau pesan yang akurat dari 2. mampu mengidentifikasi jenis pawarta; serta
menyimak teks sastra dalam bentuk cerita wayang 3. menulis teks pawarta.
(Mahabharata).
Membaca
Peserta didik mampu memahami kaidah penulisan teks Kata Kunci
aksara Jawa melalui kegiatan membaca teks aksara Jawa
(misalnya: nglegena-pasangan/sandhangan/angka/swara/
murda/rekan/lainnya). Peserta didik mampu mengevaluasi Pawarta, katrangan, kalawarti, lesan
informasi berupa gagasan, pikiran, pandangan, arahan
atau pesan dari berbagai jenis teks nonsastra (misalnya:
deskripsi/narasi/eksposisi/argumentasi atau lainnya) untuk
menemukan makna yang tersurat dan tersirat. Peserta Profil Pelajar Pancasila
didik mampu memahami dan mengevaluasi informasi
berupa gagasan, pikiran, pandangan, arahan atau pesan
1. Beriman, bertakwa kepada Tuhan Yang Maha Esa,
dari teks sastra berupa geguritan untuk menemukan
dan berakhlak mulia: memahami ajaran agama dan
makna yang tersurat dan tersirat. Peserta didik mampu
kepercayaan serta menerapkan pemahaman tersebut
mengidentifikasi penggunaan Bahasa Jawa sesuai dengan
dalam kehidupanya sehari-hari.
kaidah kebahasaan (paramasastra) dan unggah-ungguh
2. Mandiri: mempunyai rasa tanggung jawab terhadap
basa untuk berbagai tujuan secara logis, kritis, dan kreatif.
aktivitas belajar dan hasil belajarnya.
Berbicara
3. Bernalar kritis: mampu secara objektif memproses in-
Peserta didik mampu menggunakan Bahasa Jawa sesuai formasi baik kualitatif maupun kuantitatif, membangun
dengan kaidah kebahasaan (paramasastra) dan unggah- keterikatan antara berbagai informasi, menganalisis
ungguh basa untuk menyampaikan informasi berupa informasi, mengevaluasi, dan menyimpulkan.
gagasan, pikiran, perasaan, pandangan, arahan atau
4. Kreatif: mampu memodifi kasi dan menghasilkan
pesan yang akurat dari teks nonsastra (misalnya: pawarta/
sesuatu yang orisinal, bermakna, bermanfaat, dan
reportase/lainnya).
berdampak.
Menulis
Peserta didik mampu menulis gagasan dan pikiran dalam
bentuk teks Aksara Jawa dengan memperhatikan kaidah
penulisan aksara Jawa. Peserta didik mampu menulis Peta Konsep
gagasan, pikiran, pandangan, arahan dalam bentuk
teks sastra geguritan. Peserta didik mampu menulis
gagasan, pikiran, pandangan, arahan dalam berbagai Nyemak Pawarta
jenis teks nonsastra (misalnya: deskripsi/narasi/eksposisi/
argumentasi/lainnya) untuk berbagai tujuan secara logis,
Pawarta
kritis, dan kreatif. Peserta didik mampu mengolah dan
menyajikan secara lisan berupa gagasan, pikiran, perasaan,
pandangan, arahan atau pesan yang akurat melalui teks Nulis lan Maca Pawarta
nonsastra dalam bentuk pawarta.

18 Basa Jawa Kelas X SMA/MA Semester 1


Purwaka
Apa kowe nate ngrungokake pawarta? Ing ngendi anggonmu
ngrungokake? Pawarta dadi salah sawijine sarana nyebarake
informasi. Informasi bisa ditemokake lumantar media apa bae.
Tuladha pawarta lumantar media cetak yaiku kalawarti lan ariwarti.
Tuladha pawarta lumantar media elektronik yaiku tipi, radhio, lan
internet. Supaya bisa luwih mangerteni babagan pawarta,
sinaunen wulangan iki kanthi permati!

Gambar penyiar pawarta tipi.


Pancingan Pasinaon

1. Apa sing kokmangerteni saka pawarta?


2. Ana ing ngendi biyasane pawarta iku?
3. Pawarta apa bae sing wis tau kokwaca?
4. Kepriye wujude pawarta?
5. Apa kang dijlentrehake ing sajroning pawarta?

Ringkesan Materi

A. Nyemak Pawarta

Nyemak klebu salah sawijining katrampilan basa. Katrampilan kasebut gunggunge ana 4 yaiku maca,
nulis, nyemak, lan micara. Nyemak pawarta temtu dumadi kagiatan sing mesthi dilakoni sabendina.
Supaya luwih mangerteni babagan pawarta, gatekna materi ing ngisor iki kanthi permati!
1. Pangertene Pawarta
Warta ing kamus Basa Jawa (2001) tegese kabar. Wong kang golek warta lan nulis warta
kasebut wartawan. Tipi umume duwe acara warta amarga iku penting tumrap masarakat. Anane
siyaran warta bisa gawe masarakat ngerti kedadeyan-kedadeyan ing ngendi-endi. Saliyane iku, uga
bisa kanggo pangeling supaya waspada, contone warta ngenani akehe maling lan wong culika ing
jaman saiki. Pawarta yaiku katrangan kang bisa menehi pangerten ngenani sawijining kahanan.
Perangane pawarta ing basa Inggris iku diarani 5W+1H, yaiku Who, What, When, Where, Why, lan
How. Pangertene ing basa Jawa yaiku sapa, apa, ing ngendi papane, geneya, lan kepriye.
Pawarta minangka prastawa kang diwartakake. Pawarta iku bisa arupa lesan lan tulisan. Lesan
ateges pawarta iku bisa diwartakake dening wong liya kanggo pamiarsa lumantar swara. Lesan
biyasane digiyarake lumantar radhio, tipi utawa diwaca apa anane.
2. Perangan Pawarta
Perangan pawarta ing antarane yaiku kaya mangkene.
a. Headline (judul/irah-irahan)
Headline yaiku irah-irahan kang gunane kaya ngisor iki.
1) Gampangake pamaca ngreteni pawarta kang bakal diwaca.
2) Nuduhake pawarta kang dianggep penting kanthi variasi aksara utawa gambar.
b. Deadline
Ancas deadline yaiku nuduhake papan kedadeyan lan jeneng media massa. Mula perangan
iki nyebut jeneng media massa, papan, lan tanggal kedadeyan.

Basa Jawa Kelas X SMA/MA Semester 1 19


c. Lead (teras pawarta)
Lead biyasane katulis ing wiwitan pawarta/ing paragrap kapisan. Bab iku tinulis amarga
minangka perangan kang wigati saka pawarta, kang nemtokake isine pawarta, lan gambarake
sakabehe pawarta.
d. Body (tubuh/surasane pawarta)
Surasane nyritakake prastawa kang diwartakake kanthi basa kang cekak, aos, lan cetha.
Kanthi mangkono body minangka pangembange pawarta.
3. Jinis Pawarta
Jinis-jinis pawarta yaiku kaya mangkene.
a. Pawarta dadakan
Pawarta dadakan yaiku pawarta kang wektu lan panggonan kedadeyane ora kena
dipesthekake.
Tuladha: kacilakan montor mabur, banjir, kebakaran, lan liya-liyane.
b. Pawarta dinan
Pawarta dinan yaiku pawarta kang wektu lan panggonan kedadeyane wis dimangerteni
sadurunge.
Tuladha: pembukaan sekolah anyar, kunjungan presiden ing Batang, lan liya-liyane.
c. Pawarta crita
Pawarta crita yaiku pawarta kang ora dibatesi dening wektu lan panggonan, gambarake
objek kang nengsemake/human interest. Pawarta iki diwedharake mung kanggo lelipuran utawa
selingan.
Tuladha: crita objek wisata, crita bab kasenengan/hobi, lan liya-liyane.
4. Unsur-Unsur Pawarta
Unsur-unsur kang kudu ana ing pawarta yaiku 5W + 1H.
a. W1 =What
What (apa) yaiku jlentrehake babagan apa kang ana ing pawarta iku.
b. W2 = Who
Who (sapa) yaiku jlentrehake babagan sapa utawa paraga kang ana ing pawarta. Unsur
sapa iki biyasane dijlentrehake kanthi jangkep, kayata babagan titikane, pangkat, umur, lan
sapanunggale.
c. W3 = When
When (kapan) unsur kang jlentrehake wektune prastawa ing pawarta iku kedadeyan.
Unsur when iki bisa kasebut nganggo jam, uga bisa kasebut kayata mau isuk, bingi, sore, lan
sapanunggale.
d. W4 = Where
Where (nang endi) yaiku jlentrehake babagan panggonan kedadeyan prastawa ing pawarta
iku. Tuladhane kayata “dhompet kae tiba ora adoh saka omahku”.
e. W5 = Why
Why (nangapa/geneya) nuduhake sabab-musabab geneya prastawa iku kedadeyan.
f. H = How
How (kepriye) jlentrehake babagan kepriye prastawa iku kedadeyan. Bisa uga nuduhake
kepriye swasana ing prastawa iku.
5. Sipate Pawarta
Kang diarani pawarta iku kudu duwe watak sesipatan utawa ciri wanci kaya mangkene iki.
a. Pawarta iku kudu adhedhasar kasunyatan (fakta).
b. Kasunyatan (fakta) mau, kudu nyata-nyata kadaden.
c. Kasunyatan ing pawarta kudu kapisah karo panemu (opini).
d. Pawarta kudu timbang (seimbang), ora kena mihak sapa bae.

20 Basa Jawa Kelas X SMA/MA Semester 1


6. Wujud Pawarta
Pawarta bisa dicawesake liwat pirang-pirang bentuk/wujud yaiku kaya mangkene.
a. Bentuk cetak
Bisa awujud kalawarti/ariwarti tuladhane: kalawarti djokolodang, kalawarti panjembar
semangat, lan sanesipun.
b. Bentuk siaran
Bentuk siaran iki pada samya kanthi liwat lisan anangeng mbutuhake media kanggo
nyawisake pawarta. Tuladhane: pawarta basa Jawa TA TV, pawarta basa Jawa Jogja TV, pawarta
basa Jawa Radhio Persatuan, pawarta basa Jawa TV Semarang, lan sapanunggalane.
c. Liwat internet
Berita basa jawa utawa pawarta basa jawa sing dicawisake lewat media internet bisa
awujud website utawa blog. Tuladhane situs sing nyawisake berita basa jawa: pawarta
bahasa jawa, sesorah jawa, kumpulan cerita bahasa jawa, cerita wayang bahasa jawa, lan
sapanunggalane.
d. Bentuk lisan
Bentuk lisan bisa dicawisake saka sapa wae, ateges warta sing dicawisake langsung saka
sing ngerteni pawarta. Tuladhane: anak marang bapak, utawa sewalike.
7. Bobot Biji Pawarta
Pawarta minangka prastawa kang diwartakake. Pawarta iku bisa arupa lesan apadene tulisan.
Lesan ateges pawarta iku bisa diwartakake dening wong liya kanggo pamiyarsa lumantar swara.
Tulisan pawarta iku lumrahe ana ing ariwarti lan kalawarti. Perangan kang nemtokake bobot biji
pawarta yaiku kaya ing ngisor iki.
a. Aktualitas.
b. Sesambungan karo papan kedadeyan (faktual).
c. Sesambungan karo unsur-unsur kang ketut ing sakjrone kedadeyan.
d. Sesambungan karo pagaweyan pamaca/pamiyarsa.
e. Ganepe pawarta.
8. Nyemak Pawarta
Saya akeh gunane pawarta kuwi tumrap pawongan, saya mundhak dhuwur biji pawarta kuwi
tumrap dheweke. Para siswa kang kulina ngrungokake pawarta basa Jawa mesthine bisa tambah
wawasan lan pangertene marang ukara basa Jawa. Kang perlu digatekake nalika ngrungokake
pawarta utawa informasi yaiku kaya mangkene iki.
a. Mangerteni kanthi cetha masalah kang disampekake.
b. Bedakake informasi kang penting lan ora penting.
c. Nyathet informasi sing bener lan premati.

Gladhen Mandhiri
Wangsulana pitakonan ing ngisor iki kanthi trep!
1. Apa arane pawongan kang nyiyarake pawarta?
Wangsulan: .......................................................................................................................................
2. Apa tegese tembung warta?
Wangsulan: .......................................................................................................................................
3. Tulisna dasanamane pawarta!
Wangsulan: .......................................................................................................................................
4. Apa tegese up to date?
Wangsulan: .......................................................................................................................................
5. Andharna tegese tembung wigati!
Wangsulan: .......................................................................................................................................

Basa Jawa Kelas X SMA/MA Semester 1 21


Gladhen Kelompok
Garapen gladhen ing ngisor iki kanthi kelompok!
Bebarengan kanca samejamu goleka sawijining pawarta kang migunakake basa Jawa kang kagiyarake
lumantar tipi utawa radhio. Tulisen pawarta kuwi, banjur dhiskusekna karo kancamu, apa kang dadi topik
ing pawarta kang kokrungokake!
Irah-irahan : ................................................................................
Ancas/tujuan : ................................................................................
Dina/tanggal : ................................................................................
Sumber pawarta : ................................................................................
Jam (manawa lumantar tipi utawa radhio) : ................................................................................
Kasile:
1. Surasane : ................................................................................
................................................................................
................................................................................
2. Pesen utawa amanat : ................................................................................
................................................................................
................................................................................
3. Panutup : ................................................................................
................................................................................
................................................................................

B. Nulis lan Maca Pawarta

Nulis kuwi ora angel, ora prelu ragad gedhe, ora prelu uga butuhake wektu kang akeh. Nanging
angel amarga ora gelem mujudake kang ana pamikire banjur didekake kasunyatan kang awujud tulisan.
Sejatine yen pengin dadi penulis ora perlu susah-susah mung cukup karep bae.
Ana ing piwulangan iki para siswa kaajak nulis pawarta. Sapa ngerti yen temen anggone sinau
besuk bisa dadi jurnalis kang misuwur kaya Putra Nababan, Mochtar Lubis, Fareed Zakaria, uga isih
akeh jurnalis-jurnalis ana ing donya iki.
Ana ing ngarep wis kawedharake bobot pambijine pawarta. Bobot pambijine pawarta dadi dhasare
kanggo nulis pawarta. Banjur kepriye wiwitane nulis pawarta? Coba gatekna urutane nulis pawarta ana
ing ngisor iki!
1 Perangane Pawarta
Perangane pawarta (bangunan cerita) kang pokok, yaiku kaya ing ngisor iki.
a. Irah-irahane
Iirah-irahan bisa nggampangake para pamaca kanggo ngranggeh maknane.
Ana pirang perkara kang kudu digatekne nalika nulis irah-irahan pawarta, yaiku kaya ing
ngisor iki.
1) Babagan wigati nalika nulis irah-irahan.
a) Kudu nggambarake isine pawarta.
b) Ngedohne tetembungan kang bombastis.
c) Ngedohne saka salah tafsir.
d) Aja adu-adu (adu domba) ngedu wong utawa golongan.
e) Prayoga migunakake ukara tanduk lan aja migunakan ukara inverse.
f) Judul/irah-irahan kang arupa opini perlu nyebutake sumbere.
g) Irah-irahan kudu bisa dudut kawigaten.
Sabanjure, yen wis paham karo pitung perkara kang gegayutan karo irah-irahan saiki coba
gatekna jinise irah-irahan iki.

22 Basa Jawa Kelas X SMA/MA Semester 1


a) Striking statement (menggemparkan), yaiku irah-irahan kang sipat gara-gara, yaiku
kang bisa gawe oreging jagad.
b) Provocative statement, yaiku irah-irahan kang bisa dudut kawigaten.
c) Label utawa atiket, yaiku irah-irahan mung kaya dene jeneng (merek), umpamane
obat-obatan.
d) Deklaratip, yaiku irah-irahan kang mujudake ukara andharan sing ringkes, padhet
nanging jelas ukurane.
e) Direct address, yaiku irah-irahan kang langsung nyulek marang sawijineng perkara.
f) Pernyataan, yaiku irahan kang awujud ukara pitakon jangkep kanthi tandha pitakon
(?) ing saburine ukara mau.
g) Cuplikan, yaiku irahan-irah kang awujud cuplikan saka pangandikan/dhawuh saka
wong kang misuwur.
b. Alinea pambuka
Sarat lan jinise alinea pambuka parjlentrehe yaiku kaya mangkene.
1) Sarat alinea pambuka
Alinea pambuka ing pawarta iku kudu bisa ngganggoni telu perkara, yaiku kaya ing ngisor
iki.
a) Dudut kawigaten pawaca.
b) Menehi informasi, babakan kang penting ing pawarta iku.
c) Bisa jurung pamaca amrih bisane mlebu ing perangan isi pawarta sabanjure.
2) Jinis alinea pambuka
Jinise teras/alinea pambuka yaiku ing ngisor iki.
a) Teras cerita, yaiku sawijining teras/alinea kang isine swasana kang dayani kaya sing
kang maca dadi paraga ing prastawa iku.
b) Teras deskriptip, yaiku teras kang bisa nyipta gambaran imajinasi daya pangangen-
angen para kang maca.
c) Teras deduktip, yaiku teras kang migunakake dudut (simpulan) ing perangan awal
alinea.
d) Teras induktip, yaiku teras kang migunakake dudut (simpulan) utawa ukara pokok ing
perangane akhir alinea.
e) Teras induktip-deduktip, yaiku teras kang migunakake cara deleh ukara pokok ing
alinea awal lan akhir.
f) Teras ringkasan, yaiku teras kang tulisan inti saka prastawa pawarta.
g) Teras langsung menunjuk, ing teras iki tembung kang digunakake kaya ngajak pamaca
melu cawah maring prastawane.
h) Teras kontras, yaiku teras ing alinea kapisan ana loro pranyatan saka loro kasunyatan
(fakta) sing beda.
i) Teras kutipan, yaiku teras kang isine pangandikan, panemu, utawa dhawuhe wong
jadhug, misuwur.
c. Awak pawarta
Ing perangan iki mujudake geganepe saka sawenehe pawarta, lumrahe awak pawarta iki
mujudake perangan kang penting yen ketimbang karo alinea sadurunge. Sing diarani awak-
awak ing kene yaiku pokok-pokok utawa perangan penting kang amangun pawarta. Ing basa
Indonesia, lumrah diarani unsur/struktur berita. Dene sing kalebu awake pawarta yaiku kanthi
wujud 5W + 1H, yaiku kaya mangkene iki.
1) Apa (what), apa kang lagi kadaden.
2) Sapa (who), sapa paraga/wong kang ana prastawa kang lagi kadaden.
3) Ing ngendi (where), ing ngendi papan kadadene prastawa.
4) Dhek kapan (when), kapan kedadeyane prastawa.
5) Genea (why), geneya prastawa iku bisa kedadeyan.
6) Kepriye (who), kepriye larah-larahe prastawa iku kedaden.

Basa Jawa Kelas X SMA/MA Semester 1 23


d. Panutupe pawarta
Perangane kang pungkasan saka pawarta yaiku penutup. Dene penutup pawarta iki jinise
kaya ing ngisor iki.
1) Arupa ringkasan. Kang arupa ringkasan iki isine malah ngarah ing perangan teras.
2) Arupa dudutan. Isine dudutan saka sapa kang dicritakake.
3) Puncak (klimaks). Ditulis runtut (kronologis).
4) Ngagetake. Ngarahake para kang maca ing sawenehe perkara kang ora diduga-duga
sadurunge.
5) Nglangut. Kaya-kaya ora ana selehe, ora ana enteke.
2. Titikane Pawarta
Titikane pawarta kang becik, yaiku kaya ing ngisor iki.
a. Migunakake basa kang gampang dimangerteni
b. Kudu ngemot 6 perangan, yaiku what, who, why, when, where, lan how.
c. Ora mojokake utawa mihak salah sijine golongan utawa pawongan.
d. Katulis kanthi bener lan apa anane.
e. Anyar.
3. Cara Golek Pawarta
Cara golek pawarta yaiku kaya ing ngisor iki.
a. Wawansabda (wawancara), yaiku takon/nakoni/nakokake marang wong liya (saksi, paraga/
pelaku, ahli) babakan perkara utawa bab kang dadi musababe kedadeyane prastawa.
b. Ndeleng, ngrekam, moto, nyatet kabeh prastawa ing papan kedadeyan.
c. Ngunduh pawarta saka kantor berita, internet, radhio lan liyane kanthi tetep nyebutake sumber
pawartane mau.
d. Panaliten. Kanggo jangkepi prastawa kang wis ditulis, gawehane wartawan bisa uga nindakake
panaliten ing buku, dokumen, kang bisa awujud data, tabel lan informasi liyane.
4. Tandha jeda ing pamacane pawarta
Ing sajerone maca teks pawarta, ana perangan jeda sing kudu dimangerteni. Tandha-tandha
jeda kasebut kaandharake ing ingisor iki.
a. Tandha garis miring cacah siji (/), tegese padha karo tandha koma (,), yaiku mandheg sedhela
anggone maca teks pawarta.
b. Tandha garis miring cacah loro (//), tegese padha karo tandha titik (.), yaiku mandheg sawetara
wektu. Anggone maca teks pawarta.
c. Tandha padha karo (=) tegese pamacane teks pawarta ing larik kasebut diterusake ing larik
sakngisore.
5. Urutane Nulis Pawarta
Urutane nulis pawarta yaiku kaya ing ngisor iki.
a. Tanggap ing sasmita
Tanggap ing sasmita tegese gelem mangerteni apa kang lagi kelakon ana ing cedakmu.
Ana kadaden apa kang lagi lumaku lan narik kawigaten bisa dadi ide ana pawarta kang arep
mbok tulis. Prastawa kang arang tinemu utamane bisa dadi sumbering pawarta kang narik
kawigaten.
b. Nglumpuke data migunakake 5 W + 1 H
Prastawa kang kok temoni banjur tulisen kanthi migunake 5W + 1H. Yen ana kang bisa
aweh informasi, bisa diwawancarai minangka narasumber saka prastawa kang lumaku.
c. Nyusun data dadi pawarta
Data kang wis kok klumpukake banjur kok susun dadi pawarta kang jangkep. Dene urutane
bisa diwiwiti saka unsur apa bae kang dirasa bisa kanggo pambukane pawarta, banjur critake
unsur 5W + 1H nganti purna.
d. Menehi irah-irahan
Sawise dadi pawartane banjur golekna irah-irahan. Irah-irahane kuwi kudu bisa narik
kawigaten, dadi undering pawarta, lan migunakake tembung kang gampang dimangerteni.

24 Basa Jawa Kelas X SMA/MA Semester 1


Tuladha 1

Peken Baledono Dipun Rebahaken


Purworejo, www.jogjatv.tv – Sinaosa kathah jawah sawetawis minggu pungkasan nanging
pambangunan Peken Baledono, Purworejo, Jawa Tengah dipungelak. Peken lami samangke
dipunrebahaken amrih pambangunan peken saged tumuli kawiwitan. Dinten Jemuah (9/12) siyang,
3 alat berat katingal taksih bungkar wewangunan Peken Baledono. Satrep kaliyan ranataman
sakawit, menawi wulan Desember wewangunan peken sampun rebah sedaya salajengipun ing
wiwitan wulan Januari 2017 Peken Baledono badhe tumuli dipunbangun peken bijak dipunpanggeni
malih dening sanak kadang bakul.
Tuladha 2

Peken Tradisional Kaliboto Kirang Murwat


Purworejo, www.jogjatv.tv – Peken tradisional sawetawis Kabupaten Purworejo, Jawa Tengah
samangke kupiya dipundandosi antawisipun Peken Kaliboto ing Kecamatan Bener lan Peken
Maron ing Kecamatan Loano. Ancasipun supados peken langkung tumata. Pambangunan Peken
Kaliboto sampun rampung. Ewa semanten pambangunan Peken Kaliboto kawawas kirang murwat
satemah njalari para bakul mboten jenjem. Miturut kadang bakul, Erna lan Emi, payon peken inggil
sanget pramila menawi pinuju jawah tampu, dene menawi siyang sakelangkung benter.

Gladhen Mandhiri
Wangsulana pitakonan ing ngisor iki kanthi trep!
1. Apa tegese tembung sasmita?
Wangsulan: .......................................................................................................................................
2. Sebutna unsur 5W + 1H!
Wangsulan: .......................................................................................................................................
3. Apa kang diwastani fakta ing sajroning pawarta?
Wangsulan: .......................................................................................................................................
4. Andharna kang diarani opini ing sajroning pawarta!
Wangsulan: .......................................................................................................................................
5. Jlentrehna titikane pawarta!
Wangsulan: .......................................................................................................................................

Gladhen Kelompok
Garapen gladhen ing ngisor iki kanthi kelompok!
Gatekna pawarta ing ngisor iki kanthi premati!
Upacara Kadang Tani Ing Tanah Jawi
Kadang Tani mliginipun ing tanah Jawi, menawi badhe wiwit nanem wonten ing sabin tansah
nindakaken adicara metri sawah utawi wiwitan. Upacara punika minangka panyuwunan dhumateng
Gusti Ingkang Murbeng Dumadi, supados asiling tetanen ing mangkenipun saged kalis saking
ama lan bebendu. Ing jaman modheren punika, mbokbilih sampun kathah warga ingkang mboten
mangertosi ngengingi tradhisi menika. Pramila, masyarakat tradisi Bantul ingkang dipunsengkuyung
dening mahasiswa ISI Yogyakarta ngadani upacara wiwitan kang dipunrawuhi Wakil Bupati Bantul,
Sumarno.

Basa Jawa Kelas X SMA/MA Semester 1 25


Upacara kawiwitan kanthi mendhet winih pantun saking setunggaling sabin kagunganipun warga
ing Bulak Pangkah, Sumberagung, Jetis, Bantul. Upacara wiwitan menika dipunlajengaken wonten
ing Lapangan Sumberagung. Pantun winih punika miturut tradisi rumiyin dipunbagekaken dhumateng
sedaya kadang tani ingkang dipungendhong dening sesepuhipun dhusun. Wonten ing Lapangan
Sumberagung, upacara wiwitan dipunlajengaken dhahar tumpeng lan sekul wiwitan. Sekul wiwitan
ingkang dipunwungkus ron pisang, saksampunipun dipundongani, lajeng kabagi dhumateng lare-
lare. Swasana regeng sanget awit sedaya warga sami rebatan sekul wiwitan ingkang dipunjangkepi
sambel gepeng. Kangge acara ruwatan sawah saklajengipun ugi dipungelar ringgit kancil minangka
jangkeping acara merti sawah. Kejawi punika, masarakat ugi dipunlipur dening maneka warna seni
lan pameran kerajinan.

Gawea kelompok watara 3–4 siswa, dhiskusekna perangan, unsure, lan surasane pawarta ing dhuwur!
Sabanjure andharna maneh surasane pawarta kasebut nganggo basamu dhewe!

Kanggo nambahi wawasanmu babagan nulis pawarta, scan link referensi iki.
http://www.harrywidhiarto.com/2020/08/materi-pembelajaran-pawarta-kelas-x.html

Soal AKM
Pitakonan 1
Gatekna ukara ing ngisor iki!
(1) Anyar
(2) Aktual
(3) Wigati
(4) Subjektip
Pawarta kang becik duweni sipat sing ditujokake angka ....
a. (1), (2), lan (3)
b. (2) lan (3)
c. (3) lan (4)
d. (4)
Pitakonan 2
Wara-wara lan pawarta iku duweni ancas padha, yaiku ....
a. kanggo piwulang tatakrama
b. kanggo sarana ngleluri budaya
c. menehi ngerti (informasi) marang wong akeh
d. kanggo sarana komunikasi
e. menehi katrangan
Pitakonan 3
Miturut panemumu, geneya pawarta iku kudu seimbang?

26 Basa Jawa Kelas X SMA/MA Semester 1


Proyek Penguatan Profil Pelajar Pancasila

Tulisen kedadeyan kang tau kadaden ing lingkungan sekitarmu, banjur gawenen pawarta kanthi unsur
5W + 1H! Kanggo nguwatake informasi bisa wawanrembug karo tangga sakupengmu! Tulisen ing MS
Word! Garapen kanthi mandhiri! (Mandhiri).

Refleksi

Munfangat pasinaon dina iki. Tulisen kesan sing kokrasakake babagan pasinaon ngenani pawarta kanthi
nyoret jawaban sing ora trep ing kolom deskripsi!

Aspek Deskripsi
Kesan nalika proses pasinaon Seneng Bosen
Tingkat pamahaman Gampang Angel
Sikapmu Kooperatip Kurang kooperatip

Gladhen Wulangan 2

A. Wenehana tandha ping (x) aksara a, b, c, d, utawa e tumrap wangsulan kang bener!

1. Pawarta kang wektu lan panggonane ora kena 5. Pawarta asale saka tembung warta kang
dipesthekake diarana pawarta .... tegese ....
a. dadakan a. berita
b. dinan b. kabar
c. crita c. layang
d. aktual d. surat
e. faktual e. tulisan
2. Sing dadi ciri-cirine pawarta ana ing ngisor iki, 6. Prastawa/kedadeyan kang dilapurake dening
kejaba …. wartawan biyasane anduweni sipat aktual lan
a. anget faktual diarani ….
b. anyar a. wara-wara
c. narik kawigaten b. pariwara
d. nedheng-nedhenge diomongake c. pambyawara
e. endah d. pawarta
3. Pawarta sing biyasane mung dirungokake, e. kalawarti
lumantar .... 7. Pawarta kang terbit saben dina diarani ....
a. tipi a. kalawarti
b. surat b. ariwarti
c. kalatidha
c. koran
d. buletin
d. radhio
e. majalah
e. majalah
8. Unsur pawarta kanggo nakokake kapan
4. Wacan kang ditujokake kanggo umum, kang kedadeyane pawarta kasebut yaiku ....
surasane menehi pangerten tumrap sawijining a. when
prastawa diarani …. b. how
a. layang d. pawarta c. who
b. selebaran e. majalah d. where
c. wara-wara e. what

Basa Jawa Kelas X SMA/MA Semester 1 27


9. Unsur pawarta kang nakokake sapa kang Sabab kados pundi guru saged mucal kanthi
ngalami kedadeyan yaiku .... becik, lan putra siswanipun saged sinau kanthi
a. when
taberi, menawi ruwangan sekolahipun (kelasipun)
b. how
kerendhem banjir utawi payonipun meh ambruk
c. who
lan tembok-tembokipun sami ambrol? Ateges
d. where
e. what ing ngriki sarana pendidikan, sasanesipun faktor
10. Wara-wara kang surasane nawakake sawijining guru, ugi perlu pikantuk kawigaten ingkang
barang utawa papan diarani …. mirunggan.
a. brosur 11. Miturut pawarta kasebut ancas wontenipun
b. pawarta sertifikasi guru inggih punika …. (HOTS)
c. majalah a. nemtokaken standardisasi guru
d. pariwara
b. supados guru mucalipun kathah
e. lelayu
Gatekna wacan ing ngisor iki kanggo mangsuli c. namung kangge lelamisan
pitakonan nomer 11–15! d. minangka sarana sarat kemawon
e. kangge ngindhakaken gaji
Guru Punika Pancen Kedah Mumpuni
12. Bab-bab kangge ngindhakaken profesionalisme,
Kinten-kinten ingkang cekap dados rembagan,
utaminipun ing madyaning pendhidhikan, inggih kajaba …. (HOTS)
punika prakawis sertifiksi guru, kanthi ancas a. minangkani standarisasi tinamtu
boten sanes kangge nemtokaken standarisasi b. m a r i n g i m o t i v a s i d h a t e n g p u t r a
profesinipun guru, ingkang salajengipun siswanipun
ugi kangge nemtokaken standardisasinipun c. saged ndadosaken ingkang boten saged
pendhidhikan nasional kita. Pranyata boten dados saged
sekedhik cacahipun guru-guru ingkang nalika d. ta nsa h n in gkat a ken pro fe sio nal is
dipunuji boten lulus. menipun
San a dya n ka do s pu na p a ke maw on e. dados guru tinimbang boten wonten
standardisasi pendhidhikan punika wigati sanget. padamelan sanesipun
Pramila priyayi ingkang dados guru kedah
saged minangkani standar tertamtu ingkang 13. Adhedhasar saka pawarta kasebut, wos surasa
dipuntemtokake dening pamarentah, kangge paragrap sepisan yaiku …. (HOTS)
mujudaken pendhidhikan ingkang mutunipun a. ngindhakaken gaji
becik. Jalaran pendhidhikan pancen sanes b. kapinteran punika baku sanget
barang gampil, pramila boten sedaya priyayi c. standardisasi guru
saged dados guru, sanadyan malah wonten d. dados guru punika pancen angel
ingkang kapeksa milih profesi guru amargi gagal e. guru minangka profesi ingkang kebak
pados padamelan ing pundi-pundi papan. tantangan
Mangka satemenipun guru punika mujudaken 14. Kang dadi wos surasa paragrap katelu yaiku
profesi ingkang kebak tantangan. Ingkang cetha, …. (HOTS)
guru kedah keconggah jalari tiyang boten saged
a. ngindhakaken gaji
maos lan etang dados saged. Guru ugi kedah
b. kapinteran baku sanget
saged maringi motivasi dhateng putra siswanipun
supados sregep sinau lan dados masarakat c. standardisasi guru
ingkang becik. Pancen boten gampil tumrapipun d. dados guru punika pancen angel
guru ngyakinaken putra siswanipun, menawi e. guru minangka profesi ingkang kebak
kekiyatan tembe wingkingipun gesangipun tantangan
saperangan ageng badhe gumantung dhateng 15. Kang dadi tema pawarta kasebut …. (HOTS)
daya kekiyatan pikiripun. Kekiyatan pikiran wau a. kabudayan
boten dhawah mandhap ngaten kemawon saking b. basa
langit, nanging kedah lumantar proses sinau c. pariwisata
ingkang sregep lan dangu. Kangge mujudaken
d. pendhidhikan
sedaya kala wau dipunbetahaken fasilitas sinau
e. pagesangan
ingkang nyekapi.

28 Basa Jawa Kelas X SMA/MA Semester 1


16. Gatekana pratelan ing ngisor iki! Ret i, p aguyu bane g elar la kon Arya
(1) Aktualitas. Panangsang ing Bantul. Liem ya wis jaluk sarat
(2) Sesambungan karo papan kedadeyan sajen lan disaguhi panityane. Nalika iku Liem
(faktual). dhewe sing dadi Arya Panangsange. Ing adhegan
(3) Sesambungan karo unsur-unsur kang gebrak meja dadakan piring isi sega salawuhe
ketut ing sajrone kedadeyan. pecah, belinge nancep ing tangane nuwuhake
(4) Sesambungan karo pagaweyan pamaca/ tatu jero, jalari otote pedhot lan getihe blabar
pamiarsa. netesi awak sakojur. Bareng ditlusur pranyata
(5) Ganepe pawarta. sajene ana sing disuda. Kudune ingkunge cacah
Perangan kasebut klebu ... pawarta. (HOTS) telu ning mung diwenehi loro. Sawise kedadeyan
a. titikane d. cirine kuwi Liem luwih ngati-ati, yen ana lakon sing
b. bobot nilaine e. paugerane kudu disajeni tansah dicek luwih dhisik supaya
c. jinising aja nemoni apes.
Gatekna wacan ing ngisor iki kanggo mangsuli Pancen aneh, nanging nyatane pancen
pitakonan nomer 17–20! mangkono. Liem optimis Cipta Manunggal
Merga Kurang Sajen, Penangsang Budaya lestari awit generasi mudhane wiwit
Pedhot Otote gelem gladhen lan mlebu dadi anggota. Sanadyan
Tumrap Liem Tian sie, kethoprak wis ora umur 14 taun nanging Cipta Manunggal Budaya
asing maneh, amarga awit cilik wis kerep nonton wis bola-bali ngrebut juwara festival kethoprak
kesenian mau. Mula dheweke ya apal karo tingkat kota dalah tingkat propinsi. Iki sing marai
tokoh-tokoh kethoprak sing cukup kondhang ing Liem saya mantep nguri-uri budaya Jawa, mligine
wektu semana, kaya dene Basiyo, Cokrodjijo. seni kethoprak.
Murtirin, Suripto, Marsidah, lan sapanunggalane. 17. Miturut pawarta kasebut, kang gladhi ing
Pranyata pepenginane Pak Liem disengkuyung paguyuban yaiku .... (HOTS)
dening tangga kiwa-tengene, embuh Tiongkok a. Pak Liem
embuh Jawa, saka sing enom tekan sing b. Joko Ari Purnomo
tuwa kabeh gabung ing paguyuban. Sawise c. Arya Panangsange
paguyuban mau temen-temen madeg lan mapan, d. Angling Darmo
sadurunge pentas sepisanan diwenehi jeneng e. Suminten Edan
“Cipta Manunggal Budaya”, sing mengku teges
jero yaiku manunggale wong Jawa lan Tiongkok 18. Paguyuban iku ngadeg tanggal .... (HOTS)
bebarengan nyengkuyung kabudayaan Jawa. a. 19 Pebruari 2000
Paguyuban ngadeg tanggal 19 Pebruari 1990. b. 18 Pebruari 1990
c. 19 Pebruari 1990
Gladhen ditindakake kanthi ajeg, sing gladhi
d. 18 Pebruari 2000
anggotane dhewe, yaiku Joko Ari Purnomo kang
e. 17 Pebruari 1990
pancen tokoh kethoprak saka kampung kana.
Asring uga ngaturi tokoh-tokoh saka jaba. Saya 19. Lakon kang butuhake sesajen .... (HOTS)
suwe saya grengseng, undangan pentas saya a. Baratyudha
banyu mili, jalari jeneng Cipta Manunggal Budaya b. Angling Darma
saya kumlebet. Miturut bapak peputra lima iki, ana c. Ramayana
lakon cacah telu sing kudu disajeni kanthi komplit, d. Basukarna
yaiku Arya Panangsang, Suminten Edan, lan e. Cindelaras
Angling Darmo. Piyambake diwanti-wanti gurune, 20. Paguyuban Cipta Manunggal Budaya umure
aja wani-wani babar lakon mau yen tanpa sajen yaiku ... tahun.
wujud kembang menyan lan ingkung pitik cacah a. 12 d. 15
telu. b. 13 e. 16
c. 14

B. Isenana ceceg-ceceg ing ngisor iki kanthi trep!

1. Pawarta kang wektu lan panggonan kadadeyane ora kena dipesthekake yaiku ....
2. Pawarta kang wektu lan panggonan kadadeyane wis dimangerteni sadurunge kasebut ....

Basa Jawa Kelas X SMA/MA Semester 1 29


3. Perangan pawarta kang dhisik dhewe, biyasane mung ditulis nganggo tembung-tembung supaya
nuwuhake minat supaya wong gelem maca isi pawartane yaiku ....
4. Perangan pawarta kanggo nuduhake kaya ngapa kadadeyan prastawa kanthi kasat mata. Ing media
cetak awujud poto, lan ing media elektronik awujud pidio yaiku ....
5. Mujudake pawongan kang menehi katrangan utawa komentar marang dumadine prastawa iku yaiku
....

C. Wangsulana pitakon-pitakon ing ngisor iki kanthi trep!

1. Jlentrehna kang diarani kalawarti!


Wangsulan: .......................................................................................................................................
2. Tulisna kang diarani ariwarti!
Wangsulan: .......................................................................................................................................
3. Jlentrehna perangan pawarta!
Wangsulan: .......................................................................................................................................
4. Tulisna kang diarani deadline!
Wangsulan: .......................................................................................................................................
5. Apa tugase wartawan?
Wangsulan: .......................................................................................................................................

D. Cocogna katrangan ngisor iki karo wangsulan kang trep!

1. Kacilakan montor mabur, banjir, kebakaran, lan liya-liyane. a angle


2. Irah-irahan kang bisa ndudut kawigaten. b isi pawarta
3. Ukara kang gambarake ringkesane isi pawarta, biyasane ditulis kandel c pawarta siaran
ing sangisore sesirah kasebut.
4. Ukara-ukara kang njlentrehake pratawa ngenani apa, ana ngendi lan d dadakan
kapan kadadeyan iku dumadi.
5. Bentuk siaran iki pada samya kanthi liwat lesan ananging mbutuhake e provocative statement
media kanggo nyawisake pawarta.

E. Wenehana tandha centhang ( ) ing wangsulan kang trep saka pranyatan ing ngisor
iki!

No. Pranyatan Benar Salah


1. Perangane kang pungkasan saka pawarta yaiku panutup.
2. Tulisan pawarta iku lumrahe kapacak ana ing kalawarti.
3. Tanggap ing sasmita tegese gelem mangerteni apa kang lagi kelakon ana
ing pamarentahan.
4. Palapuran prastawa nyata (kejadian faktual) utawa panemu (pendapat/opini)
kang asipat wigati.
5. Gambar yaiku perangan pawarta kanggo nuduhake kaya ngapa kedadeyan
prastawa kanthi kasat mata.

30 Basa Jawa Kelas X SMA/MA Semester 1


Pambecik

Wangsulana pitakonan ing ngisor iki kanthi bener!


1. Apa kang diarani who?
Wangsulan: .......................................................................................................................................
2. Tulisna kang diarani what!
Wangsulan: .......................................................................................................................................
3. Apa kang diarani when?
Wangsulan: .......................................................................................................................................
4. Jlentrehna kang diarani where!
Wangsulan: .......................................................................................................................................
5. Tulisna kang diarani why!
Wangsulan: .......................................................................................................................................

Pengayaan
Garapen gladhen ing ngisor iki!
Gatekna prastawa ing sakiwa tengenmu! Banjur gawea pawarta! Pawarta iku bisa kokgawe lumantar
tulis lan lesan. Gawea pidio lan diunggah ing media sosialmu!

Basa Jawa Kelas X SMA/MA Semester 1 31

Anda mungkin juga menyukai