Anda di halaman 1dari 4

PAWARTA BAHASA JAWA

KOMPETENSI DASAR

• Menelaah teks Pawarta..

• Menyebutkan struktur dan kaidah pawarta

• Menemukan pokok-pokok isi yang terkandung dalam pawarta

4.2 Menanggapi dan menyajikan sinopsis teks Pawarta

• Membuat Teks Pawarta dengan bahasa sendiri

• Menyunting Teks Pawarta karya temannya

TUJUAN PEMBELAJARAN

1. Setelah mengamati teks Pawarta peserta didik dapat :

• Menyebutkan struktur dan kaidah pawarta

• Menemukan pokok-pokok isi yang terkandung dalam pawarta

2. Setelah berdiskusi dan menggali informasi, peserta didik dapat:

• Membuat Pawarta sesuai dengan struktur dan kaidah

• Membacakan Teks Pawarta karya sendiri dengan lafal, jeda, dan intonasi

Mangerteni Pawarta lan Unsur-Unsur PawartaPawarta yaiku informasi ngenani sawijining prastawa
kang dumadi, diwartakake lumantar medhia cethak, elektronik, utawa saka pirembugan marang
wong liya utawa pamireng. Prastawa biyasane ngandhut informasi kang wigati. Informasi kang wigati
iki biyasane diarani pokok informasi.

Ukara sajroning informasi kaperang dadi loro, yaiku fakta lan opini. Fakta minangka andharane kang
nduweni sipat nyata lan bisa kabuktekake lumantar grafik, poto, tabel, lan liya-liyane. Dene opini
yaiku andharane kang anyar winates panemu, pamikir, lan panjangkane panulis durung kelakon.

Pawarta nduweni ciri-ciri kaya ing ngisor iki.

1. Tinemu nalar (logis).

2. Informasi lengkap lan jumbuh karo rumus 5W + 1H.

3. Struktur basa trep.

4. Diksi trep, ora ambigu.

5. Narik kawigaten.

6. Basa kang nengsemake.

Pawarta iku bisa wujud:

1. Lesan, kang biyasane kababar lumantar medhia elektronik.Tuladhane: TV, Radio, lan
sapanunggalane.
2. Tulisan, kang biyasane kababar lumantar medhia cethak.Tuladhane: Ariwarti (Koran), Kalawarti
(Majalah), lan sapanunggalane.

B. Ngandharake Informasi Saka PawartaPawarta iku kaperang dadi papat yaiku headline, deadline,
lead, lan body language. Gatekna katrangan saben perangan ing ngisor iki!

1. Headline (Judul/Irah-irahan)Headline yaiku irah-irahan kanggo:

1) Nggampangake pamaca mangerteni pawarta kang bakal diwaca, lan

2) Nuduhake pawarta kang dianggep wigati kanthi werna-werna aksara utawa gambar.

2. Deadline (Wates Wektu)Ancase deadline yaiku nuduhake papan kadadean lan jeneng medhia
massa. Mula perangan iki nyebut jeneng medhia massa, papan, lan tanggal kadadean.

3. Lead (Teras Pawarta)Lead biyasane katulis ing wiwitan pawarta/ing paragraf kapisan. Bab iki
tinulis amarga minangka perangan kang wigati saka pawarta, kang nemtokake ing pawarta, lan
nggambarake sakabehe pawarta.

4. Body Language (Surasane Pawarta/Bahasa Tubuh)Surasane nyritakake prastawa kang


diwartakake kanthi basa kang cekak, aos, lan cetha. Kanthi mangkono body language minangka
pangembange pawarta.

• ing pawarta sing apik iku kudu ngandhut unsur 5W + IH. Andharane 5W + IH kaya ing ngisor
iki, coba digathekake kanthi permati.

1. What (Apa), yaiku njlentrehake babagan apa kang ana ing pawarta.

2. Who (Sapa), yaiku njlentrehake babagan sapa utawa paraga kang ana ing pawarta mau. Unsur
sapa iki biyasane dijlentrehake kanthi jangkep, kaya ta babagan ciri-cirine, titel, umum, lan
sapanunggalane.

3. When (Kapan), yaiku unsur kang njlentrehake kapan prastawa ing pawarta iku dumadi utawa
wektu kedadean prastawa. Unsur iki bisa menehi nreti babagan wayah, jam, lan kahanan. Tuladha:
mau isuk, wingi sore, lan sapanunggalane.4. Where (Ana Ngendi), yaiku njlentrehake babagan
panggonan kedadean prastawa ing pawarta iku.

5. Why (Kena Apa), yaiku nudhuhake sebab musabab kena apa prastawa iku bisa kedadean.
Lumrahe bisa ditiliki saka tembung “asale, sababe, mulane”.

6. How (Kepiye), yaiku njlentrehake babagan kepiye prastawa iku kedadean. Bisa uga nuduhake
kepiye swasana ing prastawa iku.

C. Maca Pawarta Nganggo Basa Krama Maca prastawa uga diarani maca teknik.

Maca teknik yaiku maca kanthi pocapan kang cetha, bisa keprungu endah lan cetha dening wong liya.
Supaya bisa maca teknik, gathekna babagan-babagan ing ngisor iki!

1. Pocapan utawa lafal kudu vetha antarane vokal lan konsonan

2. Lagu ukara, yaiku munggah medune swara.

3. Kawijangan pocapan, yaiku gamblang dirungokake lan bener tumrape ature basa.

4. Pandeleng mripat tumuju marang pamirsa, tajem, lan mrebawani.

5. Sikep maca kudu sopan lan bener.


Maca pawarta kudu seru, nanging tetep nggathekake teknik-teknik maca pawarta, yaiku.

1. Pamaca pawarta kudu nguwasani isi pawarta sing arep diwaca. Sadurunge maca, pamaca
pawarta kudu m

aca naskah luwih dhisik lan nliti umpamane ana sing kleru.

2. Pelafalan (pocapan) uga wigati. Konsonan utawa vokal kudu cetha supaya ora dadi samar
karepe amarga ana tembung sing meh padha pangucapane.

3. Unjal napas (jeda) kudu bener. Dawa cendhake jeda kudu digathekake. Biyasane pamaca
pawarta migunakake:

a. Tandha (/) : kanggo mandheg sedhela.

b. Tandha (//) : kanggo mandheg suwe.

c. Tandha (_) : kanggo pungkasan baris sing ora kena mandheg.

4. Ing wirama (dhuwur cendhake swara) kudu diselang seling supaya gampang mbedakake
antarane bagean sing wigati lan ora.

5. Anggone maca ora kena cupet banget utawa rendhet banget. Tempo sing cepet banget angel
ditampa pamiarsa. Suwalike yen rendhet banget bakal mboseni sing ngrungokake.

6. Bantere swara kudu cukup saengga gampang ditampa.

7. Menawa pamaca pawarta dipajang (di-shooting), sikep pamaca pawarta kudu wajar, aja kaku
lan sakarepe dhewe, pandeleng/netra aja ngasi naskah terus.

Pamaca luwih becik uga mangerteni sipat-sipate pawarta, yaiku.

1. Aktual (Anyar), yaiku pawarta kang luwih anyar luwih becik tinimbang pawarta lawas.

2. Jarak (Adoh/Cedake), yaiku pamaca luwih nggatekake tumrap prastawa kang dumadi ing
sakiwatengene tinimbang pawarta saka papan liyane.

3. Wigati, yaiku sawijining bab bakal dadi pawarta yen dianggep perangan kang wigati amarga bisa
ngendaleni panguripan ing bebrayan wong agung.

4. Akibat, yaiku sawijining bab dadi pawarta yen ngowahi kahanan.

5. Congkrah/Konflik, yaiku pamaca luwih seneng nyetitekake pawarta kang surasane congkrahan.

6. Tintrim, tuladhane : nalika nulungi wong ing kacilakaan.

7. Kemajuwane, yaiku inovasi utawa owah-owahane teknologi. Pawarta kang anyar luwih narik
kawigaten pamiarsa.

8. Emosi, yaiku sawijining pawarta kang bisa ndadekake nesu, susah, nangis, lan gela. Tuladha:
nemokake bayi ing pinggir kali.

9. Humor, yaiku gawe sengsem, mesem, lan guyu.

D. Nulis PawartaNulis pawarta nduweni cara dhewe kang kudu digathekake, yaiku:

1. Objektif Ing babagan iki penulis ora kena martekake pawarta dikantheni kepentingan pribadi lan
sponsor. Pawarta kang tinulis kudu adhedhasar fakta utawa data kang sanyatane dumadi.
2. Cover Both Side Pawarta iku kudu imbang, aja abot sisih. Luwih-luwih nyebutake pehak-pehak
kang ana gegayutane langsung karo pawarta kasebut.

Dene nulis pawarta kudu ana tahap-tahapane, yaiku.

1. Nglumpukake fakta utawa data. Data ing kene bisa awujud wawancara (wawanrembug),
kedadean langsung, utawa data-data tulis.

2. Nemtokake teras berita (lead).

3. Mulih tembung-tembung kang jumbuh karo pawarta, nggunakake alur kang lurus aja molak-
malik utawa dienjah-enjah.

4. Ngawiti nulis kanthi jenjem lan temenan.

https://youtu.be/Zk6K8JOFosU

Anda mungkin juga menyukai