Anda di halaman 1dari 3

LAIRE GATOTKACA

Ing sawijining dina, kaluarga Pandawa lima lagi remen-remene


uga prihaten sanget nalika putane Raden Werkudara lan Dewi
Arimbi lair. Amarga bayi kang dilahirake dening Dewi Arimbi awujud
raksasa, lan sampun umur 1 taun ari-arine isih nempel durung bisa
pedhot. Putrane Raden Werkudara lan Dewi Arimbi mau diwenehi
jeneng Tetuka, nanging ing sawijining dina banjur dadi Gathut
Kaca.

Amarga nalika lair Tetuka awujud raksasa (buta), Raden


Werkudara lan para sedhereke Pandhawa ngrasa isin, amarga
Tetuka awujud raksasa lan tali pusare durung pedhot-pedhot.
Banjur para Pandhawa lima padha ngupaya kepriye carane bisa
ngubah Tetuka dadi wujud manungsa biasa lan medhot tali pusare
Tetuka kuwi. Kanggo ngrampungake masalah iki banjur Arjuna
diutus kanggo njaluk pitulungane para Dewa kanthi cara semedi
njaluk petunjuk para Dewa. Ing wektu kang padha, Panglima perang
Kurawa yaiku Karna uga nglakoni semedi njaluk senjata pusaka
marang Dewa.

Kaprasahan lan Kekhusyukan semedi kang dilakoni Arjuna iku bisa


dadekake goncange kahyangan, saengga Dewa gawe kaputusan
bakal menehi pusaka kanggo medhot tali pusare Tetuka, saengga
ari-arine bakal pedhot saka awake. Banjur Bathara Narada diutus
kanggo menehake senjata Kunta wijayadanu marang Arjuna. Ing
kene kedadean anane kakeliruan, Bathara Narada ora bisa bedakake
antarane Arjuna lan Karna kang padha nglakoni semedi.

Amarga saka Bathara Narada kang ora bisa bedakake Arjuna lan
Karna, akhire Bathara Narada menehake senjata marang Karna.
Nalika ngerti yen kliru, Bathara Narada banjur cepet-cepet goleki
Arjuna lan ngutus Arjuna njaluk senjata Kunta wijayadanu
marang Karna. Ora suwe Arjuna wis ketemu Karna lan njaluk
senjata Kunta wijayadanu marang Karna. Nanging Karna ora
gelem menehake senjata Kunta, banjur ndadekake perang tanding
antarane Arjuna lan Karna. Ing perang mau akhire Arjuna bisa
ngrebut sarung pusaka, nanging senjatane isih digawa mlayu
Karna.

Arjuna mulih kanthi gawa sarung/warangka senjata Kunta


wijayadanu. Senjata mau pancen sekti, karo sarunge wae bisa
medhot tali pusare Tetuka. Nanging anehe sarung senjata mau
mlebu ing jero awake Gathut Kaca. Sawise iku Kresna ngramalake
kadadean kasebut, bilih besok Gathut Kaca bakale mati ing tangane
kang duwe senjata kasebut.

Ing wektu iku kahyangan para Dewa lagi ngadepi masalah gedhe.
Patih Sekipu lan bala tentarane ngobrak-abrik kahyangan amarga
diutus Prabu Kala Pracona. Para Dewa kalah banjur Sang Hyang
Bathara Prabu ngutus para Dewa supaya golek jago kang bisa
ngalahake Sekipu lan Kala Pracona. Akhire Bathara Narada diutus
ngubengi jagad raya, menawa ana satriya kang khusyuk semedine,
saengga bisa ngalahake Patih Sekipu lan Prabu Kala Pracona.

Satriya Pandhawa ing wektu iku lagi khusyuk semedine njaluk


marang Dewa supaya ngubah wujud Tetuka kang wujud
raksasa. Amarga semedine kang kanthi temenan iku, bisa ngubah
langit dadi peteng, gunung-gunung padha obah, segara asat
amber, lan jagad gonjang-ganjing, sarta udan salah mangsa. Saka
kadadean iku Bathara Narada ngerti yen ana manungsa kang
khusyuk semedi njaluk marang Dewa supaya maksude dikabulake
Dewa.

Bathara Narada banjur gugah semedi para Pandhawa. Nanging


Bathara Narada njaluk marang para Pandhawa menehake bayi
Tetuka marang dheweke supaya didadekake jago nglawan Patih
Sekipu lan Prabu Kala Pracona kang wis ngrusak kahyangan. Sawise
entuk ijin saka Pandhawa, bayi Tetuka digendhong digawa mabur
dening Bathara Narada ing Kahyangan.

Nanging Sekipu lan Kala Pracona ora gelem nglawan bocah


cilik. Akhire, Bathara Narada nggawa Tetuka marang ahli senjata
pusaka Empu Ramadi. Sang Empu siap nempa Tetuka supaya siap
tanding karo Sekipu lan Kala Pracona. Banjur Tetuka digowo ing
kawah Candradimuka, dilebokake ing kawah bebarengan karo
kabeh pusaka ampuh.

Balunge digawe saka wesi. Drijine saka gunting, telapakane saka


pacul, brengose saka kawat. Sawise iku banjur dijipuk maneh saka
kawah. Tetuka ora awujud bayi, nanging awujud pamuda kang wis
dewasa nanging durung bisa ngomong. Banjur diobati supaya bisa
ngomong. Tetuka diwenehi jeneng lengkap, yaiku Gathut Kaca lan
Kacanagara.

Dening Bathara Guru diwenehi 3 busana pusaka. Kang kapisan


Caping basunanda, supaya yen udan ora teles lan yen panas ora
kepanasen. Kang kaping pindo, kotang antakusuma, supaya bisa
mabur tanpa elar. Kang kaping telu, selaput pada, supaya yen mabur
ing duwur lemah bisa lancar tanpa gangguan angin.

Dening Bathara Narada, Gathut Kaca banjur ditemokake karo


Kala Pracona. Kaloro-lorone pada perang. Kabeh Dewa Dewi ndelok
perang tanding iku. Kabeh padha ngarepake Gathut Kaca menang
lan bisa balekake katentraman ing kahyangan. Akhire sawise
tarung, Gathut Kaca bisa ngethok sirahe Kala Pracona.

SUMBER :
https://karlinasetiyanti.wordpress.com/wayang/laire-gathutkaca/
NAMA : KANTHI AYU WARDHANI
NO :12

Anda mungkin juga menyukai