Anda di halaman 1dari 6

NDAMEL KERAJINAN SAKING SELO MARMER LAN ONIX

KELAS 8F
SMP NEGERI 1 TULUNGAGUNG
JALAN JENDERAL BASUKI RAHMAD 96 TULUNGAGUNG
GURU :
ERNA YULIASTUTI, S.Pd., M.Pd.

ANGGOTA :
1. JASMINE LARASATI ELYAS (13)
2. NILA KHOIRUN NIKMAH (22)
3. SALSA AULIA PUTRI HALIMATUS SA’DIYAH (29)
A. TUJUAN WAWANCARA
Mangerteni caranipun ndamel kerajinan saking selo marmer lan onix

B. TEMA
Industri. Ndamel kerajinan saking selo marmer lan onix

C. NARASUMBER
Bapak Elyas.

D. PEWAWANCARA
1. Jasmine Larasati
2. Nila Khoirun
3. Salsa Aulia

E. WEKTU WAWANCARA
Dinten Kemis, tanggal 11 Oktober 2018, jam 19.00 WIB.

F. PANGGONAN WAWANCARA
Nggriyanipun bapak Elyas, wonten Deso Gamping, Kecamatan Campurdarat,
Kabupaten Tulungagung.
G. HASIL WAWANCARA
Pak Elyas wis ndirikake industri iki kurang luwih 21 tahun. Jinise selo
sing diproduksi kayata selo marmer, andesit, lan onix. Produk sing digawe
kayata peralatan kamar mandi, lantai, piala- piala wisuda, lan liya- liya.

Bedane lek njupuk selo onix kaleh marmer yaiku, yen onix iku saka
Gresik, yen marmer iku saka daerah Ponorogo, Trenggalek, lan Blitar.

Bedone regane selo onix kaleh marmer yaiku, luwih larang onix amarga
lek njupuk onix iku teko daerah daerah Blitar, Gresik lan jarake adoh lan
nambange watu onix iku luwih angel.

Carane gae selo marmer yaiku, pertama yaiku selone dikethok sesuai
ukuran banjur di bubut utowo di sekrap utowo di ukir.

Pak Elyas nyade produk iki ora gur nek wilayah lokal, tapi produke
niku sampun dugi luar negri. Carane nyade produke yen ing luar negri kui
lewat trading utowo kontainer, dadi barang- barange kui mau di pack siji- siji
banjur di labeli.

Modale ndirikake industri iki kurang luwih 500 jt. Keuntungane yen
nyade selo niki ora mesti, tapi perkiraane kurang luwih sekita 30% saka biaya
produksi.

Kunci kesuksesan ndirikake industri iki yaiku, pantang nyerah,


perhitungan, kerja keras, kreatif, iso menuhi permintaan pembeli, siap
kompetensi utowo iso bersaing kayata harga lan kualitas.
H. LAMPIRAN DAFTAR PITAKONAN WAWANCARA
Assalamu’alaikum Wr. Wb.
Sak derengipun nyuwun pangapunten pak. Kulo sakalian rencang kulo saking
SMP Negeri 1 Tulungagung kepingin nderek pirso perihal usahanipun
panjenengan.
Produk nopo wae pak ingkang panjenengan ndamel niki?
Niku jenise selonipun nopo wae pak?
Menawi selo onix niku di damel nopo wae pak?
Menawi selo marmer niku di damel nopo wae pak?
Niku selonipun dipundhut saking daerah pundi mawon pak?
Reginipun selo marmer kaleh selo onix nopo sami pak?
Sampun pinten taun pak panjenengan mulai usaha niki?
Pripun caranipun panjenengan mempertahankan usaha niki tetep pajeng
kaliyan penjualanipun produk saking pundhi- pundhi?
Napa kunci ingkang dados usaha niki bisa ageng kaleh tetep pajeng?
Alat ingkang di damel kaleh caranipun niku pripun pak?
Pinten modale kagem mbikak usahanipun niki pak?
Pinten keuntungan setiap penjualan barang niki pak?
Oh, nggih pak, cukup sementen mawon nggih pak. Matursuwun wekdal kalian
shareng ilmunipun, mugi- mugi usahanipun lancar, tetep pajeng, laris, kaleh
barokah
GAMBAR

Anda mungkin juga menyukai