Anda di halaman 1dari 62

PITUTUR KUMPULAN 1: BERBICARA

Ternyata urusan BICARA dan keturunannya yang terkait dengan olah mulut, misalnya MENCELA dan
MEMUJI, mendominasi ranking teratas dalam pitutur Jawa. Benarlah kata peribahasa Indonesia yang
mengatakan “Mulutmu harimau kamu” maupun “Berbicara peliharalah lidah, berjalan peliharalah
kaki”. Dapat saya simpulkan bahwa masalah manusia ada pada mulutnya. Posting perilaku dan
pitutur dalam blog ini pun yang terbanyak juga urusan manusia menggunakan mulut ini. Oleh sebab
itu dalam seri Kumpulan Pitutur ini, maka yang pertama saya posting adalah masalah BERBICARA.
Terjemahan (setengah bebas) saya tulis di bawah naskah bahasa Jawanya.

Daftar pitutur di bawah bersumber dari Butir Butir Budaya Jawa koleksi Prof. Rusdibjono (BBB) dan
Serat Madubasa, Ki Padmasusastra, 1912 (MB), kemudian saya kelompokkan sesuai
permasalahannya. Selamat membaca, kiranya bermanfaat.

1. HAKEKAT BICARA: MENGAPA KITA DIBERI SATU MULUT DAN DUA TELINGA

Kita diparingi cangkem siji lan kuping loro dening Kang Maha Kuwasa, lire mengku karep amrih kita
kudu luwih akeh ngrungokake katimbang micara. Yektine wong kang dhemen ngumbar cangkeme
tinimbang kupinge adate wicarane gabug. Suwalike sing akeh ngrungokake, wicarane setithik
nanging patitis lan mentes. Pantes dadi jujugane sadhengah wong kang mbutuhake rembug kang
prayoga.(BBB)

TERJEMAHAN: Tuhan memberi kita satu mulut dan dua telinga maknanya supaya kita ini lebih
banyak mendengar daripada bicara. Senyatanya orang yang suka mengumbar mulut kebanyakan
bicaranya kosong. Sebaliknya orang yang banyak mendengar, bicaranya sedikit tetapi tepat dan
berisi. Orang ini pantas menjadi tujuan orang-orang yang membutuhkan nasihat yang benar.

2. YANG LEBIH BAIK: SEDIKIT BICARA DAN BANYAK MENDENGAR

Wong juweh, kawruhe tumempel ing lambe, kumrecek ngebaki pasamuwan, katut samirana mrana-
mrene. Beda karo wong meneng, kawruhe sumimpen ana ing ati wening. Wetune ora sarana lambe,
nanging katampan ing pucuking pen, mili amber ing kertas putih, rinasakake ing wong sajagad.(BBB)

TERJEMAHAN: Orang yang banyak bicara ilmunya menempel di bibir, berceloteh memenuhi
ruangan, terbawa angin kesana kemari. Berbeda dengan orang yang diam. Keluarnya ilmu tidak
melalui bibir, tetapi diterima oleh ujung pena, mengalir di kertas putih dirasakan manfaatnya oleh
orang diseluruh penjuru jagad.

3. TERLALU BANYAK BICARA: BISA TERPELESET

Sugih omong kanggo nggayengake pasamuwan pancen apik. Nanging yen mung kanggo golek
suwure awake dhewe sok ketrucut miyak wewadine dhewe. Pira bae cacahe wong kang kepleset
uripe mung marga anggone sugih omong. Mula sabecik-becike wong iku ora kaya wong kang
meneng. Nanging menenge wong kang darbe bobot kang anteb sing bisa dadi panjujugane para
pawongan kang mbutuhake rembug lan pituduh (BBB)

TERJEMAHAN: Banyak bicara untuk menambah semaraknya pergaulan memang baik. Tetapi kalau
hanya untuk mencari ketenaran bisa kelepasan membuka rahasia sendiri. Berapa banyak sudah
orang yang terpeleset hidupnya gara-gara omongnya yang terlalu banyak. Oleh sebab itu tidak ada
yang lebi baik daripada orang yang diam. Yaitu diamnya orang yang punya bobot mantap yang bisa
menjadi tujuan dari orang-orang yang membutuhkan pembicaraan dan nasihat.

4. KALAU MAU BICARA: HARUS DIPIKIR DULU

a. Yen kowe arep rembugan pikiren luwih dhisik tetembungan sing arep kok wetokake. Apa wis
ngenggoni telung prekara: Bener, manis, migunani. Ewa semono sing bener iku isih perlu dithinthingi
maneh yen gawe gendrane liyan prayoga wurungna. Dene tembung manis kudu ora duwe pamrih,
yen ana pamrihe ya mung agawe senenge liyan kang tundhone migunani tumrape jagading bebrayan
(BBB)

TERJEMAHAN: Bila kamu akan berbicara, pikirkan lebih dahulu kata-kata yang akan kau ucapkan
apakah sudah memenuhi tiga hal: Benar, manis dan bermanfaat. Bagaimanapun juga kata-kata yang
“benar” masih harus diteliti lagi, kalau hanya akan menimbulkan pertengkaran lebih baik dibatalkan.
Adapun perkataan yang “manis” harus tanpa pamrih. Kalau ada pamrih hanyalah untuk membuat
senang orang lain yang amat bermanfaat bagi pergaulan manusia.

b. Tembung kang prayoga kang kelahir mung marga kadereng dening dayaning hawa napsu pancen
sakala iku bisa aweh rasa pamarem. Nanging sawise iku bakal aweh rasa getun lan panutuh marang
dhiri pribadine dhewe kang satemah bisa ngrubeda marang katentremaning pikir lan ati. Guneman
sethitik nanging memikir akeh iku kang tumrape manungsa bisa aweh katentreman lan krasa marem
kang gedhe dhewe (BBB)

TERJEMAHAN: Ucapan baik yang keluar tergesa-gesa memang saat itu juga menimbulkan
kepuasan bagi pendengarnya. Masalahnya setelah itu akan mengakibatkan penyesalan pada diri
sendiri yang mengganggu ketenteraman hati dan pikiran. Sedangkan bicara sedikit setelah dipikir
secara mendalam itulah yang akan memberikan kepuasan dan ketenteraman yang lebih dalam

5. BICARA: TERTATA, RUNTUT DAN DIDUKUNG TINDAKAN NYATA

a. Wicara kang wetune kanthi tinata runtut kang awujud sesuluh kang amot piwulang becik, ajine
pancen ngungkuli mas picis rajabrana, bisa nggugah budi lan nguripake pikir. Nanging kawuningana
yen grengsenging pikir lan uriping jiwa iku ora bisa yen mung kagugah sarana wicara bae. Kang
wigati yaiku wicara kang mawa tandang minangka tuladha. Jer tuladha mono sing bisa nuwuhake
kapitayan. Luwih-luwih mungguhing para manggalaning praja kang wis pinitaya ngembani nusa lan
bangsa (BBB)

TERJEMAHAN: Bicara yang disampaikan dengan sistimatis dan berisi penerangan yang memuat
“pitutur” utama, nilainya melebihi harta benda. Mampu menggugah jiwa dan menghidupkan pikir.
Tetapi semangatnya pikir dan hidupnya jiwa tidak bisa dibangkitkan hanya dengan bicara. Harus ada
bukti berupa tindakan yang dapat diteladani. Karena hanya keteladanan yang menumbuhkan
kepercayaan. Hal ini penting sekali untuk para pimpinan negara yang dipercaya mengasuh nusa dan
bangsa

b. Wong kang mung dhemen celathu lan muni-muni, mangka ora gelem tumandang gawe, genah ora
sumurup marang kaluputane celathune, sebab celathu mono mung obahing ati kang ana ing lati,
dudu obahing tangan sing kanggo tumandang. Nanging yen wis tumandang gawe dhewe, cetha bakal
meruhi marang luputing celathune. Mula saiba begjane wong kang bisa celathu kalawan enggal-
enggal tumandang gawe dhewe (BBB)

TERJEMAHAN: Orang yang hanya banyak bicara dan mengumpat padahal tidak mau melakukan
jelas tidak tahu kesalahan bicaranya. Bicara hanya gerakan hati yang di bibir, bukan gerakan tangan
yang digunakan untuk bertindak. Kalau sudah melakukan sendiri baru akan tahu salah omongnya.
Alangkah beruntungnya orang yang bisa bicara dan segera bertindak sendiri.

6. SABDA PANDITA RATU: YANG SUDAH TERUCAP HARUS DILAKSANAKAN

Unen-unen: sabda pandhita pangandikaning ratu yen wis tumiba ora kena owah. Ana tetuladane
nalika jumeneng dalem, P.B. VII ana onder upsir malarat, wis ora bisa mara seba, dilalah ing sawiji
dina ingkang sinuhun kangjeng susuhunan, ngulawisudha onder opsir, utun dalem nyai tumenggung
keliru olehe andhawuhake timbalan dalem, marang kolonel komandhan, onder upsir kang malarat
mau kang winisudha, nganti agawe oreging pasewakan, awit sulaya karo panyuwune kolonel
komandhan, sanadyan mangkono iya dilestarekake, sarehning onder upsir mau ora seba: banjur
didhawuhake marang omahe panuju turu banjur digugah, kalakon didhawuhake dadi upsir, bareng
konjuk kauningan ing sampeyan dalem, kacathet sajroning galih yen olehe andhawuhake nyai
tumenggung kliru, nanging ora dibatalake sarta ora andadekake deduka dalem, bareng ing dina
Senene manèh: misudha marang upsir kang benere disuwunake, sarta mundhut balining arane upsir
kleron, diparingake marang upsir anyar, opsir kleron, kaparingan liru kaarana: Radèn Mas Panji
Jayasupena, (dening lagi turu winisudha) iki teteping unen-unen ing dhuwur mau: sabda pandhita
pangandikaning ratu (MB)

TERJEMAHAN RINGKAS: Ucapan: “Sabda pandhita pangandikaning ratu” kalau sudah diucapkan
tidak bisa diubah. Ada contoh pada masa pemerintahan Pakubuwana VII, pernah terjadi kekeliruan
mengangkat seorang bintara miskin menjadi perwira. Petugas yang ditugasi memberitahu salah
alamat, tidak sesuai dengan yang diusulkan kolonel komandan. Sri Sunan tetap mewisuda menjadi
perwira walaupun pisowanan menjadi heboh. Lebih-lebih si calon perwira tidak sowan menghadap,
dan waktu disusul ke rumahnya, yang bersangkutan masih tidur. Sri Sunan tahu kalau petugas salah
menjalankan perintah, tetapi tidak marah dan tetap mewisuda si perwira keliru tersebut. Selanjutnya
perwira yang seharusnya dipromosikan diwisuda minggu depannya. Nama jabatan yang telah
diberikan kepada perwira keliru dikembalikan kepada perwira asli dan si perwira keliru diberi nama
jabatan baru yaitu Raden Mas Panji Jayasupena (Supena: mimpi, orang mimpi berarti sedang tidur;
Diberi nama tersebut karena waktu dipanggil yang bersangkutan masih tidur). Itulah: Sabda pandhita
pangandikaning ratu. Kalau sudah diucapkan harus dilaksanakan.

7. ISI PEMBICARAAN: YANG BAIK, YANG TEPAT dan BERMANFAAT

Aja ndarbeni pepenginan dadi wong kang linuwih kang ngandhut idham-idhaman supaya sarembuge
diandel wong akeh. Luwih prayoga tansah njaga bae barang rembugira kanthi becik, patitis lan
maedahi. Karo maneh tindak tanduk kang ngresepake, luwih-luwih kang bisa aweh paedah marang
wong liya iku ajine ngungkuli sakehing pitutur kang ndhakik-ndhakik nanging durung kabukten ana ing
panindak. Mula kuwi tansah udinen amrih wetuning rembug “keplok lumah kurepe karo tindakira”
(BBB)

TERJEMAHAN: Jangan bercita-cita menjadi orang “linuwih” dengan idam-idaman supaya perkataan
kita dianut orang banyak. Lebih baik kita senantiasa menjaga ucapan agar baik, tepat dan
bermanfaat. Apabila dilengkapi dengan tindak tanduk yang menyenangkan dan bermanfaat kepada
orang banyak, maka nilainya melebihi semua “pitutur” yang hebat-hebat tetapi belum dibuktikan
dalam tindakan nyata. Oleh sebab itu jagalah pembicaraanmu sehinga senantiasa selaras dengan
tindakanmu.

8. CARA BERBICARA: SAMPAIKAN DENGAN WAJAH CERAH SABAR DAN HALUS

Ulat sumeh, tindak-tanduk sareh kinantenan tembung aris iku bisa ngruntuhake ati sarta ngedohake
panggodhaning setan. Kosokbaline watak wicara kang keras, kajaba kaduga gawe tangining
kanepson, uga gampang nuwuhake salah panampa. Sabarang prakara kang sejatine bisa putus
sarana aris lan sareh, kepeksa dadi adu wuleding kulit lan atosing balung, kari si setan ngguyu
ngakak bungah-bungah (BBB)

TERJEMAHAN: Wajah cerah, perilaku sabar disertai tutur kata yang lembut mampu meruntuhkan hati
serta menjauhkan dari godaan setan. Sebaliknya bicara kasar disamping bisa membangkitkan
amarah juga mudah menimbulkan salah terima. Hal-hal yang sebenarnya bisa diselesaikan dengan
sabar dan halus menjadi adu tebalnya kulit dan kerasnya tulang. Setan yang akan tertawa
kesenangan.

9. ARAH BICARA: JANGAN CAMPURI URUSAN ORANG LAIN

Ucap sakecap kang kelahir tanpa pinikir kerep bae nuwuhake dredah lan bilahi. Mula wetune
tembung satembung saka lesan iku udinen aja nganti nggepok prekarane wong liya, gedhene nganti
gawe seriking liyan. Bisa nyandhet ucule pangucap kaya mangkono mau wis klebu ewoning pakarti
utama. Nanging geneya ya kok ora saben wong bisa nglakoni? (BBB)
TERJEMAHAN: Satu patah kata yang diucapkan tanpa dipikir lebih dahulu sering menimbulkan
pertikaian dan bencana. Oleh sebab itu keluarnya kata demi kata dari mulut sebaiknya jangan sampai
mengurusi perkara orang lain yang bisa menimbulkan sakit hati. Mampu mencegah lepasnya ucapan
seperti itu merupakan salah satu perbuatan utama. Tetapi mengapa tidak semua orang mampu
melakukannya?

10. ADAB BICARA (A): JANGAN NIMBRUNG KALAU TAK TAHU MASALAH

Srawung ing madyaning bebrayan iku kejaba kudu wasis milih papan lan empan, uga kudu bisa
angon mangsa lan mulat ing semu. Aja nggegampang ngroyongi rembug kang kowe dhewe durung
ngerti prakarane. Rembug sethitik nanging mranani iku nuduhake boboting pribadi. Rembug akeh
nanging ampang malah gawe sangga-runggine sing padha ngrungokake kepara njuwarehi (BBB)

TERJEMAHAN: Bergaul di masyarakat harus pandai pandai melihat situasi dan kondisi. Jangan
terlalu mudah nimbrung dalam pembicaraan yang kamu belum tahu duduk perkaranya. Sedikit bicara
tetapi menyejukkan hati menunjukkan bobot pribadimu. Bicara banyak tetapi kosong hanya akan
menimbulkan keragu-raguan dan ketidak-percayaan dari yang mendengar.

11. ADAB BICARA (B): JANGAN SERING SUMPAH

Wong dhemen supata iku saka wis koncatan temen, mulane sabarang cature sanadyan temen ora
diandel ing wong. Upama sinau ora supata bae kepriye, supaya wong gelem ngrungokake cature
(MB)

TERJEMAHAN: Orang suka bersumpah (memang ada orang yang kalau bicara sedikit-sedikit bilang
berani sumpah) karena sudah kehilangan sifat “temen” (sungguh-sungguh), oleh sebab itu semua
omongannya justru tidak dipercaya orang lainnya. Bagaimana eandainya tidak usah pakai sumpah-
sumpah segala. Supaya orang mau mendengarkan bicaranya.

12. APA YANG DIBICARAKAN: HATI DAN MULUT HARUS SAMA

Kang kok kandhakake putih iku durung karuwan putihing (sucining) ati, bisa uga mung wujud putihing
pupur sing kandel warata. Lan sing kok kandhakake abang iku durung tinamtu abanging
(kekendelaning) bebener nanging bisa uga mung abange lambe kang keconggah njlomprongake
mlebu jurang kang jero. Dene sing kok kandhakake resik, iku durung mesti resiking ati, nanging adate
mung wujud resiking sandhangan rinengga ing sotya abyor kang bisa mblerengake mripat (BBB)

TERJEMAHAN: Yang kau katakan putih belum tentu putihnya (sucinya) hati, bisa juga berwujud
putihnya bedak yang tebal dan rata. Yang kau katakan merah, belum tentu merahnya (keberanian)
kebenaran. Bisa jadi cuma merahnya bibir yang bisa menjerumuskan kamu ke jurang curam.
Demikian pula yang kau katakan bersih, belum tentu merupakan bersihnya hati . Sering hanya
bersihnya pakaian berhias intan permata yang mampu menyilaukan pandangan

13. JANGAN ASAL BICARA: INGAT CORONG “DIRI” KITA ADA DI BIBIR

Ajining dhiri ana ing lati. Ajining raga ana ing busana. Mula den ngati-ati ing pangucapmu, semono
uga anggonmu ngadi busana kang bisa mapanake dhiri (BBB)

TERJEMAHAN: Nilai dari “diri” ada pada bibir, sedangkan nilai dari “raga” ada pada pakaian. Jadi
berhati-hatilah dalam bicara demikian pula pandai-pandailah menemoatkan diri dalam cara
berpakaianmu

14. KALAU BICARA YANG EMPAN PAPAN

Wicaramu kang tata


a. marang wong gedhe: dikumet,
b. marang wong cilik: disareh,
c. marang wong sugih: diprasaja,
d. marang wong ora duwe (mlarat): diwelas,
e. marang sapadha-padha nganggo duga-duga lan watara.

TERJEMAHAN: Bicaramu yang tertata (pakai empan papan)


a. Kepada orang besar: Yang santun
b. Kepada orang kecil: Yang sabar
c. Kepada orang kaya: Yang “bares” lugas, tanpa bahasa berbunga
d. Kepada orang miskin: Yang welas asih
e. Kepada sesama-manusia: Pakai “duga-duga dan watara”, empan papan

15. JANGAN TERJADI: UCAPAN MANUSIA SAMA TIDAK DIPERCAYANYA DENGAN OCEHAN
BURUNG JALAK

Jalak bisa ngoceh, wong ala bisa nyatur, karo pisan ora kalap, ocehing jalak tutur apa-apa ora kena
ginugu, unining wong ala padha bae tutur apa-apa iya ora kena ginugu, sanadyan kandhane temen,
wong wis kebacut sirna piadele, dening kerepe goroh.

TERJEMAHAN: Burung Jalak bisa ngoceh, orang yang tidak baik bisa bertutur kata. Keduanya tidak
ada yang betul. Apa yang diocehkan burung jalak tidak dapat dipercaya demikian pula halnya dengan
tutur kata orang yang tidak baik. Orang lain sudah terlanjur hilang kepercayaannya, karena saking
seringnya berdusta.

16. LIDAH KITA: SENJATA PEMBUNUH SEKALIGUS MUSUH

a. Ilat iku sawijining pedhang kang landhep kang bisa mateni senadyan tanpa ngetokake getih (BBB)

TERJEMAHAN: Lidah merupakan pedang yang amat tajam. Bisa membunuh tanpa menumpahkan
darah

b. Satru kang gedhe dhewe kuwasane: sirnakna, iya iku ilatmu (MB)

TERJEMAHAN: Musuh yang paling besar kuasanya: perhatikan, tak lain adalah lidahmu sendiri

17. BICARA BAIK MAUPUN BURUK: SAMA-SAMA MENGGERAKKAN DAGU

Uni ala lan uni becik padha angobahake uwang. Yagene kowe dhemen adol uni ala kang satitihik
regane, tinimbang uni becik kang akeh regane

TERJEMAHAN: Bicara buruk dan bicara baik sama-sama menggerakkan dagu. Mengapa kamu lebih
suka bicara buruk yang murah harganya daripada bicara baik yang mahal harganya.

KESIMPULAN

Bahwa manusia dikaruniai satu mulut dan dua telinga, maksudnya adalah supaya kita lebih banyak
mendengar daripada bicara. Bicara baik maupun buruk, sama-sama menggerakkan dagu tetapi
pengaruhnya amat berbeda. (IwMM)

KUMPULAN PITUTUR 2: MENCELA DAN NGRASANI


MENCELA (memaoni, nacad) termasuk salah satu perilaku bicara tidak terpuji yang sering kita
lakukan. Sri Sunan Pakubuwana IV dalam Serat Wulangreh memasukkan “memaoni ini dalam
“Sesiku telung prakara” (dapat dibaca di Sesiku telung prakara menurut Serat Wulangreh).

Membicarakan orang lain (ngrasani) pada umumnya yang dibicarakan juga hal-hal buruk (celaan).
Ngrasani baik itu amat jarang. Dalam Serat Wulangreh, pupuh Durma bait ke 8 disebutkan ......sira
menenga; aja sok angrasani. Lengkapnya sebagai berikut:

8. ingkang eling angelingêna ya marang | sanak kônca kang lali | dèn nêdya raharja | mangkana
tindakira | yèn datan kaduga uwis | sira mênênga | aja sok angrasani ||

Kembali ke peribahasa Indonesia yang mengatakan “Mulutmu harimau kamu” demikian pula
“Berbicara peliharalah lidah, berjalan peliharalah kaki”, maka perilaku suka mencela, baik di balik
punggung (ngrasani) maupun berhadapan muka, sebaiknya kita kurangi sebanyak-banyaknya,
karena pada akhirnya kita sendiri yang akan rugi.

Daftar pitutur di bawah bersumber dari Butir Butir Budaya Jawa koleksi Prof. Rusdibjono (BBB) dan
Serat Madubasa, Ki Padmasusastra, 1912 (MB), kemudian saya kelompokkan sesuai
permasalahannya. Terjemahan bebasnya saya sertakan di bawah tulisan yang berbahasa jawa.
Selamat membaca, semoga ada manfaat yang dapat dipetik.

1. MENGAPA MENCELA?

a. Geneya akeh wong kang dhemen nyatur alaning liyan lan ngalembana awake dhewe? Sebabe ora
liya marga wong-wong sing kaya ngono mau ora ngerti yen penggawe mau klebu pakarti kang ora
prayoga, mula perlu dingertekake. Awit yen ora enggal-enggal nyingkiri pakarti kang ora becik mau,
wusanane dheweke kang bakal diemohi dening pasrawungan (BBB)

TERJEMAHAN: Mengapa banyak orang yang suka membicarakan kejelekan orang lain dan memuji
dirinya sendiri? Tidak lain karena orang tersebut belum tahu kalau perilaku tersebut termasuk
perbuatan yang tidak benar, oleh sebab itu perlu diberi pengertian. Karena apabila tidak segera
menyingkiri perbuatan tercela tersebut pada akhirnya orang itu akan dijauhkan dari pergaulan.

b. Karepe wong nyatur alaning liyan iku beteke mung arep nuduhake becike awake dhewe. Yen sing
diajak nyatur wong kemplu, pamrih sing kaya mangkono mesti katekane. Nanging tumraping wong
mursid: “Wong kang ngumbah rereged ing awake sarana migunakake banyu peceren malah saya
nuduhake blentonge pambegane” (BBB)

TERJEMAHAN: Maksud menjelekkan orang lain sebenarnya untuk menunjukkan kebaikan diri
sendiri. Kalau yang diajak bicara orang tolol, maksud tersebut akan kesampaian. Tetapi untuk orang
mursyid: “Mencuci kotoran dengan air comberan hanya akan menunjukkan kotornya kelakuan
sendiri”.

3. Wong kang nduweni watak tansah njaluk benere dhewe iku adate banjur kathukulan bendhana
seneng nenacad lan ngluputake marang panemu sarta tindak tanduke wong liya. Mendah becike yen
wong sing kaya mangkono mau kala-kala gelem nggraita ing njero batine: “mbokmenawa aku sing
kleru, mula coba dak tlitine klawan adil sapa sing sejatine nyata-nyata bener” (BBB)

TERJEMAHAN: Orang yang mempunyai watak selalu merasa benar sendiri umumnya juga
mempunyai tambahan watak suka mencela dan menyalahkan pendapat dan perilaku orang lain.
Alangkah baiknya kalau orang seperti itu kadang-kadang mau berpikir dalam hatinya: “Jangan-jangan
saya yang salah. Coba saya teliti lebih adil siapa yang sejatinya benar”.

2. MENCELA ITU NIKMAT

Ora ana sêgêring awak kaya wong nyatur alaning wong, ambêcikake awake dhewe, upama ora
nyatur bae kêpriye: êmoh awake, mundhak ora sumyah. (MB)
TERJEMAHAN: Tidak ada yang terasa lebih nyaman di badan selain mencela kejelekan orang dan
memuji diri sendiri. Misalnya tidak usah mencela bagaimana? Tidak mau! Nanti badan tidak terasa
segar

3. MENCELA ITU MUDAH

a. Nacad alaning wong iku gampang bangêt. Siji mangkene, loro mangkono, nanging anggunggung
cacade dhewe adate ora kobêr. (MB)

TERJEMAHAN: mencela itu amat mudah. Satu begini, dua begitu. Tetapi menjumlah cacad sendiri
biasanya tidak sempat

b. Maoni iku panggawe kang gampang dhewe, nanging waonane mau apa bênêr têmênan, durung
karuwan. (MB)

TERJEMAHAN Menasihati (plus mencela) itu pekerjaan yang paling mudah. Masalahnya apa yang
kau nasihatkan belum tentu benar

c. Nyatur alaning wong iku gampang. Dening apa ? mung dening paitan kacunggah sarta atine
bungah, wah ora dirungu ing wonge kang dirasani, upama anaa wonge kang dirasani: ora mêngkono,
banjur malik ilat liru ngalêm, iku wis dadi oyoding atine manungsa, mulane aja gèt-gètên ngrungu
panyaturing wong, awit wong kang nyatur iku iya isih dicatur ing wong liyane manèh. Liding gunêm,
sok anaa wong dhêmên nyatur: atine èlèk: aja kopêraki (MB)

Mencela keburukan orang lain itu mudah. Modalnya hanya tega dan suka serta tidak didengar oleh
yang bersangkutan. Andaikan yang dibicarakan ada, lidah dibalik menjadi memuji. Hal itu sudah
mengakar di hati manusia. Oleh sebab itu tidak usah terlalu kaget kalau ada orang suka “ngrasani”.
Di tempat lain ia jugta dibicarakan orang. Kesimpulannya: Orang yang suka membicarakan orang lain
bukanlah orang baik, jangan didekati

4. JANGAN GAMPANG MENCELA, MEMUJI MAUPUN MENASIHATI

Yen micara aja gumampang nelakake penacad utawa pangalembana, luwih-luwih nganti memaoni.
Awit wicaramu durung karuan bener. Sing mesti panacad mau gawe serik, pangaleme nuwuhake
wisa dene waonane ora digugu, kabeh swara ala. Mulane kang prayoga iku mung meneng, jalaran
meneng iku yektine pancen mustikaning ngaurip (BBB)

TERJEMAHAN: Bila berbicara jangan terlalu mudah mencela atau memuji apalagi menasihati, karena
bicaramu belum tentu benar. Yang pasti celaan akan menyakiti hati, pujian mengeluarkan bisa dan
nasihat tidak dituruti. Semua suara berarti jelek. Maka lebih baik diam karena diam itu mustikanya
kehidupan.

5. JANGAN CEPAT MENYALAHKAN, CARI DALAM DIRI KITA DULU

Aja sok ngluputake, gedhene ngundhat-undhat wong liya, samangsa kita ora katekan apa kang dadi
kekarepan kita. Becike kita tliti lan kita goleki sebab-sebab ing badan kita dhewe, amrih kita bisa uwal
saka dayaning pangira-ira kang ora prayoga. Kawruhana, yen usadane watak apes sing njalari nganti
ora katekan sedya kita, ora ana liya, ya dumunung ana ing awak kita dhewe (BBB)

TERJEMAHAN: Jangan suka menyalahkan atau memaki-maki orang lain apabila maksud kita tidak
kesampaian. Lebih baik kita teliti dan cari sebab-sebab di dalam diri kita sendiri supaya kita bisa
terlepas dari prasangka yang tidak semestinya. Ketahuilah bawa obat sial yang mengakibatkan
keinginan kita tidak tercapai tidak ada selain dalam diri kita sendiri.

6. JANGAN SEKEDAR MENYALAHKAN TAPI TUNJUKKAN KESALAHANNYA


a. Aja sok nyenyamah luputing liyan, luwih becik tuduhna kaluputane kang malah bisa ngrumaketake
rasa paseduluran. Ewasemono aja nganti kowe kesusu mbecikake kalakuwane liyan, yen awakmu
dhewe rumangsa durung bisa ngenggoni rasa sabar lan tepaslira. Sapa kang wis ngerti lan
ngrumangsani marang sakehing dosane, iku sawijining wong kang wis ngerti marang jejering
kamanungsane, manungsa kang utama (BBB)

TERJEMAHAN: Jangan suka mencela kesalahan orang lain. Lebih baik tunjukkan kesalahannya. Hal
ini malah bisa mempererat rasa persaudaraan. Walaupun demikian, jangan buru-buru mengoreksi
perilaku orang lain sebelum kamu sendiri memiliki rasa sabar dan “tepaslira”. Orang yang sudah tahu
dan mengakui semua kesalahannya adalah orang yang mengerti tentang hakekat kemanusiaan,
dialah orang yang utama

b. Nutuh wong kaluputan iku wis cumepak ana ing lambe, yagene ora kotuturi sadurunge kaluputan.
(MB)

TERJEMAHAN: Mencela kesalahan orang itu sudah tersedia di bibir. Tetapi (sama-sama dari bibir)
mengapa tidak diberi arahan dulu sebelum terjadi kesalahan?

7. JANGAN CEPAT MENCELA, SIAPA TAHU NANTI JUSTRU KAMU SUKA

Menawa kowe durung mangerteni marang bab kang kok anggep ora becik, aja kesusu ngatonake
rasa sengitmu, gedhene maoni lan nglahirake panacad. Awit kawruhana yen pikirane manungsa iku
tansah mobah-mosik lan molak-malik. Apa kang kok kira ala lan kok gethingi iku ing tembe buri bisa
malih kok senengi, kepara malah bisa dadi gantungane uripmu (BBB)

TERJEMAHAN: Apabila kamu belum tahu tentang hal-hal yang kau anggap tidak baik, janganlah
tergesa-gesa menunjukkan rasa bencimu atau mengucapkan celaan. Ingatlah bahwa pikiran manusia
itu tidak tetap dan berbolak-balik. Apa yang kau benci dan kau anggap jelek saat ini, di belakang hari
bisa menjadi yang kau sukai malah bisa menjadi tempat hidupmu bergantung.

8. MENCELA TUMBUHKAN PERMUSUHAN

Ngalembana lan panacad iku padha bae panindake. Lire, tarikane napas padha, kedaling ilat padha
lan obahing lambe ya padha. Sok ngonoa nadyan rekasane utawa gampange padha, nanging oleh-
olehane utawa wohe sing ora padha. Ing ngadat kejaba sok adoh sungsate uga malah sering
kosokbalen. Sing siji bisa ngraketake paseduluran sijine padha bae karo golek dadakan nandur rasa
memungsuhan (BBB)

TERJEMAHAN: Pujian dan celaan itu sama tindakannya. Artinya, sama tarikan napasnya; Sama juga
gerakan lidah dan bibir. Bagaimanapun juga, walau susah dan gampangnya sama, tetapi buah yang
dipetik tidak sama. Tidak hanya jauh berbeda bahkan bertolak-belakang. Yang satu bisa mempererat
tali persaudaraan, satunya lagi justru cari gara-gara untuk menanam benih-benih permusuhan.

9. “NGRASANI” ITU MERUGIKAN DIRI SENDIRI DAN ORANG LAIN

Ngrasani alaning wong, iku ora mung gawe pitunaning wong kang dèn rasani bae, iya uga gawe
pitunane dhewe (MB)

TERJEMAHAN: Membicarakan kejelekan orang lain itu tidak hanya merugikan bagi yang “dirasani”
tetapi juga merugikan diri sendiri

10. BILA ADA ORANG “NGRASANI” ALIHKAN ARAH PEMBICARAAN

Lêlabuhan bêcik iku suwargi R. ms H. Jayadiningrat, bupati kaparak kiwa, iku ora tau nyatur alaning
wong, luwih manèh angrasani alaning nagara, wis ora pisan-pisan, yèn ana wong nyatur alaning
wong utawa ngrasani alaning nagara, disêlani pangandika: bêcik seje gunêm kuwi bae: jagomu si
genjong apa wis waras awake ... kang nganggit layang iki wêruh dhewe. (MB)

TERJEMAHAN: Teladan yang diberikan RMH Jayadiningrat, bupati keparak kiwa, beliau tidak pernah
membicarakan kejelekan orang lain maupun kejelekan pemerintah. Kalau ada orang yang berperilaku
demikian, beliau mengalihkan arah pembicaraan: Bagaimana ayam jagomu, si genjong, apa sudah
sehat kembali badannya? Yang menulis buku ini (maksudnya Ki Padmasusastra) mengetahui sendiri.

11. BILA DICELA TETAPLAH SABAR

Samangsa kowe diclatu wong kanthi sengak aja kok wales sanalika kanthi tembung (rembug) kang
sengak lan atos. Prayoga tanggapana mawa pakarti kang alus lan sareh. Jer, yen klawan laku kaya
mangkono iku, kowe bisa ngendhakake watak kang panasbaran, lan bisa ngasorake sipat kang lagi
kasinungan iblis (BBB)

TERJEMAHAN: Sewaktu orang berbicara kepadamu dengan omongan yang tidak enak jangan
seketika kau balas dengan ucapan serupa dan keras. Tanggapilah dengan halus dan sabar. Hanya
dengan cara itu kamu dapat mengendalikan watak kasar dan keras serta mengalahkan manusia yang
sedang kemasukan iblis

PENUTUP

Sebaiknya kesenangan yang satu ini: Mencela, mencela sekaligus memberi pitutur,
dan membicarakan kejelekan orang lain, kita buang jauh-jauh. Melakukannya
mudah, senangnya hanya sesaat dan selebihnya diri sendiri yang akan merugi. Bila
ada orang berperilaku demikian, kita tidak usah ikut-ikut, dan bila kita yang dicela,
bersikaplah “sabar” (IwMM)

PITUTUR KUMPULAN 3: PUJIAN, UMPAKAN DAN


TEMBUNG LAMIS
PUJIAN juga merupakan perilaku bicara kita. Pujian tulus dan sesuai keadaan yang sebenarnya tentu
baik-baik saja. Yang menjadi masalah tidak semua orang berkelakuan seperti itu. Banyak orang suka
“ngumpak” atau nggunggung (memberikan pujian yang berlebih-lebihan dan tidak sesuai kenyataan.
Lebih susah lagi karena banyak juga orang yang suka digunggung atau diumpak, dan pada gilirannya
ia akan “lena’ (lengah) dan kehilangan “kaprayitnan” (kewaspadaan). Silakan merujuk pada posting
Yitna Yuwana Lena Kena. Sedangkan mengenai “nggunggung” dan “gunggungan” dapat dibaca pada
tulisan Serat Wulangreh: Jangan menjadi orang gunggungan danSerat Wulangreh: Orang
nggunggung tentu ada maunya. Perilaku lamis dan suka memuji berlebih-lebihan pada umumnya
membawa pamrih untuk kepentingan pribadi. Hati-hati bila kita berhadapan dengan orang yang
seperti itu.

Daftar pitutur di bawah bersumber dari Serat Madubasa, Ki Padmasusastra, 1912 (MB) dengan
gayanya yang khas, kemudian saya kelompokkan sesuai permasalahannya. Terjemahan bebasnya
dapat dipirsani di bawah tulisan yang berbahasa Jawa. Selamat membaca, kiranya bermanfaat.

1. ORANG CARI PUJIAN: BISA MEMPEROLEH BISA TIDAK MEMPEROLEH

Wong ngalem marang awake dhewe, iku prasasat nguntal wisa mandi, ananging apa ana wong ora
golek alem. Sarehning ana tembung: “golek” dadi ana katrangan: “Entuk, utawa ora”. Yen entuk, sapa
kang kudu ngalem,. Yen ora, apa awake dhewe kang dadi sesulihe tembung: “ora”. (MB)

TERJEMAHAN: Orang memuji diri sendiri sama dengan menelan bisa yang kuat. Tetapi apa ada
orang yang tidak mencari pujian. Karena ada perkataan “mencari” maka ada jawaban: “memperoleh
atau tidak”. Kalau memperoleh, siapa yang harus memuji. Kalau tidak memperoleh apa diri kita
sendiri yang menjadi pengganti perkataan: “tidak’. (dengan kata lain: memuji diri sendiri)

2. MENCARI PUJIAN: MERENDAHKAN MARTABAT

Ora ana wong urip kang ora dhemen dialem, nanging wong golèk alem dadi wong kuthung, uripe ana
sangisoring wong: sanadyan ratu. Alem kang ora keprungu ing wong kang dialem, gandane arum
angambar tutug ing suwarga.(MB)

TERJEMAHAN: Tidak ada orang hidup yang tidak suka dipuji. Tetapi orang yang mencari pujian
menjadi orang yang cacat, derajatnya lebih rendah dari manusia: walaupun raja. Pujian yang tidak
didengar oleh orang yang dipuji, baunya harum semerbak sampai ke sorga.

3. BANYAK PUJIAN HANYA PULASAN

Têmbung: nguyahi ngasêmi, ngibarate wong ngalêm marang anak putune, utawa sanak sadulure
tuwin marang kêkasihe kêna korungokake, nanging ora kêna banjur kogugu, kang akèh sok nganggo
pên nuli ginawe mulas. (MB)

TERJEMAHAN: Perkataan “nguyah ngasemi” (memberi garam dan asam), ibarat orang memuji anak
cucu, saudara dan kekasihnya. Boleh didengar tetapi tidak harus dimasukkan hati. Kebanyakan
sering menggunakan pena lalu digunakan untuk mewarnai.

4. SUKA DIPUJI: ORANG TOLOL

a. Wong dhemen dialem iku bodho, nanging ki pujangga enggone ngetog kepinteran perlune mung
golek alem. Apa iku pujangga bodho. Ora ngono. Alem kang nyata iku gumebyar, kaya
sorotinglintang panjer rina. Dene alem kang ora nyata surem anglamuk pindha mripat kawuwanan,
mlolo ora sumurup ing becik. (MB)

TERJEMAHAN: Orang suka dipuji itu tolol, tetapi ki pujangga (maksudnya: Ki Padmasusastra)
mengeluarkan kepandaian, tujuannya hanya cari pujian. Apa pujangga tolol. Bukan begitu, pujian
yang nyata itu bersinar seperti bintang pagi. Sedangkan pujian yang tidak nyata suram berkabut,
seperti orang yang matanya terbuka tetapi tidak bisa melihat. Membelalak tetapi tidak melihat
kebaikan

b. Landheping gegaman saka diasah ing wungkal, landheping budi saka gegosokan kawruh, yagene
kowe isin takon tiron supaya mundhak kawruhmu, aja malah dhemen kandha angecuwis mung murih
dialem pinter, para sujana malah angarani bodho marang kowe.(MB)

TERJEMAHAN: Tajamnya senjata karena diasah dengan batu asah, tajamnya budi karena diasah
dengan ilmu. Mengapa kamu malu bertanya supaya meningkat ilmumu? Kamu malah bicara tidak
menentu supaya mendapat pujian bahwa kamu pandai. Orang-orang pandai malah mengatakan
kamu tolol.

c. Umpak iku wisa mandi, sapa sing kataman umpak: kena, cacad uripe sinebut manungsa bodho,
ginaguyu ing para sujana.

TERJEMAHAN: “Umpak” (pujian yang berlebihan tidak sesuai dengan hal yang sebenarnya) adalah
racun berbisa. Siapa yang mudah “diumpak” hidupnya menderita cacat yang disebut “orang tolol”,
menjadi bahan tertawaan orang-orang pandai.

5. PUJIAN DAN CELAAN: BOBOTNYA SEIMBANG

Pangalem lan panacad iku imbang-imbangan, mung dadi kembang lambe, ora ana wong ora rena
dialem, sarta ora ana wong ora serik dicacad. Karo pisan satemah luput, dening pengalem lan
panacad mau goroh kabeh. Ujaring bebasan: Wong dhemen ora kurang pangalem, wong gething ora
kurang pamada. (MB)

TERJEMAHAN: Pujian dan celaan itu berimbang, hanya jadi bunga di bibir. Tidak ada orang tidak
suka dipuji dan tidak ada orang tidak sakit hati bila dicela. Keduanya tidak baik, karena pujian dan
celaan tersebut keduanya bohong. Seperti kata peribahasa: Orang suka tidak kurang pujian, orang
benci tidak kurang celaan.

6. PUJIAN TULUS: TUMBUH DARI KELAKUAN BAIK DAN PERBUATAN BERMANFAAT

Ora ana wong ora golek alem, nanging thukuling alem angel, kudu srama kalakuan becik lan
pagawean kang murakabi ing akeh. Yen kok sramani saka bandha bae, aleming wong mung
tumempel ing lambe, ora terus ing ati, dadi aran pangonggrong. Kang ora kok beciki malah nyatur
ala.

TERJEMAHAN: Tidak ada orang yang tidak mencari pujian, tetapi tumbuhnya pujian sulit, harus kita
bayar dengan kelakuan baik dan perbuatan yang bermanfaat bagi orang banyak. Kalau kita bayar
dengan harta, pujian yang diberikan hanya sebatas bibir saja, tidak tulus di hati. Namanya menjadi
pujian yang pakai pamrih. Orang yang tidak kamu baiki malah bicara jelek tentang kamu

7. PUJIAN: KALAU TIDAK DICARI, AKAN DATANG SENDIRI

Tak rasa-rasa becik endi ngumpak karo diumpak, wangune ala kabeh, dene kang becik wong narima
ing pandum, gedhening panarima dadi tuking katrentreman, wong yen wis tentrem arep golek apa
maneh, aleming wong yen ora digoleki: mara dhewe. (MB)

TERJEMAHAN: Lebih baik mana “ngumpak” (memuji berlebihan) atau “diumpak” (menerima pujian
berlebihan). Sepertinya jelek semua. Yang baik adalah orang yang “nerima ing pandum”. Besarnya
rasa “nerima” menjadi sumbernya ketenteraman. Kalau orang sudah merasa tenteram, apalagi yang
dicari. Pujian dari orang lain kalau tidak dicari-cari, akan datang sendiri.

8. LAMIS: HANYA BIBIR YANG MANIS

Wong lamis iku lambene becik, atine ala, kandhane iyanana bae.

TERJEMAHAN: Orang lamis hanya bibirnya yang baik, hatinya tidak. Apa yang dia omongkan, kamu
jawab “iya” saja.

9. LAMIS: SEPERTI “BUNGA RAWE"

Manungsa kang ngempakake tembung lamis, iku kaya angganing kembang rawe, tinonton
anyenengake, nanging yen didumuk anggateli.

TERJEMAHAN: Manusia yang berucap lamis ibaratnya seperti bunga “rawe” (pohon rawe: tanaman
yang kalau disentuh “gatal”). Dilihat menyenangkan, dipegang gatal

10. LAMIS: MENJERUMUSKAN

Aja nandukake basa lamis, sabab iku anjalomprongake, mulane yen kowe katandukan basa lamis:
diprayitna, awit yen lena bisa andadekake karusakan. (MB)

TERJEMAHAN: Jangan bertutur-kata lamis, karena hal tersebut menjerumuskan orang lain. Oleh
sebab itu kalau orang berlaku lamis kepadamu, hati-hatilah, bila lengah terjadilah kerusakan
11. LAMIS: BISA UNTUK MODAL CARI MAKAN

Ora ana wong ora dhemen diumpak, olehe nyambut gawe anderpati perlune mung golek umpak,
mulane akeh wong adol umpak, awit sangune mung ujar lamis, tur wis tumempel ana ing lambe, yen
payu: nguripi.

TERJEMAHAN: Tidak ada orang tidak suka “diumpak” (dipuji-puji berlebihan). Dia bekerja setengah
mati kan perlunya hanya untuk cari pujian. Oleh sebab itu banyak orang “adol umpak” (menjual pujian
berlebihan), karena modalnya hanya tutur kata lamis yang sudah menempel di bibir. Bila laku:
Menghidupi.

12. JANGAN SUKA BICARA DENGAN ORANG LAMIS

Aja dhemen caturan karo wong lamis, memanise mung tumempel ana ing lambe, ora terus ing ati,
cature nengsemake, kasaguhane kaya kena-kenaa pinesthekake, nanging luput ciptamu, unine mung
lelawora, padha karo kowe nubruk wewayangan.(MB)

TERJEMAHAN: Jangan suka bicara dengan orang lamis, karena manisnya hanya menempel di bibir,
tidak tembus ke dalam hati. Bicaranya menyenangkan, kesanggupannya seolah dapat diandalkan,
tetapi salah pendapatmu. Apa yang disampaikan hanya angan-angan saja, sama dengan kamu
menabrak bayang-bayangmu sendiri.

PENUTUP

Pujian yang berlebihan yang disampaikan amat manis melalui bibir yang lamis bisa membuat kita
terjerumus ke jurang kehancuran. Sepanjang kita senantiasa “mulat sarira” (introspeksi diri, mawas
diri), kita pasti dapat membedakan antara yang lamis dan yang tulus. Orang-orang yang suka
ngumpak, nggunggung atau memuji berlebihan ini menyembunyikan udang di balik batu, yaitu pamrih
pribadi, seperti disebutkan dalam Serat Wulangreh, pupuh Gambuh bait ke 13 sebagai berikut: ing
wong kang padha gunggung | pan sapele iku pamrihipun | mung warêge wadhuk kalimising
lathi | lan têlêsing gondhangipun | rêruba alaning uwong || (IwMM)

PITUTUR KUMPULAN 4: CEREWET, MARAH,


BERTENGKAR
Pitutur Kumpulan 4 ini untuk topik “bertengkar” dan “cerewet” sumbernya adalah “Layang Madubasa”
yang ditulis oleh Ki Padmasusastra ngabehi Wirapustaka di Surakarta, 1912 (MB). Sedangkan
“marah” diambil dari kumpulan pitutur Butir Butir Budaya Jawa koleksi Prof. Rusdibjono (BBB). Topik
utamanya masih masalah “bicara” seperti tiga kumpulan pitutur sebelumnya Manusia memang khas
dengan “solah muna-muni”nya seperti disebutkan dalam Serat Wulangreh, pupuh Pangkur bait ke 5
sebagai berikut:

mapan watêking manungsa | pan katêmu ing laku lawan linggih | solah muna-muninipun | pan
dadya panêngêran | kang apintêr kang bodho miwah kang luhur | kang asor lawan malarat | tanapi
manungsa sugih || Pada tulisan ini , yang kita bicarakan adalah orang yang suka bertengkar dan
orang yang pendiam.

Bertengkar, umumnya diawali dengan beda pendapat, kelihatannya juga termasuk salah satu
kesukaan kita. Bahkan nonton orang bertengkar pun kita juga hobi. Mulai nonton tetangga bertengkar
sampai nonton pakar bertengkar di layar kaca.

Ditambah lagi banyak diantara kita yang mulutnya cerewet. Orang cerewet rawan beda pendapat.
Ujung-ujungnya marah lalu bertengkar. Padahal yang diperselisihkan kebanyakan hal yang amat
sepele. Sehingga kita kenal peribahasa: “Kaya asu rebutan balung” atau ada juga “madu balung
tanpa isi”.
Seperti kumpulan pitutur sebelumnya, maka kalimat bahasa Jawa adalah yang dicetak dengan
huruf miring, sedangkan terjemahan setengah bebasnya ditulis dibawahnya. Silakan mengikuti,
harapan saya ada manfaat yang dapat diambil.

1. HOBBY BURUK: SUKA NONTON ORANG BERTENGKAR

Yen ana wong padu mung ditonton bae, malah tanggane ngobong klasa amoh, supaya dadi padune,
apa ora mêngkono. (MB)

TERJEMAHAN: Kalau ada orang bertengkar umumnya yang lain hanya menonton saja (tidak ada
yang melerai). Malah tetangganya ada yang membakar tikar tua (Dulu ada kepercayaan: Tikar
melambangkan tempat tidur, yang berarti kerukunan dalam rumah tangga. Kalau tikar dibakar akan
memperhebat pertengkaran, khususnya antara suami istri). Bukankah begitu?

2. ORANG BERTENGKAR: WALAU SALAH TETAP BERTAHAN

Wong padu sanadyan wis rumasa luput, iya ngaku bener, muni sawetu-wetune, saupama nganggo
angger kang kinandhut ana sajroning wetenge, kang luput ya ngalah, awit satemene wis sumurup
marang kaluputane, ananging sarehning wis tetela mangkono, becik kang bener bae kang gawe
karampungan: ngalah, wong kang ngrungu padha ngarani: pinter: apa becik diarani: bodho. (MB)

TERJEMAHAN: Orang bertengkar, walau merasa salah ya tetap mengaku benar, bicara semaunya
sendiri. Andaikan memakai aturan, semestinya yang salah harus mengalah karena sebenarnya
sudah tahu kesalahannya. Tetapi karena kenyataannya demikian, seyogyanya yang benar saja yang
menyelesaikan: mengalah. Orang lain yang mendengar akan mengatakan: Pandai. Apa kita lebih
suka dikatakan bodoh?

3. ORANG SUKA BERPERKARA: SEBENARNYA SAMA-SAMA KALAH

Aja sok dhêmên prakaran, ora bêcik, ngèlingana paribasan: sing kalah dirêmpah, sing mênang
dipindhang, têgêse: olèhe prakaran kalah kabèh, sing mênang sapa? Coba takona ki jêksa: apa
wêruh (MB)

TERJEMAHAN: Jangan suka berperkara, tidak baik. Ingatlah peribahasa: “Yang kalah dibuat rempah,
yang menang dibuat pindang”. Maksudnya: Yang berperkara semuanya kalah. Siapa yang menang,
tanyakan Jaksa: Apa tahu?

4. BICARA EMPAN PAPAN: MENJAUHKAN PERTENGKARAN

Nyingkirana tukar padu, saranane nyegah solah bawa muna-muni kang andadekake seriking ati,
awakmu wis ana sajabaning pakewuh. (MB)

TERJEMAHAN: Hindarilah pertengkaran, sarananya dengan mencegah perilaku bicara yang


menyebabkan sakit hati. Maka kita berada di luar masalah

5. UCAPAN ORANG CEREWET, DIBAWA ANGIN; UCAPAN ORANG PENDIAM, MASUK DI HATI

Wong juweh kawruhe tumempel ing lambe kumruwuk angebeki papaning pasamuwan katut ing angin
mrana-mrana. Beda karo wong meneng, kawruhe sumimpen ana ing ati wening, metune ora sarana
lambe, katampan pucuking pen mili amber ing papan tulis rinasakake wong sajagad (MB)

TERJEMAHAN: Orang cerewet ilmunya menempel di bibir, bergema memenuhi ruangan dibawa
angin kemana-mana. Beda dengan orang yang diam. Ilmunya tersimpan di hati yang bening,
keluarnya tidak melalui bibir tetapi diterima ujung pena, mengalir lancar di papan tulis dirasakan oleh
oranng se dunia.
6. ANTARA “JAM” DAN “ORANG CEREWET”

Unining jam tanpa leren nganti saenteking puterane, wong juweh muni tanpa leren nganti saturune,
jam ana gawene bisa nuduhake wayah, balik wong juweh muni anderwili moyar dadi angin bae.

TERJEMAHAN: Bunyi jam tidak berhenti sampai putaran habis (waktu itu belum ada batere). Orang
Cerewet tidak berhenti sampai tertidur. Jam ada manfaatnya yaitu menunjukkan waktu sedangkan
orang cerewet bicara tanpa henti hanya ibarat angin saja.

7. MARAH: KENDALIKAN HATI YANG PANAS

Brangating ati sabisa-bisa kendhalenana, aja diububi kayadene nyirep geni sarana lenga. Napsu
amarah mono selawase tetep bakal mbebedhag yen ora kinanthenan pikiran kang menep lan ati kang
eling. Meneping pikir lan elinge ati bakal numusi mulure budi kang tundhone bisa dadi panyirep
sakehing pakartine setan.(BBB)

TERJEMAHAN: Sedapat mungkin kendalikan panasnya hati, jangan dikobarkan seperti mematikan
api dengan minyak. Napsu amarah selamanya akan memburumu jika tidak disertai pikiran yang
mengendap dan hati yang ingat. Mengendapnya pikiran dan ingatnya hati akanm meluaskan budi
yang mampu menghentikan semua perbuatan setan

8. MARAH: MENYINGKIR DULU

Yen kowe kepener nesu lan srengen, prayogane wong sing kok nesoni lan kok srengeni mau
kongkonen enggal sumingkir, utawa kowe dhewe sumingkira sauntara. Aja tetemon karo wong liya.
Sabanjure menenga lan etung-etunga kanti sareh wiwit siji tekan sepuluh. Klawan mangkono atimu
bakal bisa nimbang-nimbang apa nesu lan srengenmu marang wong mau bener, apa malah dudu
kowe dhewe sing luput. (BBB)

TERJEMAHAN: Bila kebetulan kamu marah, sebaiknya orang yang kau marahi disuruh menyingkir,
atau kamu sendiri yang sementara waktu menyingkir. Jangan menemui orang lain. Selanjutnya
diamlah dan menghitung dengan sabar dari satu sampai sepuluh. Dengan demikian kamu akan
mampu menimbang apakah kemarahanmu tadi benar atau justru kamu sendiri yang salah.

9. MARAH: JANGAN BERLEBIHAN

Srengen marang wong mono aja nganti kenemenen lan keliwat-liwat, sing estine mung arep ngedir-
edirake drajad, pangkat utawa kadibyane, mung marga wis ngerti yen wong mau ora bakal wani
utawa ora bisa nglawan. Pakarti kaya ngono mau kejaba ambeg siya, uga wong sing disrengeni
durung karuwan dadi becik, kepara malah nuwuhake rasa sengit. Prayogane, srengen samadya lan
mengku pitutur amrih becike. (BBB)

TERJEMAHAN: Marah kepada orang janganlah berlebih-lebihan dan melampaui batas, yang
sebetulnya hanya untuk menunjukkan derajat, pangkat dan kelebihannya, karena mengerti bahwa
yang dimarahi tidak akan berani atau mampu melawan. Perilaku demikian selain sewenang-senang
juga belum tentu membuat orang yang dimarahi menjadi baik. Malah akan menumbuhkan rasa benci.
Sebaiknya, marahlah sekadarnya saja dan mengandung nasihat supaya menjadi baik

10. SEWENANG-WENANG: SIFAT MANUSIA PALING JELEK

Ala-alaning kelakuane wong ora kaya kang sinung watak “Sapa sira sapa ingsun”. Marga sendhenan
kaluwihane, embuh kekuwasaane, embuh karosan, dadi seneng tumindak sawenang-wenang
marang kalahane kang wis tita ora bakal kumawani mancahi gedhene nganti wani mbandakalani
kekarepane. Wong kang nduweni sesipatan kaya mangkono mau prayoga enggal ngelingana
menawa laku jantraning jagad mono wis kinodrat cakra manggilingan, sing wingi ana ngisor sesuk
bakal gilir gumanti ngerehake (BBB)

Sejelek-jelek kelakuan manusia tidak seperti yang memiliki watak “siapa lu siapa gue”. Hanya karena
bersandar pada kelebihannya, apakah kekuasaan atau kekuatan, ia suka bertindak sewenang-
wenang kepada orang yang dibawahnya. Jelas mereka tidak mampu melawan. Orang yang
mempunyai sifat demikian hendaknya segera menyadari bahwa perjalanan roda kehidupan itu sudah
kodrat. Yang kemarin di bawah besuk berganti di atas dan mengalahkan kita.

11. JANGAN MEMBENCI ORANG

Udinen aja ana wong kang kok sengiti ing ngalam donya iki, supaya ora ana wong sengit marang
kowe, amarga lelakon ing ngalam donya anane mung wales-winales. Dene yen kowe kepeksa sengit
marang sawijining wong, gawenen wadi aja ana wong liya kang ngerti. Amarga yen sengitmu mbok
kandhakake marang liyan prasasat kowe mamerake alamu dhewe. (BBB)

TERJEMAHAN: Upayakan supaya tidak ada orang yang kau benci di dunia ini supaya kamu tidak
dibenci orang, karena di dunia ini isinya hanya balas-membalas. Seandainya kamu terpaksa harus
membenci seseorang, rahasiakanlah dan jangan kau beritahukan orang lain. Karena kalau kau
memberitahukan kebencianmu pada seseorang sama saja kau menunjukkan kejelekanmu sendiri.

PENUTUP

Perbedaan pendapat kalau tidak ada yang mau mengalah dan kedua pihak sama-sama cerewetnya
pasti akan berakhir dengan pertikaian. Dua-duanya sebenarnya buang-buang energi dan sama-sama
kalah. Budaya Jawa sebenarnya tidak menghendaki kita marah dan bertengkar. Orang Jawa
sebenarnya punya filosofi kebersamaan: ana gaweyan padha ditandhangi, ana sega padha dipangan
dan ana perkara padha dirembug.

Orang cerewet bagaimanapun sudah watak yang sulit diubah. Bertengkar adalah bunga-bunga
kehidupan. Biarlah bunga itu ada, asal tidak membuahkan kebencian. Yang lebih kuat jangan
sewenang-wenang. Selesaikan tanpa menyimpan dendam. Selesaikan tanpa saling membenci.
(IwMM)

PITUTUR KUMPULAN 5: SIFAT SOMBONG


Sifat sombong juga amat didukung oleh BICARA. Sulitlah kita menjadi sombong tanpa
ngomong. Oleh sebab itu peribahasa Indonesia yang mengatakan “Mulutmu harimau kamu”
dan “Berbicara peliharalah lidah” tetap berlaku untuk orang-orang sombong. Dalam
peribahasa Jawa kita juga mengenal “Tekek mati saka ulone” yang artinya orang akan
celaka karena ucapannya. “Tekek” (tokek) yang bangga dengan suara besarnya, menjadi
mudah dikenali keberadaannya oleh predatornya. Hati-hatilah orang yang punya sifat
kumenthus, kumaki apa lagi yang adigang adigung adiguna.

Sikap “andhap asor” (merendah) sering dikatakan menurunkan derajat, atau men”discount”
diri. Tetapi kalau kita menghilangkan perilaku andhap asor susila anor raga, jelas tidak baik.
Marilah kita renungkan sebaiknya bagaimana.

Daftar pitutur di bawah bersumber dari Butir Butir Budaya Jawa koleksi Prof. Rusdibjono
(BBB) dan Serat Madubasa, Ki Padmasusastra, 1912 (MB), kemudian saya kelompokkan
sesuai permasalahannya. Terjemahan (setengah bebas) saya tulis di bawah naskah bahasa
Jawanya. Silakan membaca, semoga ada manfaat yang dapat dipetik.

1. TANDA-TANDA ORANG SOMBONG


Ciri-cirine jiwa kang isih kothong mono bisa dititik saka ulat praupan, tutur wicara, lan
tingkah lakune kang ora gelem kalah. Sabarang tindak tanduke kepengin unggul lan
mamerake keluwihane, ora angger keluwihan bisa kanggo ngadhepi bebaya lan ngentas
saka papa cintraka. Kaluwihan kang tanpa dilandhesi kautaman kaya dene wedhak pupur
bae sing nempel ing njaban kulit bae, ora bisa tahan suwe lan gampang luntur marga saka
pakartine dhewe, awit nerak dhasar-dhasar bebener lan kasucian (BBB)

TERJEMAHAN: Tanda-tanda jiwa yang masih kosong dapat dilihat dari ekspresi wajah, cara
berbicara dan tingkah laku yang tidak mau kalah. Perilakunya selalu ingin menang dan
pamer kelebihan. Padahal tidak semua kelebihan bisa digunakan untuk menghadapi bahaya
dan melepaskan diri dari kesusahan. Kelebihan tanpa landasan keutamaan ibarat bedak
yang menempel di kulit luar. Tidak akan tahan lama dan mudah luntur karena perbuatan kita
sendiri, karena melanggar dasar-dasar kebenaran dan kesucian.

2. MUNCULNYA NAFSU PAMER

a. Dereng nedya pamer utawa riya iku terkadhang muncule dadakan kaya-kaya tanpa rinasa
ing nalika kita pinuju sesrawungan karo wong liya. Mula prayoga kita tansah waspada
ngendhaleni dhiri. Dene kang kinaran dereng utawa nafsu seneng pamer kang gampang
dineleng lan sineksen dening wong liya iku aran riya kang pratela (cetha), utawa ngedheng.
Becik kita singkiri. Wondene dereng sajroning laku panembah, arang kang bisa disumurupi
wong liya. Luwih-luwih yen lagi kapinuju ana ing papan kang sepi. Sok ngonowa elinga yen
Gusti Allah iku tansah ngudaneni.(BBB)

TERJEMAHAN: Nafsu pamer atau “riya” kadang-kadang muncul mendadak saat kita sedang
bertemu dengan orang lain. Oleh sebab itu hendaknya kamu selalu waspada dan mampu
mengendalikan diri. Apa yang disebut nafsu pamer yang mudah dilihat dan disaksikan orang
banyak adalah “riya” yang nyata. Baiknya kita hindari. Disisi lain nafsu beribadah jarang
dilihat orang lain, lebih-lebih bila kita sedang berada di tempat sepi. Jangan lupa, Tuhan
tetap menyaksikan.

b. Wong kang rumangsa dhirine linuwih, ing sawijining wektu mesti bakal kasurung atine
arep mamerake kaluwihane, lire amrih dimangerteni dening wong akeh yen dheweke mono
wong kang pinunjul lan supaya diajenana. Sumurupa, sakabehing kaluwihan mau yen ora
dicakake mawa lelabuhan kang murakabi marang bebrayan, tanpa guna kepara malah ora
kajen lan gawe pituna. Mula kang prayoga bisa tulus dadi wong kang linuwih menawa
gebyaring kaluwihan iku mung dikatonake marang atine dhewe, iku wis cukup. (BBB)

TERJEMAHAN: Orang yang merasa dirinya memiliki kelebihan, pada suatu saat akan
terdorong untuk pamer. Supaya orang lain tahu bahwa dirinya adalah orang hebat yang
harus dihormati. Ketahuilah bahwa semua kelebihan tersebut tidak ada gunanya, merugikan
dan membuat dirinya semakin tidak terhormat apabila tidak digunakan untuk kegiatan yang
bermanfaat bagi masyarakat. Orang punya kelebihan yang tulus apabila semua gebyar
kelebihan hanya ditunjukkan untuk dirinya sendiri. Itu sudah cukup

3. ORANG SOMBONG TIDAK MAU DISAINGI

Ing jagading sesrawungan mono becik nyirik marang sesipatan kang gumedhe lan
wewatakan kang tansah ngegungake dhiri. Sipat lan wewatakan mau adhakane banjur
nuwuhake rasa ora lila yen nyipati ana liyan sing luwih katimbang dheweke. Mula saiba
becike samangsa sapa kang rumangsa pinter dhewe, sugih dhewe, lan kuwasa dhewe iku
gelema nglaras dhiri lan ngleremake ciptane kang wening, yen sejatine isih ana maneh
Kang Maha Pinter, Maha Sugih lan Maha Luhur. Klawan mangkono rasa pangrasa dumeh
lan takabur kang dadi sandhungan pasrawungan bisa sumingkir (BBB)
TERJEMAHAN: Dalam pergaulan hendaknya menjauhi sifat merasa hebat dang
mengagung-agungkan diri sendiri. Watak dan sifat tersebut akan menimbulkan rasa iri bila
kita melihat ada orang lain yang ternyata melebihi kita. Alangkah lebih baik seandainya
orang yang merasa paling pandai, paling kaya dan paling kuasa tersebut menyelaraskan diri
dan menenangkan pikirannya, dan menyadari bahwa sejatinya masih ada Yang Maha
Pandai, Maha Kaya dan Maha Luhur. Dengan demikian perasaan hebat dan takabur yang
merupakan batu sandungan pergaulan dapat tersingkir

4. JANGAN SOMBONG, TELADANI PADI

Aja sok ngendel-endelake samubarang kaluwihanmu, apa maneh mamerake kasugihan lan
kapinteranmu. Yen anggonmu ngongasake dhiri mau mung winates ing lathi tanpa bukti,
dhonge pakarti kaya mangkono iku ngenggon awakmu dadi ora aji. Luwih prayoga turuten
pralampitane tanduran pari. Pari kang mentes mesthi tumelung, kang ndongak mracihnani
yen kothong tanpa isi. (BBB)

TERJEMAHAN: Jangan mengandalkan semua kelebihanmu apalagi pamer kekayaan dan


kepandaian. Bila kesombonganmu hanya pada mulut dan tanpa bukti menjadikan dirimu
tidak berharga. Lebih baik teladani perlambang dari tanaman padi. Padi yang berisi pasti
menunduk sedangkan yang tengadah adalah yang kosong.

5. JANGAN MENYEPELEKAN ORANG DAN MERASA PALING PANDAI

a. Aja sira degsura, ngaku luwih pinter tinimbang sejene (BBB)

TERJEMAHAN: Engkau jangan menyombongkan diri mengatakan lebih pandai dari yang
lain

b. Yen sira kasinungan ngelmu kang marakake wong akeh seneng, aja sira malah rumangsa
pinter, jalaran menawa Gusti Allah mundhut bali ngelmu kang marakake sira kaloka mau,
sira banjur kaya wong seje (owah), malah bisa “aji godhong jati aking” (BBB)

TERJEMAHAN: Kalau kamu memiliki ilmu yang bisa membuat orang lain bahagia, janganlah
merasa pandai, karena apabila Allah mengambil kembali ilmu yang membuat kamu tenar itu,
kamu bisa seperti orang gila dan lebih hina daripada daun jati kering.

c. Jalma iku tan kena kinaya ngapa, mula sira aja seneng ngaku lan rumangsa pinter dhewe
(BBB)

TERJEMAHAN: Manusia itu tidak bisa diduga, oleh sebab itu jangan suka mengatakan
bahwa kita yang paling pandai.

d. Aja kaselak kesusu nyepelekake liyan, marga kok anggep wong mau bodho. Awit ana
kalamangsane kowe mbutuhake rembug lan pituture wong iku, sing kasanyatane bisa
mbengkas lan nguwalake saka karuwetanmu. Pancen ing sawijine bab wong bisa kaaran
bodho, nanging ing babagan liya tangeh lamun yen kowe bisa nandhingi (BBB)

TERJEMAHAN: Jangan tergesa-gesa menyepelekan orang lain hanya karena kau anggap
orang itu bodoh. Ada saatnya kau butuh nasihat orang itu yang ternyata bisa melepaskanmu
dari kesulitan. Sebenarnya ada hal yang menyebabkan seseorang dikatakan bodoh tetapi di
hal yang lain ternyata kamu tidak mampu menanding
e. Aja sok dhêmên ngrèmèhake wong, mundhak gênti dirèmèhake, orane iya dicatur
ala(MB)

TERJEMAHAN: Jangan suka meremehkan orang, supaya tidak ganti diremehkan atau jadi
pembicaraan buruk

6. JANGAN MERASA BENAR SENDIRI

Aja rumangsa bener dhewe jalaran ing donya iki ora ana sing bener dhewe (BBB)

TERJEMAHAN: Jangan merasa benar sendiri karena hal seperti itu tidak ada di dunia

7. ORANG SOMBONG AKAN DIPERMALUKAN

a. Sing sapa tansah ngegungake pangkate, wirang lamun ana owahing jaman. Sing sapa
ngegungake bandhane, wirang lamun sirna bandhane (BBB)

TERJEMAHAN: Orang yang selalu mengagung-agungkan pangkatnya akan dipermalukan


ketika ada perubahan jaman. Orang yang selalu mengagung-agungkan hartanya akan
dipermalukan tatkala hartanya musnah.

b.. Kahanan donya iku ora langgeng, mula aja ngegungake kasugihan lan drajadira, awit
samangsa wolak-waliking jaman ora kisinan (BBB)

TERJEMAHAN: Keadaan di dunia ini tidak abadi. Oleh sebab itu jangan mengandalkan
kekayaan dan pangkatmu supaya bila ada perubahan jaman kamu tidak dipermalukan

8. LEBIH BAIK MERENDAHKAN DIRI

1. Luwih becik ngasorake raga tinimbangane ngongasake kapinteran kang sejatine isih
nguciwani banget. Ngongasake kapinteran iku satemene mung kanggo nutupi kabodhoane,
yen kabeh mau merga rasa samar lan was sumelang yen ta kungkulan dening
sapepadhane. Tindak mengkono mau malah dadi sawijining godha kang mung bakal
ngrendheti lakuning kemajuwane dhewe ing jagading bebrayan. (BBB)

TERJEMAHAN: Lebih baik merendahkan diri daripada menyombongkan kepandaian yang


sebenarnya masih amat mengecewakan. Menyombongkan kepandaian sebenarnya hanya
untuk menutupi kebodohan dan ketakutan kalau dilebihi oleh orang lain. Tindakan tersebut
merupakan godaan yang hanya akan menghambat keberadaannya dalam pergaulan.

2. Wong ambêk gumêdhe malah disorake, kosokbaline wong andhap asor: malah
diluhurake, pêrlune apa dhêmên gumêdhe. zie W. B. gêdhe. (MB)

TERJEMAHAN: Orang yang tinggi hati akan direndahkan, sebaliknya orang yang rendah
hati akan diluhurkan. Jadi apa manfaatnya menjadi orang yang sombong

9. BEDAKAN ANTARA RUMANGSA SARWA DUWE dan SARWA DUWE RUMANGSA

“Rumangsa sarwa duwe” lan “Sarwa duwe rumangsa”, iku yen ditulis genah mung diwolak-
walik bae, nanging surasane jebul kaya bumi karo langit. Sing kapisan nuduhake watak
ngedir-edirake, wengis satindak lakune (polahe), yen nggayuh pepenginan ora maelu laku
dudu, samubarang pakarti nistha ditrajang wani. Dene sing kapindho pakartine tansah kebak
welas asih, wicaksana ing saben laku, rumangsa dosa samangsa gawe kapitunane liyan
(BBB)

TERJEMAHAN: “Merasa serba punya” dan “Serba punya rasa” hanya tulisan yang dibolak-
balik saja, tetapi maknanya seperti bumi dan langit. Yang pertama menunjukkan watak suka
pamer, bengis perilakunya dan kalau mengejar angan-angan tidak mempedulikan tindakan
tidak benar. Semua perbuatan nista akan dilakukan dengan berani. Adapun yang kedua,
perilakunya penuh belas kasih, bijaksana dalam semua hal dan merasa dosa bila membuat
kerugian orang lain.

10. PERBUATAN BAIK BIARLAH ORANG LAIN YANG MENYAMPAIKAN

Wijining kautaman, saka kabêcikan, nanging kabêcikan kang kawêdharake barêng lan
panggawene mung dadi pangalêman sanalika, dene kabêcikan kang wis lawas panggawene
môngka dèn ucapake manèh marang kang gawe kabêcikan, iku malih dadi ala sarta dadi
sêrike kang binêcikan, rumangsane ingolok-olok. Wusana kabêcikan kang sinimpên marang
kang gawe, iku mêsthi bakal kêwêdhar saka panggawening liyan, gandane arum angèbêki
jagad, têtêp ing kautamane. (MB)

TERJEMAHAN: Benih-benih keutamaan berasal dari kebaikan. Tetapi kebaikan yang diucapkan
bersamaan dengan perbuatan hanya mendapat pujian sesaat. Demikian pula kebaikan yang
diucapkan lama setelah perbuatan baiknya dilakukan, bisa menyakitkan hati yang diberi kebaikan
karena merasa diungkap-ungkap. Adapun kebaikan yang disimpan di dalam hati oleh yang berbuat
baik, pasti akan disampaikan ooleh orang lain, baunya harum semerbak memenuhi jagad, tetap
didalam keutamaannya.

PENUTUP

Tidak ada yang suka dengan orang sombong, tetapi jumlah orang sombong bukannya sedikit.
Mungkin karena tidak ada yang mengingatkan. Kepada sesama manusia adalah tugas kita untuk
saling mengingatkan, tidak sekedar “sawang-sinawang”. Sedangkan kepada diri sendiri merupakan
kewajiban kita untuk senantiasa mawas diri. Apabila kita mulai merasa “PALING” maka marilah kita
mengingat kembali pesan leluhur “AJA DUMEH” (IwMM)

PITUTUR KUMPULAN 6: HARTA, KEKUASAAN DAN UANG


Manusia hidup harus mempunyai “gegayuhan” (cita-cita). Hati akan bahagia apabila cita-cita tercapai,
sebaliknya hati porak-poranda bila yang kita inginkan tidak kesampaian. Masalah akan timbul bila
manusia tidak “mencari” tetapi “mengejar” tiga icon utama “gegayuhan” duniawi yaitu “Drajat, Semat
dan Kramat” dengan katalisator enzim “meri dan pambegan”. Cukup banyak kisah sedih tentang
manusia yang terperosok akibat menggelegaknya nafsu “loba murka dan angkara murka”.

Daftar pitutur di bawah dicuplik dari Butir Butir Budaya Jawa koleksi Prof. Rusdibjono (BBB) dan
Serat Madubasa, Ki Padmasusastra, 1912 (MB), yang dikelompokkan sesuai permasalahannya.
Terjemahan (setengah bebas) dapat dipirsani di bawah naskah bahasa Jawanya. Sumangga, kiranya
bermanfaat.

1. KEINGINAN MANUSIA: TIDAK KARUAN DAN MEMBAHAYAKAN

a. Sugih singgih kalah karo kuwasa, sing kuwasa kapengin mukti wibawa, sing mukti wibawa isih
ngresula butuh dhuwit, sing sugih dhuwit kapengin singgih, sing singgih kapengin kuwasa, sing
kuwasa kapengin mukti wibawa, bola-bali kareping manungsa ora karu-karuwan (MB)
Terjemahan: Kekayaan dan kehormatan kalah sama kekuasaan Yang kuasa ingin dihormati, yang
terhormat masih mengeluh butuh uang, yang kaya ingin terhormat, yang terhormat ingin kuasa.
Selamanya keinginan manusia selalu tidak karuan

b. Ora ana tindak kang luwih dening mbebayani lan ndrawasi marang awake dhewe, kajaba
nindakake pagaweyan kanti srempeng sing juntrunge mung ngoyak derenge panguwasa, drajat lan
bandha. Pakarti mangkono adate ora mempan pitutur becik lan panemune liyan kang wigati, anane
mung rasa melik kang nggendhong lali. (BB

TERJEMAHAN: Tidak ada perilaku yang lebih berbahaya daripada bekerja keras tetapi tujuannya
mengejar kekuasaan, derajat dan harta. Perilaku demikian biasanya tidak mau mendengarkan
nasihat baik dan pendapat orang lain yang sebenarnya penting. Yang ada hanya rasa ingin memiliki

2. DRAJAT, SEMAT DAN KRAMAT: PERLU TAPI JANGAN DIPAMERKAN

Bandha iku perlu nanging aja diumuk-umukake, drajat lan pangkat iku perlu nanging aja dipamer-
pamerake, jalaran bisa mlesedake awake dewe. (BBB)

TERJEMAHAN: Harta itu perlu tetapi jangan disombongkan, drajat dan pangkat itu perlu tetapi jangan
dipamer-pamerkan, karena bisa menjerumuskan kita sendiri

3. HARTA BERSIH MEMBAWA BAROKAH DAN YANG KOTOR MEMBAWA PETAKA

a. Bandha iku gawe mulya lan uga gawe cilaka. Gawe mulya lamun saka barang kang becik, gawe
cilaka lamun saka barang kang ala (BBB)

TERJEMAHAN: Harta itu bisa membuat mulia maupun celaka. Membuat mulia bila berasal dari hal-
hal yang baik dan membuat celaka bila berasal dari hal-hal yang buruk

b. Bandha kang resik iku bandha kang saka nyambut karya lan saka pametu sejene kang ora
ngrusakake liyan. Dene bandha kang ora resik iku bandha colongan utawa saka nemu duweking liyan
kang ora kawruhan sing duwe (BBB)

TERJEMAHAN: Harta yang bersih adalah harta yang diperoleh dari bekerja dan penghasilan lain
yang tidak merugikan orang lain. Adapun harta yang tidak bersih adalah harta yang berasal dari
curian atau menemukan punya orang lain sementara yang punya tidak tahu.

4. MENCARI HARTA: TIDAK DILARANG ASAL SECUKUPNYA SAJA

a. Saka kayungyuning manungsa marang bandha, semat lan drajad anggone migunakake nganti
kerep nglirwakake kautaman, nglalekake jejering kamanungsan. Uripe prasasat kaesok kabeh ana
ing kono, ora ngelingi kepriye wusananing dumadi. Ing jagad pancen ora ana wewaler wong
nglumpukake bandha rajabrana, janji pikolehe manut dalan kang bener lan dipigunakake minangka
prabot prenataning jagad (BBB)

TERJEMAHAN: Karena begitu terpesonanya manusia kepada harta, pangkat dan kekuasaan,
penggunaanya sering melampau batas keutamaan, lupa pada kemanusiaan. Hidupnya seolah-olah
ditumpahkan semuanya ke situ, tidak ingat nanti pada akhir janjinya bagaimana. Di dunia ini memang
tidak ada larangan mengumpulkan hartabenda, asal diperoleh dari jalan yang benar dan digunakan
untuk kepentingan umat manusia

b. Golek bandha iku samadya bae, udinen katentreman njaba njero (BBB)

TERJEMAHAN: Mencari harta itu secukupnya saja. Utamakan ketenteraman lahir dan batin

5. JAMAN BEREBUT HARTA: BERAKIBAT TINDAK NISTA


Menangi jaman rebutan rajabrana, akeh wong kang padha kalimput, melu-melu tumindhak nistha.
Ora eling yen sajatining urip ing donya iku ora ngupaya rajabrana bae, nanging uga mangesthi
kamulyan ing tembe. Urip ing satengahing godha rencana, nanging tetep tumindak utama, presasat
tapa ing satengahing coba. Sapa sing santosa ora bakal tumindak sasar. Mula tansah ngugemana
sebuting pitutur: “Sabegja-begjane kang lali nganti kelu penggawe sasar, isih begja kang panggah
eling lan waspada tetep ing panggawe utama” (BBB)

TERJEMAHAN: Pada jaman orang berebut hartabenda, banyak yang lupa diri dan ikut-ikut bertindak
nista. Tidak ingat kalau sejatinya hidup di dunia itu tidak hanya mencari hartabenda saja tetapi juga
mengharapkan kemuliaan setelah mati. Hidup di tengah godaan tetapi tetap bertindak utama sama
dengan bertapa ditengah cobaan. Siapa yang kuat tidak akan tersesat. Oleh sebab itu tetaplah
berpegangan pada pitutur: “Seuntung-untungnya orang yang lupa sehingga ikut-ikut bertindak sesat
masih lebih beruntung orang yang senantiasa ingat dan waspada dan tetap pada berjalan pada rel
perbuatan utama”.

6. HARTA TIDAK DIBAWA MATI; NYAWA TIDAK BISA DIPERTAHANKAN

a. Bandha iku anane mung aneng donya, yen mati ora digawa (BBB)

TERJEMAHAN: Harta itu adanya hanya di dunia, bila mati harta tidak dibawa

b. Digendhongana dikuncenana kaya ngapa, nanging wong iku yen wis tinakdir tekan janjine mangsa
bakal wurunga. Iki maneh peling kita, yen manungsa mono badan lan umure dhewe ora kuwasa. Apa
maneh sing mung wujud barang sampiran kayadene drajat semat lan pangkat, kaluhuran, kasugihan
lan kalungguhan. Mula saka iku aja kibir, jubriya lan aja sok dumeh. Awit isih ana panguwasa liya
(Gusti Allah) kang luwih kuwasa. (BBB)

TERJEMAHAN: apapun upaya kita kalau sudah sampai pada ajal maka tidak bisa dicegah lagi.
Hendaknya hal ini dijadikan peringatan bahwa manusia tidak mampu menguasai badan dan umurnya.
Apalagi kalau hanya berwujud barang titipan seperti kekuasaan, harta dan pangkat, kehormatan,
kekayaan dan kedudukan. Oleh sebab itu jangan takabur karena masih ada penguasa yang lebih
kuasa yaitu Allah.

c. Elinga besuk yen wis tumeka ing janji ora kena ora, badan wadhag lan sabarang kalir kang kita
darbeni bakal kita tinggalake kabeh, ora ana kang kita gawa menyang alam kalanggengan. Mula aja
banget nggonira katrem marang kadonyan. Apa maneh sapa kang tansah ngegul-egulake donya
brana lan gandrung marang pepenginan kang ora langgeng, estine ora bakal bisa nemokake
kahanan kang bisa gawe langgenging kasenengan lan katentremaning ati (BBB)

TERJEMAHAN: Ingatlah kelak kalau sudah sampai pada janji kita, sudah pasti bahwa badan wadag
dan semua yang kita miliki akan kita tinggalkan. Tidak ada yang bisa kita bawa dalam alam
keabadian. Oleh sebab itu janganlah terlalu mencintai keduniawian. Lebih-lebih bagi yang senantiasa
nengagung-agungkan hartabenda dan cinta kepada hal-hal yang tidak langgeng. Tidak mungkin ada
hal-hal yang melanggengkan kesenangan dan ketenteraman hati.

7. HIDUP: BUTUH UANG TETAPI TERLALU SEDERHANA KALAU HANYA DEMI UANG

a. Wong urip butuh dhuwit, apa ora aran sapele uriping manungsa mung kalawan dhuwit, (MB)

TERJEMAHAN: Orang hidup butuh uang, apa tidak terlalu sepele kalau hidupnya manusia hanya
dengan uang?

b. Wong ora bisa pisah dhuwit, nanging aja mata dhuwiten (MB)

TERJEMAHAN: Orang tidak bisa pisah dengan uang, tetapi jangan mataduitan
8. SIFAT UANG: GENIT, SEPERTI “LEDHEK” DAN LICIN BAGAI BELUT

a. Aja dhemen warna kang merak ati, iya iku dhuwit, awit wateke blere, akeh wong kedanan, balik
peken dayane bae, karosane bisa anggendeng jagad, (MB)

TERJEMAHAN: Jangan suka dengan warna yang menarik hati yaitu uang. Karena wataknya suka
merayu, banyak orang tergila-gila. Ambil saja kekuatannya karena bisa menggandeng dunia.

b. Wong keklumpuk dhuwit, ngiwit-iwit pangan analeni weteng ambrongsong cangkem, pirang-pirang
taun, bisa sirna ing dalêm sajam, mulane diawas marang kridhaning dhuwit, uripmu aja dhemen
dhuwit, nanging sengkuta ngupaya dhuwit, yen bisa oleh pangupayamu, dienggal tanjakna kang ora
ilang ing salawas-lawase, awit angganing dhuwit: pangawak taledhek, angger wong kepengin
mengku, ora sumurup yen ora asih marang awake, lunga saparan-paran dadi parebutaning wong
akeh, awake kowang-kowang kari anggana.(MB)
TERJEMAHAN: Manusia mengumpulkan uang, mengurangi makan, mengencangkan ikat pinggang,
membungkus mulut bertahun-tahun, bisa hilang dalam satu jam. Oleh sebab itu hati-hatilah dengan
ulah uang. Janganlah suka uang tetapi rajinlah mencari uang. Hasilnya sedapat-mungkin segera
digunakan untuk hal-hal bermanfaat yang tidak hilang selamanya. Uang ibarat ledhek. Setiap orang
ingin memiliki, tidak tahu kalau dia tidak mencintaimu. Pergi kiemana-mana jadi rebutan orang
banyak; Ditinggal pergi, engkau sendirian.

c. Dhuwit iku lunyune kaya wêlut, yèn wis mrucut angèl golèk-golèkane. (MB)

TERJEMAHAN: Uang itu licin seperti belut;kalau lepas sulit mencarinya

9. SIKAP KEPADA UANG: JANGAN DICINTAI TETAPI AMBIL DAYANYA

Gebyaring kilat padha lan gebyaring rajabrana, apa iku suwe, mengkono ibarate, kasugihan kang
nganti angel wilangane bisa sirna padha sanalika, kaya ta: kataman ing bencana geni, utawa saka
panggawening durjana, mulane dingandel lan dipasrah marang pitulunganing Allah, aja tresna
marang rajabrana, balik peken dayane bae, supaya rajabranamu bisa langgeng turun-tumurun
oraentek-entek, kaya ilining banyu. (MB)

TERJEMAHAN: Cahaya kilat sama dengan cahaya hartabenda, apa itu lama? Demikianlah ibaratnya,
kekayaan yang begitu besar bisa sirna dalam sekejap, misalnya: dimakan api atau perbuatan
penjahat. Oleh sebab itu percayalah dan pasrah pada peetolongan Allah. Jangan mencintai
hartabenda tetapi ambillah kekuatannya saja, supaya hartabendamu bisa langgeng turun-temurun
tidak habis-habisnya seperti aliran air.

10. PESONA UANG: YANG KAYA TIDAK PUAS YANG MISKIN HANYA “INGIN”

Wong sugih ora marem andeleng dhuwite, rumasane isih kurang bae. Nanging wong ora duwe
dhuwit, mung mandheg kepengin duwe dhuwit.(MB)

TERJEMAHAN Orang kaya tidak puas melihat uangnya, sebaliknya orang tidak punya uang hanya
berhenti pada ingin uang

11. MENCARI UANG: “SUSAH’; MEMBUANG UANG: “GAMPANG"

Angele wong golek dhuwit nganti bisa ambubrahake engetan, Gampange wong ambuwang dhuwit
nganti bisa ambubrahake omah, mbok aja mengkono kepriye, (MB)
TERJEMAHAN: Susahnya orang mencari uang sampai bisa merusak ingatan (maksudnya:
kewarasan jiwa). Gampangnya orang membuang uang sampai bisa merusakkan rumah (Maksudnya:
rumah tangga). Mengapa mesti begitu?

12. KEKUASAAN: SUMBER LUPA

Sapa kang katrem merga lagi pinaringan kekuwasan iku sejatine malah dadi sumbering wong lali.
Gampang lirwa ing kaprayitnan lan gampang kapilulu ing pakarti dudu. Awit yen lagi kuwasa,
adhakane banjur ngangsa-angsa kegedhen panjangka.(MB)

TERJEMAHAN: Orang yang sedang mendapatkan kekuasaan sebenarnya menjadi sumber “lupa”.
Mudah hilang kewaspadaan dan melakukan tindakan yang tidak benar. Karena saat sedang
berkuasa biasanya lalu “ngaya” dikejar angan-angan yang terlalu tinggi

PENUTUP

Kebutuhan manusia tidak lepas dari tiga kata kunci “Drajat, Semat dan Kramat”. Orang ingin
mempunyai kedudukan, harta dan disegani. Di dunia ini orang ingin “kajen keringan”. Bukannya tidak
boleh orang mengejar dunia, tetapi jangan sampai kehilangan akhirat. Bukankah hidup itu
sekedar “mampir ngombe?”. Oleh sebab itu kita perlu senantiasa “eling lan waspada” (IwMM)

PITUTUR KUMPULAN 6: HARTA, KEKUASAAN DAN UANG


Manusia hidup harus mempunyai “gegayuhan” (cita-cita). Hati akan bahagia apabila cita-cita tercapai,
sebaliknya hati porak-poranda bila yang kita inginkan tidak kesampaian. Masalah akan timbul bila
manusia tidak “mencari” tetapi “mengejar” tiga icon utama “gegayuhan” duniawi yaitu “Drajat, Semat
dan Kramat” dengan katalisator enzim “meri dan pambegan”. Cukup banyak kisah sedih tentang
manusia yang terperosok akibat menggelegaknya nafsu “loba murka dan angkara murka”.

Daftar pitutur di bawah dicuplik dari Butir Butir Budaya Jawa koleksi Prof. Rusdibjono (BBB) dan
Serat Madubasa, Ki Padmasusastra, 1912 (MB), yang dikelompokkan sesuai permasalahannya.
Terjemahan (setengah bebas) dapat dipirsani di bawah naskah bahasa Jawanya. Sumangga, kiranya
bermanfaat.

1. KEINGINAN MANUSIA: TIDAK KARUAN DAN MEMBAHAYAKAN

a. Sugih singgih kalah karo kuwasa, sing kuwasa kapengin mukti wibawa, sing mukti wibawa isih
ngresula butuh dhuwit, sing sugih dhuwit kapengin singgih, sing singgih kapengin kuwasa, sing
kuwasa kapengin mukti wibawa, bola-bali kareping manungsa ora karu-karuwan (MB)

Terjemahan: Kekayaan dan kehormatan kalah sama kekuasaan Yang kuasa ingin dihormati, yang
terhormat masih mengeluh butuh uang, yang kaya ingin terhormat, yang terhormat ingin kuasa.
Selamanya keinginan manusia selalu tidak karuan

b. Ora ana tindak kang luwih dening mbebayani lan ndrawasi marang awake dhewe, kajaba
nindakake pagaweyan kanti srempeng sing juntrunge mung ngoyak derenge panguwasa, drajat lan
bandha. Pakarti mangkono adate ora mempan pitutur becik lan panemune liyan kang wigati, anane
mung rasa melik kang nggendhong lali. (BB

TERJEMAHAN: Tidak ada perilaku yang lebih berbahaya daripada bekerja keras tetapi tujuannya
mengejar kekuasaan, derajat dan harta. Perilaku demikian biasanya tidak mau mendengarkan
nasihat baik dan pendapat orang lain yang sebenarnya penting. Yang ada hanya rasa ingin memiliki

2. DRAJAT, SEMAT DAN KRAMAT: PERLU TAPI JANGAN DIPAMERKAN


Bandha iku perlu nanging aja diumuk-umukake, drajat lan pangkat iku perlu nanging aja dipamer-
pamerake, jalaran bisa mlesedake awake dewe. (BBB)

TERJEMAHAN: Harta itu perlu tetapi jangan disombongkan, drajat dan pangkat itu perlu tetapi jangan
dipamer-pamerkan, karena bisa menjerumuskan kita sendiri

3. HARTA BERSIH MEMBAWA BAROKAH DAN YANG KOTOR MEMBAWA PETAKA

a. Bandha iku gawe mulya lan uga gawe cilaka. Gawe mulya lamun saka barang kang becik, gawe
cilaka lamun saka barang kang ala (BBB)

TERJEMAHAN: Harta itu bisa membuat mulia maupun celaka. Membuat mulia bila berasal dari hal-
hal yang baik dan membuat celaka bila berasal dari hal-hal yang buruk

b. Bandha kang resik iku bandha kang saka nyambut karya lan saka pametu sejene kang ora
ngrusakake liyan. Dene bandha kang ora resik iku bandha colongan utawa saka nemu duweking liyan
kang ora kawruhan sing duwe (BBB)

TERJEMAHAN: Harta yang bersih adalah harta yang diperoleh dari bekerja dan penghasilan lain
yang tidak merugikan orang lain. Adapun harta yang tidak bersih adalah harta yang berasal dari
curian atau menemukan punya orang lain sementara yang punya tidak tahu.

4. MENCARI HARTA: TIDAK DILARANG ASAL SECUKUPNYA SAJA

a. Saka kayungyuning manungsa marang bandha, semat lan drajad anggone migunakake nganti
kerep nglirwakake kautaman, nglalekake jejering kamanungsan. Uripe prasasat kaesok kabeh ana
ing kono, ora ngelingi kepriye wusananing dumadi. Ing jagad pancen ora ana wewaler wong
nglumpukake bandha rajabrana, janji pikolehe manut dalan kang bener lan dipigunakake minangka
prabot prenataning jagad (BBB)

TERJEMAHAN: Karena begitu terpesonanya manusia kepada harta, pangkat dan kekuasaan,
penggunaanya sering melampau batas keutamaan, lupa pada kemanusiaan. Hidupnya seolah-olah
ditumpahkan semuanya ke situ, tidak ingat nanti pada akhir janjinya bagaimana. Di dunia ini memang
tidak ada larangan mengumpulkan hartabenda, asal diperoleh dari jalan yang benar dan digunakan
untuk kepentingan umat manusia

b. Golek bandha iku samadya bae, udinen katentreman njaba njero (BBB)

TERJEMAHAN: Mencari harta itu secukupnya saja. Utamakan ketenteraman lahir dan batin

5. JAMAN BEREBUT HARTA: BERAKIBAT TINDAK NISTA

Menangi jaman rebutan rajabrana, akeh wong kang padha kalimput, melu-melu tumindhak nistha.
Ora eling yen sajatining urip ing donya iku ora ngupaya rajabrana bae, nanging uga mangesthi
kamulyan ing tembe. Urip ing satengahing godha rencana, nanging tetep tumindak utama, presasat
tapa ing satengahing coba. Sapa sing santosa ora bakal tumindak sasar. Mula tansah ngugemana
sebuting pitutur: “Sabegja-begjane kang lali nganti kelu penggawe sasar, isih begja kang panggah
eling lan waspada tetep ing panggawe utama” (BBB)

TERJEMAHAN: Pada jaman orang berebut hartabenda, banyak yang lupa diri dan ikut-ikut bertindak
nista. Tidak ingat kalau sejatinya hidup di dunia itu tidak hanya mencari hartabenda saja tetapi juga
mengharapkan kemuliaan setelah mati. Hidup di tengah godaan tetapi tetap bertindak utama sama
dengan bertapa ditengah cobaan. Siapa yang kuat tidak akan tersesat. Oleh sebab itu tetaplah
berpegangan pada pitutur: “Seuntung-untungnya orang yang lupa sehingga ikut-ikut bertindak sesat
masih lebih beruntung orang yang senantiasa ingat dan waspada dan tetap pada berjalan pada rel
perbuatan utama”.
6. HARTA TIDAK DIBAWA MATI; NYAWA TIDAK BISA DIPERTAHANKAN

a. Bandha iku anane mung aneng donya, yen mati ora digawa (BBB)

TERJEMAHAN: Harta itu adanya hanya di dunia, bila mati harta tidak dibawa

b. Digendhongana dikuncenana kaya ngapa, nanging wong iku yen wis tinakdir tekan janjine mangsa
bakal wurunga. Iki maneh peling kita, yen manungsa mono badan lan umure dhewe ora kuwasa. Apa
maneh sing mung wujud barang sampiran kayadene drajat semat lan pangkat, kaluhuran, kasugihan
lan kalungguhan. Mula saka iku aja kibir, jubriya lan aja sok dumeh. Awit isih ana panguwasa liya
(Gusti Allah) kang luwih kuwasa. (BBB)

TERJEMAHAN: apapun upaya kita kalau sudah sampai pada ajal maka tidak bisa dicegah lagi.
Hendaknya hal ini dijadikan peringatan bahwa manusia tidak mampu menguasai badan dan umurnya.
Apalagi kalau hanya berwujud barang titipan seperti kekuasaan, harta dan pangkat, kehormatan,
kekayaan dan kedudukan. Oleh sebab itu jangan takabur karena masih ada penguasa yang lebih
kuasa yaitu Allah.

c. Elinga besuk yen wis tumeka ing janji ora kena ora, badan wadhag lan sabarang kalir kang kita
darbeni bakal kita tinggalake kabeh, ora ana kang kita gawa menyang alam kalanggengan. Mula aja
banget nggonira katrem marang kadonyan. Apa maneh sapa kang tansah ngegul-egulake donya
brana lan gandrung marang pepenginan kang ora langgeng, estine ora bakal bisa nemokake
kahanan kang bisa gawe langgenging kasenengan lan katentremaning ati (BBB)

TERJEMAHAN: Ingatlah kelak kalau sudah sampai pada janji kita, sudah pasti bahwa badan wadag
dan semua yang kita miliki akan kita tinggalkan. Tidak ada yang bisa kita bawa dalam alam
keabadian. Oleh sebab itu janganlah terlalu mencintai keduniawian. Lebih-lebih bagi yang senantiasa
nengagung-agungkan hartabenda dan cinta kepada hal-hal yang tidak langgeng. Tidak mungkin ada
hal-hal yang melanggengkan kesenangan dan ketenteraman hati.

7. HIDUP: BUTUH UANG TETAPI TERLALU SEDERHANA KALAU HANYA DEMI UANG

a. Wong urip butuh dhuwit, apa ora aran sapele uriping manungsa mung kalawan dhuwit, (MB)

TERJEMAHAN: Orang hidup butuh uang, apa tidak terlalu sepele kalau hidupnya manusia hanya
dengan uang?

b. Wong ora bisa pisah dhuwit, nanging aja mata dhuwiten (MB)

TERJEMAHAN: Orang tidak bisa pisah dengan uang, tetapi jangan mataduitan

8. SIFAT UANG: GENIT, SEPERTI “LEDHEK” DAN LICIN BAGAI BELUT

a. Aja dhemen warna kang merak ati, iya iku dhuwit, awit wateke blere, akeh wong kedanan, balik
peken dayane bae, karosane bisa anggendeng jagad, (MB)

TERJEMAHAN: Jangan suka dengan warna yang menarik hati yaitu uang. Karena wataknya suka
merayu, banyak orang tergila-gila. Ambil saja kekuatannya karena bisa menggandeng dunia.

b. Wong keklumpuk dhuwit, ngiwit-iwit pangan analeni weteng ambrongsong cangkem, pirang-pirang
taun, bisa sirna ing dalêm sajam, mulane diawas marang kridhaning dhuwit, uripmu aja dhemen
dhuwit, nanging sengkuta ngupaya dhuwit, yen bisa oleh pangupayamu, dienggal tanjakna kang ora
ilang ing salawas-lawase, awit angganing dhuwit: pangawak taledhek, angger wong kepengin
mengku, ora sumurup yen ora asih marang awake, lunga saparan-paran dadi parebutaning wong
akeh, awake kowang-kowang kari anggana.(MB)
TERJEMAHAN: Manusia mengumpulkan uang, mengurangi makan, mengencangkan ikat pinggang,
membungkus mulut bertahun-tahun, bisa hilang dalam satu jam. Oleh sebab itu hati-hatilah dengan
ulah uang. Janganlah suka uang tetapi rajinlah mencari uang. Hasilnya sedapat-mungkin segera
digunakan untuk hal-hal bermanfaat yang tidak hilang selamanya. Uang ibarat ledhek. Setiap orang
ingin memiliki, tidak tahu kalau dia tidak mencintaimu. Pergi kiemana-mana jadi rebutan orang
banyak; Ditinggal pergi, engkau sendirian.

c. Dhuwit iku lunyune kaya wêlut, yèn wis mrucut angèl golèk-golèkane. (MB)

TERJEMAHAN: Uang itu licin seperti belut;kalau lepas sulit mencarinya

9. SIKAP KEPADA UANG: JANGAN DICINTAI TETAPI AMBIL DAYANYA

Gebyaring kilat padha lan gebyaring rajabrana, apa iku suwe, mengkono ibarate, kasugihan kang
nganti angel wilangane bisa sirna padha sanalika, kaya ta: kataman ing bencana geni, utawa saka
panggawening durjana, mulane dingandel lan dipasrah marang pitulunganing Allah, aja tresna
marang rajabrana, balik peken dayane bae, supaya rajabranamu bisa langgeng turun-tumurun
oraentek-entek, kaya ilining banyu. (MB)

TERJEMAHAN: Cahaya kilat sama dengan cahaya hartabenda, apa itu lama? Demikianlah ibaratnya,
kekayaan yang begitu besar bisa sirna dalam sekejap, misalnya: dimakan api atau perbuatan
penjahat. Oleh sebab itu percayalah dan pasrah pada peetolongan Allah. Jangan mencintai
hartabenda tetapi ambillah kekuatannya saja, supaya hartabendamu bisa langgeng turun-temurun
tidak habis-habisnya seperti aliran air.

10. PESONA UANG: YANG KAYA TIDAK PUAS YANG MISKIN HANYA “INGIN”

Wong sugih ora marem andeleng dhuwite, rumasane isih kurang bae. Nanging wong ora duwe
dhuwit, mung mandheg kepengin duwe dhuwit.(MB)

TERJEMAHAN Orang kaya tidak puas melihat uangnya, sebaliknya orang tidak punya uang hanya
berhenti pada ingin uang

11. MENCARI UANG: “SUSAH’; MEMBUANG UANG: “GAMPANG"

Angele wong golek dhuwit nganti bisa ambubrahake engetan, Gampange wong ambuwang dhuwit
nganti bisa ambubrahake omah, mbok aja mengkono kepriye, (MB)

TERJEMAHAN: Susahnya orang mencari uang sampai bisa merusak ingatan (maksudnya:
kewarasan jiwa). Gampangnya orang membuang uang sampai bisa merusakkan rumah (Maksudnya:
rumah tangga). Mengapa mesti begitu?

12. KEKUASAAN: SUMBER LUPA

Sapa kang katrem merga lagi pinaringan kekuwasan iku sejatine malah dadi sumbering wong lali.
Gampang lirwa ing kaprayitnan lan gampang kapilulu ing pakarti dudu. Awit yen lagi kuwasa,
adhakane banjur ngangsa-angsa kegedhen panjangka.(MB)

TERJEMAHAN: Orang yang sedang mendapatkan kekuasaan sebenarnya menjadi sumber “lupa”.
Mudah hilang kewaspadaan dan melakukan tindakan yang tidak benar. Karena saat sedang
berkuasa biasanya lalu “ngaya” dikejar angan-angan yang terlalu tinggi

PENUTUP
Kebutuhan manusia tidak lepas dari tiga kata kunci “Drajat, Semat dan Kramat”. Orang ingin
mempunyai kedudukan, harta dan disegani. Di dunia ini orang ingin “kajen keringan”. Bukannya tidak
boleh orang mengejar dunia, tetapi jangan sampai kehilangan akhirat. Bukankah hidup itu
sekedar “mampir ngombe?”. Oleh sebab itu kita perlu senantiasa “eling lan waspada” (IwMM)

PITUTUR KUMPULAN 7: KAYA, MISKIN DAN NRIMA


Semua orang ingin menjadi kaya, walaupun kaya bukan jaminan kebahagiaan. Bungah dan susah
bergantung yang menjalani. Ada orang yang tidak kaya tetapi bahagia, bahkan ada yang miskin
hidupnya ayem ayem saja. Kebahagiaan ternyata dirusak oleh banyak polutan hidup yang justru
kelompok risiko tingginya ada pada orang berada. Antara lain sifat meri dan pambegan [Bungah lan
Susah (5): Dirusak oleh “meri” dan “pambegan”] dengan “karep” nya yang selalu mulur-mulur
[Bungah lan Susah (2): “Karep” selalu “mulur” dan “mungkret”] semuanya karena kurang rasa nrima
ing pandum.

Daftar pitutur di bawah bersumber dari Butir Butir Budaya Jawa koleksi Prof.
Rusdibjono (BBB) dan Serat Madubasa, Ki Padmasusastra, 1912 (MB), yang saya
coba kelompokkan sesuai permasalahannya. Terjemahan (setengah bebas) ada di
bawah naskah bahasa Jawanya. Kiranya berkenan membaca, semoga bermanfaat.

1. SEMUA INGIN KAYA DAN TAKUT MISKIN PADAHAL KEKAYAAN TIDAK DIBAWA MATI

a. Wong sugih sing lumuh kelangan bandhane nadyan kanggo keperluane dhewe iku ora liya sababe
marga tansah kuwatir yen dheweke tiba ing kemlaratan. Nanging ora ngertiya yen dheweke ing wektu
iku sejatine wis padha karo wong mlarat. Uripe kepara luwih sengsara katimbang wong kesrakat, lan
batine tansah ora narimakake marang adiling Kang Murbeng Dumadi (BBB)

TERJEMAHAN: Orang kaya yang enggan kehilangan harta walau untuk kepentingan sendiri
sebenarnya karena ia khawatir jatuh miskin. Padahal ia sama saja dengan orang miskin, malah
hidupnya lebih sengsara dan hatinya senantiasa mempertanyakan keadilan Allah

b. Kasugihan dadi penginane wong akeh, sing sugih durung marem, apa ana wong marem: ana, nek
wis katekan malaikat Ngijrail. Dunyane ditinggal kabeh, malah barange kang ditresnani dhewe iya
ditinggal. Apa: awak. (MB)

TERJEMAHAN: Menjadi kaya adalah kenginan orang banyak. Yang sudah kaya tidak puas. Apa ada
orang puas? Ada. Kalau sudah kedatangan malaikat Izrail. Harta ditinggalkan semua. Bahkan barang
yang paling dicintai juga ditinggal. Apa? Badan

2. HEMAT, RAJIN DAN JUJUR: PANGKAL KAYA

Wijining kasugihan saka gemi: taberi ing gawe, pawitane temen, ora tau goroh pangandeling wong
wuwuh-wuwuh, awoh rijeki kang ora kena cinakrabawa nganti awake dhewe ora sumurup yen wis
dadi sugih, malah wong akeh sing wis ngarani sugih dhisik. (MB)

TERJEMAHAN: Asal mula kekayaan dari berhemat, rajin bekerja dengan modal kesungguhan, tidak
pernah berbohong. Kepercayaan orang semakin bertambah, membuahkan rezeki yang tidak terasa.
Sampai diri sendiri tidak tahu kalau sudah menjadi kaya. Malah orang lain yang tahu terlebih dahul

3. JANGAN MINTA KEKAYAAN KEPADA MAKHLUK HALUS

Aja anjaluk kasugihan marang bulus jibung, lambemu mundhak belang putih, becik goleka kasugihan
menyang kali Gawe, rewangana cegah mangan cegah turu, tak tanggung amesthi bakal kacukupan
sabobotmu.(M)
TERJEMAHAN: Jangan minta kekayaan kepada bulus jibung. Bibirmu akan berbelang putih. Lebih
baik cari kekayaan ke Kali Gawe (maksudnya bekerja keras). Carilah dengan mengurangi makan dan
mengurangi tidur. Saya jamin kebutuhanmu akan tercukupi

4. KEKAYAAN DARI WARISAN HARUS DIKELOLA BAIK-BAIK

Kasugihan kang kalal sarta langgeng sajege urip, iku yen linakonan kangèlaning awak sarta
rekasaning ati, kanthi cegah mangan turu, sarta ngiwit-iwit wetuning kabutuhan yen kasugihan
tetinggalan saka wong tuwa-tuwane ora dadi kalal, mulane akeh sing ora langgeng, dingati-ati pikiren
lestarine, elinga yen kowe ora cegah mangan turu kaya wong atuwamu kang aweh kasugihan
marang kowe, mulane aja dhemen jibar-jibur, elinga yen iku dudu duwekmu dhewe, duweke wong
atuwamu, arahen bisane lestari tumiba marang turunmu, dadi kowe ora ingaran:elek, ngentekake
tetinggalane wong tuwa kang nglakoni rekasane biyen.(MB)

TERJEMAHAN: Kekayaan yang halal dan langgeng selama hidup, diperoleh kalau kita mencari
dengan susah payah dengan mengurangi makan dan tidur serta menghemat pengeluaran. Adapun
kekayaan yang berasal dari peninggalan orang tua, tidak menjadi halal. Oleh sebab itu banyak yang
tidak langgeng. Berhati-hatilah, bagaimana seharusnya. Ingatlah kalau engkau tidak mengurangi
makan dan tidur seperti orang tuamu yang memberi kekayaan kepadamu,. Oleh sebab itu jangan
boros. Ingatlah bahwa kekayaan itu bukan milikmu tetapi milik orang tuamu. Kelolalah baik-baiik
supaya lestari dan dapat kau wariskan pada anak keturunanmu. Sehingga engkau tidak dikatakan
jelek, menghabiskan peninggalan orang tua yang mencari dengan susah-payah.

5. KEKAYAAN LINUWIH: PUAS DENGAN YANG APA DIPUNYAI

Kang diarani kasugihan linuwih, iku mareming ati: deduwe saduwek-duweke. (MB)

TERJEMAHAN: Yang dikatakan kekayaan yang berlebih adalah kepuasan hati memiliki sesuatu
secukupnya yang dia punya

6. BUDI RAHAYU: KEKAYAAN YANG SEBENARNYA

Sangune wong ana ing dunya, dudu kasugihan, dudu kapinteran lan dudu kapriyayen, cukup mung
sangu budi rahayu.(MB)

TERJEMAHAN: Bekal hidup didunia bukanlah kekayaan, kepandaian atau kedudukan. Cukup
dengan budi yang baik

7. KAYA DAN MISKIN, APA BEDANYA

Kasugihan lan kamlaratan, saking aluse sakarsaning Allah, satemene padha bae. Tandhane:
manungsa mung nganggo sacukupe, susah padha susah, bungah padha bungah, lara padha lara,
mati padha mati, endi sing aran beda: ora ana, sing angel iku wong golek panarimaning ati apa
satibaning cithakane, sok mangkonoa becik wong nrima (MB)

TERJEMAHAN: Kekayaan dan kemiskinan, begitu halusnya kehendak Allah, sebenarnya sama saja.
Tandanya, kaya atau miskin manusia hanya berpakaian secukupnya, susah juga susah, sakit juga
sakit, mati juga mati. Mana bedanya? Tidak ada. Yang sulit adalah mensyukuri apa yang diterima.
Orang nerima lah yang lebih baik

8. JANGAN MENGACUHKAN ORANG MISKIN

Aja angemohi utawa mitambuhi jagongan karo wong ora duwe (miskin) awit sok ana paidahe
mungguhing kowe, lan maneh aja pisan-pisan ngendeake kasugihanmu, awit kasugihanmu ora
langgeng, kena suda lungsur, tarkadhang bisa sirna sajroning sajam, kowe dadi wong ora duwe
dadakan kaya kang tau koemohi sarta kopitambuhi mau (MB)

TERJEMAHAN: Jangan menolak atau acuh tak acuh bila duduk bersama orang miskin, karena
bagaimanapun ada manfaatnya muntumu. Jangan pula suka pamer kekayaanmu. Kekayaan tidak
langgeng. Bisa berkurang kadang bisa sirna dalam waktu satu jam. Engkau mendadak jadi miskin
seperti yang kau tolak atau acuhkan

9. YANG KAYA MERENDAH TETAPI YANG MISKIN JANGAN MENINGGI

Wong sugih dhemen ngasorake awake, wong miskin dhemen ngunggulake awake, sanadyan yektine
kosokbali, aja kok waoni, karana wis bener, iya iku kang aran timbang, saupama wong sugih dhemen
dakdir, wuwuh digethingi wong akeh, bobote dhemen ngasor-asor, isih akeh wong gething, dene
wong miskin dhemen ngunggul-unggulake awake pamrihe bisaa kajen, bobote mengkono meksa
disorake (MB)

TERJEMAHAN: Orang kaya suka merendahkan dirinya sedangkan orang miskin suka meninggikan
dirinya, walaupun yang terjadi sebenarnya kebalikannya. Tidak usah dicela, karena memang sudah
benar. Itulah yang namanya perimbangan. Seandainya orang kaya menjadi tinggi hati, malah
semakin banyak orang yang tidak suka. Merendah saja masih banyak yang tidak suka. Sementara
orang miskin yang berupaya meninggikan dirinya, dengan harapajn supaya dihormati, malah semakin
direndahkan

10. KEKAYAAN: DATANG SEDIKIT-SEDIKIT PERGINYA SEKALIGUS

a. Kasugihan tekane sarenti, yagene lungane kok gawe bareng, mulane aja ngresula yen nandhang
kamlaratan, dening kogawe dhewe, aja selak (MB)

TERJEMAHAN: Kekayaan datangnya sedikit demi sedikit, mengapa perginya kau buat sekaligus?
Oleh sebab itu jangan mengeluh kalau jatuh miskin. Engkau sendiri yang membuat. Jangan ingkar.

b. Kasugihan sangkane saka sathithik, yagene parane kogawe akèh. (MB)

TERJEMAHAN: Kekayaan datangnya sedikit demi sedikit; mengapa keluarnya kau buat banyak?

11. ORANG NRIMA: TIDAK BANYAK

Arang wong sing bisa mapanake rasa narima marang apa bae kang wis klakon digayuh. Yen
rumangsa kurang isih golek wuwuh. Yen wis oleh banjur golek luwih, yen wis luwih tumuli mbudidaya
aja ana wong sing bisa madhani. Wong kang duwe rasa mangkono mau satemene memelas. Uripe
tansah ngangsa-angsa, ora nate sumeleh atine. Kanggo nuruti rasa kang kleru kasebut sok-sok
banjur tumindak ora samestine lan nalisir saka pakarti kang bener. (BBB)

TERJEMAHAN: Jarang orang yang bisa menempatkan rasa “nrima” terhadap apa saja yang berhasil
dicapainya. Karena merasa masih kurang ia akan mencari supaya bertambah. Bila sudah bertambah
ternyata ia masih merasa kurang juga. Selanjutnya setelah berlebih-lebihan ia akan berupaya agar
tidak ada orang lain yang menyamainya. Manusia dengan hati seperti itu sebenarnya kasihan.
Hidupnya selalu “ngaya”, selalu dikejar-kejar. Kemudian untuk mengejar apa yang dia inginkan ia bisa
bertindak yang tidak seharusnya dan menyimpang dari perilaku yang benar.

12. ORANG NRIMA: BUKANNYA TANPA UPAYA TETAPI TIDAK “NGAYA”

Watak narima mono yekti dadi sihing Pangeran, nanging yen ta nganti kleru ing panyurasa bisa
nuwuhake kleruning tumindak. Narima lire ora ngangsa-angsa nanging ora kurang weweka lan
tansah mbudidaya amrih katekaning sedya, dudu ateges lumuh ing gawe suthik ikhtiyar. Awit yen
mangkono ora jeneng narima maneh anaging keset. Watake wong keset iku mung gelem enake
emoh rekasane, gelem ngemplok suthik tombok, satemah dadi wong ora weruh ing wirang,
siningkirake saka jagading bebrayan

TERJEMAHAN: Orang yang punya watak “nrima” dicintai Tuhan, tetapi jangan salah menafsirkan
karena bisa berakibat salah bertindak. “Nrima itu tidak “ngaya” tetapi bukannya kurang upaya, malah
selalu berusaha agar cita-citanya tercapai. Bukan menjadi orang yang tidak mau ikhtiar. Hal seperti
itu namanya bukan “nrima” tetapi malas. Orang malas itu hanya mau enaknya tidak mau kerja
kerasnya, mau makan tetapi tidak mau keluar biaya, akhirnya menjadi orang yang tidak tahu malu
dan disingkirkan dari kehidupan masyarakat. (BBB)

13. ORANG NRIMA: MENGERTI “PANDUM"

Yen sira urip ana ing alam donya rumangsa nampa pandum kesethitiken iku wis dadi pepestene
uripmu, ora perlu mbok murinani. Pamurinamu prayoga lipuren sarana mawas lelabuhanmu dhewe,
jer lelabuhane alam donya mono dadi trajuning akeh sethithike pandummu.(BBB)

TERJEMAHAN: Jika di dunia ini kamu merasa terlalu sedikit bagian yang kamu terima janganlah
mengumpat. Umpatanmu hendaknya kau alihkan dengan menilai perbuatanmu selama ini. Karena
perbuatan di dunia merupakan timbangan yang mengatur banyak sedikitnya bagian kita.

14. ORANG NRIMA: HIDUP TENTERAM

a. Bathine wong kang bisa ndarbeni ati nriman iku tansah ayem lan tentrem, marga satingkah-laku
tansah linambaran keyakinan kang kandel marang kadar peparinging Pangeran. Nriman ora teges
wis marem apa anane, nanging suwalike kepara malah sungkan meneng. Mung bae ora grusa-grusu
kaya tumindake wong kang nduweni sipat ngangsa-angsa kaya ora gelem ngakoni kang arane
pandum (BBB)

TERJEMAHAN: Keuntungan orang yang mempunyai hati “nriman” jiwanya selalu tenang dan
tenteram, karena semua tingkah-lakunya dilandasi keyakinan tebal atas “kadar” pemberian Allah.
“Nriman” bukan berarti puas dengan apa yang ada tetapi justru sebaliknya orang “nriman” tidak mau
tinggal diam. Hanya saja tindakannya tidak grusa-grusu seperti orang yang “ngaya” seolah tidak mau
mengakui adanya “pandum” untuk masing-masing manusia

b. Panarima iku tuking katêntrêman, tanpa panarima, tanpa têntrêm, êmpaning panarima nitèni
tibaning takdire, kang mêtu saka ing istiyare, dadi ora mèri marang kabêgjaning liyan, awake tumiba
ing papa utawa mulya dianggêp padha bae, awit pancèn wis pêsthine mêngkono, iku kapenaking
atine ngungkuli wong sugih singgih, nanging arang-arang ana, sing akèh arda puwa-puwa, sing
nganggit ora bisa nglakoni, mung lagi bisa kôndha, lowung kêna dirungokake. (MB)

15. SIKAP NERIMA: MEMBERSIHKAN HATI YANG KOTOR

Rêgêding panggonan rêsik dening sapu, rêgêding ati rêsik dening panarima, panarimaning ati saka
santosaning budi padhang. Apa ana wong bisa ngilangake panasing ati andêlêng wong kabênêran (=
ora bênêr) arang-arang, mulane sinaunên, elinga yèn titahing Allah ora ana kang langgêng, bakal
mati padha karo kowe, barang kang komèrèkake tininggal ora digawa, asile mèri: ala, aluwung mikira
kautamaning urip kêna ginawe sangu mati, gandane ngambar têkan sawarga.(Padmasusastra, Serat
Madubasa, 1912)

PENUTUP

Sikap NRIMA adalah kata kuncinya. Nrima bukanlah menyerah pada nasib, tetapi kesadaran bahwa
pandum itu sudah ada. Dengan demikian orang nrima akan hidup tenteram karena hati tidak dikotori
oleh rasa iri. Yang ditakdirkan kaya, seharusnya lah tetap rendah hati dan mau berbagi. (IwMM)
PITUTUR KUMPULAN 8: CITA-CITA
Semua orang punya “gegayuhan” atau cita-cita. Untuk mencapainya, orang harus punya bekal yaitu
ilmu. Ilmu sebagai “teken” (tongkat) dilandasi ketekunan maka akan “tekan” (sampai ke tujuan).
Dengan demikian rumus kita adalah: Tekun, Teken, Tekan. Ketekunan dalam hal ini adalah “Laku”.
Ingat bahwa “Ngelmu iku kelakone kanti laku” yaitu “mengurangi makan dan tidur, tidak foya-foya dan
hidup prasaja. Kalau dikatakan “lekase lawan kas; tegese kas nyantosani”maka yang dimaksud
adalah kebulatan tekad dan keyakinan bahwa kita akan memperolehnya. Mohon merujuk ke tulisan
“laku” supaya ing sasmita amrih lantip.

Daftar pitutur di bawah bersumber dari Butir Butir Budaya Jawa koleksi Prof. Rusdibjono (BBB).
Terjemahan (setengah bebas) saya tulis di bawah naskah bahasa Jawanya. Selamat membaca,
disertai harapan semoga bermanfaat.

1. CITA-CITA: UNTUK MENCAPAI TINGKAT HIDUP LEBIH TINGGI LAHIR DAN BATIN

Nggayuh kaluhuran lire ngupaya tataraning urip kang luwih dhuwur. Dhuwur lahir lan batin ya tumrap
dhiri pribadine uga sumrambah kanggo karaharjaning bebrayan. Nanging yen kandheg salah siji,
tegese gothang. Yen mung nengenake kaluhuraning lahir genah mung ngoyak drajat lan semat, isih
miyar-miyur gampang kena pangaribawa saka njaba. Yen ngemungake kaluhuraning batin, cetha ora
nuhoni jejering manungsa, awit ora tumandang ing gawe kanggo keperluwaning bebrayan. Ateges
tanpa guna diparingi urip ana ing alam donya. (BBB)

TERJEMAHAN: Ingin memperoleh keluhuran adalah upaya untuk meraih tingkatan hidup yang lebih
tinggi. Tinggi lahir maupun batin, untuk diri sendiri dan menyebar ke guna kesejahteraan keluarga
dan masyarakat. Tertinggal salah satu berarti timpang. Mengutamakan keluhuran lahir saja jelas
hanya mengejar derajat dan harta. Berarti masih terombang-ambing dan mudah kena pengaruh luar.
Bila hanya mengutamakan keluhuran batin, jelas tidak menetapi hakekat manusia, karena tidak
bekerja bagi keperluan masyarakat. Berarti tidak ada manfaatnya hidup di dunia

2. MENCAPAI CITA-CITA: HARUS DILANDASI ILMU

Urip tanpa gegayuhan luhur, bebasane kaya lelawuhan tanpa uyah, sepa tan mirasa. Gegayuhan
biasane kasembadan kudu sinartan ngelmu, jalaran ngelmu mono pancen sangune ngaurip,
wondene ngelmu iku tinemu ing laku lan tandang. Sakehing tandang ora becik kelakone yen ora
mapan. Lire, bisaa tansah ngelingi marang jantraning kahanan. Wong kang tandang tanduke mapan,
angel kepepete, jalaran yen mapan mesthi cepak waspadane. Dene waspada mono sirikane mala lan
adoh saka bebendhu. (BBB)

TERJEMAHAN: Hidup tanpa cita-cita ibarat lauk tanpa garam, hambar, tidak sedap. Cita-cita bisa
terlaksana harus dilandasi ilmu, karena ilmu adalah bekal kehidupan. Ilmu diperoleh dari “laku”
(belajar tekun) dan “tandang” (bekerja). Supaya “tandang” terlaksana dengan baik, kita harus mapan.
Kita harus senantiasa ingat jantera kehidupan. Orang yang tindak-tanduknya mapan, jarang
mendapat kesulitan karena selalu waspada. Waspada adalah musuh utama malapetaka.

3. LANDASAN MENCAPAI CITA-CITA: TEKAD BUDI SENTAUSA

Dhasar premati tumraping wong duwe tekad lan duwe gegayuhan yaiku tekad budi santosa. Sarana
ndulu kaca benggala kang kita alami saben dina, teteg kawegigane pikir bae ora mujudake gaman
pamungkas tumrap kasembadaning sedya. Mula yen mung ngendelake marang punjuling nalar lan
moncering kawruh bae, tanpa mengkoni ing budi santosa, atine gampang miyar-miyur, gampang
kasinungan ing watak sesongaran sing adhakane banjur kacenthok pancabaya, ubayane banjur
mbalenjani. (BBB)

TERJEMAHAN: Dasar utama bagi orang yang mempunyai cita-cita adalah “tekad budi sentausa”.
Bercermin pada pengalaman yang kita alami sehari-hari, kepandaian saja bukan merupakan senjata
pamungkas untuk tercapainya keinginan. Oleh sebab itu kalau hanya mengandalkan kemampuan
ilmu saja tanpa dilandasi tekad budi sentausa, hati kita masih terombang-ambing, masih mudah
dihinggapi watak menggampangkan yang biasanya akan mengalami banyak hambatan. Hasilnya
adalah kegagalan.

4. MENCAPAI CITA-CITA: “KERJA” DILANDASI KEYAKINAN AKAN TERCAPAI

Siji-sijining dalan amrih kaleksananing gegayuhan, yaiku makarti sinartan kapercayan lan keyakinan
menawa apa kang sinedya mesthi dadi. Yen kita mung kandheg ing gagasan lan kukuhing karep bae,
tanpa tumandang lan makarya minangka srana panebuse, wohe ya ora beda kaya dene pangimpen.
Cilakane maneh, yen selagine nganggit anggit mau wis kaselak ngrasakake kanikmatane ing
pangangen-angen, wusanane dadi lumuh ing gawe lan wedi ing kakewuh (wedi kangelan).

TERJEMAHAN: satu-satunya jalan untuk mencapai cita-cita adalah bekerja dengan landasan
kepercayaan dan keyakinan bahwa apa yang dicita-citakan akan tercapai. Kalau hanya berhenti di
gagasan dan kekerasan tekad saja tanpa bergerak dan bekerja hasilnya tidak akan beda dengan
mimpi. Lebih celaka selama kita menggagas sudah merasakan kenikmatan dalam angan-angan.
Hasilnya menjadi malas bekerja dan takut mendapat kesulitan.

5. MENCAPAI CITA-CITA: KERJA KERAS DAN TELATEN

Banyu iku bisane bening yen wis menep. Senadyan maune buthek, nanging yen wis menep, iya
banjur bening. Semono uga tumrap pepenginan utawa gegayuhan yen diudi nganti katog lan menep
ing tembe buri uga bakal kasinungan sifat bening. Lire, nadyan pepenginan lan panggayuh bisa
kaleksanan klawan tumuli, ewa semono yen ditlateni suwening suwe uga bakal kasembadan.

TERJEMAHAN: Air biasanya bening kalau sudah mengendap (kotorannya). Walaupun sebelumnya
keruh, tetapi setelah mengendap, akan menjadi bening. Demikian pula cita-cita. Kalau kita upayakan
sungguh-sungguh dan mengendap (maksudnya telaten) akan bening (tercapai) juga di kemudian
hari. Artinya, walaupun cita-cita ada yang bisa segera terlaksana, tetapi kalau kita tlaten lama-lama
pasti akan tercapai

6. MENCAPAI CITA-CITA: HARUS MELANGKAH DISERTAI “NALAR”

Sapa sing duwe panjangka kudu wani jumangkah, jer katekaning sedya iku mung bisa maujud
menawa dilakoni lan ora nyimpang saka katekadane. Karep lan sedya, jangka lan panuwun, iku
saumpamawong lelungan mono tumuju papan kang arep diparani utawa dijujug. Dene kekarepan iku
kudu ana kanthine, yaiku nalar. Jalaran kekarepan tanpa nalar ora beda karo karepe bocah cilik.
Kejaba tanpa teges, uga sok tanpa wasana, satemah ora ana dadine (BBB)

TERJEMAHAN: Orang yang mempunyai cita-cita harus berani melangkah, karena tercapainya
keinginan kita hanya bisa terwujud kalau dijalani dan tidak menyimpang dari tekad kita. Keinginan
dan niat, waktu dan doa, semisal orang bepergian harus ditujukan kepada tempat yang akan kita
datangi. Keinginan harus punya pengawal. Adapun pengawalnya adalah “nalar”, atau otak. Karena
keinginan tanpa “nalar” ibarat keinginan anak kecil. Selain tanpa makna juga tanpa tujuan, hasilnya
tidak tercapai

7. MENCAPAI CITA-CITA: MAJU TERUS PANTANG MUNDUR

Angger wong mesthi suthik diarani cupet nalare, cilik aten, lan kendho tekade. Mulane yen darbe
karep aja mundur merga luput sepisan pindho bae, prayoga ambalana maneh nganti katekaning
sedya. Samubarang pegaweyan menawa kok temeni wiwit saiki mesthi bakal bisa ngundhuh bageyan
lan kauntungan. Apa kang kok sedya bakal tumeka, pituwase lagi ketemu mburi

TERJEMAHAN: Semua orang pasti tidak mau dikatakan berpikiran sempit, kecil hati, dan kendor
tekadnya. Oleh sebab itu apabila mempunyai cita-cita jangan mundur hanya karena satu dua kali
kegagalan. Harusnya kau ulangi sampai tercapai. Semua pekerjaan kalau kau tekuni mulai sekarang,
pasti akan memetik hasil dan keuntungannya. Apa yang kau inginkan bakal tercapai di kemudian hari,
8. MENCAPAI CITA-CITA: DILARANG RAGU-RAGU

Yen darbe karep lakonana kanthi gemblenging tekad kang nyawiji, adhepana sarana makarti kang
madhep lan mantep. Sangune kudu ati sing tatag, ora ngedhap nadyan mengerti yen dalan kang
diambah kebak parang curi. Yen tansah rongeh lan rangu-rangu, ateged mung wani ing gampang,
wedi ing pakewuh, samubarang kang sinedya ora bakal ginayuh.

TERJEMAHAN: Seorang yang mempunyai cita-cita harus menjalani dengan tekad yang bulat,
menghadapi dengan bekerja mantap. Bekalnya harus berani dan tidak mundur walaupun banyak
rintangan dihadapi. Bila selalu ragu-ragu, berarti hanya mau gampangnya saja, takut menghadapi
kesulitan dan semua yang dicita-citakan tidak akan tercapai

9. MENCAPAI CITA-CITA: HARUS PANDAI BERGAUL

Kecandhaking sawijining idham-idhaman iku ora cukup mung dibandang moncer lan pepaking ilmu
lan kawruh bae. Nanging ana syarat siji kang ora kena kalirwakake, yaiku kapinteran ing bab
sesrawungan. Sapa kang bisa tumindak ajur-ajer lan bisa nuwuhake rasa resep marang liyan,
prasasat wis entuk pawitan kanggo nandangi sakehing pagaweyan apadene nggayuh idham-
idhamane

TERJEMAHAN: Tercapainya cita-cita tidak cukup bermodal kekuatan dan kelengkapan ilmu
pengetahuan saja. Masih ada satu syarat yang tidak boleh terlewatkan yaitu kepandaian dalam
bergaul. Siapa yang bisa “manjing ajur ajer” (menyatu) dan mampu menumpuhkan rasa suka kepada
orang lain, sesungguhnya sudah memiliki modal untuk mengerjakan semua pekerjaan dan mencapai
cita-citanya

10. JABATAN TINGGI: MULAILAH DARI PALING BAWAH

Yen kepengin nglungguhi pangkat kang dhuwur luwih prayoga dikawiti saka kalungguhan kang
endhek dewe. Awit klawan mengkono ing tembe kowe ora bakal disepelekake dening andhahanmu.
Lan kang utama kowe nuli bisa madeg dadi pemimpin kang bisa nglungguhi ing kawicaksanan, adoh
saka watak degsura, anane mung sarwa kebak rasa tepa selira.

TERJEMAHAN: Bila ingin menduduki jabatan yang tinggi sebaiknya dimulai dari yang paling bawah.
Hanya dengan itu kelak kamu tidak akan disepelekan bawahanmu. Dan yang utama, kamu bisa
segera menjadi pemimpin yang bijaksana, jauh dari watak mau menang sendiri dan penuh tenggang
rasa.

11. JANGAN PERNAH MERASA DITAKDIRKAN SIAL

Aja sok rumangsa tinitah apes nganti gawe pepesing semangatmu. Malah prayoga dinarima apa
kang wis sira tampa saka kanugrahaning Gusti Kang Maha Kuwasa. Awit ngelingana menawa ora
kurang-kurang titah kang luwih cingkrang lan luwih cacad tinimbang sira. Suprandene dheweke babar
pisan ora kawetu nutuh marang Gusti Allah. Kang mangkono mau ora liya marga saka kandele imane
lan yakin marang keadilaning Pangeran Kang Maha Kuwasa marang sakabehing lelakon kang
dumadi ing jagad raya iki

TERJEMAHAN: Jangan pernah merasa ditakdirkan sial sehingga membuat luluh semangatmu. Lebih
baik kamu menerima apa yang sudah kau dapat dari Allah Yang Maha Kuasa. Ingatlah banyak
manusia yang lebih papa daripadamu tetapi mereka tidak pernah menyalahkan Allah SWT. Hal ini
karena tebalnya iman mereka ditambah keyakinan akan keadilan Allah Yang Maha Kuasa terhadap
semua kejadian di jagad raya ini

12. BOLEH TIDAK PUAS UNTUK PEKERJAAN TETAPI JANGAN KEBENDAAN


Ginubel dening rasa “Tansah kurang marem” marang asiling pakaryan utawa jejibahan kang diayahi,
sauger ora ngangsa-angsa, sayekti malah dadi pamecut kang becik kanggo luwih maju. Nanging yen
rasa tansah kurang marem mau ngenani wuwuhing donya-brana, ora beda kayadene reridhu sing
estine mung tansah rinasa kayadene pasiksane ngaurip.

TERJEMAHAN: Terikat dengan rasa “tidak pernah puas” terhadap hasil pekerjaan atau tugas yang
sedang diemban, sepanjang tidak “ngaya” sebenarnya merupakan cambuk yang baik untuk
kemajuan. Tetapi kalau rasa kurang puas tersebut mengenai tambahnya hartabenda, tidak beda
dengan godaan yang selalu menjadi siksaan hidup.

PENUTUP

Cita-cita tidak mungkin dicapai secara instant, langsung jadi. Harus setapak demi setapak ibarat
orang menaiki tangga. Bila ingin punya kedudukan tinggi ya harus mulai dari bawah, sehingga kita
mempunyai penghayatan bagaimana rasanya menjadi bawahan, dengan demikian kita akan menjadi
pemimpin yang lebih bijak. Wasiyat Dalem Sri Mangkunegara III mengatakan: Yen perintah wong
sarat kudu nglakoni dhisik. Bila ditimpa kegagalan beruntun jangan cepat-cepat memvonis diri
sebagai orang yang apes. Kegagalan adalah cambuk untuk maju. Syarat punya karep: harus ulat
madhep ati mantep. (IwMM)

PITUTUR KUMPULAN 8: CITA-CITA


Semua orang punya “gegayuhan” atau cita-cita. Untuk mencapainya, orang harus punya bekal yaitu
ilmu. Ilmu sebagai “teken” (tongkat) dilandasi ketekunan maka akan “tekan” (sampai ke tujuan).
Dengan demikian rumus kita adalah: Tekun, Teken, Tekan. Ketekunan dalam hal ini adalah “Laku”.
Ingat bahwa “Ngelmu iku kelakone kanti laku” yaitu “mengurangi makan dan tidur, tidak foya-foya dan
hidup prasaja. Kalau dikatakan “lekase lawan kas; tegese kas nyantosani”maka yang dimaksud
adalah kebulatan tekad dan keyakinan bahwa kita akan memperolehnya. Mohon merujuk ke tulisan
“laku” supaya ing sasmita amrih lantip.

Daftar pitutur di bawah bersumber dari Butir Butir Budaya Jawa koleksi Prof. Rusdibjono (BBB).
Terjemahan (setengah bebas) saya tulis di bawah naskah bahasa Jawanya. Selamat membaca,
disertai harapan semoga bermanfaat.

1. CITA-CITA: UNTUK MENCAPAI TINGKAT HIDUP LEBIH TINGGI LAHIR DAN BATIN

Nggayuh kaluhuran lire ngupaya tataraning urip kang luwih dhuwur. Dhuwur lahir lan batin ya tumrap
dhiri pribadine uga sumrambah kanggo karaharjaning bebrayan. Nanging yen kandheg salah siji,
tegese gothang. Yen mung nengenake kaluhuraning lahir genah mung ngoyak drajat lan semat, isih
miyar-miyur gampang kena pangaribawa saka njaba. Yen ngemungake kaluhuraning batin, cetha ora
nuhoni jejering manungsa, awit ora tumandang ing gawe kanggo keperluwaning bebrayan. Ateges
tanpa guna diparingi urip ana ing alam donya. (BBB)

TERJEMAHAN: Ingin memperoleh keluhuran adalah upaya untuk meraih tingkatan hidup yang lebih
tinggi. Tinggi lahir maupun batin, untuk diri sendiri dan menyebar ke guna kesejahteraan keluarga
dan masyarakat. Tertinggal salah satu berarti timpang. Mengutamakan keluhuran lahir saja jelas
hanya mengejar derajat dan harta. Berarti masih terombang-ambing dan mudah kena pengaruh luar.
Bila hanya mengutamakan keluhuran batin, jelas tidak menetapi hakekat manusia, karena tidak
bekerja bagi keperluan masyarakat. Berarti tidak ada manfaatnya hidup di dunia

2. MENCAPAI CITA-CITA: HARUS DILANDASI ILMU

Urip tanpa gegayuhan luhur, bebasane kaya lelawuhan tanpa uyah, sepa tan mirasa. Gegayuhan
biasane kasembadan kudu sinartan ngelmu, jalaran ngelmu mono pancen sangune ngaurip,
wondene ngelmu iku tinemu ing laku lan tandang. Sakehing tandang ora becik kelakone yen ora
mapan. Lire, bisaa tansah ngelingi marang jantraning kahanan. Wong kang tandang tanduke mapan,
angel kepepete, jalaran yen mapan mesthi cepak waspadane. Dene waspada mono sirikane mala lan
adoh saka bebendhu. (BBB)

TERJEMAHAN: Hidup tanpa cita-cita ibarat lauk tanpa garam, hambar, tidak sedap. Cita-cita bisa
terlaksana harus dilandasi ilmu, karena ilmu adalah bekal kehidupan. Ilmu diperoleh dari “laku”
(belajar tekun) dan “tandang” (bekerja). Supaya “tandang” terlaksana dengan baik, kita harus mapan.
Kita harus senantiasa ingat jantera kehidupan. Orang yang tindak-tanduknya mapan, jarang
mendapat kesulitan karena selalu waspada. Waspada adalah musuh utama malapetaka.

3. LANDASAN MENCAPAI CITA-CITA: TEKAD BUDI SENTAUSA

Dhasar premati tumraping wong duwe tekad lan duwe gegayuhan yaiku tekad budi santosa. Sarana
ndulu kaca benggala kang kita alami saben dina, teteg kawegigane pikir bae ora mujudake gaman
pamungkas tumrap kasembadaning sedya. Mula yen mung ngendelake marang punjuling nalar lan
moncering kawruh bae, tanpa mengkoni ing budi santosa, atine gampang miyar-miyur, gampang
kasinungan ing watak sesongaran sing adhakane banjur kacenthok pancabaya, ubayane banjur
mbalenjani. (BBB)

TERJEMAHAN: Dasar utama bagi orang yang mempunyai cita-cita adalah “tekad budi sentausa”.
Bercermin pada pengalaman yang kita alami sehari-hari, kepandaian saja bukan merupakan senjata
pamungkas untuk tercapainya keinginan. Oleh sebab itu kalau hanya mengandalkan kemampuan
ilmu saja tanpa dilandasi tekad budi sentausa, hati kita masih terombang-ambing, masih mudah
dihinggapi watak menggampangkan yang biasanya akan mengalami banyak hambatan. Hasilnya
adalah kegagalan.

4. MENCAPAI CITA-CITA: “KERJA” DILANDASI KEYAKINAN AKAN TERCAPAI

Siji-sijining dalan amrih kaleksananing gegayuhan, yaiku makarti sinartan kapercayan lan keyakinan
menawa apa kang sinedya mesthi dadi. Yen kita mung kandheg ing gagasan lan kukuhing karep bae,
tanpa tumandang lan makarya minangka srana panebuse, wohe ya ora beda kaya dene pangimpen.
Cilakane maneh, yen selagine nganggit anggit mau wis kaselak ngrasakake kanikmatane ing
pangangen-angen, wusanane dadi lumuh ing gawe lan wedi ing kakewuh (wedi kangelan).

TERJEMAHAN: satu-satunya jalan untuk mencapai cita-cita adalah bekerja dengan landasan
kepercayaan dan keyakinan bahwa apa yang dicita-citakan akan tercapai. Kalau hanya berhenti di
gagasan dan kekerasan tekad saja tanpa bergerak dan bekerja hasilnya tidak akan beda dengan
mimpi. Lebih celaka selama kita menggagas sudah merasakan kenikmatan dalam angan-angan.
Hasilnya menjadi malas bekerja dan takut mendapat kesulitan.

5. MENCAPAI CITA-CITA: KERJA KERAS DAN TELATEN

Banyu iku bisane bening yen wis menep. Senadyan maune buthek, nanging yen wis menep, iya
banjur bening. Semono uga tumrap pepenginan utawa gegayuhan yen diudi nganti katog lan menep
ing tembe buri uga bakal kasinungan sifat bening. Lire, nadyan pepenginan lan panggayuh bisa
kaleksanan klawan tumuli, ewa semono yen ditlateni suwening suwe uga bakal kasembadan.

TERJEMAHAN: Air biasanya bening kalau sudah mengendap (kotorannya). Walaupun sebelumnya
keruh, tetapi setelah mengendap, akan menjadi bening. Demikian pula cita-cita. Kalau kita upayakan
sungguh-sungguh dan mengendap (maksudnya telaten) akan bening (tercapai) juga di kemudian
hari. Artinya, walaupun cita-cita ada yang bisa segera terlaksana, tetapi kalau kita tlaten lama-lama
pasti akan tercapai

6. MENCAPAI CITA-CITA: HARUS MELANGKAH DISERTAI “NALAR”


Sapa sing duwe panjangka kudu wani jumangkah, jer katekaning sedya iku mung bisa maujud
menawa dilakoni lan ora nyimpang saka katekadane. Karep lan sedya, jangka lan panuwun, iku
saumpamawong lelungan mono tumuju papan kang arep diparani utawa dijujug. Dene kekarepan iku
kudu ana kanthine, yaiku nalar. Jalaran kekarepan tanpa nalar ora beda karo karepe bocah cilik.
Kejaba tanpa teges, uga sok tanpa wasana, satemah ora ana dadine (BBB)

TERJEMAHAN: Orang yang mempunyai cita-cita harus berani melangkah, karena tercapainya
keinginan kita hanya bisa terwujud kalau dijalani dan tidak menyimpang dari tekad kita. Keinginan
dan niat, waktu dan doa, semisal orang bepergian harus ditujukan kepada tempat yang akan kita
datangi. Keinginan harus punya pengawal. Adapun pengawalnya adalah “nalar”, atau otak. Karena
keinginan tanpa “nalar” ibarat keinginan anak kecil. Selain tanpa makna juga tanpa tujuan, hasilnya
tidak tercapai

7. MENCAPAI CITA-CITA: MAJU TERUS PANTANG MUNDUR

Angger wong mesthi suthik diarani cupet nalare, cilik aten, lan kendho tekade. Mulane yen darbe
karep aja mundur merga luput sepisan pindho bae, prayoga ambalana maneh nganti katekaning
sedya. Samubarang pegaweyan menawa kok temeni wiwit saiki mesthi bakal bisa ngundhuh bageyan
lan kauntungan. Apa kang kok sedya bakal tumeka, pituwase lagi ketemu mburi

TERJEMAHAN: Semua orang pasti tidak mau dikatakan berpikiran sempit, kecil hati, dan kendor
tekadnya. Oleh sebab itu apabila mempunyai cita-cita jangan mundur hanya karena satu dua kali
kegagalan. Harusnya kau ulangi sampai tercapai. Semua pekerjaan kalau kau tekuni mulai sekarang,
pasti akan memetik hasil dan keuntungannya. Apa yang kau inginkan bakal tercapai di kemudian hari,

8. MENCAPAI CITA-CITA: DILARANG RAGU-RAGU

Yen darbe karep lakonana kanthi gemblenging tekad kang nyawiji, adhepana sarana makarti kang
madhep lan mantep. Sangune kudu ati sing tatag, ora ngedhap nadyan mengerti yen dalan kang
diambah kebak parang curi. Yen tansah rongeh lan rangu-rangu, ateged mung wani ing gampang,
wedi ing pakewuh, samubarang kang sinedya ora bakal ginayuh.

TERJEMAHAN: Seorang yang mempunyai cita-cita harus menjalani dengan tekad yang bulat,
menghadapi dengan bekerja mantap. Bekalnya harus berani dan tidak mundur walaupun banyak
rintangan dihadapi. Bila selalu ragu-ragu, berarti hanya mau gampangnya saja, takut menghadapi
kesulitan dan semua yang dicita-citakan tidak akan tercapai

9. MENCAPAI CITA-CITA: HARUS PANDAI BERGAUL

Kecandhaking sawijining idham-idhaman iku ora cukup mung dibandang moncer lan pepaking ilmu
lan kawruh bae. Nanging ana syarat siji kang ora kena kalirwakake, yaiku kapinteran ing bab
sesrawungan. Sapa kang bisa tumindak ajur-ajer lan bisa nuwuhake rasa resep marang liyan,
prasasat wis entuk pawitan kanggo nandangi sakehing pagaweyan apadene nggayuh idham-
idhamane

TERJEMAHAN: Tercapainya cita-cita tidak cukup bermodal kekuatan dan kelengkapan ilmu
pengetahuan saja. Masih ada satu syarat yang tidak boleh terlewatkan yaitu kepandaian dalam
bergaul. Siapa yang bisa “manjing ajur ajer” (menyatu) dan mampu menumpuhkan rasa suka kepada
orang lain, sesungguhnya sudah memiliki modal untuk mengerjakan semua pekerjaan dan mencapai
cita-citanya

10. JABATAN TINGGI: MULAILAH DARI PALING BAWAH

Yen kepengin nglungguhi pangkat kang dhuwur luwih prayoga dikawiti saka kalungguhan kang
endhek dewe. Awit klawan mengkono ing tembe kowe ora bakal disepelekake dening andhahanmu.
Lan kang utama kowe nuli bisa madeg dadi pemimpin kang bisa nglungguhi ing kawicaksanan, adoh
saka watak degsura, anane mung sarwa kebak rasa tepa selira.

TERJEMAHAN: Bila ingin menduduki jabatan yang tinggi sebaiknya dimulai dari yang paling bawah.
Hanya dengan itu kelak kamu tidak akan disepelekan bawahanmu. Dan yang utama, kamu bisa
segera menjadi pemimpin yang bijaksana, jauh dari watak mau menang sendiri dan penuh tenggang
rasa.

11. JANGAN PERNAH MERASA DITAKDIRKAN SIAL

Aja sok rumangsa tinitah apes nganti gawe pepesing semangatmu. Malah prayoga dinarima apa
kang wis sira tampa saka kanugrahaning Gusti Kang Maha Kuwasa. Awit ngelingana menawa ora
kurang-kurang titah kang luwih cingkrang lan luwih cacad tinimbang sira. Suprandene dheweke babar
pisan ora kawetu nutuh marang Gusti Allah. Kang mangkono mau ora liya marga saka kandele imane
lan yakin marang keadilaning Pangeran Kang Maha Kuwasa marang sakabehing lelakon kang
dumadi ing jagad raya iki

TERJEMAHAN: Jangan pernah merasa ditakdirkan sial sehingga membuat luluh semangatmu. Lebih
baik kamu menerima apa yang sudah kau dapat dari Allah Yang Maha Kuasa. Ingatlah banyak
manusia yang lebih papa daripadamu tetapi mereka tidak pernah menyalahkan Allah SWT. Hal ini
karena tebalnya iman mereka ditambah keyakinan akan keadilan Allah Yang Maha Kuasa terhadap
semua kejadian di jagad raya ini

12. BOLEH TIDAK PUAS UNTUK PEKERJAAN TETAPI JANGAN KEBENDAAN

Ginubel dening rasa “Tansah kurang marem” marang asiling pakaryan utawa jejibahan kang diayahi,
sauger ora ngangsa-angsa, sayekti malah dadi pamecut kang becik kanggo luwih maju. Nanging yen
rasa tansah kurang marem mau ngenani wuwuhing donya-brana, ora beda kayadene reridhu sing
estine mung tansah rinasa kayadene pasiksane ngaurip.

TERJEMAHAN: Terikat dengan rasa “tidak pernah puas” terhadap hasil pekerjaan atau tugas yang
sedang diemban, sepanjang tidak “ngaya” sebenarnya merupakan cambuk yang baik untuk
kemajuan. Tetapi kalau rasa kurang puas tersebut mengenai tambahnya hartabenda, tidak beda
dengan godaan yang selalu menjadi siksaan hidup.

PENUTUP

Cita-cita tidak mungkin dicapai secara instant, langsung jadi. Harus setapak demi setapak ibarat
orang menaiki tangga. Bila ingin punya kedudukan tinggi ya harus mulai dari bawah, sehingga kita
mempunyai penghayatan bagaimana rasanya menjadi bawahan, dengan demikian kita akan menjadi
pemimpin yang lebih bijak. Wasiyat Dalem Sri Mangkunegara III mengatakan: Yen perintah wong
sarat kudu nglakoni dhisik. Bila ditimpa kegagalan beruntun jangan cepat-cepat memvonis diri
sebagai orang yang apes. Kegagalan adalah cambuk untuk maju. Syarat punya karep: harus ulat
madhep ati mantep. (IwMM)

PITUTUR KUMPULAN 9: BAIK DAN BURUK, BENAR DAN


SALAH
Baik dan buruk, benar dan salah adalah bagian kehidupan kita yang sehari-hari kita jumpai.
Umumnya kita selalu berpendapat kalau baik dan benar adalah saya sebaliknya yang buruk dan
salah pasti orang lain. Manusia kebanyakan masih menggunakan ukuran seperti itu. Lalu kapan kita
mau mengakui bahwa di sana ada orang yang lebih baik dan lebih benar daripada kita?

Pitutur Kumpulan 9 ini sumber utamanya adalah “Layang Madubasa” yang ditulis oleh Ki
Padmasusastra Ngabehi Wirapustaka di Surakarta, 1912. Tulisan bahasa Jawa diketik dengan
huruf italic dan terjemahan setengah bebas ada di bawahnya. Kiranya berkenan mengikuti Ki
Padmasusastra dengan gayanya yang khas. Semoga bermanfaat.
1. TANAMLAH PIKIRAN DAN PERBUATAN BAIK

Hukum alam wis netepake, sapa kang nandur bakal ngundhuh. Dene apa kang diundhuh iya manut
wijine kang ditandur. Yen sing ditandur winih alang-alang, ya aja ngarep-arep bisa panen pari, iku
genah nyalahi kodrat. Mula mumpung isih esuk, nandura wiji cipta lan panggawe kang becik-becik.
Awit elingana, yen akeh sethithik anak putu kita uga bakal katut melu ngrasakake pahit getire wong
kang bibite ditandur dening wong tuwane (BBB)

TERJEMAHAN: Hukum alam sudah menetapkan, siapa yang menanam akan memetik hasilnya. Apa
yang akan dipetik tentusaja sesuai dengan apa yang ditanam. Kalau yang ditanam biji alang-alang ya
tidak mungkin memanen padi, karena jelas menyalahi kodrat. Oleh sebab itu mumpung masih pagi,
tanamlah biji pikiran dan perbuatan baik. Ingatlah sedikit banyak anak cucu kita juga akan ikut
merasakan pahit getirnya orang yang bijinya ditanam oleh orang tuanya.

2. MANUSIA LEBIH SUKA BERBUAT BURUK DARIPADA BAIK

a. Ala karo becik pilih endi, aja koarani mokal, tlusuren igamu dhisik, satemene manungsa dhemen
ala tinimbang karo becik, dadi yen diarani ala: ginjal-ginjal. (MB)

TERJEMAHAN: Baik dan buruk pilih mana? Jangan katakan tidak mungkin. Cobalah telusuri igamu.
Sebenarnya manusia lebih suka buruk daripada baik. Jadi kalau dikatakan buruk: Menjingkat.

Keterangan: Iga kalau ditelusuri terasa geli sehingga kita menjingkat (ginjal-ginjal)

b. Ora ana piwulang sing akon anglakoni panggawe ala, kajaba layang Jiljalaha. Yagene pijer gawe
piwulang becik bae, malah: ma: papat, (madat, madon, main, minum) isih kurang diwuwuhi têlu, dadi
pitu, wong wis ora digugu gawene apa. Sok mangkonoa wong iku wis sumurup marang ala becik,
mung sing didhemeni nglakoni panggawe ala, atine bungah, gelis ketutugan karepe, sanadyan
kaduwung ing buri ditemah, nekad arane, piwulange iya aran nekad. (MB)

TERJEMAHAN: Tidak ada pitutur yang menyuruh berbuat buruk (kecuali dalam buku Jiljalaha.
Mengapa banyak membuat pitutur baik saja, malah ma empat (madat, madon, main, minum) masih
kurang. Ditambah tiga menjadi tujuh. Ya tidak dituruti, mau apa?Walau begitu sebenarnya orang
sudah tahu mana yang baik dan mana yang buruk. Hanya yang disukai melakukan yang buruk.
Hatinya senang, maksudnya cepat kesampaian, walaupun menyesal di kemudian hari. Itu namanya
nekad, dan pituturnya juga nekad

Keterangan: Dalam buku Jiljalaha: isinya pitutur kebaikan tetapi cara menyampaikan dengan
kebalikannya, yaitu menyuruh berbuat salah

c. Becik iku ora tedhas ing ala, suprandene arang sing dhemen anglakoni panggawe bêcik.(MB)

TERJEMAHAN: Kebaikan tidak bisa dikalahkan keburukan. Walau demikian jarang orang yang mau
melakukan perbuatan baik

3. TIDAK BISA MENGATAKAN BURUK KALAU BELUM TAHU BAIK

Ora bisa ngarani: ala, yen durung sumurup ing becik, mangkono uga kosokbaline.(MB)

TERJEMAHAN: Kita tidak bisa mengatakan buruk kalau belum tahu baik seperti apa; demikian pula
sebaliknya

4. KALAU BARANG KITA PILIH YANG BAIK, KALAU KELAKUAN PILIH YANG BURUK
Pilih endi ala karo becik. Aneh pitakonanmu. Ora aneh, yen barang kowe mesthi milih kang becik,
nanging yen kalakuan, kowe milih sing ala, aja selak. (MB)

TERJEMAHAN: Pilih mana buruk dan baik? Aneh pertanyaanmu. Tidak aneh. Kalau barang, kamu
pasti pilih yang baik. Tetapi kalau kelakuan kamu pilih yang buruk. Jangan ingkar.

5. PERBUATAN BAIK DAN BURUK: DUA-DUANYA AKAN KETAHUAN

Becik ketitik ala ketara, sarèhning ala becik mesthi bakal kawanguran, perlune apa nglakoni
panggawe ala. (MB)

TERJEMAHAN: “Becik ketitik ala ketara”. Mengingat perbuatan baik dan buruk pasti akan ketahuan,
apa perlunya melakukan perbuatan buruk?

6. BERBUAT BAIK: LANGGENG

a. Ora ana barang langgeng, mung kabecikan kang ora bisa sirna, sanadyan kang gawe becik wis
ana ing jaman kailangan, kabecikane iya ora bisa ilang, isih ditinggal ana ing ngalam dunya, wong
kang duwe lelabetan mangkono, iku unusaning manungsa, patut dadi sudarsananing ngaurip. (MB)

TERJEMAHAN: Tidak ada barang yang langgeng. Hanya kebaikan tidak bisa sirna, walaupun yang
berbuat baik telah meninggal. Kebaikannya juga tidak hilang, masih ditinggal di dunia. Orang yang
punya pengabdian seperti itu adalah orang baik, patut diteladani dalam kehidupan.

b. Kabecikan langgeng: iku mitulungi marang wong kajantaka, ora oleh tetempuh pitunane.(MB)

TERJEMAHAN: Kebaikan langgeng: Adalah menolong orang celaka. Kerugian yang dikeluarkan tidak
mendapat ganti.

7. BERBUAT BAIK: TANPA PAMRIH DAN TAK PERLU DIPAMERKAN

a. Nglakoni kabecikan genti winales ing kabecikan, mung oleh tembung tanggap tarung: becik
binecikan dadi lagi jamak bae, utamane nglakoni kabecikan kang tanpa pamrih, gandane ngambar
nganti tutug ing suwarga.(MB)

TERJEMAHAN: Melakukan kebaikan dan dibalas kebaikan, hanya timbal balik: baik, dibaiki. Jadi
wajar-wajar saja. Yang utama adalah melakukan kebaikan yang tanpa pamrih. Baunya semerbak
sampai ke sorga

b. Yen kowe gawe kabecikan, simpenen ana ing pethi, soroge titipna ing liyan, supaya kowe ora bisa
ambukak isining pethi kabecikan, awit yen kowe kang bukak, gandane: mambu, yen wong liya: arum.
(MB)

TERJEMAHAN: Kalau kamu berbuat kebaikan, simpanlah dalam peti, kuncinya titipkan orang lain,
supaya kamu tidak bisa membuka isinya peti kebaikan tersebut. Sebab kalau kamu yang membuka,
baunya busuk, sedangkan kalau orang lain yang membuka, baunya harum

8. KEBAIKAN ORANG TULIS DI HATI DAN KEBAIKAN SENDIRI TULIS DI TANAH

Kabecikaning liyan tinulisa ing ati supaya nabet ora bisa ilang ing salawas-lawase, nanging
kabecikane dhewe tinulisa ing lemah supaya gelis ilang tabete sirna tanpa tilas.(MB)

TERJEMAHAN: Kebaikan orang lain tulislah di hati supaya bekasnya tidak hilang selama-lamanya.
Tetapi kebaikan kita sendiri tulislah di tanah supaya bekasnya cepat hilang, sirna tanpa jejak.
9. PERBUATAN BAIK: RAJA TIDAK TAHU TETAPI ALLAH TAHU

Aja sumelang anglakoni panggawe becik, sanadyan ora kauningan ing panjenengan nata dening
kawaranan, ananging Gusti Allah anguningani saparipolahmu, bonggan sira ora pandhak mari
anglakoni panggawe becik, dhemen anglakoni panggawe ala, ora ngandel marang pitulungan Allah
kang durung tumiba. (MB)

TERJEMAHAN: Jangan ragu melakukan perbuatan baik, walaupun tidak diketahui raja, tetapi Allah
mengetahui apa saja yang kau lakukan. Salahmu sendiri kalau kamu tidak mau melakukan perbuatan
baik dan suka melakukan perbuatan buruk, tidak percaya kepada pertolongan Allah yang belum
datang saat ini

10. MERASA BENAR BELUM TENTU BENAR

Sanadyan pangrasane wis nindakake panggawe bener, nanging wong akeh ora ngrujuki, iku
pratandha yen luput, aja puguh pikiren dhisik dinganti ketemu.(MB)

TERJEMAHAN: Walaupun kita merasa sudah melakukan perbuatan benar, tetapi kalau banyak orang
yang tidak setuju, berarti perbuatan kita salah. Jangan mempertahankan diri, pikirkanlah lagi sampai
ketemu

11. TIDAK ADA GUNANYA MENYALAHKAN ORANG SALAH

Ora ana wong ngaku luput, sanadyan ing batin wis sumurup dhewe ing lair iya isih ngaku bener, awit
saka iku ora ana perlune pisan-pisan nutuh wong keluputan, luput-luput salin babah dadi padu salin
mungsuh.(MB)

TERJEMAHAN: Tidak ada orang mengaku salah, walaupun dalam hatinya tahu kalau salah, ya tetap
mengaku benar. Oleh sebab itu apa manfaatnya menyalahkan orang yang salah; salah-salah
menimbulkan pertengkaran dan tambah musuh

12. DI DUNIA INI SEMUA SALAH, KECUALI SAYA

Ora ana wong ora rebut bener, apa sing kolakoni ing salawase iku luput, nyatane yen mangkono,
bocah dolanan tansah arebut bener, saupama ora ana sing nakal, amesthi tanpa gumeder, awit
bener lupute ora bisa awor ngalela dhewe-dhewe, dadi ing dunya iki kaeping manungsa mung diiseni
luput, benere disingidake primpen arep dianggo dhewe.(MB)

TERJEMAHAN: Tidak ada orang tidak berebut benar. Apa yang kau lakukan akan selalu salah.
Nyatanya, anak bermain selalu berebut benar. Seandainya tidak ada yang nakal, permainan tidak
ramai karena benar dan salah tidak bisa campur, berdiri sendiri-sendiri. Maunya manusia, dunia ini
hanya diisi kesalahan. Kebenaran disembunyikan rapi, mau dipakai sendiri.

13. HAL BENAR HARUS DIPEROLEH MELALUI PERBUATAN BENAR

Bener iku dadi rebutaning ngakeh, nanging panggayuhe akeh kang disangkani saka panggawe luput,
rumasane gelis kecandhak, saupama panggayuhe mau disangkani saka panggawe becik, kira-kira
mesthi dadi becik temenan, murni ing salawas-lawase, sanadyan lawas kecandhake.

TERJEMAHAN: Benar itu jadi rebutan orang banyak, tetapi cara memperolehnya ada yang melalui
perbuatan salah, karena lebih cepat tercapai. Seandainya cara memperolehnya melalui jalan yang
benar, kira-kira akan jadi betul-betul baik, bersih selamanya, walaupun untuk mencapainya perlu
waktu lama

14. KESALAHAN TEMAN: DIKOREKSI ATAU TIDAK?


Ambenerake kaluputaning kancane: ora mesthi katarima, nanging yen ora ambenerake: cacad, duwe
kandhutan ala supaya awake katon becik, ora sumurup yen becike bisa malicat saka duwe kandhutan
ala mau. Kapenake kudu mawang langit lan nganggo empan papan.

TERJEMAHAN: Mengoreksi kesalahan teman belum tentu diterima. Tetapi kalau tidak dikoreksi, kita
juga salah, karena berarti kita punya maksud jelek supaya kita kelihatan baik, padahal baik kita itu
bisa menyesatkan. Jadi perlu dipertimbangkan secara bijaksana melihat waktu dan tempatnya

15. ORANG BERUNTUNG SELALU BENAR

Wong iku yen lagi tinunggu ing begja saparipolahe kudu kabenean, carta malah tinulad ing akeh,
beda karo wong kang lagi tininggal ing begja, sanadyan anglakoni panggawe bener iya linuputake ing
akeh, ananging wong yen wis anglakoni bener, arep golek apa maneh, apa bakal mundur golek
kabeneran: aneh, apa sungsang buwana balik: tangeh. Ujaring sujana angere isih ana pati, ora ana
barang langgeng.

TERJEMAHAN: Manusia kalau sedang beruntung, apapun selalu benar, malah diikuti orang banyak.
Lain dengan orang yang sedang dijauhi keberuntungan. Walaupun ia melakukan perbuatan yang
benar, tetap saja disalahkan orang banyak. Tetapi orang yang melakukan perbuatan benar, mau cari
apa lagi? Kalau mengundurkan diri dari melakukan kebenaran, kan aneh. Kalau mau melakukan
sebaliknya, tidak mungkin. Tetapi kata para bijaksana, selama masih ada kematian, barang yang
langgeng itu tidak ada.

16. MENGAKUI KESALAHAN: ADALAH PLAN B

Ngakoni kaluputan iku metu saka ing pakewuh kang kaping pindho, dening pakewuh kang kapisan
wis linakonan rampung, nanging arang sing gelem, dipilampu angrakit tembung kang bisa ngaling-
alingi utawa ngilangake kaluputane golek bener, ora sumurup yen wetuning uni utawa pratingkah
luput, padha lan tibaning balang ing kalen, ora bisa bali.

TERJEMAHAN: Orang mengakui kesalahan adalah melaksanakan rencana kedua. Rencana pertama
sudah dilaksanakan dan sudah selesai, merakit kalimat untuk menutupi atau menghilangkan
kesalahannya, mencari benarnya sendiri. Tidak tahu kalau ucapan yang dikeluarkan sama dengan
membuang batu di selokan. Tidak bisa kembali.

PENUTUP

Orang lain lah yang menilai bahwa kita ini baik dan benar, bukan diri kita sendiri. Berbuat baik kalau
sudah terbiasa sebenarnya menyenangkan. Hanya mengawalinya yang berat. Mengakui kesalahan
seharusnya Plan A bukan Plan B. Berbuat benar juga tidak mudah. Kalau kita sudah membiasakan
diri dengan berbuat benar, ada satu kendala yang kita hadapi yaitu situasi Bener ning ora pener.
Inilah romantika kehidupan karena kita juga harus empan papan dalam melakukan sesuatu (IwMM).

PITUTUR KUMPULAN 10: KESEHATAN


Sehat menurut Badan Kesehatan Dunia (WHO) adalah sehat jasmani, rohani dan sosial, tidak hanya
bebas dari penyakit dan kelemahan saja. Tidak banyak pitutur tentang kesehatan dalam bahasa
Jawa yang berhasil saya temukan. Tetapi kalau kita mencermati pitutur kesehatan di bawah, dapat
kita lihat bahwa pitutur “kasarasan” di bawah pada umumnya dikaitkan dengan perilaku hidup bersih
dan sehat, tidak hanya badan saja tetapi pada umumnya dihubungkan dengan jiwa atau rohani yang
sehat. Nyaris sudah sesuai dengan kriteria sehat menurut WHO tersebut, padahal pitutur ini dibuat
sebelum WHO didirikan.

Satu hal lagi disini sehat dan sakit banyak dikaitkan dengan perilaku “makan” kita yang berlebih-
lebihan. Dalam ilmu gizi kita kenal menu “empat sehat lima sempurna” dan “menu gizi seimbang”
yang tidak berlebih-lebihan tetapi memenuhi kebutuhan optimum Karbohidrat, Protein, Lemak,
Vitamin dan Mineral untuk hidup sehat.
Lima topik dalam kumpulan pitutur ini adalah: (1) Perilaku hidup bersih dan sehat (2) Sehat dan sakit
(3) Rasa lapar (4) Bibit penyakit (5) Obat

Pitutur di bawah saya ambil dari dua sumber, yaitu Layang Maduwasita, Ki Padmasusastra, Ngabehi
Wirapustaka, Surakarta, 1912 (MB) dan ada beberapa dari Butir Butir Budaya Jawa koleksi Prof.
Rusdibjono (BBB). Silakan, semoga bermanfaat.

A. PERILAKU HIDUP BERSIH DAN SEHAT


1. KEBERSIHAN PANGKAL KESEHATAN

Watek resikan iku dadi tuking kawarasan, nanging watek regedan (crobo) dadi kedhunging kalaran,
(lelara) resik ing budi gawe begjaning raga, regeding budi gawe cilakaning raga, dadi wis tetela
terang becik resik tinimbang karo reged, nanging manungsa akeh sing dhemen reged, mung laire bae
kabeh dhemen resik, batine ora, upama kinosokbali kepriye? Ora mathuk. (MB)

TERJEMAHAN: Sifat suka menjaga kebersihan merupakan mata airnya kesehatan, sebaliknya sifat
pengotor menjadi sumber penyakit. Hati yang bersih menguntungkan raga, hati yang kotor
mencelakakan raga. Jadi jelas lebih baik bersih daripada kotor. Tetapi manusia lebih banyak yang
suka kotor. Hanya lahirnya saja suka kebersihan sedangkan batinnya tidak. Mengapa tidak memilih
kebalikannya saja? Tidak pas.

2. RAJIN BEKERJA: MENYEHATKAN BADAN

Witing kawarasan saka sregep, sasuwene nyambut gawe: wis krasa ngelih, dening anggane kabeh
obah melu nyambut gawe, dadi wong nyambut gawe iku prasasat anggawa tamba kawarasaning
awak, (MB)

TERJEMAHAN: Rajin bekerja adalah pangkal kesehatan. Selama bekerja, semua bagian tubuh
bergerak dan menimbulkan rasa lapar. Jadi bekerja sama dengan obat untuk menyehatkan badan.

3. KESEHATAN JASMANI DAN ROHANI: KEDUANYA PERLU

Saben dina kita ajeg reresik badan lan panganggo, kajaba amrih bagas kuwarasan uga katon apik lan
ngresepake Iki pakulinan kang apik, nanging luwih prayoga maneh yen jroning ati banjur katuwuhan
osik: Apa saben dina kita uga reresik lan ngupakara batin lan jiwa kita amrih sangsaya apik lan
sangsaya resik saka sakehing rereged saka ananing cacat-cacat lan pangodha. Sebab yen badan
wadag kang kena ing rusak iku kita gemateni, geneya jiwa kita kang asipat langgeng malah kita
lirwakake pangupakarane? (BBB)

TERJEMAHAN: Setiap hari kita selalu membersihkan badan dan pakaian. Selain supaya sehat juga
kelihatan bagus dan menarik. Itu kebiasaan yang baik. Tetapi akan lebih baik lagi kalau kemudian
tumbuh pertanyaan di dalam kalbu kita: Apa setiap hari kita juga membersihkan serta merawat batin
dan jiwa kita supaya semakin bagus dan semakin bersih dari semua kotoran, cacat-cacat dan
godaan? Kalau badan wadag yang rusak senantiasa kita rawat baik-baik, mengapa jiwa yang bersifat
langgeng justru kita abaikan perawatannya?

4. SEHAT JASMANI DAN ROHANI: JAGA YANG KELUAR DAN MASUK MULUT

Yen sira sacara badaniyah lan rohaniyah tetep kepingín bagas kuwarasan, tansah elinga róong
prakara iki :

1. Tansah jaganen sakehíng samubarang kang nedya sira lebokake ing tutuk, dithinthíng luwíh dhisík
apa bakal gawe rusakíng raga apa ora.
2. Kulinakna mikír luwih dhisík samubarang kang arep sira wetokake saka tutuk. Lire pikiren luwíh
dhisík klawan mateng apa kang bakal sira wetokake iku ora malah gawe kucemíng awakmu dhewe,
nglarani atiníng liyan apa ora. Dene yen ora ana paedahe luwíh becík aja kók kojah amríh ora
nandhang piduwúng. (BBB)

TERJEMAHAN: Jika kita ingin sehat jasmani dan rohani, ingatlah dua hal ini:

1. Menjaga semua yang akan kau masukkan mulut. Ditimbang-timbang lebih dulu apakah berakibat
merusakkan badan atau tidak

2. Biasakan dipikir lebih dahulu apa yang akan dikeluarkan melalui mulut. Maksudnya, pikir matang-
matang lebih dahulu, yang akan kita keluarkan itu merusak nama baik kita sendiri atau menyakitkan
hati orang lain. Kalau tidak ada manfaatnya lebih baik tidak usah kau ucapkan daripada menimbulkan
penyesalan di kemudian hari

Keterangan: Yang pertama: menjaga makanan minuman yang akan dimasukkan melalui mulut dan
yang kedua menjaga ucapan yang akan dikeluarkan melalui mulut

5. ISTIRAHAT/GANTI SUASANA: MENYEMBUHKAN PENYAKIT

Tirah iku tambaning pancadriya, sarta bisa marekake larane, amarga salin pandeleng, pangrungu,
pangambu, rasa lan kang karasa, pirabara ngapenakake ati, kapenaking ati bisa marasake lelara.
(MB)

TERJEMAHAN: Istirahat adalah obatnya pancaindera serta dapat menyembuhkan penyakit, karena
berganti suasana: Penglihatan, pendengaran, penciuman, perasaan dan yang dirasakan. Selain itu
juga menenteramkan hati. Ketenteraman hati dapat menyembuhkan penyakit.

6. SAKIT: KARENA MALAS

Garumbuling lelara saka kesed, saben wong dhemen nganggur adhakane ngantuk, banjur turu kang
dudu mangsane, bareng nglilir karasa lesu, malah mapan turu maneh karo ngrasakake ora kapenak
ing awak, sarehning tansah digagas, iya banjur lara temenan, (MB)

TERJEMAHAN: Sumbernya penyakit dari malas. Orang yang suka menganggur biasanya lalu
ngantuk, dilanjutkan tidur yang belum waktunya. Ketika bangun terasa lesu, malah dilanjutkan tidur
lagi dengan merasakan badannya yang tidak enak. Karena selalu dipikirkan, akhirnya jadi sakit
betulan

7. PANJANG UMUR: KARENA BADAN DAN JIWA YANG BERSIH

Resiking budi: anentremake ati, tentreming ati: gawe kawarasan, warasing awak: andawakake umur,
apa ora mengkono.

Resiking awak: ngawetake rasa, kapenaking rasa: ngenakake pepangan: marasake badan, warasing
badan: andawakake umur, apa ora mangkono. (MB)

TERJEMAHAN: Bersihnya jiwa menenteramkan hati. Hati yang tenteram menyehatkan badan. Badan
yang sehat memanjangkan umur. Apa tidak demikian?

Badan yang bersih menyamankan perasaan. Perasaan yang senang, meningkatkan nafsu makan.
Nafsu makan yang baik, menyehatkan badan. Badan yang sehat memanjangkan umur. Apa tidak
demikian?

B. SEHAT DAN SAKIT


1. KESEHATAN NILAINYA MELEBIHI HARTA BENDA

Kawarasan iku ajine ngungkuli rajabrana, mulane aran gemblung yen wong wis sugih isih ngleting
pangan kaya dhek isihe mlarat, ora sumurup yen dunyane: sapele tinimbang karo umure, kejaba yen
wong bisa tuku umur, bandhane diundhak-undhakna nganti tekan ing langit.

TERJEMAHAN: Kesehatan nilainya diatas hartabenda. Boleh dikatakan tolol kalau orang sudah kaya
masih makan seperti masanya ia miskin dulu. Tidak tahu kalau hartanya tidak berarti dibandingkan
dengan umurnya . Kecuali kalau orang bisa membeli umur. Harta ditumpuk terus sampai ke langit.

Keterangan: Bukan maksudnya setelah kaya lalu makan berlebih-lebihan, tetapi makan makanan
bergizi dengan menu gizi yang seimbang. Bukan makan seadanya, dihemat-hemat. Akibatnya malah
mudah kena penyakit karena daya tahan tubuh rendah. Kecuali umur bisa dibeli. Jadi harta
dikumpulkan untuk beli umur.

2. SEMASA SEHAT INGATLAH RASANYA WAKTU SAKIT

Yen sira pinuju nandhang bagas kuwarasan, elinga yen nalika kena ing lara, supríh sira tetep bagas
kuwarasan kanthi sesirík prakara-prakara kang mbiyen nyebabake lara. (BBB)

TERJEMAHAN: Kalau kamu sehat ingatlah waktu jatuh sakit. Supaya tetap sehat, berpantanglah hal-
hal yang dulu menyebabkan sakit

Keterangan: Berpantang umumnya untuk makan dan perilaku yang tidak sehat. Misalnya berpantang
makan yang banyak lemak untuk yang kholesterol tinggi, atau makanan manis-manis untuk yang
sakit kencing manis, merokok dan minum kopi untuk orang sakit darah tinggi atau jantung. Umumnya
manusia, begitu merasa sehat, pantangan pun dilepas. Oleh sebab itu pesannya: kalau sedang
sehat, ingatlah waktu sakit dulu.

3. KESEHATAN: KARUNIA ALLAH YANG PERLU DIJAGA

Wong iku yen lagi nandhang lara lagi bisa ngrasakake sepira mungguh begjane wong kang
kanugrahan awak kang tansah kuwarasan. Nangíng suwalike wong síng awake seger waras lumrahe
lali rekasane wong lara. Sangsaya adoh kelingane, sangsaya cedhak anggone ngumbar hawa nuruti
pepinginane mripat, ilat, lan telíh (wadhuk, weteng) kang sejatine ngajak marang rusakíng raga. Mula
prayogane tansah elinga perihíng lara kanthi nggemateni kanikmatan kang wís diparingake deníng
Gústi Allah tan kena kinayangapa ajine, yaiku wujúd awak kang bagas kuwarasan. (BBB)

TERJEMAHAN: Orang yang sedang menderita sakit baru dapat merasakan betapa beruntungnya
orang yang diberi rahmat berupa tubuh yang sehat. Demikian pula sebaliknya orang yang badannya
sehat sering lupa betapa menderitanya orang yang sedang sakit. Semakin menjauh ingatannya,
semakin dekat keinginannya untuk mengumbar napsu: Mata, lidah dan perut yang sebenarnya
mengajak raga ke arah kerusakan. Oleh sebab itu sebaiknya kita selalu ingat perihnya penyakit
dengan mensyukuri kenikmatan yang amat bernilau yang telah diberikan Allah yaitu tubuh yang sehat

4. PERILAKU MANUSIA DAN HEWAN BILA SAKIT

Manungsa yen ginanjar lara disaji-saji pangan, durung arep mangan dijujok-jujokake, sumelang
menawa mati kaliren dening ora mangan, nanging khewan ora mengkono, yen lara mung meneng
bae, ora gelem memangan, saben wis gelem mangan iya wis waras, apa pinter khewan tinimbang
karo manungsa, khewan sumurup marang kudratullah, manungsa: ora. (MB)

TERJEMAHAN: Manusia kalau sakit disediakan macam-macam makanan, tidak ingin makan dipaksa-
paksa, takut kalau mati kelaparan. Tetapi tidak demikian dengan binatang. Bila sakit, dia diam saja,
tidak mau makan. Kalau sudah mau makan artinya sudah sembuh. Apakah binatang lebih pandai dari
manusia. Binatang tahu kudratullah, manusia tidak.
5. PERILAKU MANUSIA DAN BURUNG

Kang sayoga wong lara aja memangan, wong waras aja anggranyah, apa kowe ora isin andeleng
pratingkahing manuk, manuk yen wis wareg talisik, ora tansah golek thotholan kaya kowe.

TERJEMAHAN: Sebaiknya orang sakit jangan makan, orang sehat jangan serakah makannya. Apa
tidak malu melihat perilaku burung? Burung kalau sudah kenyang lalu membersihkan bulunya, tidak
selalu mencari makanan seperti kamu.

6. SAKIT: KEBANYAKAN KARENA MAKAN MINUM MELEBIHI TAKARAN

Wóng nandhang lara mono akeh síng merga anggone ngombe lan memangan kliwat taker lan tanpa
pilíh-pilíh.

Mula kanggo nyandhet ubalíng hawa marang bab sakarone mau, dibisa marsudi nyuda nuruti
kecaping lidhah sarana nglakoni pasa kang mengku ancas nyingkiri sadurunge katamaning bilahi.

TERJEMAHAN: Kebanyakan orang jatuh sakit karena makan minum yang melenihi takaran dan tidak
pipih-pilih. Oleh sebab itu untuk mencegah meluapnya napsu terhadap dua hal tersebut, upayakan
supaya kita bisa menahan menuruti kemauan lidah dengan puasa, dengan tujuan mencegah sebelum
mendapat malapetaka

7. JAM DAN MANUSIA: MATI KARENA ADA PERALATAN YANG RUSAK

Lakune surya candra kartika ora kasat mata obahe, beda karo lakuning tudinge jam, kabeh-kabeh
nganggo pantog tutug ing panggonane, bali maneh kaya maune, sanadyan umuring manungsa iya
mangkono, nanging pantoge kang wekasan: leren, (mati) ora kena pinuter dadine urip maneh kaya
jam, aja lara atimu, jam iya bisa mati yen salah sawijining bekakase ana kang rusak, patimu iya saka
rusaking bekakas, dijalari saka lelara.

TERJEMAHAN: Perputaran matahari, bulan dan bintang tidak dapat dilihat dengan mata. Beda
dengan perputaran jarum jam. Kelihatan berputar, sampai ke tujuan dan kembali lagi. Demikian pula
dengan umur manusia. Tetapi sampai tujuan terakhir, berhenti (mati) dan tidak bisa diputar lagi dan
hidup lagi seperti jam. Jangan sakit hatimu, jam juga bisa mati kalau ada kalau salah satu
peralatannya rusak. Matimu juga karena rusaknya alat tubuh, akibat penyakit

C. RASA LAPAR
1. LAPAR ADALAH SEHAT

Ngelih iku tuking kawarasan, sok wonga duwe rasa ngelih, awake iya waras, yagene manungsa ora
dhemen ngelih dilampu anggranyah mangan ora mirasa.

TERJEMAHAN: Rasa lapar adalah sumber kesehatan. Selama manusia masih punya rasa lapar
berarti badannya sehat. Mengapa manusia tidak suka lapar, malah serakah makan yang tidak enak?

2. KENYANG RAWAN PENYAKIT

Ngelih iku dadi tuking kawarasan. Saben krasa ngelih mangka banjur mangan, sanadyan lawuhane
mung sawiyah: iya duwe rasa enak. Kosok baline wareg iku dadi tuking bebaya. Yèn dipangani bisa
dadi sambekalaning uripe, tur rasaning pangan sanadyan mirasa iya ora doyan. Suprandene akeh
sing dhemen anggranyah karo ngeleh.

TERJEMAHAN: Rasa lapar adalah pangkal kesehatan. Setiap terasa lapar kemudian makan,
walaupun lauk seadanya saja ya terasa enak. Sebaliknya kenyang adalah pangkal bahaya. Makan
kebanyakan bisa membahayakan hidup. Rasanya yang dimakan walaupun masakannya sedap
terasa tidak enak. Walau demikian lebih banyak yang suka serakah (nggragas) daripada lapar

3. LAPAR DAN KENYANG SAMA TIDAK BAIKNYA

Sae pundi ngelih kalihan tuwuk. Karo pisane ora ana sing becik.

Kadospundi tegesipun ngandika sampeyan.

Wong dhemen ngelih: dheweke dudu dewa, wong dhemen wareg: mundhak kaya kebo, kang pinikir
mung wareging weteng banjur anjerum ana ing plegungan sembari anggayemi, kowe dewa apa kebo.

Dede sadaya, namung manungsa limrah.

Yen manungsa lumrah aja anggayemi, becik nyambut gawe, sandhang pangan metu saka ing kono,
ngelih: madhang, arip: turu, kesel: leren. Kawarasan iku wong kang anduweni rasa ngelih, yagene
wadhukmu tansah kokebaki.

TERJEMAHAN:

Baik mana antara lapar dan kenyang? Keduanya tidak ada yang baik

Bagaimana maksud ucapanmu?

Orang yang suka lapar, dia bukan dewa. Orang yang suka kenyang, dikatakan seperti kerbau. Yang
dipikir hanya kenyangnya perut. Setelah kenyang lalu mendekam di rerumputan sambil memamah
biak. Kamu dewa atau kerbau?

Bukan keduanya, hanya manusia biasa

Kalau manusia biasa jangan memamah biak. Lebih baik kerja. Sandang pangan asalnya dari situ.
Kalau lapar: makan; kalau mengantuk: tidur; kalau capek: istirahat. Orang sehat itu kalau punya rasa
lapar. Mengapa perutmu selalu dibikin penuh?

4. BIBIT PENYAKIT

Aja wedi marang baksil, atimu mundhak cilik, satemene ora ana makluking Pangeran kang urip ana
ing awang-awang banjur malebu marang cangkeming manungsa, sok ana urip, iya ana pencokane,
ananing baksil iya tuwuh dhewe saka jroning wetengmu, bakale apa? golekana dhewe. Mulane
dingati-ati yen pinuju mangsa kolerah.

TERJEMAHAN: Jangan takut kepada baksil (bibit penyakit: bakteri) supaya kamu tidak kecil hati.
Sebenarnya tidak ada makhluk Tuhan yang dari langit langsung masuk ke dalam mulut manusia.
Pasti ada yang membawa. Tetapi ada juga baksil yang memang sudah tinggal di dalam perutmu.
Asal usulnya dari mana? Carilah sendiri. Oleh sebab itu hati-hati kalau sedang musim kolera.

Keterangan:

Pitutur pendek ini mungkin sulit dipahami oleh orang yang terlalu awam. Maksud penulis disini,
penyakit (menular) pasti ada yang membawa sehingga bisa masuk ke tubuh kita. Secara ringkas
penyakit menular ada dua macam. Pertama yang menular langsung, yaitu ditularkan dari manusia
yang sakit ke manusia yang sehat, misalnya influenza dan kolera. Adapun yang kedua, penyakit
menular bersumber binatang. Misalnya Demam berdarah dan malaria, yang bibit penyakitnya dibawa
nyamuk. Pes yang ditularkan melalui tikus. Demikian pula Flu Burung yang penularannya lewat
kontak dengan unggas sakit.

Memang ada juga bakteri yang aslinya bertempat tinggal dalam tubuh kita. Misalnya bakteri
pembusuk di usus yang penting dalam pencernakan makanan.
Pesan paling akhirnya adalah kita supaya hati-hati kalau sedang musim kolera. Pada masa itu kolera
masih merajalela. Jaman sekarang pun Kejadian Luar Biasa kolera secara sporadis masih terjadi.
Bakteri kolera hidup di air dan kalau kita minum air yang tidak dimasak sampai mendidih, atau makan
makanan yang tercemar bakteri tersebut, kita bisa sakit kolera dan selanjutnya penyakit menyebar,
terjadilah wabah kalau tidak dikendalikan.

E. OBAT
1. LEBIH BAIK TIDAK SAKIT DAN TIDAK MINUM OBAT

Wong lara kudu atetamba, nanging becik ora lara sarta ora atetamba (wong lara ajejamu nanging
becik ora lara lan ora ajejamu) (MB)

TERJEMAHAN: Orang sakit harus berobat. Tetapi lebih baik tidak sakit dan tidak berobat

2. BAIK MENINGKATKAN KESEHATAN DARIPADA MENINGKATKAN PENGOBATAN

Becik anggedhekake istiyar kawarasan, tinimbang karo anggedhekake tambaning kalaran, dening
kayekten tamba ora migunani wong waras.

TERJEMAHAN: Lebih baik membesarkan upaya untuk menjaga kesehatan daripada membesarkan
upaya mengobati penyakit. Kenyataannya obat tidak bermanfaat untuk orang sehat

Keterangan: Oleh sebab itu kita harus senantiasa meningkatkan dan menjaga kesehatan supaya
tidak sakit melalui Perilaku Hidup Bersih dan Sehat, misalnya: Makan dengan menu gizi berimbang,
istirahat cukup, olah raga teratur, tidak merokok dan minum minuman keras, dan lain-lain (IwMM)

PITUTUR KUMPULAN 11: DIAM, MAWAS DIRI, NGALAH


Pitutur kumpulan 11 ini merupakan cara untuk mengatasi orang-orang dengan perilaku yang
terdapat pada pitutur sebelumnya, khususnya Kumpulan 1 sd 5. Sebenarnya intinya
sederhana saja. Yang waras ngalah. Tetapi ya jelas tidak gampang. Kita punya telinga
mendengar yang tidak enak, mulut jadi gatal untuk mendebat atau memaki-maki.

Ternyata kalau kita kembali ke “Mulutmu harimau kamu” maupun “Berbicara peliharalah
lidah, berjalan peliharalah kaki”, mengendalikan mulut ternyata amat sulit.

Seperti pada kumpulan sebelumnya, Terjemahan (setengah bebas) saya tulis di bawah
naskah bahasa Jawanya. Daftar pitutur di bawah bersumber dari Butir Butir Budaya Jawa
koleksi Prof. Rusdibjono (BBB) dan Serat Madubasa, Ki Padmasusastra, 1912 (MB),
kemudian saya kelompokkan sesuai permasalahannya. Sugeng maos

1. SIKAP PENDIAM: MUSTIKA KEHIDUPAN

Aja gumampang ngeculake wicara panacad sarta pangalem, awit wicaramu mau durung mesthi
bener, sing mesthi panacadmu: wis gawe serik, pangalemmu aweh wisa, endi kang aran becik, kabeh
ala, kang sayoga mung meneng. Wong meneng iku musthikaning urip, katon ngumala pindha sotya
sinarawedi, saben muni mung satemene. (MB)

TERJEMAHAN: Jangan terlalu mudah melepas celaan atau pujian, karena bicaramu belum tentu
benar. Yang jelas celaanmu membuat sakit hati, pujianmu merupakan bisa. Mana yang lebih baik,
semuanya jelek. Yang benar adalah diam. Orang diam ibarat mustikanya hidup yang bersinar ibarat
intan berlian. Apa yang diucapkan hanyalah yang sebenarnya.
2. ORANG PENDIAM: UCAPANYA DIPERCAYA

Pangalem utawa panacad marang liyan, uni karo pisan iku padha ora kena diandel. Dene kang kena
diandel, unine wong meneng. Saben muni iya temen. Liding dongeng: becik wong meneng tinimbang
karo wong juweh. (MB)

TERJEMAHAN: Baik pujian maupun celaan keduanya tidak bisa dipercaya kebenarannya. Yang bisa
dipercaya adalah ucapan orang pendiam. Kalau ia bicara, ia akan bicara benar. Kesimpulan: Orang
pendiam lebih baik daripada orang banyak ngomong.

3. ORANG PENDIAM: JAUH DARI MASALAH

Wong meneng ana ing pajagongan, iku metu saka ing reribed (MB)

TERJEMAHAN: Orang pendiam dalam pergaulan, itu menjauhkan dari masalah

4. TEPA SLIRA DAN MAWAS DIRI

Tepa slira lan mawas dhiri iku dadi oboring laku nggayuh rahayu, minangka jimat paripih tumraping
ngaurip. Munggahe bisa nyedhakake rasa asih lan ngedohake watak drengki lan dakwenang marang
sapepadhane. Sregep mawas diri ateges bakal weruh marang kekurangan lan cacade dhewe,
wusanane tukul greget ndandani murih apike.(BBB

TERJEMAHAN: Tepa slira dan mawas diri adalah obor dalam mencapai keselamatan, merupakan
azimat kehidupan. Mendekatkan rasa asih dan menjauhkan watak iri dan sewenang-wenang kepada
sesama manusia. Rajin mawas diri akan mengetahui kekurangan dan cacat diri sendiri sehingga
timbul kehendak untuk memperbaiki.

5. TAHU MENEMPATKAN DIRI

Wong kang bisa mawas dhiri yaiku wong kang bisa manjing ajur-ajer, ngerti empan papan laras karo
reh swasana sakupenge tanpa ninggalake subasita. Paribasane wong kang baut ngadisarira, aja
mung kalimput dening busana bae, nanging bisaa tansah marsudi marang padhanging semu lan
manising wicara tanpa nglirwakake marang alus lan luwesing solah bawa (BBB)

TERJEMAHAN: Orang yang bisa mawas diri yaitu orang yang bisa menyatu, tahu menempatkan diri
selaras dengan suasana sekitarnya tanpa menghilangkan sopan santun. Ibarat orang yang pandai
berhias, jangan terpaku pada pakaiannya saja tetapi juga pada cerahnya wajah, manisnya tutur kata
dan halus serta luwesnya perilaku.

6. MAMPU MELAWAN DIRI-SENDIRI

Sapa kang bisa nelukake musuh-musuhe, dheweke diarani kuwat. Ananging sapa kang bisa
nelukake awake dhewe, dheweke iku kang luwih kuwat maneh (BBB)

TERJEMAHAN: Siapa yang bisa mengalahkan musuh-musuhnya dia disebut kuat. Tetapi siapa yang
bisa mengalahkan dirinya sendiri dialah yang lebih kuat

7. MENEMPATKAN KEKUATAN PADA TEMPATNYA

Sipate wong urip iku mesti kesinungan kekuwatan. Kang ngerti bisa ngecakake dene kang ora bisa
ngerti kurang digladhi, temahan ora tumanja. Ngempakake kekuwatan mula ora gampang. Buktine
ora sethithik kekuwatan kang empane ora mapan. Kawruhana yen rusake bebrayan ing antarane
marga saka pakartine wong kang ngerti marang dayaning kekuwatane nanging ora kanggo nggayuh
gegayuhan kang mulya, mung kanggo derenging ati angkara. (BBB)

TERJEMAHAN: Sifat manusia pasti mempunyai kekuatan. Yang mengerti akan mampu
menerapkannya sedang yang tidak tahu dan tidak pernah dilatih akan tidak bermanfaat.
Menggunakan kekuatan memang tidak mudah. Banyak yang penempatannya tidak tepat. Ketahuilah
bahwa rusaknya kehidupan salah satu penyebabnya adalahkarena perbuatan dari orang-orang yang
mengerti daya dari kekuatan tetapi tidak digunakan untuk mencapai tujuan mulia, hanya untuk
memenuhi napsu angkara.

8. MENGALAH: PANGKAL KESELAMATAN

Ngalah basa sakecap laku satindak: ana ing pajagongan, iku dadi witing kaslametan, ananging arang
kang bisa nglakoni, kang akeh: milawani golek bener, mangka pancen rampung mung winangsulan:
kados inggih leres pamaiben sampeyan, kula ingkang lepat: cuthel, ora susah direwangi
pathenthengan, sing ngupahi sapa? (MB)

TERJEMAHAN: Mengalah “satu patah kata” dan “langkah satu tindak” dalam pergaulan menjadi awal
keselamatan, tetapi jarang yang mampu melaksanakannya: Kebanyakan manusia mencari benarnya
sendiri, padahal semuanya akan selesai kalau kita jawab dengan: Benar bantahan anda, saya yang
salah. Selesailah urusan, tidak perlu bersitegang, apakah ada yang membayar?

9. ORANG MENGALAH, JAUH DARI MASALAH; ORANG DIAM, DI LUAR MASALAH

Wong ngalah clathu sakecap laku satindak, iku wis sumingkir saka ing pakewuh, dene wong meneng
ana sajabaning pakewuh, awit wateking manungsa mung golek menang.(MB)

TERJEMAHAN: Orang yang mengalah ucapan sepatah dan langkah satu tindak, berarti menyingkir
dari masalah. Orang yang diam berarti berada di luar masalah, karena watak manusia hanya mencari
menang.

10. WONG NGALAH DHUWUR WEKASE

Unèn-unène: wong ngalah dhuwur wêkase, iku nyata, ora ana wong kêduwung gone ngalah: ujar
sakêcap laku satindak, ewadene arang sing gêlêm anglakoni, upama dicoba sinau ngalah kêpriye,
aja sumêlang yèn bakal ilang êmut-êmutanamu intên, têgêse uni ala kang sumimpên, isa malih dadi
bêcik, sumorot kaya cahyaning intên, beda uni ala kang wis kawêdhar, bali angrusak awak tanpa aji
(MB)

TERJEMAHAN: kata-kata “wong ngalah dhuwur wekase” itu benar. Tidak ada orang menyesal di
belakang hari akibat mengalah satu patah kata dan satu langkah kaki. Walau demikian jarang yang
mau melakukannya. Umpama dicoba belajar mengalah bagaimana? Jangan kawatir akan kehilangan
intan yang kamu kulum. Maksudnya, bicara buruk yang disimpan, bisa menjadi baik dan bercahaya
laksana intan. Beda dengan bicara buruk yang dikeluarkan, bisa merusakkan badan dan tidak ada
harganya sama-sekali.

PENUTUP

Dalam hal ini orang pendiam yang punya perilaku “anteng, meneng, jatmika” akan lebih bijak. Diam
adalah emas. Dengan belajar mawas diri, tahu menempatkan diri, mampu menempatkan kekuatan
pada tempat yang sebenarnya, maka kita akan mampu melawan diri sendiri. Telinga yang panas dan
mulut yang gatal tidak akan terasa lagi.

Kalau diam menjauhkan masalah, maka mengalah pangkal keselamatan. Sikap mengalah akan
menjauhkan diri dari masalah, sikap diam akan menempatkan kita di luar masalah. “Wong ngalah
dhuwur wekase” orang yang mau mengalah akan memperoleh kemenangan akhir. Dan jangan lupa
“Sura dira jaya ning rat lebur dening pangastuti. (IwMM)

PITUTUR KUMPULAN 12: MENJALANI KEHIDUPAN


Dari Butir Butir Budaya Jawa koleksi Prof. Rusdibjono (BBB) saya juga menemukan butir-butir pitutur
luhur yang rasanya pas untuk kita hayati guna menangkal perilaku manusia sesuai warning yang
disampaikan oleh R Ng Ranggawarsita dalam Serat Kalatidha dan Serat Sabdatama: Jaman
Kalabendu.

1. MANUSIA DINILAI DARI PERBUATANNYA

Ajining manungsa iku kapurba ing pakartine dhewe, ora kagawa saka keturunan, kepinteran lan
kasugihane. Nanging gumantung saka enggone nanjakake kapinteran lan kasugihane, sarta
matrapake wewatekane kanggo keperluan bebrayan. Kabeh mau yen mung katanjakake kanggo
keperluwane dhewe, tanpa paedah

Nilai seorang manusia ditentukan oleh perbuatannya sendiri, tidak dibawa melalui keturunan,
kepandaian dan kekayaannya. Tetapi bergantung bagaimana dia menerapkan kepandaian, kekayaan
dan wataknya dalam bermasyarakat. Semua kalau diarahkan untuk kepentingan sendiri tidak akan
bermanfaat

2. ORANG MENARIK: BUKAN DARI PAKAIAN

Reseping sarira ora marga saka pacakan kang edi-peni, nanging gumantung ing sandhang
penganggo kang sarwa prasaja, trapsilaning solah bawa lan padhanging polatan.

TERJEMAHAN: seseorang menarik bukan karena pakaian yang indah melainkan terletak pada
kesederhanannya, sopan santunnya dan cerahnya wajah.

3. DALAM MELANGKAH DAN BEKERJA: TELADANI AIR

Saben tumindak sejangkah ngiloa marang kinclong-kinclonge banyu samudra sing suthik kanggonan
sangkrah, jalaran sakehe uwuh mesti disingkirake minggir. Saben makarya sapecak, tuladhanen
pakartine banyu tritisan, nadyan tumetes mbaka satetes, ditindakake kanti ajeg kaconggah
mbolongake watu sing atose ngluwihi waja.

TERJEMAHAN: Setiap berjalan satu langkah, bercerminlah pada gemerlapnya air samodera yang
tidak mau ketempatan sampah, karena semua kotoran senantiasa disingkirkan kepinggir. Setiap
langkah dalam pekerjaan, teladanilah perilaku air dari talang. Walaupun menetes satu tetes demi satu
tetes mampu melobangi batu yang lebih keras dari baja.

4. MAU MENURUTI PERINTAH DAN NASIHAT

Aboting abot iku ora kaya yen kudu nuruti prentah lan pitutur. Pahit lan ngrekasa dikaya ngapa
prentah lan pitutur iku prayoga dilakoni. Kowe mesti bakal nemu barang legi sing ora klebu ing
petunganmu, ing suwalike barang pahit mau, Pancen luwih prayoga pahite dhisik tinimbang legine.
Awit bisane kowe ngrasakake legi iku rak marga kowe wis ngrasakake pahit. Bisa ngrasakake
kabungahan marga kowe wis ngalami nandang kasusahan

TERJEMAHAN: Hal yang paling berat diantara yang berat adalah keharusan mengikuti perintah dan
nasihat. Bagaimanapun pahit dan beratnya, sebaiknya perintah dan nasihat itu diikuti saja. Kamu
pasti akan menemukan sesuatu yang manis di luar perhitunganmu dibalik barang yang pahit itu.
Bukankah lebih baik merasakan pahit dahulu sebelum manisnya? Kamu bisa merasakan manis itu
kan setelah tahu rasanya pahit. Demikian pula kamu bisa merasakan kesenangan karena kamu
pernah mengalami kesusahan
5. MAU MINTA PENDAPAT ORANG

Wong pinter kang isih gelem njaluk rembuging liyan iku dianggep manungsa wutuh. Sapa sing
rumangsa pinter banjur suthik njaluk rembuging liyan kuwi manungsa setengah wutuh. Lan sing sapa
ora gelem njaluk rembuging liyan, iku bisa kinaran babar pisan durung manungsa

TERJEMAHAN: Orang pandai yang mau meminta pendapat orang lain bisa dikatakan manusia utuh.
Yang merasa pandai kemudian enggan meminta pendapat orang lain adalah manusia setengah utuh.
Kemudian siapapun yang tidak mau minta pendapat orang lain bisa dikatakan samasekali belum
menjadi manusia.

6. JANGAN TERLALU MUDAH MOHON PETUNJUK

Wong kang kerep dipituturi wong liya iku adate bisa dadi wong kang ngati-ati, nanging menawa
kapengkok ing perlu sok ora bisa tumindak lan ngrampungi dhewe. Kepeksa isih kudu noleh marang
wong liya sing diwawas bisa aweh pituduh. Mula kuwi prayoga ngawulaa marang ati lan
kekuwatanmu dhewe, jalaran sejatine yen ana apa-apane, wong liya iku mung saderma nyawang, ora
melu ngrasakake.

TERJEMAHAN: Orang yang sering diberi nasihat oleh orang lain biasanya menjadi orang yang hati-
hati, tetapi kalau dihadapkan pada sesuatu sering tidak bisa memutusi sendiri. Terpaksa masih harus
berpaling kepada orang lain yang dipandang mampu memberi petunjuk. Oleh sebab itu, sebaiknya
berpeganganlah pada hati dan kekuatanmu sendiri, karena sebenarnya kalau terjadi sesuatu maka
orang lain hanya sekedar melihat tanpa ikut merasakan

7. JANGAN GAMPANGAN DAN MENGANGGAP ENTENG APA SAJA

Sapa kang nganggep apa bae gampang, mesti bakal nemu akeh rubeda. Sapa kang gampang janji
ya dheweke kang arang netepi.

TERJEMAHAN: Siapa yang menganggap apa saja mudah, pasti akan banyak menemukan masalah.
Siapa yang gampang janji, dialah yang jarang menepati janji

8. JANGAN MENUNDA PEKERJAAN

Sarupane pakaryan kang wis kok yakini beciking asile tumuli enggal katindakna, aja ngenteni liya
wektu. Jer kekencengan sarta kekarepan iku yen diendhe-endhe ora mundhak kuwate. Nanging
malah mundhak ringkih lan bisa uga ilang dayane. Sipat seneng ngendhe-endhe iku mujudake dalan
kang anjog marang watak ora antepan lan kesed, sungkan ing gawe sing tundhone dadi tanpa aji urip
ing bebrayan.

TERJEMAHAN: Semua pekerjaan yang sudah kau yakini manfaat dari hasilnya, hendaknya segera
dilaksanakan, jangan ditunda. Niat dan tekad kalau ditunda-tunda tidak akan bertambah kuat. Justru
menjadi semakin lemah bahkan hilang kekuatannya. Sifat suka menunda-nunda merupakan jalan
menuju watak tidak tetap dan malas. Malas bekerja membuat kita tidak berharga dalam kehidupan
bermasyarakat.

9. MAMPU MENYIMPAN RAHASIA DAN TIDAK INGIN TAHU RAHASIA ORANG LAIN

Sarupaning wewadi sing ala lan becik yen isih mbok keket kanti remiting ati salawase tetep dadi
batur. Nanging yen mbok ketokake sathithik bae bakal dadi bendaramu.Nyimpen wewadine dhewe
bae abot, apa maneh yen nganti pinitaya nggegem wewadining liyan. Mula saka iku aja sok dhemen
meruhi wewadining liyan. Mung bakal nambahi sanggan sing sejatine dudu wajibmu melu ngopeni.
TERJEMAHAN: Semua rahasia yang baik maupun buruk kalau tetap kau simpan dalam hati
selamanya akan tetap menjadi budakmu. Sebaliknya kalau kau buka sedikit saja maka akan menjadi
tuanmu. Menyimpan rahasia pribadi saja berat apalagi kalau dipercaya menyimpan rahasia orang
lain. Oleh sebab itu jangan suka mengetahui rahasia orang lain. Hanya akan menambah beban yang
sebetulnya bukan kewajibanmu untuk memeliharanya.

10. SUKSES: JANGAN HILANG KEWASPADAAN

Wong kang kinaran “sukses” yaiku: Wong kang wis ngetog kadibyane, ngudidaya nganti kecandhak
gegayuhan lan idham-idhamane kang laras karo pepenginane. Tekane “sukses” durung ateges
tamating crita, nanging malah kudu tansah luwih waspada, prayitna lan ngati-ati. Jalaran adhakane
wong sing wis “sukses” banjur kurang kaprayitnane, sembrana lan gumampang ing sabarang
tumindake, kang luput sembire bisa klenggak.Mula “sukses” iku anggepen kayadene sawijining
pandadaran kanggo lestarining panggayuh becik.

TERJEMAHAN: Orang sukses yaitu: Orang yang sudah mengeluarkan semua kemampuannya dan
berupaya sampai tercapai harapan dan keinginannya sesuai yang dicita-citakan. Tercapainya sukses
bukan berati akhir ceritera, justru harus lebih awas, waspada dan hati-hati. Mengingat sering kejadian
setelah sukses orang menjadi kehilangan kewaspadaan, sembrono dan menganggap enteng segala
sesuatunya sehingga berakibat fatal. Oleh sebab itu anggaplah sukses sebagai pelatihan demi
kelestarian cita-cita yang baik.

11. WASPADA DENGAN IMING-IMING

Wong kang ringkih iman lan batine bakal gampang dadi jujugane durjana apus-apus kang pating
sliwer golek mangsan. Pirang-pirang wong kang kaselak percaya rembug pangiming-iming ora pinikir
bakal kedadeyane ing tembe. Wusanane nandhang kapitunan lan kena ing apus. Mula ditansah
waspada, aja lirwa ing kaprayitnan.

TERJEMAHAN: Orang yang ringkih iman dan batinnya akan mudah jadi target penipu yang
berkeliaran mencari mangsa. Banyak orang yang terlalu cepat percaya iming-iming tanpa dipikir apa
yang akan terjadi di belakang hari. Akhirnya mengalami kerugian dan tertipu. Oleh sebab itu selalulah
waspada. Jangan kehilangan kewaspadaan.

12. PUJIAN: TIDAK SEMUDAH ITU DIDAPAT

Sapa wonge sing ora seneng yen entuk pangalembana. Nanging thukuling pangalembana iku ora
gampang. Kudu disranani pakarti kang becik lan murakabi tumraping wong akeh. Yen mung disranani
bandha, pangalembanane mung kandheg ing lambe bae, ora tumus ing ati. Dene yen disranani
panggawe kang lelamisan, ing pamburine bakal kasingkang-singkang, disingkirake saka jagading
pesrawungan

TERJEMAHAN: Siapa orang yang tidak senang menerima pujian. Tetapi untuk memperolehnya
tidaklah mudah. Harus dibekali perilaku baik yang bermanfaat untuk orang banyak. Kalau hanya
berbekal harta, pujian hanya berhenti di bibir, tidak sampai ke dalam hati. Demikian pula kalau
bekalnya perilaku yang “lamis” di belakang hari akan dimaki-maki dan disingkirkan dari dunia
pergaulan.

13. KEHORMATAN: AKAN DATANG SENDIRI, TAK USAH DIBURU

Yen kepengin diajeni liyan, aja sok dhemen marta-martakake, apa maneh nganti mamerake kabisan
lan kaluwihanmu. Pangaji-ajining liyan iku sejatine bakal teka dhewe, ora perlu mbok buru. Nuduhake
kawasisan pancen kudu bisa milih papan lan empan. Mula kang prayoga kepara purihen aja kongsi
wong liya bisa njajagi. Nanging mangsa kalane ngadhepi gawe-parigawe keconggah mrantasi.
TERJEMAHAN: Bila ingin dihormati orang lain jangan suka memberitahukan kesana kemari apalagi
kemampuan dan kelebihanmu. Penghormatan dari orang lain sebetulnya tidak perlu dikejar karena
akan datang sendiri. Menunjukkan kelebihan harus empan papan, tahu kapan dan bagaimana
caranya. Sebenarnya lebih baik jangan sampai orang bisa meraba kemampuanmu, tetapi kalau
diperlukan kamu bisa mengatasi.

KESIMPULAN

Tidak kita ingkari bahwa manusia hidup mencari kalau tidak mengejar “drajat, semat dan kramat”.
Hanya perlu diingat bahwa manusia dinilai dari perbuatannya, bukan dari pakaian atau yang serba
lahiriyah lainnya. Dalam bekerja manusia hendaknya meneladani ketekunan air yang pelan-pelan
mampu melobangi batu. Harus mau mengikuti petunjuk dan perintah atasan, mau mendengar saran
orang lain, tetapi tidak terlalu sering memohon petunjuk maupun menganggap enteng suatu masalah.
Dengan demikian pekerjaan tidak akan sering tertunda atau terhambat.
Dalam melaksanakan tugas, kita harus mampu menyimpan rahasia termasuk tidak ingin tahu rahasia
orang lain. Setelah sukses jangan kehilangan kewaspadaan. Hati-hati dengan iming-iming.
Bekerjalah dengan baik karena pujian tidak segampang itu kita peroleh sehingga tidak perlu kita
kejar. Kehormatan justru akan datang sendiri tanpa diburu (IwMM)

PITUTUR KUMPULAN 13: KELUH KESAH, KERAGUAN


DAN KESENGSARAAN
Keluh-kesah dan keraguan merupakan sikap negatif yang membawa energi negatif dan pada
gilirannya orang yang sebenarnya tidak terlalu sengsara menjadi sengsara betul. Ungkapan-
ungkapan keluh-kesah pernah saya tulis dalam “orang-orang sengsara dan apes dalam paribasan
Jawa”. Apa manfaat keluh kesah? Rasanya kok tidak ada. Kita dididik untuk tidak berkeluh-kesah
bahkan sejak masih Pramuka Siaga. Kita selalu nyanyi: Apa guna keluh kesah; apa guna keluh kesah
...... Demikian pula keraguan; mengapa orang harus ragu yang buntutnya merasa tidak mampu. Sapa
temen nemu temen aja nganggep mokal ganthamu. Kalau orang menjadi tidak mampu melakukan
apa-apa ya sengsara lah tahap terminalnya.

Kumpulan 13 ini saya cari dari Butir-butir Budaya Jawa kumpulan Prof Rusdibjono dan seperti yang
sebelumnya, terjemahan saya tulis di bawah tulisan bahasa Jawanya. Mangga semoga berkenan.

1. KELUH KESAH: KARENA MENGEJAR AMBISI

Wong kang kebak dening pepenginan iku adate banjur ngangsa-angsa, mula lakune uga banjur
miyar-miyur. Kepengkok gawe sethithik bae sing digedhekake pangresulane, tundhone atine
gampang pepes lan nglokro. Beda karo wong kang wicaksana uripe mesti mawa tekad lan tujuwan.
Bebasan tiba kaping pitu gemregah tangi kaping wolu ngrungkebi tekad lan tujuwane.

TERJEMAHAN: Orang yang terlalu banyak keinginan hidupnya menjadi “ngaya”, jiwanya menjadi
labil. Kena hambatan sedikit saja yang dibesarkan adalah keluh-kesah, akibatnya menjadi patah
semangat. Beda dengan orang bijaksana yang hidup dengan tekad dan tujuan. Ibarat jatuh tujuh kali
dia bangkit delapan kali demi tekad dan tujuannya.

2. KELUH KESAH: MENGHILANGKAN KEKUATAN FISIK DAN ROHANI

Sok sapaa bakal nduweni rasa kurmat marang wong kang tansah katon bingar lan padhang polatane,
nadyan ta wong mau nembe bae nandhang susah utawa nemoni pepalang ing panguripane.
Kosokbaline wong kang tansah katon suntrut kerep nggrundel lan grenengan merga ora katekan
sedyane iku cetha bakal koncatan kekuwataning batin lan tenagane., tangeh lamun entuka
pitulungan, kepara malah dadi sesirikane mitra karuhe.

TERJEMAHAN: Siapapun akan menaruh rasa hormat kepada orang yang selalu kelihatan cerah
walaupun orang tersebut sedang dalam kesusahan atau mengalami hambatan dalam hidupnya.
Sebaliknya orang yang selalu kelihatan muram, sering menggerutu dan berkeluh-kesah karena apa
yang diinginkan tidak tercapai, jelas bakal kehilangan kekuatan batin dan energinya. Tidak mungkin
memperoleh pertolongan, malah dijauhi teman-temannya

3. KELUH KESAH: MERINGKIHKAN TEKAD, MENJADIKAN MISKIN

Kerep nggresah lan ngresula iku nuduhake karingkihane tekad. Senadyan dingresulanana sedina
ping pitulikur, ora bisa owah nasibe. Nggresah lan ngresula iku padha karo sambat. Wong sambat iku
kena bae, nanging yen isih keduga aja dhemen sambat. Ngresula bisa dadi mala, panggresah bisa
dadi bubrah, dene pisambat iku dalane wong kang seneng mlarat, jalaran sakehing gegayuhan kang
disangkani sarana sambat mono adate mung gayuk-gayuk tuna, apa kang digayuh tanpa ana kabul
wusanane

TERJEMAHAN: Sering berkeluh-kesah menunjukkan ringkihnya tekad. Walaupun kita berkeluh-


kesah sehari 27 kali, nasib tidak akan berubah. Manusia boleh saja berkeluh-kesah, tetapi lebih baik
jangan suka berkeluh-kesah, karena hanya akan menimbulkan malapetaka. Keluh kesah adalah jalan
menuju kemiskinan, karena semua cita-cita yang dilandasi keluh kesah tidak akan ada hasilnya

4. KELUH-KESAH: MENUTUP SUMBER PENGHIDUPAN

Aja sok ngresula. Wruhna yen pangresula iku sawijining mala, dene panggresah mono agawe
bubrah. Yen wis nggresah padatane banjur lali marang kewajibane sing kudu diayahi sarta kemba
marang sadhengah pakaryan. Sing sapa esuk-esuk wis sambat ngaru-ara ing bab ngrekasane urip,
wong mau prasasat mbuntoni sumbering pangupa-jiwane dhewe. Ora trima marang pandum
peparinge Pangeran Kang Murbeng Dumadi

TERJEMAHAN: Jangan sering berkeluh-kesah karena keluh-kesah itu bahaya yang mengundang
malapetaka. Keluh kesah akan membuat kita lupa dan tidak bersemangat mengerjakan tugas-tugas
yang harus dilakukan.Siapa yang pagi-pagi sudah berkeluh-kesah menangisi beratnya kehidupan
sebenarnya orang itu telah menutup sumber penghasilannya sendiri, tidak menerima terhadap
“pandum” pemberian Allah SWT

5. KERAGUAN: BERASAL DARI PIKIRAN KITA SENDIRI

Sebab-sebab kang gawe ciliking ati lan cekleking semangat iku adhakalane dumunung ing
gegambarane pikiran kang sarwa nguwatirake marang lelakon kang durung kelakon, temahane
pikiran dadi peteng, lumuh ihtiyar lan koncadan gregeting makarya. Katimbang nyumelangake barang
kang durung bisa ginrayang rak luwih becik aja pegat ing ihtiyar kanthi nenuwun marang sihing Kang
Murbeng Kuwasa, jer iya mung Panjenengane kang murbawasesa urip kita. Klawan mengkono
insyaallah kowe ora bakal ngedhap ngadhepi sakehing lelakon

TERJEMAHAN: Penyebab kecil hati dan patah semangat sering berada dalam gambaran pikiran kita
sendiri yang khawatir dengan hal-hal yang belum terjadi. Hasilnya pikiran menjadi gelap, malas
berikhtiar dan kehilangan semangat kerja. Daripada mengkhawatirkan hal-hal yang belum bisa
diraba, lebih baik kita tidak berhenti ikhtiar disertai doa memohon belas kasihan Yang Maha Kuasa.
Karena hanya Dialah yang menguasai hidup kita. Dengan demikian insyaallah kamu akan tabah
menghadapi semua hal.

6. KERAGUAN: DIOBATI DENGAN TEKAD TETAPI BUKAN NEKAD

Rasa was sumelang iku nerakake wong sing arep nggayuh kemajuan. Sapa kang wis ketaman rasa
iki salawase ora bakal bisa maju. Ing sabarang tandang-tanduke sarwa tidha-tidha lan tansah awang-
awangen ngadhepi kangelan kang bakal memalangi laku. Kosokbaline tekad iku rasa ciptaning karsa
kang wis gembleng. Dadi yen ana kepenak lan orane bakal didhadhagi lan diterjang wani. Kang
pinandeng mung bakal tekaning sedya. Nanging tekad mono beda banget karo nekad, yen nekad
kuwi uwohing pakarti kang tuwuh saka kajudheganing nalar sing tundhone keconggah tumindak
nistha, merga koncadan pepadhang.
TERJEMAHAN: Rasa was-was itu penghambat orang yang ingin mencapai kemajuan. Siapa yang
dihinggapi perasaan ini selamanya tidak akan maju. Semua tingkah-lakunya serba ragu-ragu dan
gamang menghadapi hambatan dan kesulitan. Sebaliknya tekad adalah karsa yang sudah bulat.
Senang tidak senang akan dihadapi dan diterjang dengan berani. Yang diinginkan hanyalah
tercapainya tujuan. Tekad tidak sama dengan nekad. Nekad adalah buah pekerjaan yang tumbuh
dari kemelutnya pikir yang bisa berakibat mau melakukan tindakan nista, karena sudah kehilangan
akal sehat.

7. JANGAN MENSUGESTI DIRI SENDIRI DENGAN: SAYA TIDAK MAMPU

Akeh wong kang sadurunge nyoba ngayahi pagaweyan wis dipathok dhisik sarana tembung “Ah, aku
ora bisa”. Dayaning tembung “ora bisa” satemah numusi ora bisa temenan. Awit entek-entekane
pocap mangkono iku ateges ngapesake awake dhewe. Luwih maneh banjur lumuh ing pambudi.
Samubarang kang diudi ora bakal dadi. Barang kang ora diluru tangeh bisane ketemu. Mulane
percayaa marang dhiri pribadi. Ciptanen kanthi mantheng ing ati lan enggal makartiya. Kekuwataning
manungsa iku dumunung sajroning cipta, sauger sinartan pamarsudi klawan temen-temen. Dayaning
cipta cetha bakal nekakake sedya

TERJEMAHAN: Banyak orang yang sebelum mencoba melaksanakan pekerjaan sudah dipathok
dengan perkataan “Ah, saya tidak mampu”. Kekuatan dari perkataan “tidak mampu” akan berakibat
tidak mampu betul-betul. Ucapan itu hanya akan membuat sial diri sendiri. Lebih-lebih apabila disertai
malas berupaya. Semua yang diupayakan tidak akan jadi. Semua hal yang tanpa upaya tidak
mungkin bisa dicapai. Oleh sebab itu percayalah pada diri sendiri. Matangkan tekad dalam hati dan
segeralah berkarya. Kekuatan manusia terletak dalam “cipta” sepanjang disertai upaya yang
sungguh-sungguh. Daya dari “cipta” akan memberikan hasil.

8. SENGSARA: BISA KARENA HAL YANG KELIHATAN SEPELE

Ora ana critane wong kejungkel amarga kesandhung watu gedhe. Sing mesti merga kesandhung
watu cilik. Umpama tatu ya saka krikil sing lancip-lancip. Bab mau aweh pituduh supaya kita ora
nyepelekake marang barang sing katone sepele amarga sing katone ora mingsra mau bisa dadi
jalarane wong kejungkel tiba ing papa

TERJEMAHAN: Tidak ada veriteranya orang terjatuh gara-gara tersandung batu besar, pasti karena
batu kecil. Andaikan luka pun akibat kerikil yang tajam. Hal tersebut memberi perunjuk supaya kita
tidak menyepelekan barang yang kelihatannya sepele karena yang kelihatan tidak seberapa itu bisa
mengakibatkan kita sengsara

9. ORANG SENGSARA: AKIBAT KESALAHAN DAN ULAH SENDIRI

Wong kang sengsara uripe jalaran ana rong warna: kapisan saka kaluputane dhewe, paribasan
tanem tuwuh kang tansah kodanan lan pepanasen ora tau diopeni, dene kang kapindho araga saka
pokale dhewe. Paribasan tanem tuwuh kang tansah dipek asile nganti ora kober thukul godhonge.

TERJEMAHAN: Orang yang sengsara hidupnya disebabkan dua hal: pertama karena kesalahannya
sendiri, ibarat tanaman yang selalu kehujanan dan kepanasan tetapi tidak pernah dirawat.
Sedangkan yang kedua karena ulahnya sendiri. Ibarat tanaman yang selalu dipetik hasilnya sampai
tidak pernah tumbuh daunnya.

10. MAMPU MENGHADAPI COBAAN: SABAR

Sabar iku ingaran mustikaning laku, jumbuh karo unine bebasan: “Sabar iku kuncining swarga”,
ateges marganing kamulyan. Sabar, lire momot kuwat nandhang sakehing coba lan pandadaraning
ngaurip., nanging ora ateges gampang pepes kentekan pangarep-arep. Suwalike malah kebak
pangarep-arep lan kuwawa nampani apa bae kang gumelar ing salumahe jagad iki.(BBB)
TERJEMAHAN: Sabar adalah mustika kehidupan, sejalan dengan peribahasa “Sabar itu kunci sorga”,
yang berarti jalan menuju kemuliaan. Sabar berati mampu menghadapi semua cobaan hidup, tetapi
bukan berarti mudah putus asa kehilangan harapan. Sebaliknya sabar adalah penuh harapan dan
mampu menghadapi apa saja yang terjadi di muka bumi ini.

11. MASALAH: HADAPI DENGAN SENYUM

Samangsa lagi ngadhepi urip rekasa prayogane adhepana klawan esem gumuyu. Awit iku senjata
kang bisa gawe enthenging sanggan lan bakal numusi muluring pikir. Nanging yen penandhangmu
mau tansah kok adhepi kanti ulat kang suntrut adhakane kowe bakal kentekan pikir kang wening,
wusanane dadi nekad nuruti pokal kang nerak bebener.(BBB)

TERJEMAHAN: Saat menghadapi kesusahan hidup, tataplah dengan senyum. Karena hal itu
merupakan senjata yang bisa meringankan beban yang membawa kepada kejernihan otak. Tetapi
kalau kamu menghadapinya dengan muka masam, kamu akan kehilangan jernihnya pikiran, akhirnya
nekad dan melakukan tindakan yang melanggar aturan

PENUTUP

Jangan mensugesti diri sendiri dengan kata “tidak mampu”. Keluh kesah berasal dari diri sendiri.
Kalau kita apes biasanya karena ulah kita sendiri dan terkadang karena hal-hal sepele saja. Keluh
kesah dan keraguan akan menutup sumber kehidupan. Hadapi dengan tekad tetapi bukan nekad.
Tetap dilandasi dengan deduga, prayoga, watara dan reringa. Cobaan hadapi dengan sabar dan
masalah dijawab dengan senyum. Untung dan sial tidak ada yang langgeng. Ki Padmasusastra
dalam Layang Madubasa mengatakan:

Ora ana kabêgjan lan kacilakan langgêng, amêsthi ana watêse, karsaning Allah: sarupaning makluk
isining dunya lakune nyakra manggilingan, mulane wong kabêgjan aja pêpeka, wong kacilakan aja
kêmba ambudi sarana, karo pisan dadia widada.

TERJEMAHAN: Tidak ada keberuntungan dan kesialan yang abadi. Nesti ada batasnya. Sudah
merupakan kehendak Allah bahwa jalannya isi dunia ini “nyakra manggilingan” (berputar, suatu saat
di atas dan suatu saat di bawah). Oleh sebab itu orang yang sedang senang jangan sembrana dan
yang sedang sial jangan menyerah sehingga keduanya tetap selamat. (IwMM)

PITUTUR KUMPULAN 14: ORANG TUA DAN ANAK


Semua orang pernah menjadi anak dan pada saatnya nanti akan menjadi orang tua. Demikian pula
orang tua pernah juga menjadi anak. Alangkah indahnya bila orang tua dan anak melakukan yang
terbaik untuk diri mereka pada masa mereka menjadi orang tua maupun anak supaya tidak menyesal
di kemudian hari.

Pitutur ini dicuplik dari Layang Madubasa, Ki Padmasusastra Ngabèi Wirapustaka di Surakarta, 1912.
Pitutur asli dalam bahasa Jawa dapat dibaca dengan tulisan berhuruf miring sedang terjemahan agak
bebasnya ada di bawahnya. Selamat membaca, kiranya bermanfaat.

1. AYAH DAN IBU INGIN ANAKNYA MENJADI ORANG UTAMA

Bapa biyung iku kêtêmpuh mikir marang anake supaya ing têmbe bisa dadi wong mursid, ora cukup
mung ngrupakake bôndha bau dipitayakake marang guru bae, iya uga kudu mikir marang
kadadiyaning têmbe gone ngomah-omahake bisaa olèh bocah bêcik, yèn bocah lanang amiliha
bocah wadon kang ayu rupane, bêcik atine, yèn anak wadon olèha bocah lanang kang pintêr trahing
kartiyasa (= priyayi).
TERJEMAHAN: Yang selalu dipikirkan kedua orang tua kepada anaknya adalah supaya di kemudian
hari menjadi orang yang utama dalam hidupnya. Tidak cukup menyediakan biaya, tenaga dan
mempercayakan kepada guru saja. Tetapi juga harus memikirkan saat anak berkeluarga nanti bisa
mendapat suami atau istri yang baik. Kalau anak laki-laki hendaknya bisa memperoleh istri yang
cantik dan baik hati, kalau anak perempuan bisanya memperoleh suami yang pandai syukur
keturunan priyayi.

2. TANGGUNGJAWAB KEPADA ANAK: SEUMUR HIDUP

Suka bungaha yèn kowe ginanjar dening Pangeran: duwe anak, nanging rumasaa yèn anak iku dadi
têtanggunganmu gêdhe ing atase kuwajibanmu, mulane aja pêgat ênggonmu nglakoni kuwajiban
mau: bapa dadi pangayomaning anak, dibisa murih wêdining anak marang bapa kongsi umur 20
taun, sarta dibisa mardi ngajèni marang bapa kongsi tumêkaning pati. Dene kuwajibaning bapa dadi
paguroning anak kongsi umur 10 taun, nglungguhana dadi sudarmaning anak kongsi umur 20 taun,
sarta dadia sumitraning anak kongsi tumêkaning pati, yèn lali mung dèn elikake.

TERJEMAHAN: Berbahagialah kalau kita kalau Tuhan menganugerahkan anak kepada kita. Tetapi
ingatlah bahwa mempunyai anak berarti punya kewajiban untuk bertanggungjawab. Jangan kendor
dalam melaksanakan kewajiban tersebut: Ayah adalah pengayom anak. Upayakan supaya sampai
umur 20 tahun anak takut kepada ayah dan tetap menghormati ayah sampai mati. Adapun kewajiban
bapak sebagai guru adalah sampai anak umur 10 tahun, selanjutnya menempatkan diri sebagai ayah
sampai umur 20 tahun, dan terakhir tetap menjadi teman bagi anak sampai mati. Bila anak lupa
cukup mengingatkan.

3. MENYEKOLAHKAN ANAK: TABUNGAN SEUMUR HIDUP

Nglêbokake anak marang pamulangan, iku padha uga karo nglêbokake dhuwit marang celengan
kang ora binukak ing salawas-lawase sarta bakal olèh uyah-uyahan saka nggone ora motangake.

TERJEMAHAN: Menyekolahkan anak sama dengan menyimpan tabungan yang tidak pernah dibuka
selama-lamanya dan akan memperoleh bunga dari hasil tidak meminjamkannya.

4. HASIL MENYEKOLAHKAN ANAK: DINIKMATI BANYAK ORANG

Bocah kang pinardi ing kapintêran kalêbokake marang pamulangan akire ora mung gawe
kabêgjaning bocah iku bae, iya uga tumular ing akèh.

TERJEMAHAN: Anak yang dididik supaya pandai, disekolahkan, pada akhirnya tidak hanya memberi
manfaat pada anak itu saja tetapi juga kepada orang banyak.

5. YANG LEBIH UTAMA: TANAMKAN JIWA PENGABDIAN DAN KESETIAAN

Anggêgulanga anak tinanduran wijining kadarman, iku angluwihi utama tinimbang winuruk lakuning
tatakrama, sarta pêrdinên anduwèni pambêgan sêtya tuhu, iku angluwihi ajining kawasisan, D. K.
1912. No 87. Piwulang Logevrijmetselaar, Vrijdenker.

TERJEMAHAN: Menanamkan nilai-nilai pengabdian lebih utama daripada mendidik tatakrama.


Menanamkan sifat setia lebih bernilai daripada kepandaian.

6. KASIH SAYANG KEPADA ANAK: TIDAK PERLU DIPAMERKAN

Kabêcikan sarta katrêsnaning bapa biyung marang anak, aja sok dipamèr-pamèrake marang liyan,
mundhak diewani, iku dudu prakara anèh.
TERJEMAHAN: Kebaikan dan kasih-sayang ayah ibu kepada anak tidak usah dipamerkan kepada
orang lain. Hanya akan menumbuhkan ketidak-senangan. Hal tersebut bukan barang aneh

7. JANGAN MEMANJAKAN ANAK

Kawajibaning bapa marang anak, kajaba awèh sandhang pangan sadurunge mêntas, awèh wiji
pitutur bêcik, tinandurake ing angên-angêning bocah, supaya tuwuh budine rahayu, sarta pinrêtêk ing
piwulang kang amumpuni, iku bakal langgêng uripe kapenak, nganti tumêka ing pati dadi wong
utama, beda karo anak kang dinama-dama, winehan rajabrana agung, inguja sakarêpe, iku ora
mêsthi dadi bêcik, luput-luput malah dadi wisaning awake: bisa dadi papa, rajabranane wis andhisiki
lunga jrone jibar-jibur.

TERJEMAHAN: Kewajiban bapak kepada anak selain mencukupi sandang pangan sebelum anak itu
mandiri, juga memberi pitutur yang baik, menanamkan dalam sanubari supaya menjadi anak yang
berbudi baik dan memberikan pendidikan yang mumpuni. Hal ini merupakan bekal sehingga di
kemudian hari anak akan hidup senang, menjadi orang utama sampai matinya. Lain halnya dengan
anak yang dimanjakan dengan harta benda dan dibiarkan semaunya sendiri. Tidak akan menjadi
baik, salah-salah menjadi racun yang mengakibatkan kepapaan. Hartanya pergi lebih dahulu selama
ia bersenang-senang.

8. MEMANJAKAN ANAK: MERACUNI DIRI SENDIRI

Anggêdhèkake atining bocah kang marga saka ing pangugung, iku prasasat awèh wisa marang
awake dhewe

TERJEMAHAN: Menyenangkan hati anak dengan memanjakan sama dengan meracuni kepada diri
sendiri

9. ANAK: TAKUT DAN MENURUT KEPADA AYAH, SAYANG KEPADA IBU

Mungguhing anak marang bapa biyung: (1) Marang bapa, diwêdi sarta ambangun turut, iku wis
ngènthèngake kuwajibaning bapa. (2) Marang biyung, diasih trêsna, nanging aja ngadi-adi, iku wis
mayarake kuwajibaning biyung.

TERJEMAHAN: Yang seharusnya dilakukan anak kepada ayah dan ibu: (1) kepada ayah takut dan
menurutlah. (2) kepada ibu cintailah sewajarnya. Itu sudah meringankan kewajiban ibu. ke3dua hal
tersebut sudah meringankan kewajiban kedua orang tua.

10. ANAK: MENURUT KEPADA AYAH DAN IBU

Nurut parentahing bapa biyung iku: pait, sumurupe lêgi: yèn wis duwe anak.

TERJEMAHAN: menurut kepadaa ayah dan ibu itu pahit. Tahunya manis kalau sudah punya anak
sendiri.

11. BAPAK: TIDAK MINTA BALASAN MACAM-MACAM

Katrêsnaning bapa marang anak, ora anjaluk walêsan kang adi aèng, mung jaluk dituruta parentahe,
iku wis ngènthèngake têtanggunganing bapa, aja malês ngadi-adi anjaluk diugung, iku ngabotake
têtanggunganing bapa.

TERJEMAHAN: Cinta ayah kepada anak tidak meminta balasan yang tinggi dan sulit. Cukup dituruti
perintahnya. Hal tersebut sudah meringankan tanggungan ayah. Jangan minta dimanjakan karena
akan memberatkan beban ayah.
12. AYAH IBU: HANYA MENETAPI KEWAJIBAN

Ala bêciking anak saka panggawening bapa biyung, yèn anak iku dadi ala, bapa biyunge kang luput,
yèn dadi bêcik, mung lagi nêtêpi prajanjian, sah utange kang ora bakal disauri (utanging anak marang
bapa biyung).

TERJEMAHAN: Baik buruknya anak adalah hasil perbuatan orang tua. Kalau anak menjadi jelek,
yang salah kedua orang tuanya. Kalau anak menjadi baik, hanya karena menetapi kewajiban sebagai
orang tua. Hutang anak lunas tanpa harus mengembalikan.

13. PERTOLONGAN ORANG TUA: TIDAK BISA LANGGENG

Anak kang ngandêlake pitulunganing bapa biyung, amarga koncatan musthikaning kawruh: istiyar lali
yèn bapa biyunge bakal ora langgêng trêsna lan rumêksane, dening prakara sapele: mati.

TERJEMAHAN: Anak yang mengandalkan bantuan orang tua karena tidak memiliki bekal ilmu
pengetahuan hendaknya ingat bahwa kasih dan pemeliharaan oleh orang tua tidak langgeng karena
satu hal: kematian.

KESIMPULAN

Mempunyai keturunan adalah anugerah Allah. Orang tua seharusnya tidak menyia-nyiakan anugerah
tersebut. Siapkan diri dan siapkan anak sehingga kelak menjadi orang yang utama. Menyekolahkan
anak merupakan tabungan yang tidak pernah dibuka seumur hidup. Anak yang berpendidikan akan
bermanfaat untuk orang lain disamping untuk diri sendiri. Oleh sebab itu sejak awal jangan kita
memanjakan anak, karena buahnya hanya merupakan racun bagi diri sendiri. Amat penting untuk
menanamkan nilai-nilai pengabdian dan kesetiaan kepada anak.

Anak harus takut dan menurut dan sayang kepada kedua orang tua. Anak jangan minta dimanjakan.
Orang tua tidak meminta balasan macam-macam, karena hanya menetapi kewajiban sebagai orang
tua. (IwMM)

PITUTUR KUMPULAN 15: SIFAT RAJIN DAN PEMALAS


Adalah empat hal yang tidak boleh hilang dari manusia: Kewasisan, taberi, budi rahayu
dan kasarasan. Taberi adalah sifat rajin dan kebalikannya adalah sifat “kesed” atau pemalas.
Demikian dikatakan oleh Ki Padmasusastra Ngabehi Wirapustaka di Surakarta dalam Layang
Madubasa, 1912.

Dalam Pitutur Kumpulan 15 ini disampaikan mengenai sifat rajin dan pemalas tersebut yang
bersumber dari Serat yang sama, yaitu Layang Madubasa, anggitan Ki Padmasusastra. Tulisan asli
dalam bahasa Jawa dicetak dalam huruf miring dan terjemahan setengah bebasnya dapat dibaca di
bawahnya. Silakan mengikuti, kiranya ada manfaat yang dapat dipetik.

1. JANGAN MALAS MENGERJAKAN PEKERJAAN BERAT

Aja wêgah anglakoni pagawean abot, awit yèn kotalatèni kalawan sabaring ati, suwe-suwe saya
ènthèng, wusana nganti tanpa bobot: rampung.

TERJEMAHAN: Jangan malas mengerjakan pekerjaan berat. Karena kalau kita kerjakan dengan
sabar dan telaten, lama kelamaan terasa ringan, akhirnya terasa tidak berat: Selesai.

2. MALAS: SUMBER PENYAKIT


Garumbuling lêlara saka kêsèd, sabên wong dhêmên nganggur adhakane ngantuk, banjur turu kang
dudu mangsane, barêng nglilir karasa lêsu, malah mapan turu manèh karo ngrasakake ora kapenak
ing awak, sarèhning tansah digagas, iya banjur lara têmênan, zie srêgêp.

TERJEMAHAN: Belantara penyakit berasal dari malas. Orang yang suka menganggur umumnya
ngantukan lalu tertidur padahal belum waktunya. Ketika bangun badan terasa lesu, dilanjutkan tidur
lagi dengan membawa pikiran tidak enak badan. Karena selalu dipikirkan akhirnya jadi sakit betulan.

3. ORANG MALAS MAUNYA DISUAPI

Wong kêsèd marang pagawean, iku kaya upamane manuk lagi nêtês, uripe mung kalawan diloloh.

TERJEMAHAN: Orang pemalas ibarat anakmburung yang baru menetas. Hidupnya hanya disuapi

4. JANGAN KELUH KESAH ATAS BERATNYA PEKERJAAN

Para garaping parentah aja sêsambat kakehan gawe utawa sugih pagawean: mundhak digêguyu,
satêmêne iya iku kang kok golèki.

TERJEMAHAN: Kalau diberi tugas jangan berkeluh-kesah kebanyakan pekerjaan karena hanya akan
ditertawakan. Sebenarnya itulah yang kita butuhkan.

5. PEKERJAAN PALING BERAT ADALAH PEKERJAAN YANG TIDAK DIKERJAKAN

Pagawean kang abot dhewe iku pagawean kang ora dilakoni, nganti sakêsêling ati ora bisa rampung
saka awang-awangên, dene pagawean abot têmênan kang dilakoni, suwe-suwe nganti tanpa bobot
nganggur ora duwe pagawean. Iya iku bedaning wong kêsèd karo wong srêgêp, si kêsèd malah
kêrêp asêsambat kabotan gawe, si srêgêp rumasane kenthengan gawe, têgêse: ora ana pagawean
abot, yèn linakonan amêsthi dadi ènthèng, kosokbaline sanadyan pagawean ènthèng yèn ora
linakonan iya dadi abot, dening ora bisa rampung.

TERJEMAHAN: Pekerjaan yang paling berat adalah pekerjaan yang tidak dilaksanakan. Sampai
capek tidak akan selesai karena merasa gamang atas tugas yang harus dilakukan. Akhirnya malah
menganggur tidak punya pekerjaan. Itulah bedanya antara orang pemalas dengan orang rajin. Yang
pemalas banyak keluh kesah atas beratnya pekerjaan, sedangkan yang rajin merasa yang dilakukan
adalah ringan, artinya: semua pekerjaan walau berat, kalau dijalani pasti jadi ringan; sebaliknya
walaupun pekerjaan itu ringan kalau tidak dikerjakan akan menjadi berat karena tidak terselesaikan.

6. ORANG RAJIN: MAU KERJA, TELATEN DAN PANTANG KELUH KESAH

Aja sok sambat kakehan pagawean, satêmêne iya mung saukure bae, sisaning pagawean
ditindakake sawise mari kêsêl, utawa seje dina, padha bae karo wong kang nganakake pagawean
(ora duwe pagawean) panggagase iya mung saukure bae, nganti sakêsêling ati, tutuge dipikir sawise
mari kêsêl. Kabungahane priyayi narapraja kang sugih pagawean, yèn pagaweane wis rampung
mangkono uga ki pujôngga kang nganakake pagawean, kabungahane yèn olèhe anggolèki têmbung
bisa kêtêmu. Liding catur: ora ana wong kakehan utawa kasathithikên pagawean, anggêr manungsa
urip gêlêm nyambut gawe: padha bae, beda karo si tabêri lan si kêsèd, sing siji têlatèn anggarap
pagawean, sijine: ora.

TERJEMAHAN: Jangan suka berkeluh kesah kebanyakan pekerjaan, sebenarnya dikerjakan sesuai
kemampuan kita saja, sisanya dilanjutkan setelah lelahnya hilang, atau lain hari. Sama juga dengan
orang yang tidak punya pekerjaan, dia hanya berpikir secukupnya saja sampai capek berpikir.
Dilanjutkan lagi setelah kelelahan pikirannya hilang. Kesenangan para pegawai adalah setelah
pekerjaan selesai; demikian pula kesenangan ki pujangga (maksudnya: Ki Padmasusastra) adalah
kalau berhasil menemukan kalimat yang diperlukan. Kesimpulan: Tidak ada orang kelebihan atau
kekurangan pekerjaan. Untuk manusia yang mau bekerja, semua sama saja. Yang beda hanya si
rajin dan si malas. Yang satu telaten dalam pekerjaannya, satunya lagi tidak

7. RAJIN: MATA AIR KEBERUNTUNGAN

Tabêri iku tuking kabêgjan, watêke arang lara, rijêkine tutut, akèh kang bisa kacukupan, pirabara
sugih saka pitulunging Allah.

TERJEMAHAN: Rajin adalah mata air keberuntungan. Sifatnya: jarang sakit, rejeki lancar, banyak
yang hidupnya berkecukupan dan bisa kaya karena pertolongan Allah

8. RAJIN: MATA AIR KESEHATAN

Witing kawarasan saka srêgêp, sasuwene nyambut gawe: wis krasa ngêlèh, dening anggane kabèh
obah mèlu nyambut gawe, dadi wong nyambut gawe iku prasasat anggawa tômba kawarasaning
awak,

TERJEMAHAN: Kesehatan berasal dari kerajinan. Selama bekerja, semua otot tubuh bergerak,
menimbulkan rasa lapar. Orang yang bekerja ibaratnya membawa obat untuk menyehatkan badan.

9. RAJIN: MENDAPAT IMBALAN DAN PUJIAN

Wong srêgêp nyambut gawe olèh kasênêngan rampunging pagaweane sarta nampani pituwasing
kangelane, tarkadhang olèh pangalêming akèh, suprandene wong akèh sing kêsèd.

TERJEMAHAN: Orang rajin bekerja memperoleh kesenangan dari selesainya pekerjaan dan imbalan
dari jerih-payahnya. Kadang-kadang malah mendapat pujian dari banyak orang. Walau demikian
tetap banyak orang yang malas

10. SEMUA RINGAN BAGI ORANG SABAR

Ora ana pagawean abot kang ora bisa rampung yèn ditandangi kalawan sarèhing ati. Yagene kowe
ora angrampungake pagawean ènthèng dening kasusuning ati sêlak arêp lèrèn, èlinga yèn tètèsing
banyu bisa anggêmpalakê laleyan.

TERJEMAHAN: Tidak ada pekerjaan berat yang tidak terselesaikan sepanjang dikerjakan dengan
hati sabar. Mengapa kita tidak segera menyelesaikan pekerjaan ringan hanya karena kita ingin cepat
istirahat? Ingat bahwa tetesan air bisa melobangi pagar bata.

11. MENYELESAIKAN PEKERJAAN: DAPAT PUJIAN DARI HATI DAN ORANG LAIN

Ngrampungake pagawean, si awak wis olèh alêm saka si ati, nuli olèh alêm manèh saka wong liya,
apa ora wis aran bêgja yèn wong tabêri ing gawê apêse olèh alêm ping pindho, tinimbang karo wong
kêsèd, sanadyan atine trêsna marang awake, iya ora bisa ngalêm aja manèh wong liya.

TERJEMAHAN: Bila kita berhasil menyelesaikan pekerjaan, badan akan mendapat pujian dari hati
kemudian mendapat pujian dari orang lain. Apa bukan keberuntungan? Bahwa orang rajin mendapat
pujian minimal dua kali. Tidak demikian halnya dengan orang pemalas. Betapapun sayangnya hati
kepada badan kita tetapi tidak bisa memuji, apalagi orang lain.
12. JERIH PAYAH ADA IMBALANNYA

(a) Ora ana wong kangelan tanpa pituwas, êmbuh enggal lawase: mêsthi. bonggan sira dhêmên
nganggur, liding sanepa: aja kêsèd.

TERJEMAHAN: Tidak ada orang bersusah-payah tanpa memperoleh hasil; hanya cepat atau lambat
kita tidak tahu, tetapi pasti. Salah sendiri kalau malas. Jadi jangan malas.

(b) Ora ana wong kangelan tanpa pituwas, lupute awake: iya anak putune kang tômpa, yagene suthik
kangelan, dipilaur nganggur, apa ana janjine wong nganggur olèh ganjaran.

TERJEMAHAN: Tidak ada orang bersusah-payah tanpa mendapat hasil. Kalau bukan diri kita yang
memperoleh, ya anak cucu yang akan menikmati. Kenapa malas susah dan pilih menganggur, tidak
ada janji bahwa penganggur akan memperoleh ganjaran

13. BERSUSAH-PAYAH DULU, BUAHNYA KEMUDIAN

Gampang iku dadi angèl, saupama winalik kêpriye, dhêmên kangelan dhisik, kira-kira bakal ana wohe
kang matêng mirasa: gampang undhuh-undhuhane, bok coba kok lakoni. Kang nganggit layang iki
wis tau ngundhuh wohing kangelan rambah-rambah, malah ana sing sakrupyukan, f. 1225 rupiyah,
aja maido.

TERJEMAHAN: Gampang menjadi susah. Misalnya dibalik bagaimana? Kita bersusah-payah dahulu.
Kira-kira akan membuahkan hasil yang mudah memetiknya. Kenapa tidak dicoba? Yang menulis
buku ini (Ki Padmasusastra) berkali-kali memetik buah dari hasil bersusah-payah

KESIMPULAN

Pemalas ditambah suka keluh kesah adalah sejelek-jelek orang dan tidak ada apapun yang bisa kita
peroleh dari orang pemalas. Tidak ada yang bisa dilakukan oleh orang yang hanya mau disuapi tanpa
jerih payah. Lebih-lebih di jaman sekarang yang semuanya serba cepat dengan persaingan yang
makin ketat. Tentunya yang terpilih adalah si rajin yang mau kerja, telaten dan tanpa keluh kesah.

Banyak keuntungan dan kelebihan orang rajin. Rajin adalah mata air keberuntungan sekaligus
kesehatan. Orang rajin tidak hanya mendapat imbalan tetapi juga pujian. Tidak ada jerih payah tanpa
imbalan. Syaratnya adalah ketelatenan, kesungguhan dan kesabaran. (IwMM)

Anda mungkin juga menyukai