Anda di halaman 1dari 1

Preinan Sekolah

Preinan utawa liburan sekolah semester iki aku ngentekake wayah bareng
keluarga kanggo liburan menyang omahe sedulur neng Demak, kurang luwih 2
jam setengah dalan saka Rembang ketuk Demak nggunake mobil sajrone neng
dalan aku ndeleng akeh pemandangan kaya sawah, gunung , lan sak
panunggalane, ora krasa wis nganti neng kutha Demak wektu ketuk ngomah
sedulurku aku disambut saka sedulur-sedulur ku, wis suwe aku ora ketemu
karo sedulurku neng Demak mergo aku jarang moro neng nggone sedulurku
Demak, sak suwene ngobrol ora krasa dina wis bengi lan aku nganti keturon.

Esuk dinane, aku dijak sedulurku lunga mlaku-mlaku mubeng kutha Demak aku
uga diajak menyang alun-alun kutha Demak neng kana ramai banget wong-
wong sing marung kaya dolanan, panganan, lan liya-liya. Ora krasa langit anyak
peteng akhire aku ro sedulurku milih kanggo mulih wektu neng dalan mulih
aku ora lali tuku panganan kanggo neng omah, sak ketuke neng ngomah aku
banjur diajak nonton film kedhemenan ku wektu film neras dumadakan
sawong teka jebulna kuwi yaiku kanca sedulurku dheweke uga melu nonton
film, ora krasa bengi tambah peteng aku lan sedulurku ngongkonke kanggo
turu.

neng dina beirkute, aku ora reti yen dina iki yaiku taun anyar dumadakan
sedulurku teka ngagetake dak jebulna dheweke pengen ngajak aku menyang
alun-alun mengko bengi kanggo ngrayake taun baru bareng. neng bengi dinane
aku lunga bareng sedulurku menyang alun-alun jebulna neng dalanan kutha
Demak ramai pisan akeh wong sing ngrayake taun baru bareng keluargane,
wektu petung mundur tiba langit sing maune peten saiki dadi werna-warni
mergo akeh kembang api. ora krasa aku wis ndina-dina ana ing Demak mergo
isuke aku kudu mulih menyang Rembang sadurung mulih aku ora lali tuku oleh-
oleh khas Demak yaiku Jambu Demak kanggo sedulur-sedulur ku neng
Rembang.

Nama : Anargya Egananta

No : 2

Anda mungkin juga menyukai