Anda di halaman 1dari 1

PREINAN SEKOLAH ING GRIYA SEDULUR

Preinan utawa liburan sekolah semester iki aku ngentekake wayah bareng keluarga kanggo
liburan menyang omahe sedulur neng Madiun, kurang luwih 6 jam dalan saka Malang ketuk
Madiun nggunake bis sajrone neng dalan aku ndeleng akeh pemandangan kaya sawah,
gunung , lan sak panunggalane, ora krasa wis nganti neng kutha Madiun wektu ketuk ngomah
sedulurku aku disambut saka sedulur-sedulur ku, wis suwe aku ora ketemu karo sedulurku
neng Madiun mergo aku jarang moro neng nggone sedulurku Madiun, sak suwene ngobrol
ora krasa dina wis bengi lan aku nganti keturon.
Esuk dinane, aku dijak sedulurku lunga mlaku-mlaku mubeng kutha Madiun aku uga diajak
menyang alun-alun kutha Madiun neng kana ramai banget wong-wong sing marung kaya
dolanan, panganan, lan liya-liya. Ora krasa langit anyak peteng akhire aku ro sedulurku milih
kanggo mulih wektu neng dalan mulih aku ora lali tuku panganan kanggo neng omah, sak
ketuke neng ngomah aku banjur diajak nonton film kedhemenan ku wektu film neras
dumadakan sawong teka jebulna kuwi yaiku kanca sedulurku dheweke uga melu nonton film,
ora krasa bengi tambah peteng aku lan sedulurku ngongkonke kanggo turu.
neng dina beirkute, aku ora reti yen dina iki yaiku taun anyar dumadakan sedulurku teka
ngagetake dak jebulna dheweke pengen ngajak aku menyang alun-alun mengko bengi kanggo
ngrayake taun baru bareng. neng bengi dinane aku lunga bareng sedulurku menyang alunalun jebulna neng dalanan kutha Madiun ramai pisan akeh wong sing ngrayake taun baru
bareng keluargane, wektu petung mundur tiba langit sing maune peten saiki dadi werna-warni
mergo akeh kembang api. ora krasa aku wis ndina-dina ana ing Madiun mergo isuke aku
kudu mulih menyang Malang sadurung mulih aku ora lali tuku oleh-oleh khas Madiun yaiku
brem kanggo sedulur-sedulur ku neng Malang.

Anda mungkin juga menyukai