Anda di halaman 1dari 97

PURWAKA

Awit saking kajurunging manah, MGMP Bahasa Jawa Daerah Istimewa Yogyakarta
cumanthaka ndhèrèk cawé – cawé urun rembag babagan pamarsudining basa, sastra, tuwin
aksara Jawa, kanthi ngedalaken bahan ajar bahasa Jawa.
Bahan ajar bahasa Jawa punika namung kanggé mbiyantu para siswa anggènipun sami
sinau basa Jawa, lan sapérangan bahan ajar bahasa Jawa punika kaserat mawi aksara Jawa
gagrag Sriwedarèn 1926, wondéné tata gelar panulising latin basa Jawa kajumbuhaken kaliyan
Ejaan basa Jawa aksara Latin wedalan Balai Pustaka Yogyakarta edisi revisi taun 2006.
Bok bilih ing mangké pinanggih samukawis bab taksih rinaos kirang jangkep
menggahing materi gegayutan kaliyan kurikulum ingkang lumampah, awit saking punika
panyaruwé para winasis lan para pamaos tansah kula antu – antu.
Ing wasana mugi – mugi modul punika wonten ginanipun tumrap para kadang dwija
langkung – langkung tumrap para siswa.

Tim Penyusun Bahan Ajar Bahasa Jawa


MGMP Bahasa Jawa SMA/SMK/MA D.I. Yogyakarta

WIBAWA, Bahan Ajar Bahasa Jawa SMA/MA/SMK Daerah Istimewa Yogyakarta


1
DAFTAR ISI

WULANGAN 1

Purwaka Atur 1

Daftar Isi 2

A Aksara Jawa 5

B Gladhen 10

Kawruh Tembung 13

WULANGAN 2

A Unggah-ungguh Basa Jawa 16

B Cak - cakaning Unggah-ungguh Ing Pawiyatan/sekolahan 19

C Cak-cakaning Unggah-ungguh Ing Masarakat 21

D Gladhen 24

Kawruh Ukara 25

WULANGAN 3

A Tembang Macapat 27

B Praktik Nembang Macapat 29

C GLADHEN 30

D Ngripta Sekar Macapat 31

E Watak Sekar Macapat 32

F Sasmita ing Sekar Macapat 32

G Mangsuli Pitakon 33

H Nyekar Macapat 34

WIBAWA, Bahan Ajar Bahasa Jawa SMA/MA/SMK Daerah Istimewa Yogyakarta


2
I. Gladhen 34

J. Gladhen 34

Kawruh Tembung 34

WULANGA 4

A Pawartos 35

Maos Teks Pawarta 36


B

D Tuladha Teks Berita 38

E GLADHEN 40

Gladhen 41
F

Gladhen 41
G

Kawruh Ukara 42

WULANGA 5

A Geguritan 44

B Unsur-unsur geguritan 45

C Ingkang kedah dipungatosaken rikalanipun maos geguritan 45

D Nyerat Geguritan 46

E Wosipun geguritan! 47

F Purwakanthi ing geguritan 47

G Leléwaning Basaing geguritan 47

H Tataranipun apresiasi geguritan 50

I GLADHEN 50

Kawruh Tembung 52

WIBAWA, Bahan Ajar Bahasa Jawa SMA/MA/SMK Daerah Istimewa Yogyakarta


3
WULANGAN 6

A Carios Pengalaman 53

Nyariosaken pengalaman 54
B

Tuladha cariyos pengalaman 54


C

Tuladha cariyos pengalaman 55


D

Tuladha cariyos pengalaman 55


E

Tuladha cariyos pengalaman 56


F

G Gladhen 56

Kawruh Ukara 57

WULANGAN 7

A Sesorah 58

B Tuladha sesorah “Wursitawara” 62

C Tuladha Wursitawara Bab Kabudayan 63

D WIDYA TEMBUNG 66

E Gladhen 67

Kawruh Tembung 68

WULANGAN 8

A Carios Wayang 69

B Mangsuli Pitakèn 70

C Gladhen 74

D Gladhen 74

Kawruh Ukara 74

UJI KOMPETENSI 77

DAFTAR PUSTAKA 95

WIBAWA, Bahan Ajar Bahasa Jawa SMA/MA/SMK Daerah Istimewa Yogyakarta


4
WULANGAN

Kompetensi Dasar

Menulis wacana beraksara Jawa


Materi Pokok: Aksara Jawa

A. Kawaosa kanthi permati!

MAOS AKSARA JAWA


A. Aksara lan Pasanganipun

ha na ca ra ka da ta sa wa la

pa dha ja ya nya ma ga ba tha nga

re le

B. Sandhangan
Sandhangan, inggih punika tandha ingkang kaginakaken kanggé ngéwahi swantenipun
aksara ingkang dipunsandhangi. Sandhangan wonten ing paugeran tata tulis aksara Jawa
kapérang dados 3 warni, yaiku:
1. Sandhangan swara, kanggé ngéwahi swanten aksara miturut ungelipun vokal [i], [u],
[é,è], [e], lan [o]

WIBAWA, Bahan Ajar Bahasa Jawa SMA/MA/SMK Daerah Istimewa Yogyakarta


5
 wulu → … → ungelipun[i] → → siswa

 suku → … → ungelipun[u] → →sukun

 taling → … → ungelipun [é/è] → →sélak

 pepet → ... → ungelipun [e] → → sepi

 taling tarung → …. → ungelipun [o] → → sopan


2. Sandhangan Sesigeg, minangka gantosipun aksara sigeg ha, ra, lan nga nalika angsal pasangan
utawi pangkon ;

 pangkon → kanggé panyigeg →sepen

 wignyan → ungelipun [h]→ →tansah

 layar → ungelipun [r]→ →sarwa

 cecak → ungelipun [ng]→ →sang

3. Sandhangan Wyanjana, minangka gantosipun aksara ra, re saha ya nalika madeg dados
pasangan ingaksara punika gadhah sipat wyanjana utawi lebur kaliyan tembung ingkang
dipunpasangi;

 cakra → ungelipun [-ra-]→ →srawung

 ceret → ungelipun [-re-]→ →srengéngé

 péngkal → ungelipun [-ya-]→ →kyai

C. Pada inggih punika tandha wacan ingkang kaginakaken wonten ing seratan aksara Jawa,
kados déné:

 adeg-adeg → → kanggé miwiti nyerat ukara/alinéa/paragraf.

 pada lingsa → → kanggé nyerat koma ing tengahing ukara menga

WIBAWA, Bahan Ajar Bahasa Jawa SMA/MA/SMK Daerah Istimewa Yogyakarta


6
 pada lungsi → → kanggé nyerat titik ing pungkasaning ukara

menga

 pada pangkat → → kanggé nyerat angka Jawa.

 purwapada kanggé miwiti pada, pupuh tembang (mangajapa becik)

 madyapada kaserat ing sangajenging gantosipun pupuh-pupuh

ingkang wonten ing tengah (mandrawa)


 wasanapada kaserat minangka panutup ing pungkasaning seratan

tembang (inti/purna)

C. Aksara Murda
Ginanipun aksara murda inggih punika kaginakaken kanggé tata prunggu utawi
pakurmatan, tuladhanipun kanggé nyerat namaning Gusti, Nabi, Ratu, Wali, Pusaka,
Nagari, lan Kitha. Aksara murda boten dipunginakaken minangka panutuping wanda (suku
kata).

Aksara murda gunggungipun namung pitung warni inggih punika:


Nama Aksara Aksara Pasangan aksara
Pemakaian dalam kata
murda murda Murda
…… Gusti Natanagara
Na

…… Kraton Ngayogyakarta
Ka

…… Tawangmangu
Ta

…… Sinuhun Sultan Agung


Sa

…… Panembahan Sénapati
Pa

…… Gunung Merbabu
Ga

…… Balé Pustaka
Ba

WIBAWA, Bahan Ajar Bahasa Jawa SMA/MA/SMK Daerah Istimewa Yogyakarta


7
D. Aksara Swara
Ginanipun aksara aksara:
1. Kanggé nyerat aksara vokal ingkang dados wanda (suku kata) saking basa manca
supados cetha lafalipun.
2. Aksara swara boten saged dados pasangan.

3. Aksara swara saged dipunsukani sandhangan wigyan (.. ), layar (… …) lan cecak(… ….)

4. Aksara swara gungungipun wonten gangsal warni, inggih punika:


nama aksara
aksara swara panganggéingtembung
swara
Kitab Alquran
A

Éropa
E

Ibnu Umar
I

Organisasi
O

Urbanisasi
U

E. Aksara Rèkan.
Ginanipun Aksara Rékan:
1. Kanggé nyerat aksara konsonan saking basa manca ingkang taksih kaginakaken kados
aslinipun.
2. Aksara rékan saged dados pasangan lan saged dipunsukani pasangan, aksara rékan ugi
saged dados sandhangan.
3. Aksara rékan gunggungipun namung gangsal warni, inggih punika:
nama pasangan
aksara rékan panganggéingtembung
aksara rékan aksara rékan
Khatib arep khutbah
Kha

WIBAWA, Bahan Ajar Bahasa Jawa SMA/MA/SMK Daerah Istimewa Yogyakarta


8
Wong dzalim kesèd dzikir
Dza

Paédahé Bètèng Vrédebreg


fa / va

Zakat iku wajib lan ziarah iku sunat


Za

Ghazali lan Ghulam Ahmad


Gha

F. Angka Jawa
a. Angka dipunginakaken kanggé nerangaken lambang mawi nomer. Wujudipun angka
mawi aksara Jawa kadosta:

=1 =2 =3 =4 =5 =6 =7 =8 =9 =0

b. Angka mawi aksara Jawa anggènipun nyerat angka kaapit mawi pada pangkat ( .... )

Tuladha:
dawané kertas 36 sèntimèter=======

G. Tuladha panyeratipun tembung dwipurwa

tembungipun panyeratipun mawi aksara Jawa

lelaku

lelayu

tetuku

kekarepan

WIBAWA, Bahan Ajar Bahasa Jawa SMA/MA/SMK Daerah Istimewa Yogyakarta


9
Gladhèn

1. Kasebataken namanipun sandhangan saking tembung-tembung ing ngandhap punika!

Namanipun Aksara Namanipun Aksara


No. AksaraJawa No. AksaraJawa
Sandhangan Latin Sandhangan Latin

1 8

2 9

3 10

4 11

5 12

6 13

7 14

Kawaosa seratan Jawa ing ngandhap punika!


Kapendhet saking Serat Dharma Wasita anggitapun KGPAA Mangkunagara IV pupuh dhandhanggula
pada 7 saha 12.

WIBAWA, Bahan Ajar Bahasa Jawa SMA/MA/SMK Daerah Istimewa Yogyakarta


10
2. Ukara latin ing andhap punika kaserata nganggé aksara Jawa:
a. Bobotku 62 kilogram.
b. Keboné jembaré 250 mèter persegi.
c. Jalan Pangéran Diponegoro II, No. 37 Jakarta.
d. UUD 1945, Bab VII, Pasal 21.
e. Senèn, 9 Nopémber 1992, pukul 8.45.
f. Dwi naga rasa tunggal.
g. Trisula kembang lata.
h. Lajering kembang sinesep peksi.
i. Nirbaya madyaning puri
j. Ramé ing gawé, sepi ing pamrih.
k. Yén kepeksa nacad, nggunakna tembung manis.
l. Nyabaraké atiné dhéwé waé ora bisa, méndah nyabaraké atiné wong liya.
m. Sira kudu bisa mbédakaké nistha, madya, utama.
n. Pinuju bungah élinga susah, pinuju susah élinga bungah.
o. Begja-begjané kang lali, maksih begja kang éling lan waspada.

3. Kasalinana nganggé aksara Jawa!


a. anak yuyu
b. panén pari
c. nutup lawang
d. bapak kyai
e. mangan thiwul
f. jembar segarané
g. krungu warta
h. golèk nanas
i. dodol dhuku
j. manuk mabur

4. Waosan ing andhap punika kaserata ngginakaken aksara Jawa!


Abu Bakar Ali ketemu Kanjeng Pangéran Buwana Nagara ing Kraton Bagdad. Kekaroné
banjur padha dzikir lan padha rembugan prekara zakat. Ratu loro mau pancén takwa
marang Gusti Allah, yaiku dzat ghaib kang maha kuwasa.

Waosan aksara Jawa ing andhap punika kaserata aksara latinipun salajengipun kacariyosna
waosan punika mawi basa Jawa krama!

WIBAWA, Bahan Ajar Bahasa Jawa SMA/MA/SMK Daerah Istimewa Yogyakarta


11
5. Waosan aksara Jawa ing andhap punika kaserat aksara latinipun, salajengipun
kacariyosna waosan punika mawi basa Jawa krama!

WIBAWA, Bahan Ajar Bahasa Jawa SMA/MA/SMK Daerah Istimewa Yogyakarta


12
KAWRUH TEMBUNG

WUJUD (DHAPURING) TEMBUNG

Tembung-tembung punika miturut wujudipun utawi dhapuripun saged kapérang dados kalih
golongan, inggih punika:
A. Tembung Lingga
B. Tembung ingkang sampun éwah saking lingganipun.

A. Tembung lingga
inggih punika sadaya tembung ingkang dèrèng éwah saking asalipun.
Kadosta: jaranan, lingganipun: jaran
kepatèn, lingganipun: pati
karoban, lingganipun: rob
Déné tembung lingga ingkang dipunwastani asal utawi tembung ingkang dèrèng ngalami
éwah-éwahan punika kathah-kathahipun saking tembung wod.
Tembung wod: suk, lajeng dados wonten tembung lingga pasuk, rasuk, rangsuk, susuk, isuk
lan sanès-sanèsipun.
Tembung wod: pis, dados tembung lingga: tipis, tapis, kempis, dhepis, lan sapiturutipun.
Tembung wod: lur, dados tembung lingga: uwur, siwur, kawur, mawur, sawur, lan
sapiturutipun.
Nanging boten sedaya tembung lingga wonten wodipun.

B. Tembung ingkang sampun éwah saking lingganipun.


Tembung ingkang sampun éwah saking linganipun, kapantha dados tigang golongan,
inggih punika:
1. Tembung andhahan
2. Tembung ingkang dipunrangkep
3. Tembung camboran
4. Tembung wancahan

1. Tembung andhahan
Tembung tekuk saged dipunwangun dados tembung warni-warni, kadosta: ditekuk,
panekuk, tinekuk, tekukan, tekuk-tekukan, lan sanès-sanèsipun. Tembung-tembug
punika wau sadaya kasebat tembung andhahan.
Déné tembung lingga saged éwah dados tembung andhahan punika awit saking
dayaning wuwuhan. Wujuding wuwuhan wonten warni tiga, inggih punika:
a. ater-ater, inggih punika wuwuhan ingkang mapanipun wonten ngajeng. Wujuding
ater-ater wonten warni-warni, ing antawisipun: hanuswara ( = n, = ny,

= m, = ng); tripurusa (tak/dak, ko, di), ku, ké, sa, pa, pi, pra, tar, kuma,

kapi, a, ma, pan, pang, lsp.


b. seselan, inggih punika wuwuhan ingkang mapanipun ing satengahing tembung,
inggih punika: um, in, el, er.

WIBAWA, Bahan Ajar Bahasa Jawa SMA/MA/SMK Daerah Istimewa Yogyakarta


13
c. panambang, inggih punika wuwuhan ingkang mapanipun ing pérangan wingking
tembung, kadosta: a, i, e, an, en, ana, aké, na, né, ku, mu.

Pandhapukipun tembung andhahan saking tembung lingga, saha éwah-éwahanipun


dipunwastani ngrimbag. Déné rimbag ing tembung punika wonten warni-warni
namanipun, ing antawisipun: lingga andhahan, tanduk, tanggap lan bawa ka, pakon
utawi hagnya, tandang lan sananta, sambawa, bawa, guna/adiguna, wisésa -na, bawa
wacaka jawa wacaka, kriya wacaka karana wacaka.
a. Lingga andhahan
Wonten sawetawis tembung ingkang sejatosipun sampun dados tembung
andhahan, ananging dipunanggep kados tasih tembung lingga. Sebabipun amargi
tembung wau tasih saged dipunwuwuhi ater-ater, panambang, lan seselan kados
déné tembung lingga. Kados upaminipun:
omah, dados lingga andhahan somah, tembung somah saged kadamel andhahan
malih upaminipun sesomahan.

ubeng, dados lingga andhahan kubeng, tembung kubeng saged kadamel


andhahan malih upaminipun kinubeng.
weruh, dadoslingga andhahan kawruh, tembung kawruh saged kadamel
andhahan malih upaminipun dikawruhi.

Wondéné ingkang kagolong lingga andhahan inggih punika:


1) Tembung lingga ingkang pikantuk ater-ater sa, pa, pi, pra, tar, tra, ka.
Tuladha:
sa : sa + iji = siji
sa + olah = solah
pa : pa + omah = pomah
pa + mong = pamong
pi : pi + wulang = piwulang
pi + andel = piandel
pi + tutur = pitutur
pra : pra + kara = prakara
pra + lambang = pralambang
pra + jurit = prajurit
ka : ka + ubeng = kubeng
ka + wruh = kawruh
ka + arsa = karsa
sadaya tembung ingkang pikantuk ater-ater sa, pa, pi, pra, ka, kalebet jinising
tembung aran.
tar : tar + tamtu = tartamtu
tar + buka = tarbuka
tar + waca = tarwaca
tar + kadhang = tarkadhang

2) Tembung lingga ingkang oleh ater-ater pan (ny), pam, pang.


Kayata: pan: pan + tiyung = pantiyung
pan + telung = pentelung

WIBAWA, Bahan Ajar Bahasa Jawa SMA/MA/SMK Daerah Istimewa Yogyakarta


14
pan + colot = pencolot
pan + thèlès = penthèlès
pan + jete = penjété
pan + dhelis = pendhelis.
Sadaya tembung ingkang pikantuk ater-ater pan (ny), pam, pang, kalebet jinising
tembung kahanan.

3) Tembung lingga ingkang pikantuk seselan: er, el.


Sejatosipun seselan er, el punika seselan ingkang namung sawarni, pramila kala
mongsa lajeng saged lira-liru. Kadosta krelip utawi klelip. Wondene
pangetrapipun ing tembung wonten ing sawingkingipun aksara purwanipun
lingga, tuladha: k (er) + elip
g (er) + andhul
b (el) + èbèr
g (el) + ereng
Tembung ingkang apurwa swara menawi pikantuk seselan el, er, purwanipun
dipukantheni k.
Tuladha: abang + er : krabang (krabing)
engkat-engkit : krengkat-krengkit
enggas-enggos : krenggas-krenggos
enggèh : krenggèh
ogèl : krogèl
uget : kruget
èwèr : klèwèr
éwa : kléwa
uwer : kluwer
Sadaya tembung ingkang pikantuk seselan el, er, kalebet jinising tembung
kahanan, pramila asring dipunkanthèni tembung pating ing ngajengipun.

WIBAWA, Bahan Ajar Bahasa Jawa SMA/MA/SMK Daerah Istimewa Yogyakarta


15
WULANGAN
2

Kompetensi Dasar
Simulasi berbahasa Jawa dalam keluarga,
masyarakat dengan unggah – ungguh yang tepat Materi Pokok: Unggah-ungguh

A. Kawaosa kanthipermati!

UNGGAH-UNGGUH BASA JAWA


Unggah-ungguh inggih punika tata-pranataning basa miturut lenggahing tata krama.Unggah-
ungguh ugi saged dipunwastani undha usuking basa(tingkataning basa adhedhasar anggènipun
ngginakaken).Tiyang ingkang badhé ngetrapaken unggah-ungguh boten badhé uwal saking tata krama.
Tata krama awujud solah bawa, tindak-tanduk lan patrap nalika sesambetan (komunikasi) dhateng
sinten kémawon.
Supados satunggaling tiyang anggènipun micara/gineman selaras kaliyan unggah-ungguhipun
kedah nggatosaken:
1. Sinten ingkang gineman (ngrumaosi pribadinipun ingkang gineman)
2. Sinten ingkang dipunajak gineman.
3. Sinten utawi punapa ingkang dipunginemaken.
4. Wekdalipun rikala gineman
5. Papanipun rikala gineman
6. Swasana rikala gineman.
 Manut unggah – ungguh jaman rumiyin, undha usuk basa kapantha kados ing
ngandhap punika:

II

WIBAWA, Bahan Ajar Bahasa Jawa SMA/MA/SMK Daerah Istimewa Yogyakarta


16
III

IV

VI

 Ing jaman sapunika sampun kathah para sarjananing basa kagungan penggalihan
ngringkes unggah-ungguh basa namung dados kalih pérangan, inggih punika:

II

 Basa Ngoko Lugu


Wujudipun sedaya ngginakaken tembung ngoko, boten wonten tembung kramanipun. Ginanipun
kanggé gineman:
1. Tiyang sepuh dhateng ingkang kaprenah enèm (putranipun, wayahipun, muridipun punapa
déné dhateng laré anèm sanèsipun).
2. Dhateng sesaminipun, kanca sepantaran ingkang sampun kulina sanget, tuladhanipun laré
kaliyan kancanipun.
3. Pangageng dhateng tiyang sangandhapipun, tuladhanipun juragan dhateng baturipun.
4. Panguda rasa (gineman kaliyan pribadinipun piyambak).

WIBAWA, Bahan Ajar Bahasa Jawa SMA/MA/SMK Daerah Istimewa Yogyakarta


17
Tuladhanipun Ngoko Lugu ; Ginemanipun laré kaliyan kancanipun :

 Basa Ngoko Alus


Titikanipun basa ngoko alus
1. Tembungipun ngoko kacampur tembung krama. Ingkang dipunkramakaken inggih punika
peranganipun badan/salira ingkang dipunajak gineman utawi tiyang ingkang dipungunem; lan
agemanipun/sandhanganipun tiyang ingkang dipunajak gineman utawi tiyang ingkang
dipungunem.
2. Tembung kriyanipun (kata kerjanya) tiyang ingkang dipunajak gineman utawi tiyang ingkang
dipungunem.
3. Tembung aku tetep boten èwah.
4. Tembung kowé èwah dados panjenengan utawi sliramu (panjenengan manawi ingkang
dipunajak gineman wau tiyang sepuh; sliramu manawi ingkang dipunajak gineman wau
langkung enèm.
5. Ater-ater lan panambangipun tetep ngoko.
6. Basa punika kaginakaken déning tiyang ingkang sampun supeket (akrab) nanging tasih gadhah
raos ngurmati dhateng ingkang dipunajak gineman, umpaminipun antawis sesaminipun kanca
nyambut damel ing kantor, sesaminipun kanca sekolah, lsp.

Tuladhanipun Ngoko Alus.


Ginemanipun satunggaling tiyang kaliyan kanca sakantor.

 Basa Krama Lugu


Ginanipun kanggé gineman:
1. Dhateng sesamining kanca ingkang dèrèng raket supeket (akrab).
2. Tiyang sepuh dhateng tiyang ingkang langkung enèm, ananging ingkang dipunajak gineman
wau sinaosa enèm nanging wajib kinurmatan.
3. Tiyang ingkang gadhah kalenggahan (drajat pangkat) inggil dhateng andhahanipun, ananging
andhahanipun wau yuswanipun langkung sepuh utawi wajib kinurmatan.
4. Tiyang ingkang gineman priyayi luhur lan ingkang dipunajak gineman tiyang limrah ingkang
sampun sepuh yuswanipun utawi wajib kinurmatan.

WIBAWA, Bahan Ajar Bahasa Jawa SMA/MA/SMK Daerah Istimewa Yogyakarta


18
Tuladhanipun Krama Lugu.
Ginemanipun Pak Ketua RT dhateng para wiranèm ing parepatan (pepanggihan wiranèm)

 Basa Krama Alus:


Ginanipun kanggé gineman:
1. Tiyang ingkang gineman dèrèng tepang kaliyan ingkang dipunajak gineman, lan ingkang
dipunajak gineman wau ketingal langkung sepuh utawi tiyang ingkang kagungan pangkat
Inggil.
2. Tiyang ingkang gineman langkung enèm yuswanipun tinimbang ingkang dipunajak gineman,
lan ingkang dipunajak gineman wajib kinurmatan.
3. Tiyang ingkang gineman langkung cendhèk drajat pangkatipun tinimbang ingkang dipunajak
gineman, utawi ingkang dipunajak gineman wajib kinurmatan.
Tuladhanipun Krama Alus.
Ginemanipun wayah (putu) dhateng éyangipun:

 Cak-cakanipun Unggah-ungguh basa Jawa ing Sekolah


1. Ngginakaken basa krama alus, ingkang kedah kinurmatan kanthi basa krama alus inggih punika
manawi matur dhateng;
a. Bapak ibu guru,
b. Karyawan, satpam, bapak ibu kantin,
c. Dhayoh saking njawi,
2. Ngginakaken basa ngoko alus, basa ngoko alus saged kaginakaken dhateng kakang utawi
mbakyu kelas;
3. Ngginakaken basa ngoko, basa ngoko saged kaginakaken dhateng kanca sekelas utawi adhi
kelasipun.

B. Tuladha I. Cak - cakaning Unggah-ungguh Ing Pawiyatan/sekolahan

Mira, salah satunggaling mahasiswa asli saking Lampung, piyambakipun mahasiswa ingkang
saweg ngawontenaken panalitèn ing Ngayogyakarta, tindak dhateng salah satunggalipun SMA ing
Ngayogyakarta, caos palapuran dhumateng kepala sekolah, isining rembag badhé nyuwun idi
ngawontenaken panalitèn. Sasampunipun pirsa ancas lan punapa ingkang dados kersanipun Mira, Pak
Kepala Sekolah lajeng nepangaken Mira dhateng Pak Slamet ingkang kasuwun dados pambimbing
salebeting ngawontenaken panalitèn.

WIBAWA, Bahan Ajar Bahasa Jawa SMA/MA/SMK Daerah Istimewa Yogyakarta


19
Tuladha 1 ;

Tuladha 2
Sasampunipun Mira Tania pamit mlebet pak satpam 1, lajeng gèdhèg – gèdhèg piyambak, kancanipun
sesami satpam lajeng pitakèn.

Tuladha3
Mira banjur tumuju kantor Kepala Sekolah, sasampunipun kepareng lenggah ing ruang tengga :

WIBAWA, Bahan Ajar Bahasa Jawa SMA/MA/SMK Daerah Istimewa Yogyakarta


20
 Undha – usuk basa Jawa ing bebrayan ageng (masarakat)
Kados ingkang sampun kasebating inggil punika, ing bebrayan ageng kedahipun
dipunkulinakaken ngginakaken basa krama alus, awit bab punika saged damel resep tiyang ingkang
kaajak guneman. Basa krama alus sipatipun luwes, dados ingkang baken samadyaning bebrayan
ageng manawi pinanggih kaliyan tiyang ingkang dèrèng tepang, punapadéné tiyang langkung sepuh
basa krama alus punika saged dipuncakaken.

C. Tuladha II Cak-cakaning Unggah-ungguh Ing Masarakat

MARADHAYOH.

WIBAWA, Bahan Ajar Bahasa Jawa SMA/MA/SMK Daerah Istimewa Yogyakarta


21
PAMITAN

LAYAT

WIBAWA, Bahan Ajar Bahasa Jawa SMA/MA/SMK Daerah Istimewa Yogyakarta


22
NGATURAKEN SERAT SEDHAHAN

WIBAWA, Bahan Ajar Bahasa Jawa SMA/MA/SMK Daerah Istimewa Yogyakarta


23

KAWRUH UKARA

UKARA

Ukara inggih punika reroncéning tembung sawatawis, ingkang dados wedharing


gagasan manungsa, awujud katrangan, pitakén, panyuwun, utawi bab sanésipun
malih. Umpaminipun mekaten:
 Rama lan ibu saweg tindak-tindak
 Punapa ingkang putra sampun dhangan gerahipun?
 Poma, dipunngatos-atos tindak panjenengan.
 Laré-Laré boten kepareng adus wonten lèpèn.
Ukara punika kadadosan saking kalih pérangan ageng, inggih punika ingkang
dipunwastani: jejer saha wasésa.
Ananging bab punika badhé karembag ing bab sanès.
Wonten salah satunggaling ukara namung kadadosan saking kalih tembung utawi
tigang tembung, saha boten awujud jejer utawi wasésa. Wondéné sampun saged dados
wedharipun gagasaning manungsa.
Tuladha:
 Sardi!
 Mangan?
Tembung Sardi utawi Mangan punika inggih dipunwastani ukara, namung kemawon
boten jangkep. Wondéné jangkepipun inggih punika gadah jejer utawai wasésa
umpaminipun kados mekaten:

WIBAWA, Bahan Ajar Bahasa Jawa SMA/MA/SMK Daerah Istimewa Yogyakarta


24
Tuladha:
 Sardi mréné!
 Apa Mimi arep mangan saiki?
Ing ngandhap punika badhe kababar kados pundi andharanipun ukara, dipuntingali
saking pinten-pinten bab. Menawi ukara dipuntingali saking wasésa mawon,
dipunbedakaken dados kalih bab, inggih punika:
1. Ukara wasesa Kriya
2. Ukara wasesa sanés kriya
Menawi dipuntingali saking tumanduking jejer dhateng wasésa saha jejer dhateng
lésan utawi katrangan sanesipun, ukara punika kapérang dados :
1. Ukara tanduk
2. Ukara tanggap
Kosok wangsulipun menawi dipuntingali saking pandhapuking ukara, ukara punika
kapérang daos tiga, inggih punika:
1. Ukara ganep utawi ukara lamba
2. Ukara boten ganep
3. Ukara camboran
Nanging menawi namung ningali saking wedharing gagasan utawi suraos kémawon,
ukara kapérang dados wolu, inggih punika:
1. Ukara Cariyos
2. Ukara Pitakén
3. Ukara Pakon
4. Ukara Pangajak
5. Ukara Panyuwun
6. Ukara Pangajeng-Ajeng
7. Ukara Prajanjén
8. Ukara Upami

WIBAWA, Bahan Ajar Bahasa Jawa SMA/MA/SMK Daerah Istimewa Yogyakarta


25
WULANGAN

Kompetensi Dasar

Melagukan dan Memahami ajaran moral


tembang macapat Asmaradana dan Megatuh Materi Pokok: Tembang Macapat

A. Kawaosa kanthi permati!

MACAPAT
Tembang/sekar inggih punika reriptan utawi dhapukaning basa mawi paugeran
tartamtu(gumathok) ingkang pamaosipun kedah dipunlagokaken nganggé kagunan swanten
(Padmosoekotjo,1960: 25). Macapat punika sekar tradhisional ing tlatah Jawa. Macapat ugi
wonten ing kabudayan Bali, Madura, saha Sunda. Menawi dipuntingali saking kérata basa,
macapat punika tegesipun maca papat-papat. Maosipun sekar macapat pancèn wonten ingkang
rinakit saben sekawan wanda (suku kata). Nanging boten sedaya gatra sekar macapat saged
kawaos papat-papat.
Sekar punika kinten-kinten tembé kémawon wonten ing pungkasaning jaman Majapait
saha wiwitan wali sanga nyepeng kuwasa. Nanging punika ugi dèrèng mesthi, amargi boten
wonten ingkang gathuk saged mesthèkaken. Macapat kathah dipunanggé ing sapérangan
Sastra Jawa Tengahan lan Sastra Jawa Énggal. Menawi dipunsandhingaken kaliyan Kakawin,
paugeran-paugeran utawi metrum ing sekar macapat langkung gampil. Kitab-kitab jaman
Mataram ènggal, kados déné Wédhatama, Wulangrèh, Serat Wirid Hidayat Jati, Kalatidha, saha
sanès-sanèsipun dipunrakit nganggé sekar macapat. Paugeran-paugeran punika wonten ing:
• Guru gatra: cacahipun wilangan larik/gatra saben sapada (basa Indonesia: bait).
• Guru wilangan: cacahipun wilangan wanda (Indonesia: suku kata) saben sagatra.
• Guru lagu: dhawahipun swanten wonten ing pungkasaning gatra.
Panyekaring tembang macapat punika tamtunipun kedah kaselarasaken kaliyan titilaras
(notasi), laras, saha pathetipun gamelan. Déné urut-urutanipun sekar macapat punika sami
kaliyan lampahing manungsa saking jabang bayi abang dumugi tumekaning pejah.
 Maskumambang. Gambaranipun jabang bayi ingkang taksih wonten ing kandhutan
ibunipun, dèrèng kawruhan jaler utawi èstri. Mas tegesipun dèrèng ningali kakung
utawi èstri, kumambang tegesipun gesang ngambang wonten ing kandhutan ibunipun.
 Mijil. tegesipun sampun miyos saha cetha kakung utawi èstri.
 Sinom. Tegesipun kanoman, minangka kalodhangan ingkang paling wigatos
kanggénipun tiyang anom supados saged ngangsu kawruh sakathah-kathahipun.

WIBAWA, Bahan Ajar Bahasa Jawa SMA/MA/SMK Daerah Istimewa Yogyakarta


26
 Kinanthi. Saking tembung kanthi utawi tuntun ingkang tegesipun dipuntuntun supados
saged mlampah ngambah panguripan ing alam donya.
 Asmaradana. Ateges raos tresna, tresnanipun jalèr dhateng pawèstri utawi kosok
wangsulipun ingkang sedaya wau sampun dados kodrat Illahi.
 Gambuh. Saking tembung jumbuh/sarujuk ingkang ateges bilih sampun jumbuh/
sarujuk lajeng dipungathukaken antawisipun kakung saha èstri ingkang sami-sami
gadhah raos tresna kala wau, ing pangangkah supados sageda gesang bebrayan.
 Dhandhanggula. Nggambaraken gesangipun tiyang ingkang saweg remen, punapa
ingkang dipungayuh saged kasembadan. Kelampahan gadhah sisihan/kulawarga,
gadhah putra, gesang cekap kanggé sakulawarga. Pramila punika tiyang ingkang saweg
bingah / bombong pénggalihipun, saged dipungambaraken kanthi sekar
dhandhanggula.
 Durma. Saking tembung darma/wèwèh. Tiyang bilih sampun rumaos kacukupan
gesangipun, salajengipun tuwuh raos welas asih dhateng kadang mitra sanèsipun
ingkang saweg nandhang kekirangan, pramila lajeng tuwuh raos kekajengan
darma/wèwèh dhateng sesami. Sedaya wau dipunsengkuyung ugi saking
piwulangipun agami saha watak sosialipun manungsa.
 Pangkur. Saking tembung mungkur ingkang tegesipun nyingkiri hawa nepsu angkara
murka, ingkang dipunpenggalih kekajengan tansah wèwèh dhateng sesami.
 Megatruh. Saking tembung megat ruh utawi pegat ruhipun/nyawanipun, awit sampun
titi wancinipun katimbalan marak sowan dhateng Sang Maha Kawasa.
 Pocung. Bilih sampun dados layon/mayit lajeng dipunwungkus mori pethak utawi
dipunpocong sadèrèngipun kasarèkaken. (Kapethik saking warni-warni sumber).

Saged ugi kababar kados makaten:


Manungsa lair ing ngalam donya medal saking guwa garba (Mijil), nalika taksih alit
kedah dipuntuntun utawi dipunkanthi (Kinanthi), bilih sampun mudha taruna (Sinom),
gadhah raos tresna utawi paring katresnan marang tiyang sanès (Asmaradana). Ingkang
saweg nandhang asmara swasananipun katingal éndah saha manis (Dhandhanggula).
Sasampunipun mengku kulawarga kedah mangertos (Gambuh) marang prakaraning gesang.
Menawi sampun sepuh gesang bakal ngambang (Maskumambang) menggalih donya saha
akhérat. Tambah yuswa sansaya mundur (Durma) mungkur ing kadonyan (Pangkur) ngadhepi
akhérat mula gentur ngibadah. Sasampunipun pejah ateges pegat ruhipun (Megatruh). Banjur
dipunbuntel utawi dipunpocong (Pocung).

A. Paugeran Tembang Macapat


No Tembang Guru gatra Guru wilangan Guru lagu

1 Maskumambang 4 12, 6, 8, 8 i, a, i, a

2 Pucung 4 12, 6, 8, 12 u, a, i, a

3 Kinanthi 6 8, 8, 8, 8, 8, 8 u, i, a, i, a, i

4 Asmaradana 7 8, 8, 8, 8, 7, 8, 8 i, a, e, a, a, u, a

WIBAWA, Bahan Ajar Bahasa Jawa SMA/MA/SMK Daerah Istimewa Yogyakarta


27
5 Pangkur 7 8, 11, 8, 7, 12, 8, 8 a, i, u, a, u, a, i

6 Durma 7 12, 7, 6, 7, 8, 5, 7 a, i, a, a, i, a, i,

7 Mijil 6 10, 6, 10,10,6,6 i, o, e, i, i, u

8 Gambuh 5 7, 10, 12, 8, 8 u, u, i, u, o

9 Sinom 9 8, 8, 8, 8, 7, 8, 7, 8, 12 a, i, a, i, i, u, a, i, a

10 Megatruh 5 12, 8, 8, 8, 8 u, i, u, i, o

11 Dhandhanggula 10 10, 10, 8, 7, 9, 7, 6, 8, 12, 7 i, a, e, u, i, a, u, a, i, a


(Saking pinten-pinten sumber kanthi éwah-éwahan sawetawis)

B. Watak Sekar Macapat

No. NamaTembang Watak lan Panganggénipun


Wedaling raos, mituturi, kanggé medharaken bukaning cariyos
1. Mijil
utawi mangayu bagya
2. Kinanthi Awatak seneng tresna lan asih
3. Sinom Awatak grapyak, renyah lan sumanak
4. Asmaradana Awatak sedhih, sengsem, prihatin
5. Dhandhanggula Kèwes, luwes lan resep
6. Gambuh Awatak wani wanuh, kulina lan raket
7. Maskumambang Awatak nalangsa, kanggé medharaken raos prihatin
8. Durma Awatak galak, nantang, nesu lan muntab
9. Pangkur Awatak sereng, kejem lan nantang
10. Megatruh Awatak sedhih, kanggé medharaken raos memelas, getun, prihatin
11. Pocung Awatak kendho tanpa greget, kanggé medharaken, lan sembranan

C. Sasmita ing Sekar Macapat


1. Mijil : Wijil, mijil metu, miyos.
2. Sinom : Srinata, roning kamal, kanoman, ngenomi, anom, taruna
3. Kinanthi : Kinanthi, kekanthen, gandheng, ginandheng, kanthi.
4. Asmaradana : Kasmaran, asmara, brangti, brangta, kingkin, wuyung.
5. Dhandhanggula : Sarkara, manis, memanisé, artati, dhandhang.
6. Pangkur : Wuri, mungkur, wuntat, yuda kenaka.
7. Durma : Mundur, ngunduri, durmaka, durcala.
8. Pocung : Kaluwak, pocung, wohing pocung
9. Gambuh : Nggambuh, tambuh, tumambuh.
10. Megatruh : Pegat, duduk, anduduk.
11. Maskumambang : Kumambang, kéntir, timbul.
(Kapethiksakingwarni-warnisumber)

WIBAWA, Bahan Ajar Bahasa Jawa SMA/MA/SMK Daerah Istimewa Yogyakarta


28
D. Mangsuli Pitakon

Kawangsulana pitakèn ingandhap punika kanthi basa ingkang becik!


1. Punapa ingkang dipunwastani sekar macapat punika?
2. Kados pundi paugeraning sekar macapat punika?
3. Punapa ingkang dipunwastani guru gatra, guru wilangan, saha guru lagu?
4. Jinising sekar macapat punika punapa kemawon?
5. Punapa ingkang dipunwastani laras saha pathet?

D. Praktik Nembang Macapat

Gamelan Jawa punika gadhah gatra-gatra pentatonis lan gadhah kalih laras, inggih
punika laras sléndro lan laras pélog. Laras sléndro gadhah urutan gatra-gatra 1 2 3 5 6
(ji ro lu ma nem). Urutan laras pélog ngemot gatra-gatra 1 2 3 4 5 6 7 (ji ro lu pat ma
nem pi). Laras Sléndro gadhah pathet cacahipun tiga, inggih punika pathet nem,
pethet sanga, lan manyura. Laras pélog ugi gadhah pathet cacahipun tiga inggih
punika pathet bem, pathet nem, lan pathet barang. Cakepan inggih punika syair,
tetembungan ingkang dipunanggé ing tembang.
1. Ingkang prelu dipungatosaken kanggé nyinau praktik nyekar inggih punika:
a. jangga dipuntarik ingkang jejeg, boten ndhungkluk,
b. vokal kedah ingkang los (las-lasan, cetha, prasaja anggènipun nyekar), boten
dipundamel-damel
c. menawi pinuju nyekar, napas dhadha saha padharan prelu dipuntata
d. langkung prayogi lenggah sila tumpang, boten ngadeg. (Kaundhuh saking
blog.uny.ac.id/.../PERANGAN-VII.-SEKAR-SAHA-LAGU)
e. Laras punika raos thinthinganipun swanten andhap ngantos swanten inggil.
f. Titi laras punika angka minangka gentosipun laras (swanten andhap dumugi
swanten inggil).
g. Pathet punika ukuran andhap lan inggilipun swanten kanggé nglagokaken
tembang
h. Céngkok inggih punika lak–luking swanten kanggé nglagokaken tembang.
i. Wilet punika variasi titi laras ing pangolahing céngkok
2. Ingkang winastan “Lagu Winengku Sastra”
a. Lagu lan céngkok prasaja.
b. Wiletan paling kathah migunakaken tigang nada
c. Artikulasi (kedal) kedah wijang (cetha)
d. Teknik napas trep cakepanipun
e. Boten pareng munggel tembung
f. Laras kedah trep
g. Mendhet nada kanthi trep (Darsono, 2002)

WIBAWA, Bahan Ajar Bahasa Jawa SMA/MA/SMK Daerah Istimewa Yogyakarta


29
GLADHEN

I. Kasekarna sekar macapat megatruh punika!

Megatruh “Ngaras Pada” Laras Pélog Pathet Barang

7 @ @ @ @ @ # 5 6 7 7 z c6 7
z .
x c@
tu- hu tres-na nying-kir- i sa-gung pe- pa- cuh

@ @ @ # @ 7 z6c7 6 z x.c5
tan-sah tu- min- dak kang be- cik

2 z3c5 5 5 6 7 5 z x.6
x c5 z 2
3 c
tu- mrap-ing be- bra- yan a- gung

2 2 2 2 3 z x.c6
5 z2cu 2z x.x3x2cu
tu-man-duk- é mring se- sa- mi

3 5 5 5 6 7 5 z x.x65
c z c2
3
tan su- ka a- da- mel a- won

Asmaradana “Padha Tresna”


Laras Pelog Pathet Barang

@ @ @ # @ 7 6 7
la- mun ar- sa pa- la- kra- mi

5 6 6 6 7 5 6 z c5 3
tu- mrap- ing ja- lu wa- ni- ta

u 2 2 2 3 5 z x.c6 z2cu 2
z x.x3x2cu
a- ywa ning- gal u- ger- an- e

6 7 @ @ z x.c# 6 7 5 6 z x.x5c3
we- wa- rah- e pa- ra leb- da

u 2 2 2 2 3 z c2 u
z cy
jang- ka o- lah be- bra- yan

5 6 7 5 z x.c6 3 2 z3c2 u
no- ra be- cik gru- sa – gru- su

u 2 3 z5x.c6 3 2 z2x.x3c2 zucy


pa- ko- leh- e bi- sa pre- nah

WIBAWA, Bahan Ajar Bahasa Jawa SMA/MA/SMK Daerah Istimewa Yogyakarta


30
II. Pitakènan-pitakènan punika kawangsulana kanthi leres!

1. Punapa tegesipun tembung-tembung ingkang kaginakaken ing sekar megatruh ing inggil!
Tuladha:
pertiwi : lemah
tumanduk : tanduk+√um = kagem
2. Kadamela gancaranipun sekar megatruh ing inggil!
3. Piwulang punapa kemawon ingkang saged kapanggihaken wonten ing sekar megatruh ing
inggil!

III. Kawangsulana pitakènan punika kanthi wangsulan ingkang ringkes!


1. Tiyang nembé lair kagambaraken kanthi tembang …
2. Menawi sampun lair, dipuntétah, dipungandhèng, dipungéndhong kagambaraken kanthi
tembang …
3. Laré saya ageng dados rumaja utawi anèm kagambaraken kanthi tembang …
4. Para rumaja (mudha-mudhi) sami tuwuh raos tresna kagambaraken kanthi tembang …
5. Rumaja ingkang nandhang asmara punika seneng, èndah, manis, kagambaraken kanthi
tembang …
6. Menawi sampun palakrama gesang ingkang manunggil kaliyan garwa tegesipun ayem
tentrem sagarwa putra tembangipun inggih punika … tegesipun manunggal utawi cocog.
7. Saya dangu saya sepuh, raos kumambang antawisipun gesang ing donya lan akhérat.
Tiyang lajeng mangertos manawi donya punika dados lantaraning gesang ing akhérat
tembangipun, inggih punika….
8. Sasampunipun mangertos lajeng ngrumaosi wigatosipun pados sanguning séda, mundur
saking kadonyan tembangipun, inggih punika….
9. Saya sepuh lajeng ngungkuraken ing kadonyan kanggé nyamektakaken (siap-siap)
menawi sawanci-wanci kapundhut ingkang Maha Kuwasa tembangipun, inggih
punika….
10. Nyawa utawi ruhipun medal saking raga tembangipun, inggih punika….
11. Menawi sampun séda lajeng dipunbuntel, namanipun dipunpocongtembangipun, inggih
punika….

WIBAWA, Bahan Ajar Bahasa Jawa SMA/MA/SMK Daerah Istimewa Yogyakarta


31
Nyekar Macapat

Asmaradana “Andon Tresna”


Laras Slendro Pathet Sanga Megatruh “Bekti Asih” Laras Pelog Pathet Bem

@ @ @ @ 6 6 z c6 5
! 3 5 5 z6x.c! ! @ @ @ z@c! z6x.x!x@c# ! z@x.x!c6
wus da- dya kar- sa Hyang Wi- dhi kang ka- ping tri tres- na mring na - ga- ri- ni- pun
6 6 z!x6c5 2 1 2 y z c1 1
tu- man- duk pa- ra ka- wu- la 3 5 5 5 5 5 z6c5 3
bek- ti mring I- bu Per- ti- wi
! @ ! 6 z c! 5 5 z5x.x6c5 z3c2
tu- mrap ja- lu pa- wes- tri- ne
3 2 3 1 2 3 z6x.x5c3 z2c1
2 2 1 1 y 2 z3c2 1 In - do- ne- si- a ka - lang - kung
la- mun te- ka ti- ti mang- sa
5 6 6 6 z6c5 z3x.x5c6 z2c3 z1x.x2x1cy
y 1 2 1 y 1 z cy t
jem- bar su- bur a - ngu- rip - i
pa- dha an- don as- ma- ra

t y 1 2 3 5 2 z x.x3c2 z cy
1 y 1 2 2 3 1 zyx.x1c2 2
tu- mu- ju be- bra- yan a- gung ya ing ko - no pa - pan nga - yom
5 5 3 z c2 3
z c5 1 1 z2c1 y z ct
mu- rih ge- sang ba- gya mul- ya

Gladhen

1. Kaandharaken paugeraning/mètrum tembang macapat asmarandana ing inggil!


2. Kaandharaken isining sekar macapat asmarandana ing inggil!

Gladhen

1. Kadamelsekarmacapatasmarandanakanthimigunakakenpaugeraningtembangmacapatkados
ta guru gatra, guru wilangansaha guru lagu!
2. Sekarmacapatingkangsampundipundamelsalajengipunkasekarakeningsangajengipunkelas!

WIBAWA, Bahan Ajar Bahasa Jawa SMA/MA/SMK Daerah Istimewa Yogyakarta


32
KAWRUH TEMBUNG

b. Tembung Tanduk
Wonten sawetawis tembung menawi dados wasésa boten prelu dipunparingi
wuwuhan, awit sampun mratélakaken padamelan, kadosta: linggih, adus, tangi,
gawe, jegang, udud, lsp. Tembung-tembung ingkang kados makaten punika
namanipun tembung kriya lingga.
Tuladhanipun: Bubar adus, banjur dandan.
Wis jam sanga adhiku durung tangi.
Sasanesipun tembung kriya lingga, sawenèhipun tembung dados saged
mratélakaken kriya, kedah dipunwuwuhi ater-ater hanuswara. Ater-ater hanuswara
wujudipun wonten 4 werni inggih punika: ny, m, ng, n.
Tuladhanipun: ny + cukur = nyukur
m + pacul = macul
ng + gambar = nggambar
n + tulis = nulis
Tembung tanduk wonten werni 3, inggih punika:
- ingkang tanpa panambang punika kasebat tanduk wantah utawi tembung
tanduk kriya wantah. Tuladhanipun: nggawa, nyangking, mépé, nulis.
- ingkang kanthi panambang -i kasebat tanduk -i utawi tanduk -i kriya.
Tuladhanipun: nulisi, nggawani, mèpèni, nyaponi.
- ingkang kanthi panambang -aké kasebat tanduk ké utawi tanduk -ké kriya.
Tuladhanipun: nulisaké, nggawakaké, mèpèkaké

WIBAWA, Bahan Ajar Bahasa Jawa SMA/MA/SMK Daerah Istimewa Yogyakarta


33
WULANGAN

Kompetensi Dasar

Memahami dan menanggapi berita yang


dibacakan atau melalui berbagai media Materi Pokok: Pawartos Basa Jawi

A. Kawaosa kanthi permati!

PAWARTOS BASA JAWA


Tegesipun Pawartos (Pawartos)
 Pawartos inggih punika kabar ngèngingi kadadosan ingkang sampun kelampahan,
saged awujud cetak, elektronik, utawi lisan
 Tegesipun pawartos radio inggih punika minangka palaporan arupi fakta lan opini,
ingkang ngemot suraos pawartos, wigati, lan ndudut kawigatosan tiyang kathah, lan
kabiwaraaken kanthi ajeg ing media radio. Pawartos radio ngrembag prakawis ingkang
nembé kalampahan, lan kados pundi kadadosan punika saged kalampahan.
 Titikanipun pawartos radio, inggih punika énggal, wigati, jumbuh, pangaribawaning
raos, satléraman, rinci, lan luwes. (Masduki, 2001:10)
 Nilai (ajining) pawartos ngemot wolung unsur, inggih punika:
 dredah/konflik,
 kemajengan,
 wigati,
 caket raos pangraos
 jarak géografis,
 wigati,
 raos kamanungsan,
 merbawani. (www.infojawa.org,2005:2-3)

 Sipat ing pawartos kapantha pawartos ingkang saged dipunbatang/dipunmangertosi


lan pawartos boten kanyana-nyana.

WIBAWA, Bahan Ajar Bahasa Jawa SMA/MA/SMK Daerah Istimewa Yogyakarta


34
 Adhedhasar wosipun pawartos, pawartos dipunpantha inggih punika:
a. pawartos medhar gagasan, idé utawi gagasan
b. pawartos ékonomi
c. pawartos politik
d. pawartos panglipur ,lan sapanunggilanipun
 Tegesipun ngéngingi klasifikasi pawartos saèstu wigatostumrap sadaya réporter, èditor,
para pangrancang, lan konsultan mèdia amargi saged dados pijakan dasar ing prosès
pangrancang, pangliput, panyeratan, palaporan, kacetak, pambiwaranipu pawartos.
(Masduki,2001:12-14).
 Wujudipun pawartos radio inggih punika: pawartos ingkang kaserat, pawartos cekak
saking sumber mèdia sanès lajeng kaserat malih. Liputan rèporter ingkang tèksipun
dipunolah ing studio. Pawartos seselan, pawartos ingkang dipunseseli pamanggih
saking narasumber. Pawartos enggal, pawartos utawi palaporan jurnalistik ingkang
gadhah sipat wigati, pawartos kababar saking palapuran langsung lumantar telepon,
buletin pawartos, gabungan pawartos-pawartos cekak ingkang kagiyaraken ing situs
tertamtu. Jurnalisme interaktif, pawartos ingkang dipunsengkuyung dèning masyarakat,
tuladhanipun wawancara masyarakat nganggè telepon utawi pawartos ingkang
andhapuk masyarakat minangka subjèk palapor utawi saksi dadakan (reporter dadakan).
 Hard news, inggih punika pawartos enggal saha wigati ingkang nembè mawon
kalampahan. Pawartos enggal mratélaaken bab konflik ingkang damel
pangaribawaning raos kadosta pawartos paprangan, gara-gara/ ontran-ontran.
 Soft news, inggih punika pawartos ingkang sipatipun palapuran kadadosan tanpa
kaiket wekdal, langkung nengenaken aspèk kamanungsan, tindak-tanduk, saha papan
panggènan ingkang narik kawigatosan. Soft news saged ngemot kedadosan/lelampahan
ajeg, kadosta pawartos seminar, ritual budaya, wisudhan/pelantikan pejabat.
 Indepht news, inggih punika pawartos ingkang suraosipun sakalangkung lebet, saged
wujudaken kanthi wujud feature, nanging saged ugi pawartos seselan kanthi sarat,
suraosipun ngemu lampahing panaliten dateng satunggalipun kadadosan/lelampahan.
 Sumber pawartos kapantha dados kalih:
a. primèr/langsung, kanthi ngutus reporter kanggè pados pawartos lelampahan ing
madyaning masyarakat, kanthi wawancara.
b. sekunder/boten langsung, saged kaundhuh ing: (a) mèdia cetak (kalawarti lan
ariwarti), (b) media elèktronik (televisi, internet), (c) giyaran pawartos saking
pamarintah/swasta, (d) network/jaringan mawi kantor pawartos, (e) masyarakat.
(Masduki,2001:14-15)
 Ciri-ciri pawartos.
a. Aktual : tansah wonten pawartos énggal
b. Faktual : pawartos ingkang trep kaliyan kedadosan saéstunipun.
c. Objektif : pawartos ingkang kaaturaken kanthi adil.
d. Publisitas : katujokaken kagem masyarakat umum

B. Maos Teks Pawartos

1. Ingkang kedah dipungatosaken rikala maos pawartos inggih punika:


a) intonasi kedah pas (nggatosaken koma saha titik, ugi tandha sanèsipun);

WIBAWA, Bahan Ajar Bahasa Jawa SMA/MA/SMK Daerah Istimewa Yogyakarta


35
b) pakecapan trep kaliyan artikulasipun;
c) volume utawi lirih soraning swanten kajumbuhaken kaliyan kahanan;
d) sasaged-sagedipun nyingkiri dhialek, kajawi kanggé pawartos ing TV lokal.
e) paningalipun sasaged-sagedipun katujokaken dhateng pamirsa
f) Wicaranipun utawi pangucapipun:
 Andhap inggil pocapan: tembung, ukara (intonasi/ketepatan nada)
 Nganggé sela (durasi/pemenggalan)
 Cepet-alonipun anggenipun micara (tempo/cepat-alon)
 Nggatosaken tembung-tembung ingkang wigati tumrap surasaning pawartos
(aksentuasi/tepat penekanan)
 Bener lan pener anggenipun ngucapaken konsonan, pakecapan, tembung
andhahan, ukara pakon/pitakonan, lan sapanunggilanipun kasebat
artikulasi.
g) Wirasanipun (capability)
 Nedahaken minangka paraga ingkang pinter, mumpuni ing kawruh
 Mangertosi swasana
 Pamaosipun cetha, boten grusa-grusu
 Mangertosi surasaning pawartos
 Mangertosi paramasastra
h) Wiraganipun utawi polatanipun
 Sumèh
 Asring mèsem
 Sumanak, nyumadulur
 Resep
2. Sawetawis bab ingkang nyengkuyung pamaosipun pawartos:
a) Tulus ikhlas
b) Sumanak
c) Sumringah
d) Anteb lan manteb
e) Pitados dhateng dhiri pribadi
f) gadhah wawasan wiyar
g) anggenipun wicanten prasaja
h) Samekta ing samubarang
i) Maragakaken kanthi bungah, sumringah, trep (boten amargi kepeksa)
j) Mangertos wancinipun miwiti maos
k) Mungkasi kanthi alon lan antebing tetembungan
3. Sawetawis bab ingkang boten perlu dipuntindakaken nalika maos pawartos:
a) Gugup
b) Gumunggung, kemaki
c) Ajrih lepat
d) Katungkul maos
4. Panyeratan tanda waosan ing naskah pawartos. tanda waosan naskah pawartos radio, inggih
punika tanda koma ( , ) dipungantos ( / ). Tanda titik ( . ) kagantos tanda (//). Menawi
pungkasaning naskah berita migunaaken tanda (///) angka lan cekakan.
(Kapethik saking warni-warni sumber)

WIBAWA, Bahan Ajar Bahasa Jawa SMA/MA/SMK Daerah Istimewa Yogyakarta


36
C Tuladha Teks Pawartos

Judul (Irah-irahan): Dhaharan Tradisional wiwit Langka


Dinten/Tgl/Jdl/Gambar: Rebo/9 September 2015/ Dhaharan Tradisional ing Kantin Sekolah

Opening (Pambuka)
Sugeng siyang pamirsa /
Pepanggihan malih kaliyan kula Salma Latifa/saha kanca kula Utami Dwi Suryaningputri/Ing
Pawartos Wibawa// Edisi Rebo/ sanga Sèptèmber/ kalih èwu gangsal welas//
Kagem ngaturaken pawartos/ ingkang paling aktual/ tajem/ lan pinitados// ingkang
dipunrangkum dening tim redaksi/ Pawartos Wibawa //
Content(Isi)
Pawartos 1: Orator
Dhaharan tradisional ing Sekolah-sekolah Yogyakarta/ sakedhik mbaka sakedhik wiwit
kagusur dening dhaharan modhèren//Para bakul dhaharan tradisional ing peken wiwit
langka/Ibu Suparti minangka juragan dhaharan tradisional ing Kitha Yogyakarta/ wiwit
nyuda produksi dhaharan tradisionalipun amargi sudaning pamundhutan saking para bakul
dhaharan tradisional ing wanci sapunika//Para bakul dhaharan tradisional sapunika
/kanggénuruti panyuwunan pasar/ wiwit ewah dados bakulan dhaharan modhèren kadosta
sawernaning roti basah///

Tayangan ing Kantin SMA Merdeka


NARASI PAWARTOS 1
Ibu Suparti minangka juragan dhaharan tradisional/ wiwit tahun 1980 sampun damel manéka
dhaharan tradisional// Dhaharan tradisional produksi Ibu Suparti/ugi dipuntitip-titipaken
wonten ing kantin sekolah-sekolah// Ananging produksi dhaharan tradisional Ibu Suparti
sangsaya dangu sangsaya kirang pandhemenipun/mliginipun laré sekolah/amargi laré
sekolah langkung remen dhaharanmodhèren// Ngayogyakarta minangka kitha pendidikan lan
pariwisata gadhah kathah sanget dhaharan
tradhisional/tuladhanipungathot/thiwul/kipo/kembangwaru/cenil/geblèk/gathot/mentho/
growol/srabi kocor/lapis/sagon/kicak lansapanunggilanipun// Estunipun dhaharan
tradhisional saking Ngayogyakarta punika kathah makna lan filosofi/ dhaharan tradhisional
ugi séhat amargi boten migunakaken pengawèt//Kathah dhaharan tradhisional
Ngayogyakarta ingkang migunakaken ketos/ filosofinipun ketos punika kelèt /dados
pangajeng-ajengipun saged ngraketaken pasedhèrèkan// Tuladhanipun lemper/ wajik/
jadah/ kembang waru/legamara/kipo, yangko/semar mendem/ klepon/ kicak lan
sapanunggilpun// Lajeng Kembang waru/wonten warni wolu ing kembang waru/ ingkang
gadhah makna wolung margi utama/inggih punika baskara/ lintang /candra / mega/kisma/
tirta /samudra/saha maruta// Tiyang ingkang dhahar kembang waru pralampitanipun saged
ndherek ngamalaken wolung margi utama//Tuladhanipun lambang lintang saged kanggé
panuntun/méga saged pangiyup nutupi saking benter/tirta kanggé panggesangan/kisma
kanggé palenggahan/baskara kangge pepajar/candra kanggé pangayoman/samodra kanggé
pangupajiwa lan maruta kanggé reresik reregedan///

Para pamirsa, makaten pawartos basa Jawa ingkang saged kaaturaken ing sonten punika/
mugi wilujeng ingkang sami pinanggih// Nuwun///

WIBAWA, Bahan Ajar Bahasa Jawa SMA/MA/SMK Daerah Istimewa Yogyakarta


37
Tayangan Pemanggih (Pernyataan) Narasumber 1
Ananging sapunika dhaharan tradhisional punika sampun awis kapanggihaken ing peken/
amargi kathah tiyang mliginipun kawula mudha punika langkung remen fast food/junk food
(dhaharan saking mancanagari)///

Tayangan Pemanggih (Pernyataan) Narasumber 2


sanèsipun samenika sampun boten kathah tiyang ingkang saged damel dhaharan
tradhisional///

Pawartos 2:
Gudheg, dhaharan khas Ngayogyakarta punika kathah pandhemenipun/ inggih punika
masyarakat umum kalebet ugi para priyagung amargi raosipun ingkang khas// Gudheg
dipundamel saking gori (nangka ingkang tasih anem)/dipunungkep kaliyan ronjati/lajeng
dipungodhog/mbetahaken wekdal radi dangu /kanggé masak gudheg//Lajeng warni soklat
gudheg /limrahipun dipunasilaken saking ron jati ingkang dipunmasak sesarengan gori///

Tayangan ing Warung Gudheg Lestari

Gudheg jinisipun wonten tiga, ing antawisipun:


1. Gudheg garing/inggih punika gudheg ingkang dipuncawisaken nganggé arèh
kenthel//
2. Gudheg teles/inggih punika gudheg ingkang dipuncawisaken nganggé areh èncèr//
3. Gudheg Sala/inggih punika gudheg ingkang arèhipun werni pethak//

Gudheg limrahipun dipuncawisaken kanthi nganggé tigan pindhang/tempé bacem/ tahu


bacem/sambel gorèng krècèk/utawi ugi wonten ingkang dipunsukani opor ayam// Wadhah
kanggé madhahi gudheg ugi maneka warni/ antawisipun tampah alit saking deling/ ron
pisang ingkang dipunéntho (pincuk)/ wadhah kendhil utawi lancaran///

Tayangan Pemanggih (Pernyataan) Narasumber 1


Sapunika gudheg kathah dipunpanggihaken wonten ing peken utawi warung/ langkung-
langkung ing tlatah Wijilan Yogyakarta///

Tayangan Pemanggih (Pernyataan) Narasumber 2


Amargi punika prayogi kalestariaken dhaharan gudheg punika// Mliginipun saged kagem
oleh-oleh/ utawi pènget tumrapipun dhaharan khas ing tlatah Kasultanan Ngayogyakarta///

Closing (Panutup)
Tayangan pawartos bab gudheg kalawau/ ugi minangka pepisahan pepanggihan kula saha
panjenengan sadaya ing siyang punika/ Kula Salma Latifa/ lan kanca kula Utami Dwi
Suryaningputri/ sesarengan kaliyan kanca-kanca tim/ ingkang kapiji/kepareng nyuwun
pamit/ saking méja redaksi/ Edisi Rebo/ sanga September/ kalih ewu gangsal welas//Sugeng
siyang/Rahayu ingkang samya pinanggih///

WIBAWA, Bahan Ajar Bahasa Jawa SMA/MA/SMK Daerah Istimewa Yogyakarta


38
GLADHEN

I. Tuladha teks pawartos-teks pawartos punika kadamel kadosdene tuladha teks pawartos
“Dhaharan Tradisional wiwit Langka” ing inggil punika!

A. Soal Setunggal

Pawartos Ngayogyakarta Hadiningrat


 Adicara : Pawartos Wibawa
 Judul : Tugu Jogja Primadona Kangge Selfi
 Stasiun Tv : Wibawa TV
 Dinten : Rabu, 09 September 2015
 Wekdal : 19.00 – 19.30 WIB
 Pranata Adicara : Karina Savitri TV-Wibawa

Tugu Yogya wonten ing tengahipun pra sekawan margi. Inggih punika margi AM Sangaji
wonten ler, margi Jénderal Sudirman wonten wétan, margi Pangeran Mangkubumi wonten
kidul lan margi Pangeran Diponegoro wonten kilen. Tugu Yogya punika umuripun sampun
tigang abad. Tugu kadamel nalika jumenengipun Sri Sultan Hamengku Buwana I ngasta
pusaraning praja. Tugu kanggé mèngeti semangatipun rakyat Yogyakarta. Nalika Sultan
lenggah wonten ing Siti Hinggil, Sultan saged mirsani Tugu golong gilig. Tugu golong gilig
pralambang “Manunggaling Kawula Gusti.” Tugu punika salah satunggaling garis imajiner
utawi garis lurus Merapi- Tugu- Keraton Ngayogyakarta Hadiningrat-Panggung Krapyak-
Seganten Kidul.

Warsa 1756, tugu golong gilig inggilipun 25 meter. Golong tegesipun badan kadosta
silinder lan gilig tegesipun bunder kadosta bal wonten ing puncak Tugu. Wonten warsa 1867,
wonten lindhu ageng ingkang njalari Tugu golong gilig ambruk. Lajeng warsa 1889, Walanda
kaliyan Sri Sultan Hamengku Buwana VII yasa Tugu Putih (De Witt Pal) ingkang inggilipun 15
meter.

Warsa 2012, Sri Sultan Hamengku Buwana X dipuncaosi paku emas deningPangarsa
Dinas Kebudayaan Daerah Istiméwa Yogyakarta. Paku emas katancep ing uliran kajeng jati
ingkang umuripun sampun atusan warsa punika kagem nggantos uliran kajeng ingkang
sampun gapuk. (Karina Savitri TV-Wibawa, caos palapuran)

B. Soal Kalih

Jogja TV

Tempat Pembuangan Sampah Akhir, Ngablak, Sitimulyo, Piyungan, Bantul dipunbikak wiwit
taun 1996. Papan ingkang reged lan ngganda kasebat tumraping tetiyang ing sakiwatengenipun
TPA pranyata boten ndadosaken perkawis punapa-punapa, kepara mujudaken papan ingkang
ngrejekèni. Ing wekdal sakawit, sadèrèngipun TPA punika dipunbikak, kawontenan

WIBAWA, Bahan Ajar Bahasa Jawa SMA/MA/SMK Daerah Istimewa Yogyakarta


39
masyarakat ing sakiwatengenipun papan kasebat mrihatosaken. Nanging sasampunipun TPA
dipunbikak, gesangipun warga mbaka sekedhik saya mindhak saé awit ndayakaken uwuh ing
papan punika. Salah satunggaling warga masyarakat Ngablak, Ahyar, ugi nélakaken bilih
sasampunipun TPA Ngablak dipunbikak, kios ban lan tambal banipun ugi saya ramé. Kejawi
punika, warga ing sakiwatengen ugi saged nyambut damel pados rongsokan uwuh menapa
déné ngingah lembu, satemah gesangipun saya mindhak. Para warga ing sakiwatengening TPA
sewaunipun boten mangertos menawi uwuh punika wonten pangaosipun. Sasampunipun
kathah tetiyang saking sajawining rangkah pados rongsok ing papan kasebat, para warga
nembé gumrégah tumut pados rongsok lan pranyata gesangipun ugi saya saé.

(kapundhut saking http://mydiery45.blogspot.com/2012/09/pawartos.html)

Gladhen

A. Negesi Tembung
Tembung ing andhap punikadipunpadosi tegesipun!
1. ngrembaka
2. panyengkuyung
3. jangkep
4. pekiwan
5. sapèrangan
6. mratélakaken
7. bebendu
8. bera
9. cengkar
10. perdondi.

Gladhen

B. Kadamel teks pawartos basa Jawa kanthi miji salah setunggaling tema ing andhap
punika, salajengipun kawaosaken ing ngajeng kelas!
1. Muséum Sanabudaya
2. Jathilan
3. Parangtritis
4. Beksan Angguk
5. Jemparingan Mataraman
6. Batik khas Ngayogyakarta
7. Bedhaya Semang
8. Langen Mandrawanara
9. Bekakak
10. Merapi

WIBAWA, Bahan Ajar Bahasa Jawa SMA/MA/SMK Daerah Istimewa Yogyakarta


40
KAWRUH UKARA

1. UKARA TANDUK SAHA UKARA TANGGAP


Ukara tanduk inggih punika ukara wedharipun gagasan, wondéné ingkang dados
wigatining ukara inggih punika wasésanipun utawi jejeripun.
Wasésa, amargi prelu ngandharaken tandang-tandukipun jejer, solah bawanipun, utawi
patrapipun Jejer, amargi prelu ngandharaken sinten, kang nandukaken pedamelan,
ingkang kasebut ing kriyanipun tembung wasésa.
Pitakon ingkang wangsulanipun mesthi ukara tanduk, migunakaken pitakon:
....................., kénging menapa (siweg menapa)?
Sinten ..................................?
Tuladha: Sudarman Kénging menapa, kok boten medal-medal punika?
Wangsulanipun:
 Sudarman (saweg) dhahar
 Sudarman (saweg) imbah-imabah
 Sudarman (saweg) nyapu
Ukara punika ingkang dipunprelokaken wasésanipun
 Sapa sing mangané klonthéngan kaé?
 Sapa sing nyapu rag-reg neng latar ngarepan kaé?
Wangsulanipun:
 Dhik Mimi ingkang nedhanipun klonthéngan.
 Miyem ingkang nyapu rag-reg ing latar ngajeng punika.
Ukara punika ingkang dados wigatosipun jejer:
Ukara tanggap ugi dados wedharing gagasan, wondéné ingkang dipundamel wigatos
wasésanipun inggih punika ingkang nandhang kriyanipun wasésa. Sarehning dados
underaning pirembagan pramila lenggahipun lésan ing ukara kadamel jejer.
Ukara tanggap punika dados wangsulanipun pitakénan:
Sinten utawi menapa, dipu- (dak, kok)............................................?
Tuladha:
 Sinten Ingkang dipundukani simbah?
 Menapa ingkang dipunsuwun-suwun kanthi adreng?
Wangsulan:
 Adhik Angga Ingkang dipundukani Simbah.
 Tumuruning sih dipunsuwun-suwun kanthi adreng.
Mesthinipun menawi lésanipun sampun katingal sadèrèngipun, namung wasésanipun
mawon ingkang dèrèng, ukara tanggap badhé dados wangsulanipun pitakèn:
...................................dikapakake?
Tuladha: Sidin dikapakake dening Siman?
Wangsulanipun:
 Sidin ditendhang Siman.
 Sidin diwirangake Siman.
 Sidin disenéni Siman.
Ukara tanggap mesthi mawon wasésanipun inggih adhapur rimbag tanggap:
Tuladha:
 laré dipuntuthuk

WIBAWA, Bahan Ajar Bahasa Jawa SMA/MA/SMK Daerah Istimewa Yogyakarta


41
 Gedhang kok dhahar
 Buku dak waos
 Narapraja Tinanggenah lsp.
Cobi kadospundi pakonipun ukara Tanggap? dhapukan limrah saha dhapukan walikan.
Kagatosna ukara-ukara ing andhap punika:
 Bapak/ lenggah wonten ngajengan.
 Tiyang punika/ sampun ngendhap-endhap bebektanipun.
 Saudagar kala wau/ nawakaken daganganipun.
 Adhimu/ ditaboki Simin.
 Laré punika/ sampun dipundukani.
Ukara ing inggil punika ingkang ngajeng dados Jejer wondéné ingkang ingkang wonten
wingking tandha pamedhot punika dados Wasésanipun.
Ukara dhapukan limrah, menawi Jejer wonten ngajeng wondéné wasésanipun wonten
wingking. Kosok wangsulipun dhapukan walikan.
Tuladha:
 Ditaboki Simin/ adhimu mau.
 Lenggah ing ngajengan/ bapak
 Diwirangake Sidin, adhiku.
 Nawakaken dangangan/ Bah Gemuk wau énjing.

WIBAWA, Bahan Ajar Bahasa Jawa SMA/MA/SMK Daerah Istimewa Yogyakarta


42
WULANGAN

Kompetensi Dasar

Memahami geguritan yang dibacakan atau


melalui berbagai media Materi Pokok: Geguritan

A. Kawaosa kanthipermati!

GURITAN

Menawi miturut Subalidinata (1994:45), geguritan inggih punika ranatamaning basa ingkang
mèmper syair (syair Jawa gagrag énggal). Jinisipun Geguritan/Titikanipun geguritan saged
kaperang dados kalih, inggih punika:

1. Geguritan gagrak lawas


Geguritan punika ngginakaken basa Jawa kina lan kapérang wonten ing pupuh–pupuh
tembang, kawengku guru gatra, guru lagu, lan guru wilangan. Geguritan punika ugi
kalebet golonganipun tembang utawi lelagon kang nganggé Purwakanti guru-swara.
Paugeranipun geguritan gagrag lawas inggih punika:
a. Cacahipun gatra boten ajeg, nanging lumrahipun, sakedhikipun wonten sekawan gatra.
b. Cacah wandanipun gatra satunggal lan satunggalipun tetep sami
c. Dhong-dhing utawi guru lagunipun sadaya manggèn wonten wekasanipun gatra runtut
inggih punika nganggé purwakanti guru swara.
d. Sangajengipun ukara (gatra) ingkang kawiwitan nganggé bebuka“sun gegurit” nanging
boten ateges saben pada/bait wonten tembungipun “sun gegurit”. Tembungipun “sun
gegurit” namung wonten inggil piyambak.

tuladha:
Sun gegurit,
Wateké wong kampung jati
Bekti marang yayah wibi
Setya marang sakèh janji

WIBAWA, Bahan Ajar Bahasa Jawa SMA/MA/SMK Daerah Istimewa Yogyakarta


43
2. Geguritan gagrag énggal
Geguritan gagrag énggal ngginakaken basa Jawa jaman sapunika lan dipunserat nganggé
aksara latin, lan sampun ngginakaken kertas/dluwang. Geguritan gagrag énggal boten
kapérang wonten ing pupuh–pupuh tembang lan boten nganggé tembung “sun gegurit”,
sampun boten kawengku guru gatra, guru lagu, lan guru wilangan, pramila jinising
geguritan gagrag énggal punika saged dipunwastani puisi Jawa bebas.

B. Geguritan ingkang saé prayoginipun ngemot unsur-unsur, inggih punika:

1. Kaéndahan
Kaéndahaninpun geguritan kadhapuk lumantar:
a. pamilihing tembung-tembung ingkang mentes, nges, lan pantes.
b. migunakaken leléwaning basa ingkang saged nuwuhaken greget lan raos ingkang kiyat
c. migunakaken purwakanthi ingkang saged mimbuhi kaéndahanipun.
2. Piwulang/Pendidikan
Geguritan kajawi ngemot kaéndahan, ugi ngemot piwulang. Kanthi geguritan, saged suka
patuladhan lan pitutur ingkang saé, sarta migunani kanggé sanguning gesang ing alam
donya.
3. Nuwuhaken raos tresna
Geguritan prayoginipun saged nuwuhaken raos tresna ingkang migunani tumrap
masyarakat, awit lumantar geguritan saged nyuntak gagasan-gagasan tumrap majengipun
nusa lan bangsa. Raos tresna ingkang tuwuh inggih punika raos tresna dhateng sasaminipun
manungsa, dhumateng Gusti Ingkang Kawasa lan dhateng lingkungan.
4. Wetah
Isining geguritan kedah wetah lan nyawiji ing antawisipun pèrangan-pèrangan unsur ing
geguritan, boten saged madeg piyambak-piyambak.

C. Ingkang kedah dipungatosaken rikalanipun maos geguritan:


a. Wicara (basa, pakecapan)
Nalika maos geguritan pocapan kedah cetha, boten groyok, bléro utawi mangu-mangu.
Kedah saged ngucapaken aksara kanthi leres, upaminipun mbédakaken aksara a / o; t /
th; d / dh; lan sapanunggilanipun
b. Wirama
Iramaning tiyang maos geguritan saged minangka pandudutipun tiyang ingkang
mirengaken. Sora utawi boten iramanipun kaselarasaken kaliyan isining geguritan.
c. Wirasa
Wirasa katrepaken kaliyan isining geguritan, upaminipun: nesu, gumbira, susah, kejem,
wibawa, getun lan sapanunggilanipun
d. Wiraga (solah bawa, pasemon)
Ébahing badan lan pasuryan kedah dipungatosaken, kedah luwes (boten kaku) lan
sampun ngantos katingal kadamel-damel.

Supados wicara, wirama, wirasa lan wiraganipun saged saé, ingkang badhé maos kedah
pados upaya amrih mangertosi tegesipun tembung-tembung ingkang kaginakaken ing
geguritan wau lan mangertosi maknanipun. (kapethik saking warni-warni sumber)

WIBAWA, Bahan Ajar Bahasa Jawa SMA/MA/SMK Daerah Istimewa Yogyakarta


44
D. Nyerat Geguritan

Geguritan saged kawastanan puisi bebas, amargi anggènipun damel langkung mardika,
boten wonten paugeran ingkang gumathok kados déné damel sekar Macapat. Sanajan
ukaranipun kathah, sasaged-saged maknanipun kempel, manunggil lan runtut. Sadaya wau
kanthi pangangkah amrih ingkang maos saged damel dudutan/simpulan kados déné
ingkang dipunkersakaken panganggit.

1. Caranipun damel geguritan:


a. Nemtokaken undering perkawis
b. Milih irah-irahan/judul ingkang saé, saged narik kawigatosan ingkang maos
c. Milih tembung ingkang saé lan mentes
d. Antawisipun judhul lan téma wonten sambetipun.
e. Saged migunakaken purwakanthi
f. Saged migunakaken leléwaning basa/gaya Bahasa

2. Amrih saged nyerat geguritan kanthi saé, saged nindakaken lampah kados ing
andhap punika:
a. Nggladhi tanggap sasmita, inggih punika nggladhi “kepekaan dhiri” ingkang saged
katindakaken kanthi remen nggatosaken kawontenan ing kanan keringipun, remen
nandhingaken kawontenan, lan sapiturutipun.
b. Nyepeng ilham, ilham ing ngriki saged dipuntegesi cahya ingkang saged nuntun
angenipun ngudar gagasan. Kanthi ngeningaken cipta, remen olah rasa, titèn, opèn,
tundhonipun saged panèn utawi ngundhuh ilham wau.
c. Ngedalaken tembung ingkang sapisanan minangka tembung ingkang saged nuntun
tembung-tembung salajengipun. Satembung kalawau saged kapanjangaken kanthi
maringi pitakènan punapa, sinten, kados pundi, wonten pundi, wanci punapa, lan
wonten pundi papanipun. Kanthi makaten satembung kalawau saged dados embrio-
embrio ingkang saged kaserat sauger tasih komprehensif, koheren lan kohesif.
d. Ngolah tembung, saged katindakaken kanthi ngroncé tembung-tembung ingkang
kawedal saking ilham wau.
e. Maringi vitamin ing tembung-tembung wau. Menawi tembung-tembung kalawau
karaos dèrèng saé lan pas, saged kawimbuhan kagunan basa ingkang endah, saged
awujud purwakanthi, wangsalan, èntar, pepindhan, paribasan, lan
sapanunggilanipun
f. Milihi tembung saged katindakaken kanthi menggalihaken sinten ingkang badhé
maos, kados punapa ingkang dipunangen-angen, salajengipun saged nggantos
tembung-tembung ingkang kirang mathis wau sadèrèngipun kabundheli utawi
rampung. Kanthi makaten, kaajabsaged tuwuh geguritan ingkang prasaja nanging
mentes isinipun lan narik kawigatosanipun pawongan ingkang maos.
(kapethik saking warni-warni sumber)

WIBAWA, Bahan Ajar Bahasa Jawa SMA/MA/SMK Daerah Istimewa Yogyakarta


45
E. Wosipun geguritan wonten tigang aspek ingkang kedah dipungatosaken inggih
punika:

1. Endahing geguritan; puisi minangka karya sastra ingkang estetikipun inggil.


2. Wosing geguritan, wosing minangka mentes, satemah pangripta geguritan kedhah milih
tembung kanthi premati.
3. Lelewaning basa Jawa ingkang sinebat purwakanthi. Kapendhet saking tembung purwa
ingkang tegesipun wiwitan lan gandhèng ngambali (mbaleni) swanten, huruf utawi
tembung ingkang sampun kasebat ing seratan sadèrèngipun (S. Padmosukotjo, 1961:
99). Leléwaning basa Jawa ingkang kaserat wonten ing geguritan, sinebat purwakanthi.
Purwakanthi inggih punika tetembungan ingkang sami swantenipun utawi
aksaranipun.

F. Purwakanthi ing geguritan kapérang dados tiga, inggih punika:

1. Purwakanthi guru swara, tetembungan ingkang sami swantenipun (menawi aksara Jawa)
utawi aksara vokalipun (menawi aksara latin).
tuladhanipun:
 Gemi setiti, ngati-ati
 Cabar kesasar mangsa sing sugar
(Djaka Lodang no.05 tanggal 5 Juli 2014)
 Prenjak sepasang pèncokan pang
(Djaka Lodang no.17 tanggal 27 Septembér 2014)

2. Purwakanthi guru sastra, tetembungan ingkang sami aksaranipun (menawi aksara Jawa)
utawi aksara konsonanipun (menawi aksara latin)
tuladhanipun:
 sedya suka semu sengsem sekar seroja
 sapa salah sèlèh
...........
 lungkrah lesu lèlèt lemot léndhé-léndhé lincak liyer-liyer

3. Purwakanthi lumaksita/guru basa, wontenipun tetembungan ingkang dipunambali


malih wonten ing pérangan salajengipun (wingking).
tuladhanipun:
 wujuding katresnan suci
 sucining ati nglilakaké jiwa
 jiwa kang wus nglembara
.......
 Suwung ijèn tanpa rowang, rowange iblis bekasakan.
(Djaka Lodang no.16 tanggal 20 Septembér 2014)

WIBAWA, Bahan Ajar Bahasa Jawa SMA/MA/SMK Daerah Istimewa Yogyakarta


46
G. Leléwaning Basaing geguritan, antawisipun:
1. Anadiplosis
Anadiplosis inggih punika ngambali tembung ing pungkasaning gatra/larik utawi
saben pungkasaning ukara lajeng tembung kalawau kaserat ing wiwitaning gatra/larik.
Tuladha:
Wengi kang Sepi
Sawangen ing wanci wengi iki
Wengi lan sepi rumeksa dadi siji
Langit sumilak padhang
rembulan rinubungan maèwu-èwu lintang kakencar
Rembulan ayu ngumbar soroté
(Déning Sinar Indrakrisnawan)
2. Anafora
Anafora inggih punika ngambali tembung ing saben wiwitaning larik utawi saben
wiwitaning ukara ingkang sampun kasebat ing seratan sadèrèngipun.
Tuladha:
AKU

Aku iki aku


Aku iki udu kowé
Aku iki udu kaé
Aku iki nduwé akèh kekurangan
Nanging, aku uga nduwé sithik kaluwihan
Aku bisa mèsem ana ing kahanan ati sing ora mungkin bisa mèsem
(Déning: Rizkyajeng Pradnya Devi)
3. Antanaklasis
Antanaklasis inggih punika ngambali tembung ingkang sampun kasebat ing seratan
sadèrèngipun nanging kanthi teges ingkang béda.
Tuladha:
Pari uwi sing mular
Cabar kesasar mangsa sing sigar
Ya sigar sing sigar
(Djaka Lodang no.05 tanggal 05 Juli 2014)
4. Asonansi
Asonansiinggih punika ngambali swanten utawi vokal ingkang sampun kasebat ing
seratan sadèrèngipun.
Tuladha:
Yèn lagi nampa coba
Sapa waé bakal krasa lara
Ora kaya nalika lagi cekel panguwasa
Sruwa-sruwi katon bisa
Nggayuh bandha lan rajabrana
Mongkog nampa pangalembana
Mula aja gampang deksiya
Marang sapadha-padha
(Djaka Lodang no.21 tanggal 19 Oktober 2013)

WIBAWA, Bahan Ajar Bahasa Jawa SMA/MA/SMK Daerah Istimewa Yogyakarta


47
5. Epistrofa
Epistrofa inggih punika ngambali tembung ing saben pungkasaning gatra/larik utawi
saben pungkasaning ukara ingkang sampun kasebat ing seratan sadèrèngipun.
Tuladha:
Prabéda iku Nugraha
Sruwa-sruwi sarwa prabéda
Priya wanita iku prabéda
Rina wengi uga prabéda
Tangan kiwa-tengen prabéda
(Djaka Lodang no.17 tanggal 27 Septembér 2014)
6. Kiasmus
Kiasmus inggihpunika ngambali tembungi ngkang sampun kasebat ing seratan
sadèrèngipun minangka inversi sesambetan antawisipun kalih tembung ing
satunggaling ukara. Tuladha:

Sejatinésliramu lan sliraku iki sapadha titah


Titah kang remen manembah marang kang Acecipta
Généya kaya ora ana tepa slira
Aku mangerti yèn uripmu ora cukup mung krana nyenyawang
Mesthi waé sliramu butuh mangan, anyukupi butuhé anak putu
Iku tan béda klawan sliraku
(Djaka Lodang no.37 tanggal 14 Pebruari 2015)
7. Epizeukis
Epizeukis inggih punika ngambali tembung ingkang sampun kasebat ing seratan
sadèrèngipun sipatipun langsung, inggih punika tembung-tembung ingkang kaanggep
wigati kasebat langkung kaping setuggal.
Tuladha:
Atiku rinujit
Rinujit déningtangan
Tangan pengkuh kang tega
Tega milara
(Djaka Lodang no.03 tanggal 21 Juni 2014)

8. Epanalepsis
Epanalepsis inggih punika ngambali tembung sepisanan saking setunggal gatra/larik
lajeng tembung kalawau dhawah ing pungkasaning ukara.
Tuladha:

Apa aku bisa damel gurit kagem Ibu?


Menawa drijiku wis kithing amarga paling gething ngasah lading ngisahi cething.
Apa aku bisa damel gurit kagem Ibu?
Menawa kupingku wis budheg amarga ora peduli yèn Wong Tuwa lagi bunek
Apa aku bisa damel gurit kagem Ibu?
Menawa mripatku wis wuta ora nggrahita susahé Wong Tuwa
Apa aku bisa damel gurit kagem Ibu?
Menawa tanganku wis céko ora naté nyuntak wédang njero téko
Apa aku bisa damel gurit kagem Ibu?

WIBAWA, Bahan Ajar Bahasa Jawa SMA/MA/SMK Daerah Istimewa Yogyakarta


48
Menawa sikilku wis sèmpèr ora tau njèrèng gabah ana ngèmpèr
Apa aku bisa damel gurit kagem Ibu?
Menawa guluku wis tèngèng merga aleman lumrahé bocah cèngèng.
Apa aku bisa damel gurit kagem Ibu?
Menawa awakku wis lumpuh amarga ora mbiyantu Ibu kang lagi ngregiyek nyunggi Ki Ageng
Butuh
Apa aku bisa damel gurit kagem Ibu?
(Déning Triwik Damarjati)

H. Tataranipun apresiasi geguritan:

1. Saderma maos
2. Seneng (remen maos)
3. Analitif (caos kritik)
4. Produktif (ajeg ndamel seratan)

Gladhen

a. Kagatosna geguritan ing andhap punika!

Kapan Budaya Jawa Bali Kombul


Dénin: Suwardanijaya

Tumlawunging rasa
Kang sumimpen primpen jroning ati
Ngerti èndahing budaya jawa
nadyan ana ing jaman globalisasi
nandi janji kangen kidung Jawa
jebul kang ndakrungu lagu manca
kang gawé nggronjaling rasa
aku tansaya bingung marang budayaku
kaya yèn kapang macapatan
Ati kang wus tuwa iki tansaya nlangsa
Apa manèh sliramu wis kakikis nganti gripis
Tumusi banjur padha ra nggubris
Kapikut…gandrung mring tembung manis
Marang gebyaré budaya manca kang ora ètis
Budayaku siji mbaka siji wiwit disingkur
Pira baé nom-noman kèlangan tata krama
Kang tumusé ngembrah anané korupsi
Kang semana diwiwiti cidra janji
Pancèn kandhané mono arep nguri-uri
Gawé lestariné budaya Jawa
Murih bisa bali kumbul
Sarta bisa sempulur

WIBAWA, Bahan Ajar Bahasa Jawa SMA/MA/SMK Daerah Istimewa Yogyakarta


49
Nanging nyatané saiki bisa padha dipriksani
Endi ana nom-noman padha basa Jawa
Mangka akèh kang ngaku-aku dadi wong Jawa
Nanging karo wong tuwané dhéwé waé ora basa
Banjur kapan budaya Jawa bisa kajèn
Bisa bali kombul dadi budayaning bangsa
(Djaka Lodang No.21.Tanggal 19 Oktober 2013)

b. Saking geguritan “Kapan Budaya Jawa Bali Kombul” dipunpadosi


1. Punapa bab-bab ingkang ndadosaken éndah geguritan kasebat?
2. Punapa piwulang ingkang kakandhut ing geguritan kasebat?
3. Punapa perangan ingkang saged nuwuhken raos tresna saking geguritan kasebat?
4. Punapa saged nyawiji punapa botenipun geguritan kasebat?

c. Dipunsemak geguritan “Pepalang ing Kaliurang” punika!


Pepalang ing Kaliurang
Déning: Sinar Indrakrisnawan
Crita asmara isih dawa
Rinoncé nalika pepacangan
Ana ing èrènging Kaliurang
Saiki ilang kabuncang tanpa rowang
Sowang-sowang.
Bumi katon asri nalika ngancik wiwaraning ratri
Nalika srengéngé nggégé tekané
Sandyakala, pindha ketemu èseming kenya ngancik remaja.
Swara manuk ocèh-ocèhan
Keplantrang ninggal pèncokan
Pupus sempal sakabèhing sesanggeman
Suwé ngrantu klédhangmu ing delanggung suwung
Senajan kudu kesandhung
Tumiba ing jurang Kaliurang.
Mung swaramu
Kang bisa nyisihké rasa kangenku
Ngebatké nesu lan keselku
Lan ngrenggani kabèh panyawangku
Ngeket anget sepining wengiku.
Mendhung hangendhanu mayungi Kaliurang
Nutupi sakabèhing karep lan pengarep-arep
Kèndhang kasempyok kumriciking Kali Boyong.

d. Saking geguritan “Pepalang ing Kaliurang ”dipunpadosi


1) Punapa bab-bab ingkang ndadosaken éndah geguritan kasebat?
2) Punapa piwulang ingkang kakandhut ing geguritan kasebat?
3) Punapa perangan ingkang saged nuwuhken raos tresna saking geguritan kasebat?
4) Punapa saged nyawiji (koherensi) geguritan kasebat?
e. Kadamela geguritan kanthi téma Kabudayan Jawa, lajeng kawaosaken ing
ngajeng kelas!

WIBAWA, Bahan Ajar Bahasa Jawa SMA/MA/SMK Daerah Istimewa Yogyakarta


50
KAWRUH TEMBUNG

c. Tembung Tanggap
1) Tanggap dak kok di
Tembung tanggap punika ater-ateripun wonten werni tiga, inggih punika:
- dak/tak, namanipun tanggap dak utawi tanggap utama purusa.
- kok / ko, namanipun tanggap ko utawi tanggap madyama purusa
- di, namanipun tanggap di utawi tanggap pratama purusa.
Tembung tanggap wonten werni 3, inggih punika:
a) - tanggap dak wantah utawi ugi kasebat tanggap utama purusa kriya wantah.
Tuladhanipun: dakbalang.
- tangap dak-i utawi ugi kasebat tanggap utama purusa -i kriya
Tuladhanipun: dakbalangi.
- tanggap dak -ké utawi ugi kasebat tanggap utama purusa -ké kriya.
Tuladhanipun: dakbalangake
b) - tanggap ko wantah utawi ugi kasebat tanggap madyama purusa kriya wantah.
Tuladhanipun: kokbalang.
- tangap ko-i utawi ugi kasebat tanggap madyama purusa -i kriya
Tuladhanipun: kokbalangi.
- tanggap ko -ké utawi ugi kasebat tanggap madyama purusa -ké kriya.
Tuladhanipun: kokbalangake
c) - tanggap di wantah utawi ugi kasebat tanggap pratama purusa kriya wantah.
Tuladhanipun: dibalang.
- tangap di-i utawi ugi kasebat tanggap pratama purusa -i kriya
Tuladhanipun: dibalangi.
- tanggap di -ké utawi ugi kasebat tanggap pratama purusa -ké kriya.
Tuladhanipun: dibalangaké.
2) Tanggap ka lan tanggap na
Tanggap ka lan tanggap na punika limrahipun namung kaginakaken ing basa
sinerat kemawon, boten naté kaginakaken ing pacelathon.
Tanggap ka lan tanggap na punika saged kaanggep minangka sesulihipun
tanggap di. Déné tanggap na punika wujudipun tembung lingga kaseselan -in.
Tuladhanipun:
- kagawa sami kaliyan digawa
- ginawa sami kaliyan digawa.
3) Tanggap tarung
Tanggap tarung inggih punika tembung ingkang dipunwuwuhi tanggap na,
ingkang gadhah teges rebut utawi genti-genti nandukaken kriya. Kadosta tabok
tinabok, sanja sinanjan.
Tembung ingkang purwanipun aksara swara menawi kadamel tanggap na,
seselan in dunungipun dados wonten ngajeng lan ewah daos ing.
Tuladhanipun:
undur+ in = ing-undur
andhap + in = ing-andhap.

WIBAWA, Bahan Ajar Bahasa Jawa SMA/MA/SMK Daerah Istimewa Yogyakarta


51
WULANGAN

Kompetensi Dasar
Menceritakan berbagai pengalaman dengan
menggunakan bahasa Jawa sesuai dengan
konteksnya.
Materi Pokok: Carios Pengalaman

A. Salah satunggaling siswa maos andharan ing andhap punika, déné siswasanèsipun
mirengaken!

CARIYOS PENGALAMAN

Nyariosaken pengalaman pribadi utawi pengalaman tiyang sanès kanthi ngginakaken


basa krama alus utawi basa ngoko lugu. Nyariosaken pengalaman pribadi utawi pengalaman
tiyang sanès ngengingi kedadosan-kedadosan ing wekdal tartamtu. Cariyos pengalaman
punika kalebet cariyos pengalaman warni-warni, kadosta pengalaman lucu, pengalaman
nggegirisi, pengalaman sedhih saha sadaya pengalaman ingkang boten saged dipunsupèkaken.
Cariyos pengalaman lucu, pengalaman medèni utawi pengalaman sedhih saged kapendhet
piwulangipun kanggé kaca benggala minangka pandoming tumindak lan ing tembé
wingkingipun tansaha kebak pangatos-atos.
Supados anggènipun cariyos pengalaman punika saé, prayogi migatosaken ing andhap
punika:
1. Cariyos bab pengalaman punika tegesipun nyariyosaken pengalaman ingkang boten saged
dipunsupèkaken.
2. Ukaranipun prasaja lan cetha
3. Tembung-tembungipun gampil dipun mangertosi.
4. lagunipun ingkang cetha lan saged milah-milahaken frasa-frasa (kelompok kata). Dados
pangucapipun boten satembung mbaka satembung, pilihaning tembung ingkang
nengsemaken.
5. Anggènipun cariyos dipunkanthèni solah bawa lan polatan (mimik) ingkang trep kaliyan
ingkang dipuncariyosaken.
6. Gampil dipunmangertosi topikipun cariyos.
7. Nalika guneman pocapan kedah cetha, boten groyok, bléro utawi mangu-mangu (ragu-
ragu). Kedah saged ngucapaken aksara kanthi leres, upaminipun mbédakaken aksara a/o;
t/th; d/dh; è/e/é, lan sapanunggilipun.

WIBAWA, Bahan Ajar Bahasa Jawa SMA/MA/SMK Daerah Istimewa Yogyakarta


52
8. Iramanipun tiyang cariyos saged minangka pandudut (daya tarik) tiyang ingkang
mirengaken. Sora utawa lirihing swanten dipunlarasaken kaliyan isinipun cariyos. Cariyos
kanthi tèma perjuwangan anggenipun matur kedah sora, semangat. Beda kaliyan
ngaturaken cariyos ingkang isinipun nembé nandhang kasusahan, kacilakan mesthi kedah
alon, lirih, sarèh.
9. Obahing salira lan pasuryan (rai) kedah luwes (boten kaku)
10. Wirasa dipunjumbuhaken kaliyan isinipun cariyos upamanipun: muntab, gumbira, susah,
kuciwa, wibawa, getun, lan sapanunggilipun.
11. Pasemon kanthi langsung, cariyos pengalaman ngaturaken bab-bab kanthi langsung inggih
punika ngaturaken satunggaling bab ingkang ngemot teges trep kaliyan kadadosanipun.

B. Nyariosaken pengalaman kedah gadhah unsur-unsur kados ing andhap punika:

1.Punapa pengalaman ingkang badhé kacariyosaken?


2. Wekdalipun rikala punapa kadadosan pengalaman kala wau?
3. Pundi papan panggènan kadadosan pengalaman kala wau?
4. Sintentiyang-tiyang utawi paraga-paraga sanès ingkang ndhèrèk mlebet ing cariyos kalawau?
5. Punapa sebab-sebabipun pengalaman wau kadadosan?
6. Kados pundi pengalaman punika kadadosan?

C. Tuladha sepisan cariyos pengalaman

Kecemplung Blumbang
Déning: Fajar Ahmad S.

Nalika kula taksih kelas 3 SD, kula saha kanca-kanca kula nama Luki saha Yogi, dolan
wonten griyanipun kanca kula Arif. Kula sakanca lajeng dolanan benthik saha dhelikan.
Sasampunipun bosen dolanan. Lajeng kula sakanca pados cacing kanggé mancing ulam wonten
ing lèpèn.
Kanca kula Arif gadhah tangga ngingah segawon cacahipun tiga. Nalika Luki lan Yogi
badhé ngampiri kanca kula sanèsipun saprelu dipunajak mancing, dumadakan Luki jail,
nirokaken jegogipun segawon. Tanpa kanyana kalih segawon ingkang galakipun boten ilok
njranthal badhé nyathèk kanca-kanca kula. Kados gabah dipuninteri kula sakanca nunjang
palang pados panggènan kanggé ndhelik. Kula saha Luki lajeng mènèk wit jambu pinggir
blumbang. Kanca sanèsipun ndhelik wonten ing grumbulan wit caket kebon. Segawon ingkang
ngoyak kula saha Luki nengga wonten ngandhap wit jambu sinambi jegog mencolot-mencolot.
Dumadakan mak grobyak kula saha Luki kecemplung blumbang amargi pang jambu ingkang
kula anciki sempal. Amargi segawonipun tumut kagèt lajeng njranthal mlajar mlebet kampung.
Salajengipun kanca kula Arif saha Yogi medal saking grumbul, lajeng nduding-nduding
dhateng kula. Priyambara énggal nulungi kula mentas, nanging malah ngguyu ngantos gulung-
gulung.

WIBAWA, Bahan Ajar Bahasa Jawa SMA/MA/SMK Daerah Istimewa Yogyakarta


53
D. Tuladha kaping kalih cariyos pengalaman

Dipuncokot Momok
Déning: Muh.Zaki Afif.Z
Kadadosanipun rikala kula taksih alit. Dinten punika, kula kaliyan adhi kula dolanan
sareng-sareng. Kula saha adhi kula dolanan dhelikan. Rikala punika, adhi kula ingkang kagilir
jagi. Kula lajeng ndhelik rikala adhi kula sampun ngétang saking satunggal dumugi sadasa.
Kulan dhelik wonten ing wingkingipun lemantun wonten ing pojok kamar kula. Adhi
kula madosi kula ngantos ngubengi griya. Wekdal adhi kula mlebet kamar, sanalika kula
gadhah niat badhé mejahi lampu supados adhi kula kagèt saha ajrih. Namung, amargi kula
dèrèng gadug gedugèn, kula boten saged. Kula lajeng mendhet sapu kanggé nuthuk saklar wau
supados lampunipun pejah. boten kanyana, tangan kula malah kados déné kagèrèt saha sakit
sanget. Saking kagètipun kula lajeng nyangka menawi kula kagèrèt momok. Kula mbengok
sora sanget, lajeng muwun saha mlajar. Mangertosi kahanan ingkang peteng punika adhi kula
ugi kagèt saha ajrih, adhi kula mlajar ugi. Kula kagèt sanget, sadèrèngipun kula dèrèng naté
ngraosaken raosipun kados makaten. Kula kapanggih bapak saha ibu ingkang kagèt ugi mireng
panjerit kula saha adhi kula. Kula nyikep ibu, adhi kula nyikep bapak.
Bapak saha ibu ndangu kenging punapa kok kula muwun saha kénging punapa kok
listrikipun pejah. Kula ajrih dipundukani bapak saha ibu, kula lajeng matur menawi tangan
kula sakit amargi kula nembé kémawon dipuncokot ‘momok’. Bapak saha ibu nyuwun supados
kula njlèntrèhaken kedadosan wau. Sasampunipun kula rampung cariyos, É ….. jebul ibu saha
bapak kula lajeng ngendika sareng. “Wo…. tholé ki kesetrum lé…., jenengé, “ lajeng sami
gumujeng sinambi ngendika ora papa lé, mengko rak terus mari, sing wigati aja dibalèni ya!

E. Tuladha kaping tigacariyos pengalaman

Watu Jadi-jadian
Déning: Nurvina Luthfiani
Kadadosan punika dumados rikala kula kelas satunggal Sekolah Dasar. Wonten ing
sawijining dinten Minggu ènjing, kula saha kulawarga badhé sowan wonten dalemipun
Simbah. Saksampunipun padamelan griya rampungan inggih punika gotong-royong reresik
latar saha sarapan. Kula saha kulawarga bidhal tumuju dalemipun Simbah nganggé Sepédha
motor. Sepédha motor satunggal dipuntumpaki tiyang sekawan, inggih punika Bapak, Ibu,
adhi saha kula.
Nalika Bapak nembé ngedalaken sepédha motor saking garasi, bapak mirsani uler
nggramang wonten ing lawang garasi. Lajeng bapak kula ngendika “lho ana uler!”. “Pundi
Pak?” Adhi kula ingkang dèrèng sekolah nyuwun priksa. “iki nèng lawang garasi.” Bapak kula
ngendika. Tanpa pikir-pikir, adhi kula langsung mendhet séla wonten latar kanggé mejahi uler
punika. Sasampunipun mendhet watu wau, sadèrèngipun mejahi uler wau adhi kula lajeng
muwun. Kula, bapak, saha ibu kagèt. Jebul watu ingkang dipunpendhet adhi kula kalawau
sanès watu. Ananging telèk léncung ingkang mèmperwatu. Mangertos kadadosan punika adhi
kula ngraosaken jijik lajeng muwun. Kula, bapak, saha ibu sami gumujeng boten mandheg-
mandheg. Jebul watu wau watu jadi-jadian.

WIBAWA, Bahan Ajar Bahasa Jawa SMA/MA/SMK Daerah Istimewa Yogyakarta


54
F. Tuladha kaping sekawancariyos pengalaman

Bulé Lokal
(Dening Ade Prima Latifa)
Nalika kula taksih kelas 8 SMP, kula dipunparingi tugas Pak Guru supados
nglempakaken tugas inggih punika wawancara kaliyan turis. Kula bidhal kaliyan kanca-kanca
kula dhateng Malioboro. Ing Malioboro kula mlampah-mlampah setunggal jam boten
kepanggih turis. Kula lan kanca-kanca lajeng nitih bécak dumugi Tamansari. Ing Tamansari ugi
sepi saking wisatawan, kathahipun ingkang ngéndhangi Tamansari wisatawan domestik. Kula
kaliyan kanca-kanca lajeng nitih bécak malih wangsul dhateng Malioboro. Ing Malioboro kula
tingali tetep boten wonten turis lajeng kula sakanca mlampah-mlampah tumuju Bètèng
Vredenberg. Jebulipun ing Bèntèng Vredenberg kanca-kanca sampun saged wawancara kaliyan
para turis, naming kula kémawon ingkang dèrèng cekap betahipun kanggé njangkepi tugas
saking Pak Guru. Kanca-kanca sampun sayah badhé wangsul, ananging kula penggak amargi
kula piyambak ingkang dèrèng kepanggih turis. Sampun setengah jam kula nengga ing Bètèng
Vredenberg, jebulipun jèjèr anggèn kula lenggah wonten turis ingkang kawit wau maos buku.
Kula boten nggrahita menawi pawongan jaler ing sisih kula kalawau turis, awit turis wau
ngagem masker saha topi bunder ageng. Kados rindhik segawon digitik kula gagé-gagé
wicantenan kaliyan turis wau nganggé basa Inggris. Kanthi apalan ukara-ukara pitepangan
ingkang sampun setunggal minggu kula apalaken ndremimil, cas-cis-cus laaaancir tenan. Turis
ingkang kula ajak wicantenan lajeng mèsem sinambi paring wangsulan”Ngomong apa ta
Dhik,Basa Inggrismu isih kuwalik-walik. Manah kula lajeng jegedheg ndhongkol mireng
wangsulan turis kala wau, lajeng kula sakanca késah ngacir wangsul nggriya. Jebulipun turis
wau tiyang Jawa ingkang kulitipun kados kulitipun bulé jalaran ciri gawan bayi.

Gladhèn

1. Kagatosna cariyos pengalaman ing inggil lajeng dipunpadosi unsur-unsur cariyosipun!


a. Punapa judul/irah-irahan?
b. Rikala punapa wekdal kadadosanipun?
c. Wonten pundi papanipun?
d. Sinten Tiyang/paraga sanès ingkang ndhèrèk ing cariyos punika?
e. Punapa sebab kadadosanipun?
f. Kados pundi kadadosan kalawau?
g. Punapa piwucal ingkang saged kapendhet saking cariyos punika?
2. Kaserata pengalaman pribadi panjenengan ingkang lucu! lajeng kacariyosna ing
ngajeng kelas!
3. Kagatosna cariyos saking kanca panjenengan lajeng dipunpadosi unsur-unsur
cariyosipun!
a. Punapa Judul/irah-irahanipun?
b. Rikala punapa wekdal kadadosanipun?
c.Wonten pundi papanipun?
d. Sinten Tiyang/paraga sanès ingkang ndhèrèk ing cariyos punika?
e. Punapa sebab kadadosanipun?

f. Kados pundi kadadosan kalawau?


g. Punapa piwucal ingkang saged kapendhet saking cariyos punika?

4. Kaserat cariyos pengalaman pribadi migunaaken basa Krama, lajeng dipunpadosi


pèrangan-pèrangan cariyosipun!

WIBAWA, Bahan Ajar Bahasa Jawa SMA/MA/SMK Daerah Istimewa Yogyakarta


55
KAWRUH UKARA

2. UKARA GANEP UTAWI UKARA LAMBA


Supados ukara punika sampurna pandhapukipun utawi wujudipun saboten-
botenipun gadah Jejer saha Wasésa. Menawi Wasésa kadadosan saking tembung
kriya mawi lésan mesthi mawon Lésanipun inggih kedah dipunkanthi. Dados
wujudipun Jejer, Wasésa, Lésan. Pérangan Jejer, Wasésa, Lésan punika dados
bakuning peranganing ukara. Déné menawi badhé nyethakaken malih saged
katambah katrangan. Urut-urutaning pandhapukipun limrahipun mekaten: Jejer,
Katrangan Jejer, wasésa, lésan, katrangan lésan, katrangan wasésa. Kejawi
ingkang sampun gadhah paugeran mligi, Katrangan Wasésa papanipun wonten
ing wingking piyambak, boten naté kapanggihaken ing tengah menawi boten
perlu sanget. Kosok wangsulipun menawi wonten ngajeng piyambak malah
saged.
Tuladha:
 Bocah, klambi ireng kaé, mangan sega goréng restoran Solo kok cimat-mimit.
 Rikala taun kepengker, tiyang-tiyang ing kampung Gayam sami kasdu
nglempakaken arta kathah sanget, minangka dana kasangsaran bena.

WIBAWA, Bahan Ajar Bahasa Jawa SMA/MA/SMK Daerah Istimewa Yogyakarta


56
WULANGAN

Kompetensi Dasar
Memahami dan menanggapi sesorah dalam
berbagai kegiatan di masyarakat Materi Pokok: Sesorah

A. Kawaosa kanthipermati!

SANGU LAN CAK - CAKANIPUN SESORAH


Sesorah utawa tanggap wacana inggih punika ngandharaken gagasan utawi penggalihan
kanthi tetembungan ingkang dipunucapaken dhateng tiyang kathah. Bab-bab ingkang saged
nuwuhaken saélan remenipun tiyang ingkang midhangetaken punapa ingkang nembé
kaandharaken nalika sesorah kedah kagatosaken kanthi saèstu. Wonten ing ngriki kawastanan
sekawan wa setunggal ba. Gamblangipun sekawan wa satunggal ba inggih punika:
1. Wicara/basa
Basa kedah dipunpilihingkang cocog kaliyan tiyang ingkang dipunadhepi, jinising acara,
sarta suwasana. Basa ingkang dipunpilih ingkang saged utawi gampil dipuntampi tiyang
sanès. Prayogi ngginakaken tembung-tembung lan ukara ingkang prasaja. Basa ingkang
boten dakik-dakik, nanging tetep nuhoni paugeran, satemah mujudaken basa ingkang laras
sarta leres. Wicaranipun utawi pangucapipun kedah cetha. Umpaminipun anggènipun
ngucap a, i, u, è, ê, é, o lan saged mbédakaken pangucap antawisipun ta lan tha, da lan dha.
2. Wirasa
Wirasa tegesipun kedah saged nyurasa sarta mangertosi kanthi saèstu punapa ingkang
dipunngendikakaken utawi dipunandharaken nalika sesorah. Boten ngemungaken apalan
tanpa mangertosi tegesipun. Kanthi mangertosi saèstu punapa ingkang dipunandharaken
badhé mahanani wedaling wicara saged lancar lan kapireng prasaja.
3. Wirama
Wirama tegesipun kedah saged ngatur wiramaning swanten, inggih punika lirih soranipun,
alon cepetipun, andhap inggilipun utawi intonasi-nipun swanten. Nalika sesorah kedah
mbudidaya sampun ngantos kados tiyang maos utawi apalan.

WIBAWA, Bahan Ajar Bahasa Jawa SMA/MA/SMK Daerah Istimewa Yogyakarta


57
4. Wiraga
Wiraga tegesipun kedah saged nyocogaken ébahipun sarira kaliyan punapa ingkang nembé
dipunwedharaken. Nalika sesorah prayoginipun manteb, teteg, mirsani dhateng sedaya
tamu, asta ngapurancang, nanging tetep luwes lan boten kaku.
5. Busana
Busana tegesipun ageman ingkang dipunagem kedah jumbuh kaliyan swasana sarta acara
ingkang nembé lumampah.
Wonten pamanggih sanès ingkang mratèlakaken babagan sangunipun tiyang ingkang
badhé sesorah. Tumrapipun tiyang ingkang badhé sesorah prayogi manawi nindakaken
ingkang kawastanan SAPTAMA, inggih punika:
1. Magatra.
Nggladhi dhateng bleger; wewujudan, anggènipun ngadi busana lan ngadi sarira trep,
pantes lan jangkep.
2. Malaksana
Nggladhi cara-caranipun anggènipun tindak. Tindakipun saben sapecak sajangkah kedaha
tinata runtut, luwes, mrabawa, boten ingah-ingih.
3. Mawastha
Nggladhi anggènipun jumeneng. Anggènipun jumeneng kedah jejeg, boten pareng dhoyong
mangiwa punapa déné manengen. Antawisipun suku kanan lan kéring boten pareng
keciyuten utawi kewiyaren.
4. Maraga
Anteng, boten gumeter. Ébah éwahing pasemon lan sarira kedah jumbuh kaliyan isining
sesorah.
5. Malagawa
Trampil lan trengginas. Boten ngleler ugi boten kesesa-sesa.
6. Matanggap
Tanggap dhateng sadaya swasana.
7. Mawwat
Tatag tangguh tanggon tanggung jawab praptèng ngendhon. Tanggel jawab dhateng sadaya
ingkang sampun kangendikakaken.
Tiyang ingkang badhé sesorah prayogi sanget manawi ngginakaken cecepengan ingkang
kacekak TOP, inggih punika:
T  Titèn ( saben wonten adicara/upacara, purun nggatosaken). Boten remen
tampikan, lajeng purun mbiji punika saélan botenipun)
O  Opènmanawi ningali sesorah lajeng dipuncathet, manawi manggihaken
tembung-tembung ingkang karaosaken menjila.
P  Panèn dipuntata dados ukara lan cecawis ingkang prasaja nanging tetep
murakabi.
 Ingkang kedah dipunsingkiri sampun ngantos gadhah raos:
1. Rikuh, isinan, manawi dipundhawuhi lajeng plenthot-plenthot, pawadanboten gadhah
klambi, dedegipun kirang pas, malah nawakaken tiyang sanès.
2. Kéguh, gampil kénging godha, lajeng grogi, amargi wonten sedhèrèkipun, wonten
pangingggilipun, ajrih manawi dipungegujeng, lsp.
3. Jiguh, tiyang ingkang gampil gugupan, usag-useg, kados tiyang ingkang boten siyaga
ing gati, mlampah mrika-mriki ngantos umpetan.

WIBAWA, Bahan Ajar Bahasa Jawa SMA/MA/SMK Daerah Istimewa Yogyakarta


58
 Tiyang sesorah, temtu gadhah ancas ingkang gumathok. Miturut ancasipun sesorah saged
kagolongaken:
1. Wursitawara, ular – ular, , wasita wara, tetembungan kanggé mastani sesorah ingkang
ancas lan isinipun ngandharaken bab kautaman, pitutur, lan sapiturutipun.
2. Sesorah lan medhar sabda, tetembungan punika kanggé mastani ingkang sipatipun
umum tumraping olah pangandikan sangarsaning tiyang kathah.
3. Atur pambagyaharja, tetembungan kanggé mastani sesorah ingkang ancas lan isinipun
nampi rawuhipun para tamu.
4. Tanggap Wacana, tetembungan kanggé mastani sesorah ingkang ancas lan isinipun
nanggapi aturing pambagyaharja.
5. Atur pawartos, umpaminipun sesorah ing rapat-rapat, promosi barang, lsp.
6. Atur panglipur, umpamanipun ing adicara sripah, atur saking pambéla sungkawa,
sesorah ing ngajengipun tiyang ingkang nembé nampi musibah bebendu alam, lsp.
7. Pangajak, umpaminipun: sesorah ing panyuluhan-panyuluhan. Sesorah punika kanggé
nuwuhaken kapitadosan pamiarsa dhumateng punapa ingkang dipunandharaken lan
kanthi iklas nindakaken punapa ingkang sampun dipunmangertosi.
8. Saged ugi pinten-pinten ancas ing inggil punika karantam rinoncé wonten ing
satunggaling sesorah.
 Tata caraning (metode) sesorah saged katindakaken kanthi manéka warna, ingantawisipun:
1. Kanthi maos naskah,
Sesorah ingkang kanthi maos naskah punika gadhah kekirangan utawi cacad, inggih
punika badhé ketingal kaku, boten luwes. Awit ingkang sesorah namung tansah ningali
dhateng naskah ingkang kawaos.
2. Kanthi cara apalan
Cara punika asring katindakaken déning tiyang ingkang nembé sinau/ gladhèn sesorah,
inggih punika kanthi nyawisaken naskah (teks) rumiyin lajeng dipunapalaken.
3. Kanthi cara Impromptu
Cara punika asring katindakaken déning tiyang ingkang sampun kulina sesorah lan
sampun baut anggènipun sesorah. Cara punika boten nyawisaken materi ingkang badhé
kaandharaken, awit wekdalipun ingkang cumpen. Kanthi kawasisanipun, kawruh lan
pengalamanipun sesorah saged lumampah kanthi saé.
4. Kanthi cara ekstemporan
Cara punika tiyang ingkang badhé sesorah damel cengkorongan materi ingkang badhé
dipunandharaken, utawi damel cathetan alit. Salajengipun cengkorongan wau lajeng
dipunngrembakakaken kanthi ukaranipun piyambak.
Samadyaning bebrayan agengwonten kalanipun kula lan panjenengan kasuwun paring
pangandikan wonten ngarsanipun tiyang kathah, saged punika wonten adicara arisan
RT, pèngetan dinten kamardhikan, upacara pawiwahan. Lsp.
Yektosipun sintena kémawon saged dados minangka paraga ingkang ngandharaken
sesorah. Ing adhap punika sapérangan sarat manawi badhé paring pangandikan lumantar
sesorah Jawa;
1. Pirsa babagan undha – usuk basa, tegesipun sintena ingkang badhé paring pangandikan
wonten ngarsaning tiyang kathah wajib mangertos lan pirsa undha – usuk basa, satemah
saged ngginakaken basa ingkang trep lan jumbuh kaliyan kawontenan ingkang lumampah.
2. Pirsa babagan ayahaning adicara, tegesipun sintena ingkang badhé paring pangandikan
wonten ngarsaning tiyang kathah kedah mangertos lan pirsa ayahaning adicara, tegesipun
mangertos adicara punapa ingkang nembé lumampah.

WIBAWA, Bahan Ajar Bahasa Jawa SMA/MA/SMK Daerah Istimewa Yogyakarta


59
3. Pirsa babagan ulah kridhaning swara, tegesipun anggènipun ngendikan membat
mentuling swanten dipunwigatosaken.
4. Pirsa babagan swasana, tegesipun rikala utawi nalika ngendikan sageda tansah tumuju
wonten ngarsanipun para lenggah lan sageda tanggap ing sasmita lantip ing panggraita
kanthi mirsani sasmita samadyaning para lenggah.
5. Pirsa babagan ngadi salira, ngédi busana, tegesipun magertos lan saged njumbuhaken
tumraping pangageming busana, satemah saged jumbuh kaliyan kawontenan ingkang
lumampah.
Maraga salebeting sesorah boten namung kedah nguwaosi bab – bab ingkang
kaandharaken ing ing inggil kalawau, nanging ugi wonten sakpérangan bab ingkang
dipunawisi tumraping sintena ingkang nedya nglampahi maraga sesorah kadosta:
1. Manawi anggènipun maraga sesorah mawi catetan utawi seratan, soroting nétra boten
namung tumuju dhumateng catetan kémawon, nanging sageda warata dhumateng para
ingkang sami lenggah.
2. Manawi anggènipun maraga sesorah boten mawi catetan utawi seratan, dipunsingkiri
utawi dipunawisi tetembungan “eeee” salebeting ngendika.
3. Manawi microphone utawi mic wonten stand mic –ipun, prayoginipun asta kekalih
ngapurancang.
4. Manawi mic dipunasta, asta tengen ingkang nyepeng mic, wondéné asta ingkang kiwa
kaparingaken sangajengipun padharan, boten dipunlebetaken salebeting sak clana.
Basa ingkang kaginakaken salebeting sesorah adat ingkang sampun – sampun
ngginakaken basa Krama, punapadéné basa éndah basa ingkang rinengga, tetembungan –
tetembungan Krama – Inggil binawur kaliyan tetembungan basa Kawi. Basa Kawi ingkang
asring kaginakaken antawisipun:
 Surya, tegesipun srengéngé. Nanging tembung surya ing ngriki kaginakaken kanggé
nyuraos teges tanggalan salebeting taun Masèhi; Surya kaping 12 Juli 2015
 Candra, tegesipun rembulan, nanging tembung candra ing ngriki kaginakaken kanggé
nyuraos teges tanggalan salebeting taun Jaw; Candra kaping 4 Sapar 1948 Hé windu
Sangara.
 Pracima, tegesipun kilèn; Wanci Nuswantara imbang pracima.
 Purwa, tegesipun kawitan utawi kéblat wétan.
 Uttara, utawi utara tegesipun lèr.
 Daksina, tegesipun kidul.
 Madya, tegesipun tengah.
 Wasana. Tegesipun pungkasan.
 Lebda, tegesipun mumpuni ing sabarang kawruh.
 Pana, tegesipun mangertos ing saliring perkawis.
 Poyan, tegesipun maringi pitutur.
 Mangastuti, tegesipun tansah maringi panjurung donga.
 Ri, tegesipun ing.

 Sapérangan panganggéning asung pakurmatan.


Asung pakurmatan salebeting sesorah basa Jawa, mliginipun ing purwaning
pangandikan punika, setunggal – lan setunggalipun kedah kajumbuhaken murwat kaliyan
kalenggahaning para ingkang lenggah;

WIBAWA, Bahan Ajar Bahasa Jawa SMA/MA/SMK Daerah Istimewa Yogyakarta


60
1. Tumraping para kasepuhan, utawi sesepuh, asung pakurmatan ingkang kaginakaken;
Wonten ngarsanipun para sesepuh pinisepuh ingkang tuhu kinabekten, ingkang pana ing
pamawas, lebda ing pitutur, ingkang tansah sinandhing kitab suci kalaming Ilahi ingkang tansah
mangastuti dhumateng pepoyaning kautaman.
2. Tumraping para pangarsatama instansi, asung pakurmatan ingkang kaginakaken;
Wonten ngarsanipun para nayaka praja, satriyaning nagari, tuwin para pangemban
pangembating praja kinarya sonsong agunging para kawula dasih ingkang tuhu pantes tinulad
sinudarsana.
3. Tumraping para kadang ingkang sami kalenggahanipun, asung pakurmatan ingkang
kaginakaken;
Wonten ngarsanipun para kadang tumaruna, kadang manggalaning karya ingkang tansah
tinangsul talining kekadangan.
4. Tumraping sedaya para tamu, asung pakurmatan ingkang kaginakaken;
Sanggyaning para ingkang sami lenggah kakung sumawana putri ingkang tansah sinugata
sagunging pakurmatan.

B. Tuladha sesorah “Wursitawara

1. Wursitawara Temanten
Assalamu’alaikum Warahmatullahi Wabarakatuh
Sugeng siang, salam karaharjan tumrap kula lan panjenengan sedaya.
Mugi nugraha sarta berkahipun Gusti Allah ingkang Maha Welas Asih tansah kalubèrna
dhumateng sedaya umatipun sumrambah dhumateng kula lan panjenengan sedaya ing
salami-laminipun.
Para pinisepuh, sesepuh ingkang dahat pinundhi, para kadang wredha mudha lan
para rawuh kakung sumawana putri ingkang kinurmatan.
Langkung rumiyin kula konjukaken puji sukur ing ngarsanipun Pangeran
Ingkang Maha Mirah lan Maha Asih, awit saking paringipun kanikmatan, kasarasan,
rahmat lan hidayahipun, kula lan panjenengan saged ngèstrèni pahargyan wiwahan
dhauping pangantèn, putra putrinipun Bapak ……………………….. ingkang asesilih
………………………………….dhaup kaliyan anak mas…………………………putra
kakungipun Bapak………………………ing…………………………..
Para lenggah ingkang satuhu kinurmatan, keparenga kula matur awit nuhoni
pamundhutipun Bapak………………………………… sekaliyan, ingkang ngresaya
dhumateng kula supados suka ular-ular dhumateng putra temanten kekalih.
Kanggé nggemèni wekdal, keparenga kula nyuwun idi palilah saking para sepuh
saperlu ngandharaken sawetawis seserepan dhumateng putra temanten kekalih.
Nakmas pinangantèn sekaliyan, ngendikanipun tiyang sepuh: ”Wong tuwa
kuwi kudu uwur lan sembur. Nèk ora bisa uwur ya sembur”. Dados uwur lansembur punika
kuwajibanipun tiyang sepuh. Sanadyan putra sampun sugih bandha, sampun pinter
tur sarjana pisan, kuwajiban punika boten saged uwal.
Anak kula sekaliyan, wiwit kalampahaning ijab kobul, panjenengan kekalih
sampun sanès kenya lan jaka malih, kalih-kalihipun sampun luluh manunggal, madeg
balé griya, mbangun brayat énggal. Gegadhanganipun tiyang sepuh panjenengan kekalih
saged manunggal dados satunggal:
”Ati loro dadi siji lan ora ninggal duga prayoga”.

WIBAWA, Bahan Ajar Bahasa Jawa SMA/MA/SMK Daerah Istimewa Yogyakarta


61
Manawi jaman rumiyin njumbuhaken ati loro dadi siji punika angèl lan dangu
sanget, awit kalih-kalihipun umumipun dèrèng sami karuh, dèrèng naté pinanggih
utawi sumerep. Béda kaliyan jaman sapunika, ingkang sampun sami pitepangan
sarta malah wonten ingkang pacaran dangu sadèrèngipun dhaup.
Lajeng Kados pundi caranipun saged njumbuhaken ati loro dadi siji? Kula kinten
anak kula sekaliyan sampun boten katalumpèn bab punika. Punapa malih punika
mantènipun sampun sami-sami sarjana, mesthi sampun pinter. Wonten ngriki kula
namung badhé ngèngetaken malih kémawon.

Balé griya badhé ayom ayem tentrem saged dipunwiwiti saking: jujur, blak-blakan,
nengenaken rembag nebihaken panyakrabawa, samya mong-kinemong linambaran
taqwa dhumateng Allah SWT, ngrumaosi minangka titah sawantah ingkang kebak
kekirangan.
Duga lan prayoga ugi perlu sanget kanggé njagi balé griya. Duga prayoga saged
kagambaraken kados déné tiyang numpak kendharaan wonten ing margi ageng.
Manawi tiyang tansah dugi lan prayogi, ngatos-atos, mulad tandha margi, lajeng nalika
lampu ijem, ngatos-atos samangsa lampu jené, lan boten nerak lampu abrit, Insha Allah
wilujeng ingkang pinanggih. Mekaten ugi ing madyaning bebrayan. Sauger kekalihipun
tansah nuhoni angger-anggering agesang, duka punika angger-anggering agami punapa
déné negari temtu balé griyanipun badhé tansah wilujeng.
Putra pangantèn sekaliyan ingkang kula tresnani, ing rinten dalu sampun kesupèn
tansah ndedonga dhumateng Allah SWT, supados tansah pinaringan ayom ayem tentrem,
dadosa kulawarga ingkang sakinah mawadah wa rahmah. Kaparingan momongan
ingkang saé sholèh sarta sholèhah. Donga punika ageng dayanipun awit Allah SWT
sampun janji, badhé maringi dhumateng sedaya umatipun ingkang purun ndedonga.
Sepisan malih kula ambali sampun ngantos kesupèn ndedonga supados boten kuciwa ing
tembé wingkingipun.
Anak kula temantèn kekalih ingkang kula tresnani, kula kinten namung punika
ular-ular kula minangka wakilipun ingkang rama ibu, mugi-mugi saged nambahi
sangu anggènipun anak kula kekalih nempuh bebrayan énggal. Boten langkung
tiyang sepuh namung ndedonga mugi putra pangantèn sekaliyan manggih rahayu
wilujeng kadumugèn sedaya gegayuhanipun.
Para lenggah ingkangdahat kinurmatan, makaten seserepan ingkang saged kula
andharaken dhumateng sri pinangantèn. Manawi Ing salebetipun kula medharaken
ular-ular punika wau, pinanggih bab ingkang ndadosaken boten renaningpenggalih
jalaran tindak-tanduk, solah-tingkah, subasita, tata-krama, punapa déné atur kula, kanthi
andhap asoring manah saèstu kula nyènyadhongsih paringipun samodra
pangaksami.
Para rawuh ingkang kinurmatan, minangkani pamundhut sumangga
ndedonga sesarengan kanggé sri pinangantèn kekalih mugi tansah pikantuk
barokahipun Allah SWT ing samangké dadosa kulawarga ingkang sakinah
mawadah warohmah, sarta énggal pinaringan momongan. Aamiin.
Matur nuwun, wekdal kula konduraken dhumateng kadang pranatacara.
Wassalamu’alaikum Warahmatullahi Wabarakatuh.

WIBAWA, Bahan Ajar Bahasa Jawa SMA/MA/SMK Daerah Istimewa Yogyakarta


62
C. Tuladha Wursitawara Bab Kabudayan

Assalamu ‘alaikum Wr. Wb.


Nuwun
Agunging pangalembana namung konjuk wonten ngarsa dalem Gusti ingkang
Amurba Amisesa sadaya titah sajagad raya, inggih awit sih wilasanipun kula lan
panjenengan sadaya pinaringan kawilujengan saha kasarasan, ingkang satemah kula lan
panjenengan saged lenggah pepanggihan ing sasana punika.
Para sesepuh, pinisepuh miwah aji sepuh ingkang tansah winantu ing
pakurmatan, Para pamong ingkang datan kendhat tansah nggulawenthah dhateng para
siswa ingkang pantes sinudarsana,Sumrambah para kadang, sae ingkang pinanggih
wredha punapa dene mudha ingkang bagya mulya.
Langkung rumiyin mugi keparenga panjenengan sadaya kersaa paring samodra
pangaksama dhateng dhiri pribadi kula, dene sampun kumawani njejer wonten ngarsa
panjenengan sadaya. Inggih awit kaderenging manah kula ingkang kepingin
ngaturaken sekedhik Tegesipun kula kanthi irah-irahan:

“BUDAYA JAWA MINANGKA CAGAK JEJEG ADEGING NAGARI”


Para kadang wredha mudha ingkang bagya mulya,
Ing titi kalenggahan punika kula lan panjenengan sadaya gesang ing abad selikur,
gesang ing jaman ingkang sadaya bangsa ing jagad raya punika saged ngungak lan sami
mirsani gesanging bangsa sanes, budayaning bangsa sanes saha kemajenganing bangsa
sanes. Wontenipun pirantos-pirantos komunikasi kadosta televisi, radio, telephone
punapa malih internet ingkang saged kangge sarana mangertosi ing pundi papan lan
panggenan. Bab kala wau saged nyengkuyung dhateng ngrembakaning kabudayan
satunggaling bangsa, ananging saged ugi kosok wangsulipun. Budaya satunggaling
bangsa saged sirna awit kalindhih dhateng budaya manca ingkang kaanggep langkung
majeng lan damel rena. Kamangka satunggaling bangsa badhe ical jati dhirinipun
lamun bangsa kala wau sampun ical kabudayanipun, awit kanthi kabudayan
satunggaling bangsa badhe katingal jati dhirinipun, badhe katingal titikanipun, rikala
sesrawungan ing panggesangan jagad raya.
Kathah para pinter sami ngendika, bilih icaling kabudayan satunggaling bangsa
awit dumuginipun kabudayan sanes ingkang lumebet ing panggesanganing bangsa kala
wau. Ananging menawi kapenggalih kanthi lebet, penggalihan ingkang kados makaten
kala wau mbok bilih dereng temtu leresipun. Kanthi wontenipun pirantos-pirantos
komunikasi ingkang sampun kuwawi miyak warana kangge nguningani panggesaning
sadaya titah sajagad raya punika, nedahaken bilih icaling kabudayan satunggaling
bangsa awit kiranging raos tresna saha kiranging pamarsudi bangsa kala wau dhateng
budayanipun piyambak.
Bangsa Indonesia satunggaling bangsa ingkang nggadhahi atusan kabudayan
nut dhateng kathahing suku-suku bangsa ingkang manunggal lan ngakeni minangka
bangsa Indonesia. Namung elokipun saking kabudayan ingkang maneka warni kala
wau bangsa Indonesia sami kersa manunggalaken cipta, rasa lan karsanipun kanthi
tinangsulan ukara Bhineka Tunggal Ika tan hana dharma mangrwa. Ukara ingkang
sampun kaserat dening pujangganing kraton Majapahit nun inggih Mpu Tantular

WIBAWA, Bahan Ajar Bahasa Jawa SMA/MA/SMK Daerah Istimewa Yogyakarta


63
ingkang salajengipun kapethik lan kapacak ing lambang negari Indonesia Garudha
Pancasila.
Kabudayan Jawa salah satunggaling kabudayan ingkang ngrenggani kluwung
kabudayan Indonesia, ingkang ndherek mimbuhi endahing kabudayan Indonesia.
Salajengipun kula tuwuh pitakenan, kados pundi kabudayan Jawa ing wekdal
samangke punapa tasih saged kadherekaken kangge ngrenggani kluwung budaya
Indonesia? Punapa budaya Jawa tasih saged kangge nyengkuyung dados cagak lan
tuwak kangge jejeg adeging negari Indonesia?
Pitakenan kula kala wau saged kaparingan wangsulan tasih, sauger tetiyangipun
ugi tasih sami kersa ngupakara, ngleluri lan ngrembakaken budayanipun. Budaya Jawa
selaras sanget kaliyan kabudayaning bangsa Indonesia ingkang kedadosan saking
atusan kabudayan wau, awit punapa? Awit tetiyang ingkang sami nindakaken
kabudayan Jawa temtu badhe dados tiyang ingkang tansah ngurmati dhateng
sesamining gesang, ayom ingayoman, lan gesang kanthi gotong royong sinaosa wonten
bab-bab ingkang rinaos beda. Tuladahanipun ing kagunan seni kemawon, tiyang Jawa
tansah nengenaken dhateng manunggaling raos. Tuladha ingkang gampil, rikala kula
panjenengan sami sinau ing olah karawitan. Wonten ing pagelaran karawitan punika
kathah sanget pirantosipun ingkang winastan gangsa utawi gamelan, wonten
kendhang, bonang, kenong, kempul, balungan, gender, rebab, gambang lan
sapiturutipun. Gamelan ingkang kathah sanget jinisipun kala wau beda-beda
wujudipun, beda-beda pirantos tabuhipun lan beda-beda cara nabuhipun. Ananging
kanthi manunggalaken raos lan wirama, ndadosaken lelagon ingkang sekeca
kapidhangetaken.
Para kadang, gesanging manungsa ing alam donya punika ugi sami kaliyan
gangsa kala wau, ingkang beda-beda wujudipun, beda-beda pangupajiwanipun, beda-
beda agaminipun lan tasih kathah malih ingkang beda. Ananging kanthi manunggaling
raos ingkang beda kala wau boten rianos beda malah kepara damel endah lan sugihing
bangsa.
Kanthi tuladha kala wau, cetha sanget bilih kabudayan Jawa saged ndherek
nyengkuyung dhateng manunggaling bangsa Indonesia. Ananging emanipun, tetiyang
Jawa ing wekdal samangke sampun kathah ingkang sami nilaraken kabudayanipun
piyambak langkung-langkung para kadang kaneman. Kawontenan punika lepatipun
sinten?
Kalepatan boten mligi kasandhang dening para kadang mudha, nanging para
sepuh ugi nyandhang kalepatan punika. Ing wekdal samangke kathah para sepuh
ingkang ngendika bilih lare anem ing wekdal samangke sampun sami kecalan
Jawanipun malah kapilut dhateng budayaning bangsa manca. Ukara punika kenging
kemawon kangendikakaken, ananging kedahipun para sepuh ugi kedah mawas dhiri,
sampun dumugi pundi anggenipun nepangaken kabudayan Jawa dhateng para
putranipun?
Ingkang sami kagungan putra boten kaajak gineman kanthi basa Jawa, kanthi
pawadan mangke mindhak boten saged komunikasi. Putranipun boten nate
katepangaken dhateng kagunan seni Jawa, malah kepara katumbasaken play station lan
cd film manca nagari. Kados pundi generasi bangsa punika badhe tresna dhateng
budayanipun, dipuntepangaken kemawon boten?!
Para kadang,

WIBAWA, Bahan Ajar Bahasa Jawa SMA/MA/SMK Daerah Istimewa Yogyakarta


64
Keparenga kula nyuwun pangapunten dhateng para sepuh awit atur kula kala
wau. Kula matur makaten inggih awit saking raos eman kula dhateng kawontenan
ingkang lumampah ing wekdal samangke punika.
Saderengipun kula mungkasi atur keparenga kula caos pemut dhateng dhiri
pribadi kula saha panjenengan sadaya

Para kadang, sepisan malih kula matur bilih sirnaning budaya satunggaling bangsa
boten awit saking lumebeting budaya manca, ananging awit kirang pamarsudi saha raos
tresananipun bangsa kala wau dhateng kabudyanipun. Mugi tresna kula lan
panjenengan sadaya dhateng budaya Jawa tansah tuwuh lan ngrembaka, satemah
budaya Jawa saged lestari lan saged dados cagak lan tuwak jejeg adeging nagari.
Parakadang wredha mudha ingkang bagya mulya, makaten sekedhik Tegesipun
kula ingkang saged kula aturaken, temtu kemawon kathah kekirangan saha
kalepatanipun jer kula namung titah sawantah ingkang tebih saking kasampurnan,
pramila awit saking punika, mugi keparenga panjenengan sadaya kersaa paring
lumunturing sih samodra pangaksama.
Nuwun
Wasalamu’alikum wr. Wb

D. WIDYA TEMBUNG

Widya Tegesipun
No Tembung Lingganipun
Tembungipun Indonesia
1 Pa(ng)- + arsa Pemimpin / Ketua

2 -in- + kurmat + an Yang terhormat

3 -in- + mulya Yang mulia

4 -um- + taruna Yang muda – muda

5 -in- + caket + ing Yang terdekat

6 -in- + tangsul Diikat

7 -in- + sugata Dijamu /diberi

8 Ka- + purba Dikuasai

9 Ka- + wisésa Dikuasai

10 -in- + panggih Bertemu

WIBAWA, Bahan Ajar Bahasa Jawa SMA/MA/SMK Daerah Istimewa Yogyakarta


65
11 -um- + canthaka Merasa berani

12 -um- + larab Menyampaikan

13 m- + pundhi Menerima

14 -um- + tedhak Turun

15 -um- + tanduk Mengenai

A.

1.

.....................................................................................................................................................
2.
.......................................................................................................................................................
3.

.......................................................................................................................................................
B.

1.

..................................................................................................................................................
2.

..................................................................................................................................................
3.

..................................................................................................................................................
4.

a. :.........................................................................................................

b. .................................................................................................

WIBAWA, Bahan Ajar Bahasa Jawa SMA/MA/SMK Daerah Istimewa Yogyakarta


66
c. ........................................................................................................

d. ........................................................................................................

e. ........................................................................................................

5.
...............................................................................................................................................
...............................................................................................................................................

KAWRUH TEMBUNG

d. Pakon utawi hagnya


1) pakon tanduk
Inggih punika tembung tanduk wantah kawimbuhan panambang -a, tembung
tanduk -i kriya kawimbuhan panambang -ana, tembung tanduk -ké kriya
kawimbuhan panambang -na. Tuladhanipun
maca + a = macaa, namaning rimbag pakoné tanduk wantah
milih + ana = milihana, namaning rimbag pakoné tanduk -i kriya wantah
mbalèk + na = mbalèkna, namaning rimbag pakoné tanduk -ké kriya.
2) pakon tanggap
Inggih punika pakon ingkang ngginakaken tembung tanggap, awit wujud pakon
pramila menawi sampun mlebet ing ukara, ukara wau namung katujokaken
dhateng tiyang ingkang dipunajak gineman.
- kokwaca, pakonipun tanggap dados wacanen. Rimbagipun pakoné tanggap ko
wantah
- kokpilihi, pakonipun tanggap dados pilihana. Rimbagipun pakoné tanggap ko
-i
- kokbalèkaké, pakonipun tanggap dados balekna. Rimbagipun pakoné
tanggap ko -ké
e. Sananta lan Tandang
Sananta, inggih punika tembung ingkang kedadosan saking tembung tanduk
kaparingan wuwuhan ater-ater tak/dak. Tuladhanipun:
- tak ngétung, saking tembung tanduk ngétung, tegesipun tumandang badhé
ngetung. Rimbagipun kasebut sananta tak wantah.
- tak nggarani, saking tembung tanduk nggarani, tegesipun tumandang badhé
nggarani. Rimbagipun kasebat sananta tak -i kriya.
- tak nakokake, saking tembung tanduk nakokaké, tegesipun tumandang badhé
nakokaké. Rimbagipun kasebat sananta tak -ké kriya.
Sananta di, inggih punika sananta ingkang kanthi ater-ater di, mujudaken pakon
dhateng madyama purusa supados nglampahi kados ingkang kacetha ing
lingganipun tembung. Tuladhanipun:
- di waskitha, rimbagipun sananta di wantah.
- di mriyayèni, rimbagipun sananta -i kriya.

WIBAWA, Bahan Ajar Bahasa Jawa SMA/MA/SMK Daerah Istimewa Yogyakarta


67
- di nggatèkaké, rimbagipun sananta -ké kriya.
Ing salebeting tembang utawi kidung, di kalamangsa kagantos dèn kadosta dèn
bisa, dèn waspada
Tandang, kedadosan saking tembung tanggap kawimbuhan panambang -é, -ané, -
né. Tuladhanipun:
- tak étungé, asalipun saking tanggap tak étung, rimbagipun kasebat tandang
wantah. Wujudipun: tak + lingga + é
- tak garanané, asalipun saking tanggap tak garani, rimbagipun kasebat tandang
tak -i kriya. Wujudipun: tak + lingga + ané
- tak tukokné, asalipun saking tanggap tak tukokaké, rimbagipun kasebat tandang
-ké kriya. Wujudipun: tak + lingga + né

WIBAWA, Bahan Ajar Bahasa Jawa SMA/MA/SMK Daerah Istimewa Yogyakarta


68
WULANGAN

Kompetensi Dasar

Memahami ajaran moral cerita wayang


Materi Pokok: Carios Wayang

A. Kawaosa kanthi permati!

WIWITANIPUNRINGGIT

Miturut para ahli budaya ugi panemunipun para ahli arkeologi ingkang wonten ing
Negari Indonesia, kesenian ringgit punika estunipun sampun wonten wiwit rumiyin, rikala
taksih jaman kina, inggih punika jaman sadèrèngipun wonten agama Hindu-Budha. Ing jaman
punika ingkang dipunwastani ringgit sampun wonten ing Negari Indonesia. Dados ringgit
punika inggih kabudayan asli Negari Indonesia. Wekdal punika, seni ringgit taksih wonten
gegayutanipun kaliyan kapitadosan animisme ingkang taksih dipunanut para leluhuring
bangsa Indonesia.
Miturut kapitadosan animisme, ruh leluhur saged dipunagem kanggé sarana
nyenyuwun kamulyan saha pangayoman gesanging manungsa. Kosok wangsulipun ruh kala
wau ugi saged ndadosaken cilakanipun manungsa. Pramila, rikala semanten,
menawiwontenpikajengan nyenyuwun pitululungan dhumateng ruh para leluhur, lajeng
dipunwontenaken upacara ritual kados déné wilujengan, ingkang ngendikanipun saged
nimbali ruh para leluhur ingkang sampun sami séda. Upacara ritual kala wau
dipunwontenaken kanthi cara ngawontenaken pagelaran ringgit. Kinten-kinten wiwitanipun
warsa Masehi, kados ingkang dipuncariyosaken déning para ahli sujarah, bilih bangsa Hindu
saking India kathah ingkang dados imigran wonten Indonesia. Sansaya dangu, purun boten
purun ndadosaken éwahing kabudayan, salajengipun kabudayan saking agami Hindu-Budha
saged dipuntampi déning bangsa Indonesia.
Ing jaman punika, basa Sansekerta sampun dipunagem déning kalangan bangsawan
ingkang salajangipun mangaribawani basa asli Jawa saha basa Bali. Wonten jaman punika seni
ringgit déning bangsa Hindu dipunagem minangka sarana mekaraken saha medharaken
kabudayan Hindu kanthi lantaran cariyos Mahabharata utawi Ramayana. Kahanan kados
punika salajengipun ndadosaken budaya asli bangsa Indonesia nyawiji kaliyan budaya Hindu.
Kesenian ringgit ingkang sampun nyawiji kala wau njalari agama Hindu cepet anggènipun
sumrambah, rumesep saha dipuntampi déning masyarakat Indonesia.

WIBAWA, Bahan Ajar Bahasa Jawa SMA/MA/SMK Daerah Istimewa Yogyakarta


69
Pramila ing salebitipun cariyos ringgit punika kathah pranatan kabudayan agama
Hindu. Miturut kitab Centhini dipunsebataken, wiwitanipun kesenian ringgit purwa punika
cinipta déning Raja Jayabaya saking Kediri. Kinten-kinten abad 10, Prabu Jayabaya nyipta
gegambaranipun ruh leluhur ingkang lajeng dipunserat ing rontal. Gegambaran kados punika
kalawau dipuntiru ing cariyos Ramayana, ingkang kaserat ing candi panataran Blitar. Prabu
Jayabaya remen sangetdhateng isinipun Ramayana amargi Prabu Jayabaya manembah dewa
Wisnu. Masyarakat ugi tasih pitados menawi Prabu Jayabaya panjalmaning utawi titisipun
Bethara Wishnu.
Nalikajaman Kraton Jénggala, kesenian wayang purwa dipunsampurnakaken
wujudipun kanthi èndah déning Raja Jénggala Radèn Panji Rawisrengga utawi Sri Suryawisesa.
Kocaping cariyos ringgit kala wau lajeng dipunklempakaken saha dipunsimpen salebeting
kothak ingkang èndah. Sesarengan punika ugi dipundamel pakem cariyos ringgit purwa
ingkang dipunpagelaraken rikala wonten upacara ingkang wigati ing kraton saha kanthi
dhalang Sri Suryawisesa.
Rikala jaman Majapahit kesenian ringgit punika langkung dipunsampurnakaken saha
dados sansaya èndah, sasampunipun paripurna anggènipun nyampurnakaken, ringgit lajeng
dipun gulung dados setunggal. Ringgit ingkang wujudipun gulungan punika (menawi
dipunginakaken sajroning pagelaran kanthi cara dipunbèbèr) salajengipun dipunparingi nama
wayang Bèbèr. Wiwit wonten wayang bèbèr punika, kesenian wayang lajeng dipunwedhar,
ngrambah medal saking lingkungan keraton. Wiwit saking punika masyarakat ing njawi
keraton saged ningali kaèndahanipun pagelaran kesenian wayang bèbèr.
Salajengipun ing jaman pungkasaning Majapahit, pengaruh Agami Islam sampun wiwit
sumrambah ing tlatah Jawa. Déning parawali saha sunan, kesenian ringgit punika ugi
dipunagem kanggé sarana medharaken ajaran agami Islam. Kahanan kados punika njalari
kesenian ringgit katah éwah-éwahanipun, mliginipun bab wujudipun, kanggé ngicali
gegambaranipun manungsa ingkang wonten ing ringgit punika dipunicali, amargi wonten
agami Islam punika boten dipunparengaken saha ugi kanggé ngicali gegambaran ingkang
mujudaken agama Hindu. Ing jaman punika, wujudipun ringgit dipunéwahi, dipundamel
saking wacucal saha balung ingkang dipunwujudaken simbol supados gegambaranipun
manungsa dados samar. Pungkasanipun, ngantos jaman punika wujudipun ringgit namung
arupi simbol-simbol gesangipun manungsa.
(Karangkum saking seratanipun RA. Sutini BA, kanthi éwah-éwahan sawetawis)

B.Mangsuli Pitakèn

Kawangsulana pitakèn ing andhap punika kanthi basa ingkang becik!


1. Punapa ingkang dipunwastani ringgit punika?
2. Kadospundi ringgit punika saged wonten ing tanah Jawa?
3. Sinten Ingkang wiwitan nyipta ringgit kados déné ringgit ing jaman punika?
4. Jaman rumiyin ringgit punika minangka sarana kagem punapa?
5. Kadospundi ringgit ing jaman punika?

WIBAWA, Bahan Ajar Bahasa Jawa SMA/MA/SMK Daerah Istimewa Yogyakarta


70
TuladhaCariyos Wayang

Wahyu Cakraningrat

Wahyu Cakraningrat minangka wahyu Ratu.S atriya ingkang saged kasinungan Wahyu
Cakraningrat kedah luhur bebudinipun sarta kiyat ngadhepi sadaya godha rencana. Sinten
kemawon tiyang ingkang saged nggayuh Wahyu Makutharama badhé dados raja gung
binathara sajagad raya.
Wahyu punika sinebatWahyu Cakraningrat utawi Wahyu Wijining Ratu. Gusti Ingkang
Hakarya Jagad paring wahyu kanggé tiyang ingkang manahipun tulus. Wahyu
Cakraningrat boten gampil kagayuh déning sadhéngah titah, namung titah pilihan ingkang
saged kadunungan pulung wahyu punika.
Wahyu Cakraningrat punika cariyos ingkang nyariosaken satriya gunggung tiga
ingkang tasih wiranem ingkang nedya dados Raja Gung Binthara. Ananging kanggé dados
raja, tiga satriya wau kedah pikantuk wahyu keraton, sinebut Wahyu Cakraningrat.Ing
cariyos pewayangan punika, wahyu keraton namung wonten ing khayangan. Wahyu
punika wujudipun tiyang jaler ingkang sesilih Bathara Cakraningrat. Wahyu punika
tumurun ing ngarcapada kanggé madosi satriya wiranèm kasebat “Kurungan Kencana”
ingkang pantes kajumenengaken raja.
Kanthi madhep manteb, Bathara Cakraningrat ingkang dipunbiyantu Dèwi Maninten
mandhap ing bumi. Tigang satriya kalawau sampun nengga rawuhipun Bathara
Cakraningrat. Satriya gunggung tiga wau inggih punika:
Radèn Lesmana Mandrakumara putranipun Prabu Duryudana saking Ngastina. Radèn
Samba putranipun Raja Dwarawati Sri Kresna, sarta Radèn Abimanyu putranipun Radèn
Arjuna.Watakipun satriya tiga punika wau warni-warni, inggih punika:
Radèn Lesmana Mandrakumara nggadhahi watak gungan, boten mandhiri, boten kiyat
ngadhepi sadaya godha rencana.
Nalika Lesmana semèdi wonten ing wana Gangga wirayang, Wahyu Cakraningrat
mlebet ing angganipun Lesmana. Tapanipun Lesmana jugar awit sampun milara (tumindak
adigang-adigung-adiguna). Tiyang Sepuh jaler ingkang lumampah ing ngajengipun
Lesmana, kanthi mbeta kathah barang. Tiyang jaler wau lumampah kanthi mardika tanpa
purun ngaturaken sembah pangabekti dhateng Lesmana.Lajeng Tiyang Sepuh kalawau
dipunpilara déning Lesmana.Lesmana ugi kapilut panggodhanipun widadari Pamulatsih
ingkang sulistya ing warna. Widadari Pamilutsih punika malihanipun Dèwi Maninten.
Amargi boten kuwawi ngendhalèni hardaning kanepson, wahyu punika oncat saking
angganipun Radèn Lesmana.
Radèn Sambasemèedi wonten ing wana Ganggawirayang, Wahyu Cakraningrat mlebet
ing angganipun Radèn Samba. Tapanipun Radèn Samba jugar awit boten nggadhahi manah
ingkang adil nalika wonten pawongan kalih nedya ndhèrèk ngabdi ing Dwarawati.
Pawongan ingkang setunggal kakung sampun aki-aki (sepuh) lajeng pawongan ingkang
satunggalipun wanodya taksih timur lan sulistya ing warni. Radèn Samba namung kersa
nampi satunggal kinarya abdi inggih punika wanodya kalawau. Pramila Wahyu
Cakraningrat lajeng oncat saking angganipun Radèn Samba ingkang nggadhahi watak pilih
sih (boten adil).
Miturut cariyos Radèn Abimanyu ingkang pikantuk pulung Wahyu Cakraningrat.
Amargi Radèn Abimanyu gadhah watak luhur bebudenipun, ugi saé tindak-tandukipun,

WIBAWA, Bahan Ajar Bahasa Jawa SMA/MA/SMK Daerah Istimewa Yogyakarta


71
kuwawi ngendhalèni hardaning kanepson, boten gampil kabidhung déning godha rencana,
adil paramarta lan andhap asor.
Radèn Abimanyu kagungan turun ingkang tembé wingkingipun dados Raja pinunjul
jejuluk Prabu Parikesit, inggih punika raja gung binathara ing Kraton Ngastina.
Dados ingkang sinebat satriya utama, inggih punika:
Satunggaling tiyang ingkang gentur tapanipun, manahipun tulus, boten gampil miyur
manahipun menawi kabidhung déning godha rencana,sarta tansah sumadiya mbela
bebener, adil paramarta,lan tansah andhap asor.
(Kapundhut saking dokumen pribadi Triwik Damarjati)

Ngundhuh Wohing Pakarti

Kacariyos rikala semanten ing pertapan Gunung Tunon, wonten satunggaling


Brahmana ingkang gentur tapanipun, peparab Resi Gutama. Awit saking genturing tapa,
déning jawata kaparingan kanugrahan garwa widadari ingkang kekasih Bathari
Windrati.Anggènipun gesang bebrayan kekalihipun tansah atut runtut boten nate
cecongkrahan. Kekalihipun kaparingan putra tiga, ingkang pambajeng mijil putri sesilih Dèwi
Anjani, panenggakipun kakung aran Radèn Guwarsa, déné ingkang wuragil mijil kakung aran
Radèn Guwarsi. Dèwi Anjani ketingal sulistya ing warni, dénéRadèn Guwarsa lan Guwarsi
bagus rupinipun. Tetiganipun tansah kaweleg kawruh manéka warni supados ing tembé dados
janma ingkang utami mangertos ing reh kaprajan, bekti dhateng Ingkang Akarya Jagad.
Pinuju satunggaling dinten nalika Resi Gutama miyos ing pacrabakan, dumadakan
putra kakung kekalih sami sowan munjuk atur.
“Rama panembahan, kénging punapa Rama tansah emban cindhé emban siladan dhateng para
putra. Panjenengan bédak-bédakaken anggèn panjenengan ngrengkuh para putra?” makaten
aturipun Guwarsa lan Guwarsi.
“Anakku nggèr, généya sira sakloron darbé atur kang mangkono marang rama?”
“Rama, kangmbok Anjani panjenengan paringi dolanan ingkang wujudipun gumebyar.
Dolanan wau saben kula sambut mesthi boten pikantuk.”
“Anakku sakloron, babar pisan rama ora duwé pambeg emban cindhé emban siladan,
coba mbakyumu timbalana, pun rama kepingin nyumurupi apa wujudé dolanan iku?” makaten
dhawuhipun Resi Gutama dhateng Radèn Guwarsa.
Dèwi Anjani tumuli katimbalan, sasampunipun dumugi ing sangajenging Sang Resi
lajeng kadangu.
“Anjani, apa bener sira darbé dolanan kang mawa sunar gumebyar?” pandangunipun
Resi Gutama.
Ing sakawit Dèwi Anjani boten purun ngaken, ananging awit ajrihipun dhateng ingkang rama
wusana matur walaka menawi dolanan kala wau paringanipun ingkang ibu. Dolanan kala wau
dipunwastani cupu manik astagina. Datan antawis dangu cupu kala wau énggal kacaosaken
dhateng ingkang rama.
Sepinten kagyat ing galih Sang Resi dupi mirsani wujuding cupu punika, amargi
ingkang kagungan punika namung Bathara Surya. Tumuli Dèwi Windrati katimbalan saha
kadangu.
“Windrati, blakaa marang aku, saka ngendi pinangkané cupu iku?” pandangunipun Sang Resi.
Dèwi Windrati namung mèndel kéemawon, awit kawiyak wadosipun menawi barang punika
paringanipun Bathara Surya.Resi Gutama ngantos mawali-wali anggènipun ndangu, ananging

WIBAWA, Bahan Ajar Bahasa Jawa SMA/MA/SMK Daerah Istimewa Yogyakarta


72
Dèwi Windrati tetep mèndel boten caos wangsulan. Temahan Resi Gutama duka yayah sinipi,
ngantos kawiyos pangandikanipun.
“Teka anèh temen Windrati, daktakoni bola-bali kowé ora gelem wangsulan, prasasat
kaya tugu wujudmu.” Datan kanyana-nyana Dèwi Windrati ical sipating janma manungsa salin
wujud dados tugu ingkang dedegipun wolung dedeg pangawe. Anjani, Guwarsa, lan Guwarsi
sami rerantan tangis, nyuwunaken pangapunten awit kalepatanipun ingkang ibu dhateng
ingkang rama. Ananging sadaya wau tanpa guna, bebasan sabda pandhita ratu, punapa
ingkang kawedhar datan saged kaambli malih.
“Anakku kabeh wae, wus dadi kersaning kang Murbeng Dumadi, manawa ibumu kudu
nglakoni kaya mangkene, besuk yen wus tibaning mangsa kala ibumu bakal bali marang mula-
mulane samangsane ana perang gedhe ing Ngalengka.Mula tugu iki bakal daklungakake, aja
pisan-pisan tiba lamun durung tekan ing tlatah Ngalengka.” Makaten pangandikanipun Resi
Gutama.Tugu dipungetak dumugi ing tlatah Ngalengka.
Sasampunipun punika para putra tetiga taksih regejegan sami rebatan cupu. Resi Gutama
mangertosi putra-putranipun sami regejegan lajeng ngendika.
“Sejatine cupu iki dudu kowé kang wajib ndabéni, nanging manawa kepingin sira ndabéni
cupu iki bakal daksawatake. Cupu ingkang sampun kaasta Resi Gutama lajeng dipunbucal
kasawataken kanthi kasektenipun ngantos dumugi satengahing wana lan lumebet ing tlaga
Madirda. Sang Resi ngendika menawi cupu kala wau boten dados hakipun putra-putranipun.
Awit kadereng raos mélikipun putra tetiga sami mbujung cupu kala wau. Resi Gutama dhawuh
dhateng rayinipun inggih punika Jembawan saha Danurwenda kinen ngawat-awati plajaripun
ingkang putra.
Sadumuginipun samadyaning wana Guwarsa lan Guwarsi mangertos cumloroting cupu
dhumawah ing tlaga, mila kekalihipun lajeng sami ambyur ing tlaga kala wau. Semanten ugi
Anjani awit ngraosaken sayah, sadumuginipun sacelaking tlaga lajeng masuh pasuryan saha
astanipun. Jembawan saha Danurwenda ingkang sadèrèngipun sampun dipunweling supados
boten nggadhahi raos mélik dhateng cupu sami kesupèn kekalihipun ugi ambyur ing tlaga.
Wusana sadaya boten manggihaken cupu malah wujudipun sami dados wanara. Dèwi Anjani
ingkang namung masuh pasuryan saha astanipun ingkang salin wujud dados wanara inggih
namung pasuryan saha astanipun.
Sadaya ngraosaken judheg boten manggihaken cupu malah kepara rupinipun salin
wujud dados wanara. Salajengipun sadaya sowan dhateng Sang Resi Gutama.
“Adhiku sakloron lan anakku katelune pisan, kaya tembungku ing ngarep, menawa cupu
manik iku dudu wewenangmu. Kaluputanmu bakal oleh pangapura, ananging kanthi sarana.
Guwarsa, sira tapaa ngalong lan nganggoa jeneng Subali. Aja wudhar anggonmu tapa lamun
durung antuk peparing saka Dewa Kang Pinunjul. Guwarsi, sira tapaa ngidang ing alas
Dhandhaka lan nganggoa jeneng Sugriwa, ya ing kana sira antuk pepadhang. Déné anakku
Anjani kowé tapaa nyanthoka utawa kungkum, aja pisan-pisan mangan menawa ora olèh
peparing Kang Murbèng Dumadi.” Makaten pangandikan Resi Gutama dhateng para
putranipun. Putra tetiga lajeng sami bidhal ngestokaken dhawuhing Rama. Déné Danur
Wénda lan Jembawan taksih kawejang déning Sang Resi bab kawruh sejatining gesang.
(Kapundhut saking dokumen pribadi Slamet Nugroho)

WIBAWA, Bahan Ajar Bahasa Jawa SMA/MA/SMK Daerah Istimewa Yogyakarta


73
Gladhén

Piwulang punapa kémawon ingkang saged kapundhut saking cariyos ringgit ing inggil punika,
sasampunipun kapanggih piwulangipun lajeng kaandharaken ing ngajeng kelas!

Gladhén

Kadamela kelompok (4-5 siswa) lajeng dipunpadosi cariyos ringgit saged kapilih setunggal
irah-irahan kadosta Sembadra Larung, Wahyu Makutharama, Arjuna Wiwaha,Kresna Duta,Bima
Bungkus, Dewa Ruci, Balé Sigala-gala,Bambang Sumantri lan Pétruk Dadi Ratu. Kapendhet
piluwang luhuripun. Salajengipun dipunandharaken ing sangajenipun kelas. Kelompuk sanès
paring panyaruwélan pamanggih!

KAWRUH UKARA

3. UKARA BOTEN GANEP


Sampun kababar menawi ukara ganep punika kadadosan saking Jejer, Wasésa, Lésan saha
Katrangan utawi saboten-botenipun Jejer kaliyan Wasésa. Ananging ing basa Lésan inggih
punika ing ukara pitakon utawi pakon. Péranganing ukara boten ganep, trekadhang wujud
jejer mawon, déné wasésanipun boten wonten. Wonten wasésa, jejer boten wonten. Malah
wonten sawenèh perangan ukara ingkang Jejer saha Wasésanipun boten wonten, ananging
ingkang dipunajak gineman sampun mangertos punapa ingkang dipunkersakaken.
Kagatosna ukara ing andhap punika:
 Rénéa!
 Sardi!
 Nyang ngendi?
Ing ngriku, katingal cetha menawi péranganing ukara cèwèt. Ukara ingkang kados makaten
punika ingkang dipunwastani Ukara Boten Ganep. Tegesipun wonten péranganing ukara
ingkang boten kaaturaken, amargi panci sampun boten prelu, awit ingkang dipunajak
gineman sampun saged nampi.
Werna-wernining ukara boten ganep, inggih punika:
a. Ukara Cèwèt Jejeripun
Ukara punika kapanggihaken ing ukara pakon, pangajap, pitakon, pangandikan lsp.
Ukara Pakon
Ingkang dipunprèntah boten kasebut, inggih punika jejer.
Tuladha:
 Mangana!
 Damunen téplok kaé!
Ukara Pangunandika
Ingkang dipunginem inggih punika jejer, boten kaucap.
Tuladha:
 Wah, apiké!

WIBAWA, Bahan Ajar Bahasa Jawa SMA/MA/SMK Daerah Istimewa Yogyakarta


74
 Wah, abangé!
 Iba senengé!
Ukara Pitakon
Ingkang dipunsuwuni pirsa utawi ingkang dipuntakèkaken boten kasebut, inggih
punika Jejer
Tuladha:
 E, badhé tindak pundi?
 Nyerat Punapa?
b. Ukara Cèwèt Wasésanipun
Tinemu ing ukara pakon utawi ukara pitakon
Tuladha:
 Sriyati! (Ganepipun umpaminipun kados mekaten: Sriyati kudu mangan!)
 Ula! (Ganepipun umpaminipun kados mekaten: Gebugen ula kuwi!)
 Pak gedhé! (Dados wangsulanipun pitakon ingkang upaminipun mekaten: Sinten
ingkang ngendika ing ngajengan punika?)
c. Ukara Cèwèt Jejer saha wasésanipun
Ukara punika saged awujud lésan kémawon utawi katrangan mawon. Namung awujud
lésan kémawon ingkang nandhang.
Tuladha:
 Germa mbedhil apa?
 Kidang (ganepipun: Germa mbedhil kidang)
 Murid-murid mahargya sapa?
 Bapak Bupati (ganepipun: Murid-murid mahargya Bapak Bupati)
Wujud lésan ingkang pinurih mawon.
Tuladha:
 Ibu numbasaken olèh-olèh sinten?
 Laré-laré (ganepipun: Ibu numbasaken olèh-olèh laré-laré)
 Njenengan nyuwunaken pamit sinten?
 Pun Sidin (ganepipun: kula nyuwunaken pamit Pun Sidin)
Wujud katrangan ingkang tumindak
Tuladha:
 Dipunpaculi sinten sabinipun?
 Murid-murid sedaya (ganepipun: sabinipun dipunpaculi murid-murid sedaya)
 Buku punika badhé dipunsuwun sinten?
 Sardi! (ganepipun: buku punika dipunsuwun Sardi)
Wujud katrangan wayah
Tuladha:
 Kapan lungané sardi?
 Kala wingi (ganepipun: Sardi tindak kala wingi)
 Kapan sédané simbahmu?
 Nalika jawah awu redi kelud taun kepengker.
Wujud katrangan panggonan
Tuladha:
 Banjur dipetak ngendi?
 Ing pasaréan Kuncen.
 Bukuné kèri ngendi?
 Ing sekolahan (ganepipun: Bukunipun katilar ing sekolahan)

WIBAWA, Bahan Ajar Bahasa Jawa SMA/MA/SMK Daerah Istimewa Yogyakarta


75
Wujud katrangan sebab
Tuladha:
 Yagéné kowé ora mlebu?
 Sebab sakit. (ganepipun: kula boten mlebet sebab sakit.)
 Apa alesané, déné kowé wani nglirwakaké wajib?
 Amargi anak kula monthah (ganepipun: kula boten mlebet, amargi anak kula
monthah)
Wujud katrangan akibat
Tuladha:
 Apa pamrihmu déné laku sandi?
 Amrih boten ngetawisi (ganepipun: kula alampah sandi amrih boten angetawisi)
Katrangan sanèsipun boten prelu dipunparingi tuladha.
Déné ingkang kedah dipunémut, bilih guneman sacekak-cekaking ukara boten ngantos
manggih suraos. Boten ngertos udanagara amargi boten sekéca dipunpirengaken.
Cengkah kliyan unggah-ungguhing basa. Pramila langkung saé radi panjang tinimbang
cekak-cekak sanget. Malah senadjan wangsulan namung satembung, anggénipun
ngucapaken dipunulur, dipunpanjangaken.

WIBAWA, Bahan Ajar Bahasa Jawa SMA/MA/SMK Daerah Istimewa Yogyakarta


76
UJI KOMPETENSI

Kawangsulana pitakénan ingandhap punika kanthi cara miji wangsulan A, B, C,D, utawi E
ingkang leres!

1.

Seratan aksara Jawa ing inggil menawi kalatinaken inggih punika….


A. gambang suling gumandang swarané
B. gambang sruling gumandhang swarané
C. gambang suling ngumandang swarané
D. gambang suling kumandhang suarané
E. gambang suling ngumandhang swarané
2.

Seratan aksara Jawa ing inggil menawi dipunserat latin kanthi trep lan leres
inggih punika….
A. reksané awakmu lan keluwargamu saka geni neraka
B. rekane awakmu lan kluwargamu saka geni neraka
C. reksanen awakmu lan kluwargamu saka geni neraka
D. reksanè awakmu lan kluwargamu saka geni nraka
E. rekasané awakmu lan keluwargamu saka geni neraka
3. ….

A.

B.

C.

D.

E.

4. …

A.

B.

C.

D.

E.

WIBAWA, Bahan Ajar Bahasa Jawa SMA/MA/SMK Daerah Istimewa Yogyakarta


77
5.

Seratan aksara Jawa ing inggil menawi kalatinaken inggih punika…


A. Bapa dhahar kolak.
B. Bapak dahar kolak.
C. Bapa dahar kolak.
D. Bapak dhahar kolak.
E. Bapak madhang kolak.
6.

Seratan aksara Jawa ing inggil menawi kalatinaken inggih punika…


A. persami wis rampung
B. persami sampun rampung
C. persami wis rampungan
D. persami rampungna
E. persami rampungaken
7.

Seratan aksara Jawa ing inggil menawi kalatinaken inggih punika…


A. kabèh kudu masak
B. kabèh kudhu masak
C. kabèh iku masak
D. kabèh kudu masaka
E. kabèh ki masak
8. Para kyai padha rapat. Menawi dipunserat mawi aksara Jawa ingkang leres
inggih punika….
A.

B.

C.

D.

E.
9. ….

A.

B.

C.

WIBAWA, Bahan Ajar Bahasa Jawa SMA/MA/SMK Daerah Istimewa Yogyakarta


78
D.

E.
10. … Tetembungan kasebat cobi dipunrampungaken!

A.

B.

C.

D.

E.
11. Ing andhap punika tuladhanipun kesenian tradisional, kajawi….
A.

B.

C.

D.

E.
12. …

A.

B.

C.

D.

E.

13. …

A.

B.

WIBAWA, Bahan Ajar Bahasa Jawa SMA/MA/SMK Daerah Istimewa Yogyakarta


79
C.

D.

E.

14.

Seratan aksara Jawa ing inggil menawi kalatinaken inggih punika…


A. Kadang kaliyan kethèk.
B. Kendhang kaliyan kulit.
C. Kedhung kaliyan kutuk.
D. Kandhang kaliyan kebon.
E. Kidang kaliyan kethèk.
15. Seratan Jawa ing andhap ingkang ungelipun: Siti arep adus, inggih punika.…
A.

B.

C.

D.

E.
16. Seratan Jawa ing andhap punika ungelipun….

A. Gemah ripah kerta raharja.


B. Gemah ripah tata tentrem.
C. Gemah ripah panjang-punjung.
D. Gemah ripah titi jinawi.
E. Gemah ripah loh jinawi.
17.

Seratan aksara Jawa ing inggil punika menawi kalatinaken inggih punika…
A. Darmana nggorèng témpé.
B. Darmono nggorèng témpé.
C. Darmana nggorèng tahu.
D. Darmono nggorèng tahu.
E. Darmana nggorèng tahu témpé.

WIBAWA, Bahan Ajar Bahasa Jawa SMA/MA/SMK Daerah Istimewa Yogyakarta


80
18. Seratan Jawa ing andhap ingkang ungelipun: Dudu sanak dudu kadang, yèn
mati mèlu kélangan, inggih punika.…
A.

B.

C.

D.

E.

19. ….

A.

B.

C.

D.

E.

20. dipunwaos ....

A. Sragèn 1 Oktober 1973.


B. Sragèn 1 Oktober 1974.
C. Sragèn 1 Oktober 1975.
D. Sragèn 1 Oktober 1976.
E. Sragèn 1 Oktober 1978.
21. Imunisasi polio manawikaseratngangge aksara Jawa ….

A.

B.

C.

D.

E.

WIBAWA, Bahan Ajar Bahasa Jawa SMA/MA/SMK Daerah Istimewa Yogyakarta


81
22. dipunwaos ...

A. Kakarepan.
B. Kakarapan.
C. Kekarepan.
D. Kakerepan.
E. Kekerepan.
23. ……

A.

B.

C.

D.

E.

Wacan 1 (kanggé mangsuli pitakènan nomer 24- 26)

Layanganku Temangsang ing Wit Nangka Pinggir Tlaga


Angin cekikikan mbandul buntut layangan ngalor ngidul gentèyongan. Ugel-ugel pang
nangka mlinder otot layangan njerit sambat pitulungan. Tlapukan mata busur layangan
ndengèngèk nyawang égoling cethul njumbal-njumbul ngrajut tirta ing sepining tlaga. Kaper,
kinjeng, walang, kupu iber-iberan njogèd kentrung kanthi ketipung irung garèngpung.
Kriyak kriyek pring petung keprungu molèt. Nyurung barisan bledug kang cinèkèr piyik
prenjak. Ngawé-awé wit gedhang katon kaya jubah wéwé. Cethul, cébong kungkum tlaga
katon bathuk nonong rai ndomblong. Suket, pethètan, kembang tratè nyeblak banyu kaya
ranté. Ndhok Iyik irit-iritan ngekum swiwi tanpa nglangi. Kulitku kliwir-kliwir digrawuk
angin barat tanpa kendhat. Rangkaku inguk-inguk lambé tlaga ngawé-awé. Tulung-tulung
iki tlaga ireng ngemplok ragaku kang wus buntung. Wit Nangka ra nyangka dadi saksi
layanganku diemplok tlaga.
(déning Triwik Damarjati)
24. Ing ukara ”Angin cekikikan mbandul buntut layangan ngalor ngidul gentèyongan” ,
tegesipun inggih punika....
A. Kasangsaran tiyang mlarat ingkang boten kwawi nyekapi kabetahan gesangipun.
B. Panggesangan ing alam donya pancèn awrat satemah kathah tiyang ingkang cupet
manahipun lajeng lampus dhiri.
C. Panggesangan tiyang ing alam donya ingkang kebak kabagyan amargi sedaya
kabetahan gesangipun sampun kacekapan.
D. Kasangsaran tiyang mlarat ingkang nglampahi gesang ngrekaos sanget ngantos
dumugining séda, kanthi kebak papa cintraka.
E. Tiyang ingkang nembé nglampahi sakharatul maut.

WIBAWA, Bahan Ajar Bahasa Jawa SMA/MA/SMK Daerah Istimewa Yogyakarta


82
25. Ing ukara ”Tulung-tulung iki tlaga ireng ngemplok ragaku kang wus buntung"tegesipun inggih
punika....
A. Tiyang ingkang nandhang sesakit ingkang boten wonten tambanipun.
B. Tiyang ingkang gesangipun sangsara ngantos dumugining séda, nanging boten wonten
tiyang ingkang paring pitulungan.
C. Panyuwunipun pungkasan tiyang ingkang badhé séda, supados jasadipun
dipunpendhet saking lebet tlaga.
D. Tiyang ingkang dhawah saking wit nangka lajeng kelem ing lebet tlaga.
E. Panyuwunan tiyang ingkang kepingin mendhet uwoh nangka ing pinggiring tlaga.
26. Ing ukara ”Tlapukan mata busur layangan ndengèngèk nyawang égoling cethul njumbal-njumbul
ngrajut tirta ing sepining tlaga” tegesipun inggih punika...
A. Kadhangkala tiyang gesang punika boten mangertos wonten tiyang sanès sakcelakipun
nembé nglampahi kasangsaran, ingkang sanget mbetahaken pitulungan.
B. Tiyang ingkang gesangipun kinembeng ing kamulyan sarta remen paring pitulungan
dhateng sesami
C. Tiyang sapunika kathah ingkang gesang kanthi menggalihaken kabetahanipun
piyambak amargi kabetahan sapunika sangsaya awrat sangganipun.
D. Tiyang ingkang nglampahi gesang sangsara amargi kekathahen utang.
E. Panyuwunan tiyang ingkang sangsara nyuwun énggal-énggal tumekaning séda.
27. Sarat ngripta geguritan ingkang saé, inggih punika kajawi...
A. milih tembung ingkang mentes lan mantesi
B. wonten tembung èndah (purwakanthi,dwilingga lan sapanunggilapun)
C. wonten tembung Kawi
D. isinipun trep kaliyan tema/jejer.
E. saged dipunanalisis isinipun kanthi gampil.

28. Ingkang boten kalebet bédanipun geguritan kaliyan macapat, inggih punika...
A. Wonten guru lagu
B. Wonten pilihan tembung (diksi)
C. Wonten guru gatra
D. Wonten sasmita tembang.
E. Wonten guru wilangan

Wacan 2 (kanggé mangsuli pitakènan nomer 29- 31)

Aja Kuwatir Pahlawanku


déning: R. Bambang Nursinggih
Tekan pucuk punthuké sasanalaya ora gawé kuciwa
Aruming kukus ratus ngambar sumebar kumelun ngekuwung mendhuwur
Kumlèbaté kembang setaman kacampur sadana minangka sawur
Kairing swara kidung mbrengengeng lamat-lamat mangungkung
Mimbuhi rasa sungkawa kang jero tumrap kang lagi suwung
Sumitra lan sedulur samya manekung santi puja
Muji lelabuhané pupus puspa kang kapagut ing rananggana
Katrima minangka amal baktiné Ing ngarsa dalem Allah Ta’ala
(Arak-arakan Geguritan, 2007)

WIBAWA, Bahan Ajar Bahasa Jawa SMA/MA/SMK Daerah Istimewa Yogyakarta


83
29. Aruming kukus ratus ngambar sumebar kumelun ngekuwung mendhuwur
Tembung sumebar mujudaken tembung andhahan, tembung lingganipun,inggih punika ...
A. sumeb
B. mebar
C. ebar
D. sebar
E. umeb

30. Muji lelabuhané pupus puspa kang kapagut ing rananggana. Wonten ing ukara kapanggihaken
purwakanthiinggih punika ...
A. guru lagu
B. guru sastra
C. guru swara
D. guru gatra
E. guru wilangan
31. Ing andhap punika jumbuh kaliyan wosing pada kalih geguritan ingkang asesirah Aja
Kuwatir Pahlawanku, inggih punika …
A. Sedaya tiyang sami sedhih
B. Wontenipun sekar/kembang ingkang mati.
C. Sanak sedhèrèk sami ndedonga dhateng Gusti Ingkang Maha Kawasa mugi-mugi boten
wonten ingkang suwung.
D. Sanak sedhèrèk sami ndedonga dhateng Gusti Ingkang Maha Kawasa mugi-mugi para
pahlawan katampi amal kasaénanipun.
E. Maringi puji pangalembana dhateng para pahlawan.
32. Satunggalipun geguritan kedah saged caos patuladhan lan pitutur ingkang saé, sarta
migunani kanggé sanguning gesang ing alam donya. Makaten punika satunggalipun unsur
geguritan ingkang sinebut, inggih punika ...
A. èstètis
B. kohèren
C. nuwuhaken raos tresna
D. aspiratif
E. édukatif
33. Geguritan saged rinaos èndah awit kadhapuk lumantar pamilihing tembung ingkang trep,
lan ugi ngginakaken leléwaning basa (gaya bahasa/majas) ingkang saged nuwuhaken
greget lan raos ingkang kiyat, ugi ngginakaken purwakanthi ingkang saged mimbuhi
kaèndahan-ipun. Makaten punika satunggalipun unsur geguritan ingkang sinebut, inggih
punika ...
A. kohèren
B. èstètis
C. nuwuhaken raos tresna
D. édukatif
E. aspiratif

WIBAWA, Bahan Ajar Bahasa Jawa SMA/MA/SMK Daerah Istimewa Yogyakarta


84
Wacan 3 (kanggé mangsuli pitakènan nomer 34)

Dhandhanggula resep wataknéki


Pangkur sereng Sinom renyah grapyak,
Maskumambang panlangsané
Sembrana watakipun,
pun Pocung ingkang andarbéni,
Megatruh nglangut rasa,
Durma galakipun,
déné Mijil prihatinnya,
Gambuh genah Kinanthi ing seneng asih,
Asmarandana tresna.
(Kapethik saking Djaka Lodang)

34. Sekar macapat dhandhanggula ing inggil punika suraosipun ngènginginama-nama sekar
macapat ingkang ngemot punapa…
A. jinisipun sekar macapat.
B. watakipun sekar macapat
C. mupangatipun sekar macapat
D. urut-urutanipun sekar macapat
E. urut-urutanipun sekar macapat
35. Sasmita sekar macapat maskumambang inggih punika…
A. kenthir
B. nom
C. sarkara
D. sereng
E. nelangsa
36. Megatruh nglangut rasa wonten ing paramasastra sinebut inggih punika…
A. plutan
B. éntar
C. purwakanthi guru basa
D. purwakanthi guru sastra
E. baliswara
37. Watak sekar macapat megatruh inggih punika…
A. nglangut
B. tresna
C. sereng
D. nelangsa
E. sembrana
38. Sasmita sekar macapat megatruh inggih punika…
A. gandhèng
B. miyos
C. pedhot
D. brangta
E. kingkin

WIBAWA, Bahan Ajar Bahasa Jawa SMA/MA/SMK Daerah Istimewa Yogyakarta


85
Wacan 4 (kanggé mangsuli pitakènan nomer 39- 43)

RAMAWIJAYA
Ramawijaya punika putranipun Prabu Dasarata, nata Ayodya, saking garwa prameswari
Dèwi Sukasalya. Ramawijaya gadhah sedulur tiga, Laksmana, Bharata, lan Satrughna.
Garwanipun Rama asesilih Dewi Sinta, putri kedhaton Manthili ingkang kaloka
kasulistyanipun.
Sasampunipun krama kaliyan Dèwi Sinta, Rama badhé winisuda dados ratu ing Ayodya,
nanging meksa boten kaleksanan awit saking pokalipun Dèwi Kekayi. Dewi Kekayi
ngandharaken menawi ingkang kedah dados ratu wonten ing Ayodya inggih punika
putranipun ingkang nama Bharata, lan Rama kedah nglampahi ukum buwang dhateng
wana.
Bab punika ingkang ndadosaken panggalihipun sang Nata nandhang sungkawa lan
wusananipun dados jalaran sédanipun. Pungkasanipun, Rama lan Sinta kadhèrèkaken
Laksmana lajeng nglampahi ukum buwang wonten ing Wana Dhandhaka. Ing papan
punika Sinta kadhusta dening ratu buta ingkang nama Rahwana. Sinta cinidra lajeng
dipunbekta dhateng Kraton Alengka. Rama lan Laksmana, kanthi pambiyantunipun para
wanara kawulanipun Sugriwa ingkang dipunpandhégani déning sang satriya wanara séta
peparab Anoman, pungkasanipun saged ngawonaken Alengka. Rama lan Sinta saged
nyawiji malih lan peputra Kusa lan Lawa.
Rama lan Laksmana, kanthi pambiyantunipun para wanara kawulanipun Sugriwa ingkang
dipunpandhégani déning sang satriya wanara séta peparab Anoman, pungkasanipun saged
ngawonaken Alengka.

39. Tembung wanara séta mengku teges inggih punika...


A. kethèk awarni jené
B. kethèk awarni abrit
C. kethèk awarni pethak
D. kethèk awarni cemeng
E. kethèk sekti mandraguna

40. Saking waosan ing inggil, ingkang njalari sédanipun Prabu Dasarata inggih punika....
A. Bharata dados ratu ing Ayodya
B. Dèwi Sinta cinidra déning Rahwana
C. Dèwi Sinta saking Manthili dados garwanipun Rama
D. Dèwi Kekayi dipun-ukum buwang dhateng Wana Dhandhaka
E. Prabu Dasarata sungkawa amargi Rama nglampahi ukum buwang

41. Ing papan punika Sinta kadhusta dening ratu buta ingkang nama Rahwana. Tegesipun
tembung kadhusta inggih punika....
A. dipunpejahi
B. dipuncolong
C. dipuntresnani
D. dipundhèrèkaken
E. dipunsubya-subya

WIBAWA, Bahan Ajar Bahasa Jawa SMA/MA/SMK Daerah Istimewa Yogyakarta


86
42. Pitutur ingkang boten trep kaliyan waosan ing nginggil, inggih punika....
A. tresnanana para sedhèrèk
B. brasthanen angkara murka
C. sabara nindakaken sedaya pacoban
D. dadosa manungsa ingkang awatak culika
E. remena ngumbara supados sekti mandraguna

43. Tegesipun tembung kaloka ingkang sinebut ing waosan nginggil inggih punika....
A. wasis
B. ruruh
C. prigel
D. pinter
E. misuwur

Wacan 5 (kanggé mangsuli pitakènan nomer 44 – 49)

ASTHABRATA
Asthabrata inggih punika 8 (wolung) cepengan ngèlmu kepemimpinan ingkang
dipunwedharaken déning Rama dhateng Barata amrih saged mimpin Ayodya kanthi becik
saha dhateng Wibisana saderengipun mimpin Alengka. Wondéné isi Asthabrata iki
sumberé saka sipat lan lakuné 8 (wolung) déwa: Éndra, Yama, Surya, Candra, Bayu,
Kuwéra, Baruna, lan Brama. Asthabrata ugi dipunwedharaken déning Begawan
Kesawasidhi dhateng Arjuna ing lampahan wayang Makutha Rama. Sumber Asthabrata
wau sanesipun saking sipat lan lampahipun déwa ugi saking sipat lan watekipun 8
(wolung) unsur alam, inggih punika: kisma (bumi), warih (tirta, banyu), samirana (angin),
jaladri (samodra), candra (rembulan), baskara (surya), dahana (agni, geni), lan kartika
(lintang). Minangka cepengan lampah utama kangge tiyang Jawa, Asthabrata saged
dipunwujudaken kanthi simbol wanita, garwa, wisma, turangga, curiga, kukila,
waranggana, lan pradangga.

44. Asthabrata mengku teges punapa....


A. wejangan ngèlmu urip sejati
B. wejangan ngèlmu kasantikan
C. wejangan ngèlmu kapemimpinan
D. wejangan ngèlmu jaya kawijayan
E. wejangan ngèlmu raos lan kasantikan

45. Déwa ingkang dados simbol Asthabrata inggih punika....


A. Éndra, Wisnu, Brama, Semar, Narada, Siwa, Bayu, lan Surya
B. Éndra, Yama, Surya, Candra, Bayu, Kuwéra, Baruna, lan Brama
C. Wisnu, Siwa, Brahma, Candra, Surya, Bayu, Kuwéra, lan Baruna
D. Wisnu, Brahma, Siwa, Yamadipati, Déwa Rengka, Baruna, lan Bayu
E. Bathara Guru, Surya, Wisnu, Bayu, Siwa, Yamadipati, Éndra, lan Baruna

46. Unsur alam ingkang boten kalebet Asthabrata inggih punika....


A. kisma, warih, samirana, candra
B. warih, kisma, bagaskara, jaladri

WIBAWA, Bahan Ajar Bahasa Jawa SMA/MA/SMK Daerah Istimewa Yogyakarta


87
C. bagaskara, tirta, kukila, dahana
D. kartika, warih, bagaskara, jaladri
E. jaladri, kisma, candra, bagaskara

47. Tegesipun pemimpin kedah kagungan watak kadosdéné Dewa Surya inggih punika....
A. ngukum kawulanipun ingkang lepat
B. adil dhateng kawulanipun tanpa pilih sih
C. paring katrentreman dhateng kawulanipun
D. paring pepadhang kanthi sabar lan trep dhateng kawulanipun
E. paring sandhang pangan ingkang mirah dhateng kawulanipun

48. Salah satunggaling klangenan tiyang Jawa inggih punika wisma.


Simbol wisma mengku teges inggih punika....
A. kaéndahan ingkang saé
B. swanten ingkang lam-lami
C. saged damel rasa mulya, tentrem
D. wujud blegeripun sedheng amantesi
E. manungsa kang darbé bebudèn luhur

49. Tegesipun watak kisma wonten ing Asthabrata inggih punika....


A. saged mapan wonten ing pundi kémawon
B. saged nuwuhaké angen-angen kang éndah
C. jujur, prasaja, ngendika menapa wontenipun
D. jembar tanpa wates, saged ngemot sabarang kardi
E. sinten ingkang sregep lan bisa ngolah bakal ngundhuh wohipun

50. Ngèlmu iku kalakoné kanthi laku. Menawi kaserat mawi aksara Jawa, inggih punika....
A.

B.

C.

D.

E.

51.

Menawi kaserat latin inggih punika....


A. nindakna laku becik, amrih dadi manungsa kang utama.
B. nindakna laku utami, amrih dadi manungsa kang becik.
C. nindakna laku utama, amrih dadi manungsa kang becik.
D. nindakna laku becik, murih dadi manungsa kang utama.
E. nindakna laku utama, amrih dadi manungsa kang utama.

WIBAWA, Bahan Ajar Bahasa Jawa SMA/MA/SMK Daerah Istimewa Yogyakarta


88
52.

Unèn-unèn ing inggil mengku teges inggih punika....


A. aja seneng tumindak culika
B. yèn péngin mulya kudu gelem makarya
C. aja seneng nengenaké kewigatiané dhéwé
D. tumindak ala lan becik pungkasané bisa katitik
E. yèn kepéngin dikurmati wong liya kudu bisa njaga tumindak
53. Ratu ing Ayodya inggih punika....
A.

B.

C.

D.

E.

54. Unèn-unèn “lepet anget cacah papat” menawi dipunserat mawi aksara Jawa inggih
punika....
A.

B.

C.

D.

E.

55. Tembang macapat inggih punika....


A. tembang Jawa gagrag anyar
B. tembang Jawa ingkang ngandhut pitutur luhur
C. tembang mawi paugeran guru gatra, wilangan, lan lagu
D. tembang ingkang migunakaken padèswara, pada dirga
E. tembang ingkang kaping papat lan maosipun papat-papat

56. Ingkang kalebet jinising tembang macapat inggih punika....


A. durma, balabak, juru demung, pocung
B. mintajiwa, pangkur, balabak, wirangrong
C. pangkur, gambuh, gambir sawit, megatruh
D. megatruh, sinom, maskumambang, pangkur
E. mijil, asmarandana, cucak rawa, nyidhamsari

WIBAWA, Bahan Ajar Bahasa Jawa SMA/MA/SMK Daerah Istimewa Yogyakarta


89
57. Ingkang kawastanan guru gatra inggih punika....
A. cacahing wanda saben sagatra
B. cacahing pada saben tembang
C. cacahing pada saben rong tembang
D. cacahing wanda ing sapada tembang
E. cacahing larik saben sapada tembang

58. Ingkang dipunwastani guru lagu inggih punika....


A. guru ingkang mulang lagu utawi tembang
B. gunggungipun wanda ing saben sapada tembang
C. dhawahing swanten vokal ing pungkasaning gatra
D. gunggungiipun larik utawi gatra saben sapada tembang
E. dhawahing swanten vokal ing pungkasaning pada tembang

Wacan 6 (kanggé mangsuli pitakènan nomèr 59-60)

Sega énak wak duduh,


sambel gorèng tur peténé wutuh,
gudheg manggar iwak pitik santen kanil,
iwak empal abon remus,
berongkosé iwak congor.

59. Tembang ing inggil kalebet tembang inggih punika....


A. Pocung
B. Gambuh
C. Pangkur
D. Megatruh
E. Dhandhanggula

60. Guru gatra, guru wilangan, lan guru lagu tembang ing inggil inggih punika....
A. 7u, 10u, 12i, 7u, 8o
B. 7u, 10u, 11i, 7u, 8o
C. 7u, 10u, 12 i, 8u, 8o
D. 7u, 10 i, 12i, 7u, 8o
E. 7u, 10i, 12i, 8u, 8o

61. Sekar macapat ingkang watakipun tresna asih inggih punika....


A. Mijil
B. Durma
C. Pocung
D. Megatruh
E. Asmaradana

62. Geguritan inggih punika....


A. puisi Jawa gagrag énggal
B. suluk ing kasusastran Jawa
C. parikan wonten ing sastra Jawa

WIBAWA, Bahan Ajar Bahasa Jawa SMA/MA/SMK Daerah Istimewa Yogyakarta


90
D. tembang wonten ing kabudayan Jawa
E. puisi Jawa klasik awujud kidung lan tembang

63. Bab ingkang kedah dipungatosaken nalika damel geguritan inggih punika....
A. basanipun nganggé basa rinengga
B. tembungipun mathis, basa krama inggil
C. tembungipun mentes, cekak, basa prasaja
D. ngagem guru lagu, guru wilangan, lan guru gatra
E. tembungipun éndah, nggladrah, ngagem guru gatra

64. Nalika maos geguritan kedah nggatosakenpunapa....


A. wicara, wirama, wiraga, wirasa
B. busana, wicara, wirasa, wirama
C. wiraga, wirasa, wiwara, wibawa
D. solah bawa, basa, busana, wiraga
E. tata krama, wicara, wirasa, wibasa

Wacan 7 (kanggé mangsuli pitakènan nomer 65 – 68).

TAK RANGGÈH WEWAYANGANMU


TAK GAYUH LINTANG KAMULYANMU
: kanggo kadangku nunggal rasa
Déning: Mbah Dirga
..............
pancèn iki lakonmu…
jroning wektu sliramu wus mangertèni
jantraning laku mrambati mobah mosiking kahanan

kasangsaran nlikung dhiri


anané urip tansah katimplak-timplak
ora mikir ngelak kepara mangan énak
sapecak mbaka sapecak wus kasil disasak

angin midid nyempyok kalbumu


padhanging hawa cetha ing pucuking nétramu
muga-muga tan ana rubéda nyenyandhung karya

kadangku:
binarung gurit rinoncé iki
tak ranggèh wewayanganmu
tak gayuh lintang kamulyanmu

65. Tembung ingkang tegesipun boten sami kaliyan tembung kalbu inggih punika....
A. ati
B. tyas
C. galih
D. awak
E. manah

WIBAWA, Bahan Ajar Bahasa Jawa SMA/MA/SMK Daerah Istimewa Yogyakarta


91
66. Tembung binarung tegesipun inggih punika....
A. dipunserat
B. sesarengan
C. dipunpriksa
D. dipundamel
E. dipunsranani

67. Pérangan geguritan ing nginggil ingkang nélakaken pangajab inggih punika....
A. muga-muga tan ana rubéda nyenyandhung karya
B. jantraning laku mrambati mobah mosiking kahanan
C. binarung gurit rinoncé iki, tak ranggèh wewayanganmu
D. kasangsaran nlikung dhiri, anané urip tansah katimplak-timplak
E. tak ranggèh wewayanganmu, tak ranggèh lintang kamulyanmu

68. Téma geguritan inginggil ingkang trep inggih punika....


A. kaéndahan
B. kamanungsan
C. reh tata kaprajan
D. pendhidhikan luhur
E. lingkungan lan alam

69. Tiyang ingkang maosaken wosing pawartos dipunwastani punapa…


A. Orator
B. Narator
C. Pambiwara
D. Pranataning acara
E. Pamedhar sabda

70. Tiyang ingkang maosaken pawartos kanthi jlèntrèh dipunwastani punapa…


A. Orator
B. Narator
C. Pambiwara
D. Pranataning acara
E. Pamedhar sabda

71. Pawartos ingkang medalipun saben dinten dipunwastanipunapa.…


A. Ariwarti
B. Kalawarti
C. Tabloid
D. Majalah
E. Koran

72. Pawartos ingkang medalipun kala-kala utawi boten tinamtu, dipunwastanipunapa.…


A. Ariwarti
B. Kalawarti
C. Tabloid

WIBAWA, Bahan Ajar Bahasa Jawa SMA/MA/SMK Daerah Istimewa Yogyakarta


92
D. Majalah
E. Koran
73.

Seratan Jawa ing inggil menawi kaserat latin inggih punika….


A. Nakula lan Sadéwa putra Pandhu.
B. Sadéwa lan Nakula putra pandhu.
C. Nakula lan Sadéwa putra Kurawa
D. Sadéwa lan Nakula putra Kurawa
E. Nakula Sadéwa lan Pandhawa

74. Ki Hajar Dewantara sesanti; Ing Ngarsa Sung Tuladha. Seratan latin kasebat menawi
kaserat kanthi aksara Jawa inggih punika....
A.

B.

C.

D.

E.

75. Calon durung mesthi kalakon, ukara punika menawi kaserat mawi aksara Jawa inggih
punika….
A.

B.

C.

D.

E.

Wacan 8 (kanggé mangsuli pitakènan nomer 76 – 80).

MOS SMA-ku pancèn abot. OSIS–e rada rèwèl. Yèn ana kang ora trep kalawan apa
kang dikarepaké banjur diukum.Sawisé upacara siswa anyar banjur mlebu kelas. OSIS
nuli ngetutakèlan wiwit ngabsèn mbaka siji kanggo mesthèkakéyèn ora ana siswa anyar
kang klèru kelas.

WIBAWA, Bahan Ajar Bahasa Jawa SMA/MA/SMK Daerah Istimewa Yogyakarta


93
Saben kelas disandhing OSIS loro.Kelasku dicekel OSIS aran Dadi lan Dèdi (déning kanca-
kancané diparabi Kinclong).Nalika ngabsèn siswa anyar kang aran Simping.T.Dèdi
ngguyu,pikiréjeneng kok anèh.Mesthi waè Simping nesu.Dhasar bocahé kendel.”Ngapa kok
nggeguyu jenengku?Emang lucu?”Dèdi kang isih ngguyu lagi sadhar yèn polahé mau ora dadi
atiné Simping.Aku sakanca padha mlongo.Genéya Simping kok wani ngélikakèOSIS,”Ora wedi
yén diukum pa?”pikirku sakanca.Sawisé rampung,aku sakanca dikonresik-resik kelas.OSIS
padha ngomandani.Sawisérampung,aku sakanca banjur mlebu.Dèdi takon,”Sudah bersih
adhik-adhik?”Sudah,Kak.Sudah kinclong!”Simping semaur karo ngadeg,niru iklan ing
TV.Karuwan kabèh padha ngguyu cekakakan.Kanca-kancakang lungguh-lungguh ing
dhingklik ngarep kelasku padha ngguyu cekakakan genti Dèdi sing kisinan,apa manèh kanca-
kanca dikon lèrèn anggoné ngguyu ning tetep ngèyèl.Satu sama ya mas?.
Arum Sutarsih – Majalah “Djaka Lodang”

76. Basa Kramanipun abot inggih punika….


A. awrat
B. rahap
C. ngangkat
D. ngangsu
E. ngancani
77. Basa Kramanipun anyar, inggih punika….
A. awèt
B. lami
C. lajeng
D. énggal
E. èdipèni

78. Basa Kramanipun dicekel inggih punika….


A. dipundulang
B. dipunbesmi
C. dipunampili
D. dipundukani
E. dipuncepeng

79. Basa Kramanipun ngguyu, inggih punika….


A. cekikik
B. gemi
C. gerah
D. gegulang
E. gemujeng

80. Wonten pundi latar utawi papan(setting) wontenipun cariyos pengalaman ingkang kaserat
ing inggil, inggih punika….
A. Yayasan
B. Pawiyatan
C. Pakempalan
D. Pabaratan
E. pacrabakan

WIBAWA, Bahan Ajar Bahasa Jawa SMA/MA/SMK Daerah Istimewa Yogyakarta


94
DAFTAR PUSTAKA

Astuti, Santi Indra. (2008). Jurnalisme Radio: Teori dan Praktik. Bandung: Simbiosa
Rekatama Media.

Buku Kawi-Djarwa Dirjasupraba. (1993). Diambil pada tanggal 2 Juni


2015dari,(www.sastra.org) BUKU Kawi – Djarwa Dirjasupraba, 1993, #1263

(blog.uny.ac.id/.../PERANGAN-VII.-SEKAR-SAHA-LAGU). Diambil pada tanggal 12 Juni


2015 dari, (blog.uny.ac.id/.../PERANGAN-VII.-SEKAR-SAHA-LAGU).

Darsono, S., 2002. “Sajian Macapat Gaya Bapak Netra’Abdi Dalem Kraton Kasunanan
Surakarta Hadiningrat, ”Diambil pada tanggal 10 Mei 2015 dari,
www.gamelan.org/worksinprogress/.../1-arsono_netra_introduction.doc.

Djaka Lodang no.21 tanggal 19 Oktober 2013

Djaka Lodang no.05 tanggal 5 Juli 2014

Djaka Lodang no.16 tanggal 20 Septembér 2014

Djaka Lodang no.17 tanggal 27 Septembér 2014

Djaka Lodang no.17 tanggal 27 Septembér 2014

Djaka Lodang no.03 tanggal 21 Juni 2014

Djaka Lodang no.37 tanggal 14 Pebruari 2015

Doyin, Muk. (2008). Membaca di SMA.Semarang: FBS Unnes.

Effendy, Onong Uchjana.( 1990). Radio Giyaran: Teori & Praktek. Bandung: Mandar Maju.

Endraswara, Suwardi, (2002). Metodologi Penelitian Sastra. Yogyakarta: CAPS.

------, (2002) .Metode Penelitian Psikologi Sastra, Yogyakarta: Medpress.

------, (2006) .Mistik Kejawen Sinkritisme, Simbolisme, dan Sufisme Dalam Budaya
Spiritual Jawa.Yogyakarta: Narasi.
Eko Prawiro Dihardjo.Macapat.Diambil pada tanggal 2 Juni 2015.dari http://prawiro-
java.blogspot.com/p/sejarah-macapat.html

WIBAWA, Bahan Ajar Bahasa Jawa SMA/MA/SMK Daerah Istimewa Yogyakarta


95
file:///I:/REVISI/Asmara%20Setya%20Widada%2010205241064.pdf.Diambil pada tanggal
17 Juni 2015
dari,file:///I:/REVISI/Asmara%20Setya%20Widada%2010205241064.pdf.

Hadiwidjana. (1967). Tata Sastra. Yogyakarta: U.P. Indonesia

http://mydiery45.blogspot.com/2012/09/pawartos.html.Diambil pada tanggal 11 Juni 2015


dari, http://mydiery45.blogspot.com/2012/09/pawartos.html

Idris, Suwardi. ( 1987). Jurnalistik Televisi. Bandung: Remadja Karya

Kamus Sansekerta Indonesia (Dr. Purwadi, M. Hum dan Eko Priyo Purnomo, SIP
Diambil pada tanggal 10 Mei 2015, dari
http://piwulangluhur.blogspot.com/p/kamus-sansekerta-indonesia.html

LKS Kawuryan.MGMP bahasa Jawa Kab.Sleman.

Masduki. (2006). Jurnalistik Radio: Menata Profesionalisme Reporter dan Penyiar.


Yogyakarta: LKiS Yogyakarta.

M orissan. (2008). Jurnalistik Televisi Mutakhir. Jakarta: Kencana Prenada

Nursisto, (1999). Penuntun Mengarang. Yogyakarta: Adicita.

Nurudin. (2007). Dasar-dasar Penulisan. Malang: UMM Press

Pradopo, Rachmat Djoko. (2009). Pengkajian Puisi. Yogyakarta: Gadjah Mada Press

Pradopo, Rachmat Djoko. (2009). Beberapa Teori Sastra, Metode Kritik, dan Penerapannya.
Yogyakarta: Pustaka Pelajar.

Saragih, Sahat Sahala Tua. (2013). Diktat Mata Kuliah Wawancara. Jatinangor: Prodi
Jurnalistik Fikom Unpad.

Soehoet, A. H. M. (2003). Dasar-Dasar Jurnalistik. Jakarta: Penerbit Yayasan Kampus


Tecinta-IISIP.

S. Padmosukotjo. (1961). Ngengrengan Kasusastran Djawa I. Yogjakarta: Hien Hoo Sing

Sri Hastjarja, Gunawan. (2005). Macapat. Sukaharja: Cendrawasih.

WIBAWA, Bahan Ajar Bahasa Jawa SMA/MA/SMK Daerah Istimewa Yogyakarta


96
Subalidinata, R.S. (1992). Eksistensi Geguritan Dalam Perempat Akhir AbadDua
Puluh.Yogyakarta: Fakultas Sastra UGM

Subalidinata.R.S. (1994). Kawruh Kasusastran Jawa. Yogyakarta: Yayasan Pustaka


Nusantara Suwardanijaya

Sukirno. (2009). Sistem Membaca Pemahaman yang Efektif. Purworejo: UMP Press. Sejarah

Sumadiria, A.S. Haris. (2011). Jurnalistik Indonesia: Menulis Pawartos dan Feature, Panduan
Praktis Jurnalis Profesional. Bandung: PT Remaja Rosdakarya Offset.

Suwarno Pringgawidagda. ( 2001). SekarMacapat. Yogyakarta: Universitas Negeri


Yogyakarta.

Tarigan, Henry Guntur. (1985). Pengajaran Gaya Bahasa. Bandung: Angkasa

Tarigan, Henry Guntur. (1985). Prinsip-Prinsip Dasar Sastra. Bandung: Angkasa

Wahyudi, JB. 1985. Jurnalistik Televisi Tentang dan Sekitar Giyaran Pawartos
TVRI.Bandung: ALUMNI

W idyamartaya, Aloys. (2005). Menjadi Wartawan Muda. Yogyakarta: Pustaka


Widyatama

www.infojawa.org,2005:2-3Diambil pada tanggal 22April 2015, dari www.infojawa.org,


2005:2-3

WIBAWA, Bahan Ajar Bahasa Jawa SMA/MA/SMK Daerah Istimewa Yogyakarta


97

Anda mungkin juga menyukai