Awit saking kajurunging manah, MGMP Bahasa Jawa Daerah Istimewa Yogyakarta
cumanthaka ndhèrèk cawé – cawé urun rembag babagan pamarsudining basa, sastra, tuwin
aksara Jawa, kanthi ngedalaken bahan ajar bahasa Jawa.
Bahan ajar bahasa Jawa punika namung kanggé mbiyantu para siswa anggènipun sami
sinau basa Jawa, lan sapérangan bahan ajar bahasa Jawa punika kaserat mawi aksara Jawa
gagrag Sriwedarèn 1926, wondéné tata gelar panulising latin basa Jawa kajumbuhaken kaliyan
Ejaan basa Jawa aksara Latin wedalan Balai Pustaka Yogyakarta edisi revisi taun 2006.
Bok bilih ing mangké pinanggih samukawis bab taksih rinaos kirang jangkep
menggahing materi gegayutan kaliyan kurikulum ingkang lumampah, awit saking punika
panyaruwé para winasis lan para pamaos tansah kula antu – antu.
Ing wasana mugi – mugi modul punika wonten ginanipun tumrap para kadang dwija
langkung – langkung tumrap para siswa.
WULANGAN 1
Purwaka Atur 1
Daftar Isi 2
A Aksara Jawa 5
B Gladhen 10
Kawruh Tembung 13
WULANGAN 2
D Gladhen 24
Kawruh Ukara 25
WULANGAN 3
A Tembang Macapat 27
C GLADHEN 30
G Mangsuli Pitakon 33
H Nyekar Macapat 34
J. Gladhen 34
Kawruh Tembung 34
WULANGA 4
A Pawartos 35
E GLADHEN 40
F Gladhen 41
G Gladhen 41
Kawruh Ukara 42
WULANGA 5
A Geguritan 44
B Unsur-unsur geguritan 45
D Nyerat Geguritan 46
E Wosipun geguritan! 47
I GLADHEN 50
Kawruh Tembung 52
A Carios Pengalaman 53
B Nyariosaken pengalaman 54
G Gladhen 56
Kawruh Ukara 57
WULANGAN 7
A Sesorah 58
D WIDYA TEMBUNG 66
E Gladhen 67
Kawruh Tembung 68
WULANGAN 8
A Carios Wayang 69
B Mangsuli Pitakèn 70
C Gladhen 74
D Gladhen 74
Kawruh Ukara 74
UJI KOMPETENSI 77
DAFTAR PUSTAKA 95
Kompetensi Dasar
ha na ca ra ka da ta sa wa la
re le
B. Sandhangan
Sandhangan, inggih punika tandha ingkang kaginakaken kanggéngéwahi swantenipun
aksara ingkang dipunsandhangi. Sandhangan wonten ing paugerantata tulis aksara Jawa
kapérang dados 3 warni, yaiku:
1. Sandhanganswara, kanggéngéwahi swanten aksara miturut ungelipun vokal
[i],[u],[é,è],[e], lan[o]
3. Sandhangan Wyanjana, minangka gantosipun aksara ra, re sahaya nalika madeg dados
pasangan ingaksarapunikagadhah sipat wyanjana utawi lebur kaliyan tembung ingkang
dipunpasangi;
menga
tembang (inti/purna)
C. Aksara Murda
Ginanipun aksara murda inggih punika kaginakaken kanggé tata prunggu utawi
pakurmatan, tuladhanipun kanggé nyerat namaning Gusti, Nabi, Ratu, Wali, Pusaka,
Nagari, lan Kitha. Aksara murda boten dipunginakaken minangka panutuping wanda (suku
kata).
…… Kraton Ngayogyakarta
Ka
…… Tawangmangu
Ta
…… Panembahan Sénapati
Pa
…… Gunung Merbabu
Ga
…… Balé Pustaka
Ba
Éropa
E
Ibnu Umar
I
Organisasi
O
Urbanisasi
U
E. Aksara Rèkan.
Ginanipun Aksara Rékan:
1. Kanggé nyerat aksara konsonan saking basa manca ingkang taksih kaginakaken kados
aslinipun.
2. Aksara rékan saged dados pasangan lan saged dipunsukani pasangan, aksara rékan ugi
saged dados sandhangan.
3. Aksara rékan gunggungipun namung gangsal warni, inggih punika:
nama pasangan
aksara rékan panganggéingtembung
aksara rékan aksara rékan
Khatib arep khutbah
Kha
F. Angka Jawa
a. Angka dipunginakaken kanggé nerangaken lambang mawi nomor. Wujudipun angka
mawi aksara Jawa kadosta:
=1 =2 =3 =4 =5 =6 =7 =8 =9 =0
b. Angka mawi aksara Jawaanggènipun nyerat angka kaapit mawi pada pangkat ( .... )
Tuladha:
dawané kertas 36 sèntimèter=======
G. Tuladhapanyeratipun tembungdwipurwa
lelaku
lelayu
tetuku
kekarepan
1 8
2 9
3 10
4 11
5 12
6 13
7 14
Waosan aksara Jawa ing andhap punika kaserata aksara latinipun salajengipun kacariyosna
waosan punika mawi basa Jawa krama!
Tembung-tembung punika miturut wujudipun utawi dhapuripun saged kapérang dados kalih
golongan, inggih punika:
A. Tembung Lingga
B. Tembung ingkang sampun éwah saking lingganipun.
A. Tembung lingga
inggih punika sadaya tembung ingkang dèrèng éwah saking asalipun.
Kadosta: jaranan, lingganipun: jaran
kepatèn, lingganipun: pati
karoban, lingganipun: rob
Déné tembung lingga ingkang dipunwastani asal utawi tembung ingkang dèrèng ngalami
éwah-éwahan punika kathah-kathahipun saking tembung wod.
Tembung wod: suk, lajeng dados wonten tembung lingga pasuk, rasuk, rangsuk, susuk, isuk
lan sanès-sanèsipun.
Tembung wod: pis, dados tembung lingga: tipis, tapis, kempis, dhepis, lan sapiturutipun.
Tembung wod: lur, dados tembung lingga: uwur, siwur, kawur, mawur, sawur, lan
sapiturutipun.
Nanging boten sedaya tembung lingga wonten wodipun.
1. Tembung andhahan
Tembung tekuk saged dipunwangun dados tembung warni-warni, kadosta: ditekuk,
panekuk, tinekuk, tekukan, tekuk-tekukan, lan sanès-sanèsipun. Tembung-tembug
punika wau sadaya kasebat tembung andhahan.
Déné tembung lingga saged éwah dados tembung andhahan punika awit saking
dayaning wuwuhan. Wujuding wuwuhan wonten warni tiga, inggih punika:
a. ater-ater, inggih punika wuwuhan ingkang mapanipun wonten ngajeng. Wujuding
ater-ater wonten warni-warni, ing antawisipun: hanuswara ( = n, = ny,
= m, = ng); tripurusa (tak/dak, ko, di), ku, ké, sa, pa, pi, pra, tar, kuma,