Pidato Bhs Jawa
Pidato Bhs Jawa
wb
Sumangga kita sareng ngaturaken syukur dhumateng gusti ingkang Maha kuwaos ingkang
sampun paring rahmat,taufik sarta hidayah saengga kita saged pinanggihan wonten panggenan
ingkang sae pubika.
Ing wekdal punika kula badhe medharaken bab pengetan Hardiknas lan dinten kebangkitan
Nasional. Wonten ing pengetan dinten ageng punika kita sedaya saged mirsani bilih bangsa kita
inggih bangsa indonesia taksih ketinggalan menewi dipunbandingaken laiyan bangsa sanes.
Kitam minangka warga Indonesia ingkang "terpelajar" kedah saged ngrekadaya kangge
mejangaken bangsa indonesia.
Kita sedaya tamtu taksih emut kaliyan Bapak pendidikan nasional inggih punika Bapak Ki Hajar
Dewantara, ingkang ageng sanged jasanipun tumrap pendidikan. Salah satunggalipun inggih
punika ngedegaken sekolah Taman siswa ingkang nggadhah prinsip ing ngarsa sung tuladha, ing
madya mangun karsa, Tut wuri handayani. Prinsip punika taksih dipunagem ing donya
pendidikan ngantos sapunika.
Nalika jaman penjajahan mengsahipun bangsa kita inggih punika para penjajah. Para pahlawan
berjuang nglawan penjajah kangge kamardikan bangsa nanging sapunika kita kedah nglawan
"kebodohan", narkoba, pornografi lan sapanunggalipun, ingkang saged ngrusak moral generasi
mudha lan saged mbebayan tumrap kamajengan pendidikan.
Kados pundi caranipun supados kebodohan saget ical saking bangsa indonesia punika ? Tamtu
kemawon mboten namung kita nanging pamarentah ugi kedah cawe cawe supados aslinipun
langkung sae. Kanthi cara punapa ?
Menawi kita sareng sareng merangi kebodohan mugi mugi para generasi mudha saget
nglajengakan perjuanganipun para pahlawan lumantar ilmu ingkang migunani kangge bangsa lan
Negara. Sumangga kita buktenaen menawi generasi mudha negara indonesia punika generasi
mudha indkang cerdas, tangkas, saha nggadhadi budi pekerti luhur.
Cekap semanten atur kawula. Menawi wonten atur kawula ingkang kirang nuju prana ugi tindak
tanduk ingkan kirang suba kula nyuwun gunging pangaksami. Matur suwun.
Wassalamualaikum Wr.Wb