Anda di halaman 1dari 2

PERANG PUPUTAN BAYU

Assalamu’alaikum, wr. Wb
Kanca-kanca,
Nang kene isun dadi wakile SDN 2 Banjarsari arep ndongeng hang judule
“Perang Puputan Bayu”.
Gedigi ceritane :

Taun 1767, Walanda ndarat ring Banyu Alit terus nguasai Ulu Pangpang lan
Lateng (Rogojampi). Walanda tambah anggak kadhung njajah rakyat Blambangan.
Saben dina VOC nganakaken patroli nang kampung-kampung, ngerampas asil
pertaniane wong kampung, beras, jagung hang diparoti wong kampung kabeh
dirampas. Rakyat dipulasara, dikongkon megawe paksa utawa kerja Rodi nggawe
benteng, lorong, lan liya-liyane. Akeh rakyat kang mati keloman, mayit padha
gelimpangan keleleran, penyakit semebar nggawa ganda pati.
Ndileng kahanan kang gedigu, atine Rampeg gemulak. Rampeg nemoni rakyat,
iyane ngomong,”Heee rakyat Blambangan! Rika kabeh aja gelem di idek-idek lan
dijajah Walanda, bumi Blambangan iki bumi rika kabeh. Asile bumi Blambangan
duwen rika kabeh. Mula ayo kita pertahanaken bumi Blambangan iki teko tangane
Walanda, kita usir Walanda teka bumi Blambangan iki, rika kabeh aja wedi !.
Rampeg lan rakyat Blambangan gemerudug ambak-ambakan nyerbu benteng
pertahanan Walanda. Pasukan Walanda kocar-kacir akhire Walanda ngirim pasukan
nyerang Bayu. Naming pasukan Walanda mulih sing nggawa menang naming padha
mati dadi bathang kabeh.
Tanggal 14 Desember 1771, VOC dipimpin Kapten Reygers balik nyerbu Bayu
maning, iyane ditulungi tentara Garmisum teka Batavia, Jogja, lan Surabaya. Naming,
laskar Blambangan kang dipimpin Rampeg sing umik didongkel, sing ancur
digempur.
“Heee rakyat Blambangan kabeh!, ayo diadepi VOC, aja nyerah, aja wedi mati !!!”
Perang kang dipimpin Kapten Reygers iku nyerang rong panggonan yaiku
Susukan lan Songgon. Kutha 2 mau ancur sing kaitungan, naming Kapten Reygers yo
kasil di pateni pasukan Blambangan.
Tanggal 18 Desember 1771 dadi banget-bangete totoan pati. Laskar
Blambangan labuh nyerang musuh kaya dene alas geni alas kobong. VOC sing ngira
kadhung arep ana serangan kang gedigu. Pasukan VOC semembur limid entek-
entekan. Van Schaar kang dadi pimpinane Walanda endase di kethok ditancepaken
ring tumbak diarak ring desa-desa. Naming laskar Blambangan yo kelangan
pemimpine kang aran Rampeg, kang kejuluk Pangeran Jogopati. Iyane gugur dadi
kembange bangsa.
Akhire, tanggal 11 Oktober 1772 VOC kasil ngawasi Bayu. Benteng Bayu bisa
disebut Walanda. Pejuang Bayu kang kecandak pateng dibelehi ambi Walanda. Londo
ngakoni kadhung perang puputan Bayu iku perang kang paling kejem, paling ganas
lan akeh kurbane.
Kanca-kanca,
Iku mau ceritane perang puputan Bayu. Muga – muga kita sebagai pemuda
Blambangan bisa nyonto perjuangane laskar Blambangan.

Tuku timbangan nang kutha Ponorogo,


Dienggo Parida nimbang iwak pedo,
Bumi Blambangan ayo dijogo,
Aja sampek Walanda nguwasai bumi kito.

Kang Bambang tuku lengowangi,


Lengo wangine tublek ring kelambi,
Bumi Blambangan kutha Banyuwangi,
Ayo di jaga sampek tumekane pati.

Anda mungkin juga menyukai