Anda di halaman 1dari 14

Teknologi Informasi Komunikasi

Disusun oleh:

Dini Septiani

Sofiatul Laeliyah

Windi Nurhalimah

Yulinda Supriyatin

Kelas XII 2 IPS

SMA NEGERI 1 SINDANG

Jl.Letjend MT Haryono, Indramayu 45222, Telp.(0234)232089, Fax.(0234) 7120090

E-mail: smanegeri1_sindang@yahoo.co.id

Website: www.smanegeri1sindang.sch.id
Ater-ater

Puji kalawan syukur kula aturaken dumateng Gusti Allah ingkang berkahipun Maha Suci sareng
Maha Agung, ingkang saking berkah sareng rahmatipun kula sedaya tim penyerat “Tugas akhir bahasa
Indramayu”. SEHINGGA kula sedaya tim penyerat saged mriyadaken tugas punika ingkang bentuk
sareng isinipun sederhana.

Mugi-mugi tugas punika katah manfaatipun kan kangge nambahipun wawasan kangge para
rencang-rencang ingkang maos tugas punika.

Tugas punika masih katah kekiranganipun, milanipun kangge kasampurnanipun tugas punika kula
tim penyerat tugas punika, nyuwun kritik sareng saranipun ingkang saged mbangun kasampurnanipun
tugas punika.

Indramayu, Maret 2020

Penyerat
1. Pengertian Lan Perkembangan Teknologi Informasi

Teknologi informasi nyeritakaken perjalanan teknologi informasi awit jaman prasejarah


masa komunikasine nggunakaken cara lisan. Jaman sejarah mulai ditemukaken tulisan utawa
aksara, lan jaman modern. Perkembangan informasi ana 3 kedadiyan yaiku teknologi informasi
masa prasejarah, masa sejarah, lan masa modern. Saat masa prasejarah, informasi masih wujud
"lisan" minangka contone alat komunikasi omong-omongan sing mulane diarani tradisi lisan.
Tradisi sing nggunakaken tanda utawa simbol minangka ciri peradaban primitif. Wong bengen
dianggep primitif, sebab durung melek aksara mulane kanggo lisan. Kedadiyan sing keloro yaiku
masa sejarah, minangka wong-wong weruh tulisan lan mulai pada bisa nulis, nyimpen lan
nyampekaken informasi bisa ning wujud media sing macem-macem wujude salah sawijine iku
surat. Perkembangan sewise wong-wong wis bisa maca lan nulis, perkembangane tambah maju
sing maune media tulis nggunakaken apa sing ana ning alam kaya watu, godong, kulit kewan lan
kulit tanduran, kayu, logam, penjalin, perunggu, lan sejene.
Sekiyen masa modern, wong-wong pada nulis ditatah ning media utawa mesin cetak. Ning
kene jeniee media cetak ana cetak timbul, cetak sablon, cetak saring, handpress, stensil, lan cetak
elektronik. Wujud informasi media cetak iku bisa wujud koran, majalah, buku-buku, tulisan sing
isine informasi keilmuan, kesehatan, keagamaan lan akeh sejene. Ditemukakene teknologi media
cetak niki gawe pengiriman lan sampene berita utawa informasi luwih cepet maning, sebab sing
maune nggunakaken media kertas lan kudu diset dikit tembe dicetak sekiyen wis mulai
ditinggalaken. Sekiyen kabeh informasi wis diterima secara online lan sing arep dicetak langsung
diketik ning komputer diolah langsung otomatis sampe ning proses akhire dadi koran, majalah,
buku, lan macem-macem cetakan sejene.
2. Perkembangan Masa Prasejarah

Alat komunikasi tradisional:

 Lisan, yaiku omong-omongan alat komunikasi sing paling pas dienggo ning keluarga,
lingkungan lan masyarakat umum, kanggo nyampekaken pesen, nasihat, wewaler/larangan
wong tuwa ning anak-anake keluargane, generasine, uga ning lingkungan sampe
masyarakat. Sejene komunikasi wujud lisan uga komunikasi nggunakaken sandi-sandi,
tanda-tanda, pralambang, alat perantara bisa wujud:
- swara = alate kentongan sing ngetokaken swara lan umume ning pedesaan akeh
sing nggunakaken kanggo ngupai informasi. Biasane dipasang ning umah-umah, ning
lebu, baladesa utawa kelurahan. Aturan cara nabuh kanggo munine swara kentongan ana
aturane, contone cara nabuh kanggo ngundang aparat desa (nabuh sepisan) lan ngundang
masyarakat baka ana musibah (ditabuh bari swara titir sing dibarengi ning masyarakat
melu nabuh titir) utawa supaya pada kumpul.

 Kebul, utawa asep sing arang ditanggui. Sing sering gunakaken kebul kanggo informasi
komunikasine yaiku kaum Indian ning Amerika lan suku Aborigin ning Australia.

 Cahaya, barang mengkilap sing kerang segara jenise tiram mutiara baka digunakaken lan
diadepaken ning srengenge muncul pantulan cahaya, bisa nganggo ngupai informasi sing
tempat sing rada adoh.

 Barang-barang lan alat-alat sing dienggo ning jaman iku (paleolithikum) alat kanggo
beburu, masak, barang sing dianggep bisa nyimpen informasi utawa kedadiyan ning
jaman iku.
 Pictogram, sing ana ning dinding minangka informasi sing ditinggalaken ning masyarakat
jaman iku. Salah sijine gua Leang-leang ning Sulawesi Kidul, ning kono ditemukaken
gambar-gambar ning dinding gua yaiku :
- gambar mata, nandakaken simbol ilmu pengetahuan
- gambar tlapakan tangan wernane abang, nandakaken tingkat strata ning
masyarakat
- gambar wong lagi beburu sing gambare wong lagi mamah anoa sing kena
jantunge, wong jama bengen wis ngerti cara mateni kewan.
- ditemukaken alat masak, alat beburu, senjata sing balung-balung
- alat upacara menhir, tempat pemujaan kanggo arwah-arwah nenek moyang
- alat upacara dolmen, meja kanggo naro sesaji
- sharcofagus, peti digawe sing watu kanggo nyimpen mayid
- waruga, wujude cilik lan posisi mayide didodokaken
- pundhen berundak, tempat pemujaan upacara keagamaan kanggo para leluhur
jaman megalithikum
- yupa, kanggo nulis jangka lan prasasti uga minangka penanda sing wujud tanda
utawa tulisan lan nunjukaken sing ditulis crita raja jaman iku lan digawe sing para
Brahmana.

3. Perkembangan Masa Sejarah

 Penemuan Aksara
Sejarah nyatet perkembangan aksara utawa tulisan sampun berkembang ning
peradabane menusa. Awal mula tulisan berkembang yaiku ning masa proto kelan sisteme
yaiku ideografik lan simbol mnemonik. Penemuan tulisan ditemukaken ning 2 daerah sing
beda, yaiku Mesopotamia khususe ning Sumer Kuno sekitar 3200 SM lan ning Mesoamerika
sekitar 600 SM. Sampe sekiyen, tempat awal mula berkembangane tulisan masih dadi
perdebatan yaiku antara Mesir sekitar 3200 SM utawa ning China sekitar 1300 SM.
Sewise wong-wong weruh tulisan lan mulai pada nulis, nyimpen lan nyampekaken
informasi bisa ning wujud media sing macem-macem wujude, kaya ning watu, kulit, kayu,
godong, penjalin, welulang, logam lan sejen-sejene. Media media iku digunakaken kanggo
nyimpen informasi, lan kangge ilmu/kawruh.

 Penemuan Media Aksara


Media kangge nyimpen tulisan-tulisan wujude macem-macem, yaiku:
1. Media watu arane “reka” ana sing gunakaken watu kali, ana sing gunakaken watu andhesit
(watu lahar). Contohe: menhir, dolmen, sarcophagus, punden berundak, yupa. Kegunaan
sejene uga kangge bangun candi-candi, peninggalan sikil lan tulisan watu ning tengah kali
daerah Bogor watu ana tulisane minangka informasi wujud “prasasti” lan “jangka”.
2. Media kayu arane “gurita”
3. Media penjalin/ rotan diarani “wolat” biasane kangge nulis catetan-catetan sing rada dawa
4. Media godong arane “rontal”, sebab digawe sing godong “tal/siwalan” bakaw is dadi
lempengan lan wis ditulisi arane “kropak”, tapi ana sing nyebutaken lontar.
5. Media kulit dibagi 2, baka sing kulit kewan arane “welulang” sing mengkone diarani
“perkamen”. Baka sing gunakaken kulit kayu arane “klika” sing mengkone diaranei
“dawulang” sing menko cikal bakale dadi cikal bakal kertas ning jaman sekiyen. Welulang
bari klika digunakaken kangge nulis sejarah, babad, legenda, tembang, japa mantra lan
sejen-sejene.
6. Media logam mulia yaiku emas diarani “indu” sing biasane kanggo nulis peristiwa sejarah,
surat keputusan (SK) jaman bengen diarani Serat Kekancingan. Sing gunakaken indu para
Raja/Ratu lan bangsawan.
7. Media logam diarani “salaka” (meh pada bari perunggu) sing nganggo pejabat ning esore
Raja/Ratu.
 Penemuan Karya Sastra
Sejak taun 1800an sampe taun 1900, basa sanskerta lan kawi nyatu kelan basa segenah
(Jawa). Karya sastra sing berkembang yaiku:
1. Kakawen, yaiku prosa ingkang nggunakaken basa kawi sebagai penuture.
2. Kidung, yaiku doa ingkang dituangaken ning jero sastra, yaiku ning puisi utawa macapat.
Mboten selawase kidung iku ditembangaken, wonten kalane kidung iku dibaca
3. Gugon tuwon, yaiku berasal sing kata gugu (ditaati, diikuti) lan tuwa (orangtua). Gugon
tuwon yaiku sewijine kalimat ingkang ngandung nasehat, ngajaraken tentang urip lan tata
krama sing semestine dijalanaken menusa.
4. Panyandra, yaiku kata-kata ingkang nggambaraken keanaan, sareng nggunakaken kata-
kata ibarat.
5. Wangsalan, yaiku bersal sing kata ulang “wangsal-wangsul”. Wangsul ngandung arti
“jawab, pulang”. Wangsalan yaiku kalimat ingkang nggungkapaken maksud utawa
kehendak sareng nggunakaken kata-kata ingkang mirip utawa mareki maksud tertentu.
6. Parikan, yaiku terdiri saking sampiran ( 2 kalimat pertama) lan isi (2 kalimat terakhir)
7. Paribasa, yaiku ungkapan ingkang nggunakaken perumpamaan
8. Sanepa, yaiku perumpamaan ingkang tersusun saking kata sing nggambaraken watak
utawa keanaan lan disambung sareng kata nami.

 Penemuan Alat Komunikasi lan Perkembangane


Jaman bengen baka ngupai kabar ning keluarga, wong sejen, utawa masyarakat iku
ngangge surat sing merlukaken kertas, pulpen, terus dianjingaken ning amplop, siap dianteraken.
Baka nggunakaken uwong, utawa jaran, utawa liwat manuk dara pos utawa sejen-sejene
merlukaken waktu sing sue. Sejene alat komunikasi ning jaman sejarah yaiku:
1. Telegraf, yaiku berita sing dikirim lewat telegraf diarani telegram kode-kode utawa isyarat
sing digunakaken kanggo ngirim pesan/berita telegraf nganggo sandi “morse”
2. Telepon, yaiku sering dienggo berita, alamat sing dituju mung kari nutul-nutul nomer sing
ana ning nomor tujuan. Sistem omong-omongan lewat telepon dibagi 2, yaiku lokal
(daerah sing masih parek) lan interlokal ( sambungan telepon antar kota utawa daerah sing
adoh).
3. Han dy Talkie (HT), yaiku kepanjing alat komunikasi meh kaya telepon genggam, biasane
digunakaken ning polisi, pendaki gunung, satpam, tentara lan sejen-sejene.
4. Pager (radio panggil), yaiku alat komunikasi searah, baka ana pesen manjing, pager bakal
muni lan pesene ketulis ning layar pagere.
5. Radio, alat komunikasi sing efektif. Liwat radio wong-wong bisa ngrungukaken berita-
berita penting sing sing kedadiane ning jero negara utawa ning manca negara lan bisa
ngupai siaran sejen-sejene.

 Alat Pengantar Informasi

Sewise wong-wong bisa nulis, informasi lan komunikasine tambah gampang lan cepet,
informasie bisa ditulis wujud “buku” utawa “surat”. Surat iku minangka wujud tulisan/informasi sing
ditulis ning kertas, informasi sing dikirimaken kudu nyampe ning tempat sing dituju utawa sesuai
alamate. Kirimane surat kudu sampe genah, merlukaken alat, utawa tenaga penyampe utawa
pengantar informasi, yaiku:

1. Uwong, jaman bengen gunakaken wong sing dadi petugas pos, lan kudu mlayu kanggo
nyampekaken kiriman surat-surat iku ning alamat sing dituju.
2. Jaran, tranportasi sing nggunakaken jaran sing ditunggangi sampene surat ning genah
luwih cepet.
3. Manuk dara, manuk dara sing wis dilatih bisa digunakaken kanggo ngirimaken surat
bisa luwih cepet lan dipercaya cepet tekang genahe arane dara pos.
4. Kendaraan, ditemukaken kendaraan kaya sepeda, motor, mobil, lan sejen-sejene.
 Penemuan Alat Cetak

Peninggalan media cetak jaman bengen sing nggunakaken alate digawe sing watu disebut
“intaglioprint”. Wujude watu bunder sing dipai tulisan wujud berita utawa informasi. Mesti bae
barita sing arep diwartakaken merlukaken waktu sing suwe, sebab mulai nggulati watu, mbentuk,
natah, nyiapaken dawulang, terus diglundungaken kertas sewise tulisan ning watu dipai
mangsi/tinta, tembe dadi kertas.

Media cetak:

1. Cetak timbul, yaiku mediane bisa: watu, karet, timah, plastic lan sejen-sejene. Cara
gunakaken cetak timbul yaiku bagian sing ana ning duwur (permukaane) minangka
dadi alat cetake, hasul cetak timbul yaiku stempel, kepanjing ning cetak manual.
2. Cetak sablon, nduweni peranan penting ning industri percetakan sejene alat-alate
sederhana tapi serbaguna, lan umume tulisan utawa gambar sing dicetak ning kaos
werna-werna ana sing sederhana ana sing wis nggunakaken teknologi sing rada maju.
Contohe: cetak bolong kepanjing ning cara sing sederhana lan cetak saring sing
disebut serigrafi utawa screen printing.
3. Handpress, alat cetakdigawe sing logam kanggo nyetak huruf-huruf, penata huruf
(setter) nyusun huruf dadi tulisan/berita ning bingkai, baka rampung bingkai-bingkai
mau diurut terus dicetak supaya dadi cetakan buku, koran, majalah, lan sejen-sejene.
4. Stensil, yaiku alat cetak manual klisene nggunakaken kertas sit, alat kanggo nulisi
klisene nggunakaken mesin ketik kelan pensil sit.
4. Perkembangan Modern

1. Perkembangan alat komunikasi sederhana ke teknologi elektronika :

a. Komputer
Alat elektronik sing multi fungsi lan nyebabaken komunikasi informasi tambah
cepet lan canggih,lan nglairaken alat-alat sing dibutuhaken ning umat menungsa.
b. Hp (handphone)

Barang elektronik sing biasane disebut hp utawa handphone,yaiku telepon


genggam bli nganggo kabel (wireless),lan sifate mobile sing artine bisa digawa mana-
mana. Ponsel kiyen nggunakaken jaringan GSM lan CDMA. Maune hp mung bisa
digunakaken nganggo panggilan telepon,sms, lam mms bae, tapi sekiyen ponsel bisa
nrima sinyal siaran radio,muter mp3,video,kamera artine bisa kanggo motret, lan wis
nduweni GPRS lan infrared kanggo ngirim data.

c. Samartphone

Samartphone beli beda adoh bari Hp, mung ana beda setitik ana tambahan bari
aplikasine lan fiture sing luwih canggih,kaya WI-FI , Bluetooth, camera,gps,nyediakaken
browser kanggo mbuka internet lan sejen-sejenne. Bisa ngerjakaken aplikassi kayadene
computer,wis nggunakaken keypad virtual ( layar sentuh) lan nggunakaken QWERTY
fisik keyboard laptop smartphone sing lagi ngetop perkembangane kaya android,windows
phone, symbian,ios,lan blackberry.

d. Tablet

Sewijining gadget tapi ukuranne luwih gede tinimbang smartphone sing biasane,
tablet pada bari hp utawa smartphone sebab lan nduweni fitur-fitur sing pada canggihe
sebab ana WI-FI,Bluotoot, browster, lan sejen-sejenne. Ukuran gadget 7-10 inci, wis
nggunakaken virtual keypad touch screen (layar sentuh).
2. Perkembangan penemuan alat komunikasi

Perkembangan penemuan alat komunikasi iku sing gawe kabeh kegiatan komunikasi bli ana
watese,artine wektu sing dibutuhaken nganggo komunikasi informasi bli bisa dietung
wektune,sebab bisa sanalika mung ngetung menit wis sampe ning sing dituju.

Media komunikasi sederhana :

 Lonceng utawa kentongan

Pas jaman bengen akeh wong sing nggunakaken lonceng utawa kentongan kanggo ngupai
informasi meng masyarakat. Sampe sekiyen kentongan masih digunakaken kanggo ngbanguni
wong baka ana maling utawa ngbangunkaken sahur sedangkan lonceng masih digunakaken bari
sekolah utawa gereja.

 Merpati pos

Sejak jaman bengen merpati digunakaken kanggo nyampaikaken pesan-pesan jarak adoh. Pada
masa perang kegunaane tambah akeh, apamanngi pas alat komunikasi bli berfungsi. Maka
merpatil salah sijine sing digunakaken kanggo nyampaikaken pesan pesan militer rahasia.

 Godong lontar

Pada zaman bengen wong wis gunakaken basa tulisan sebagai alat komunikasi. Kegiatan surat-
menyurat ning Indonesia wis dimulai sejak masa kerajaan Kutai, Tarumanegara, Pajajaran,
Majapahit, Sriwijaya, lan Mataram. Godong lontar di nggo kanggo bahan kerajinan lan naskah.
Sing lazim digunakaken kanggo nulis pas jaman bengen.
Media komunikasi masa modern :

 Radio ,yaiku alat sing sangat penting sejak ditemukaken kanggo bisa nrima informasi berupa
suara utawa sinyal bari nggunakaken gelombang elektromagnetik. Walaupun semakin
canggihe alat komunikasi pas kiyen, radio bli pernah mati sampe sekiyen.
 Telepon, yaiku alat komunikasi sing sering dienggo nyampekaken berita, alamat sing dituju
mung kari nutul nomer-nomer sing ana ning nomer tujuan . bli nganggo wektu sing suwe bisa
langsung komunikasi bari sedulur,batur ning tempat sing di tuju.
 Televise ,ning layar televise wong-wong bisa ndeleng liputan macem-macem peristiwa
kedadiyan, awit sing parek,sampe tekang sing adoh, lan bisa ndeleng macem-macem kegiatan
olahraga, kesenian,musibah,keilmuwan lan sejen-sejenne.

3. Perkembangan media cetak

Perkembanganne sewise wong-wong wis bisa maca lan nulis, perkembanganne tambah maju,
sing maune media tulis nggunakaken apa sing ana ning alam, kaya contone tulisan-tulisan mau
bisa ditemukaken media peninggalan wujud
a. Watu , contone yupa, watu kali sing nulis catatan jaman bengenutawa prasasti
b. Kulit , dibagi loro yaiku kulit kewan sing mengkone disebut perkamen lan kulit tanduran
disebut daluwang, kanggo nulis catetan sing rada dawa.
c. Kayu
d. Godong , sebutane rontal
e. Penjalin
f. Logam bisa emas,slake,prunggu, lan sejen-sejenne.

Peninggalan – peninggalan iku masih bisa dideleng sebab masih ana sing disimpen lan
diduweni ning masyarakat. Peninggalan media cetak jaman bengen sing nggunakaken alate
digawe sing watu disebut “intaglioprint”. Wujude watu bunder sing dipai tulisan wujud berita
utawa informasi, tulisane ditatah kewalik dadi cetak timbul, biasane watu seglundung iku dadi
cetakan selembar sing isi macem-macem berita utawa informasi. Mesti bae berita sing arep
diwartakaken merlukaken wektu sing suwe, sebab mulai nggulati watu, mbnetuk watu, natah
watu, nyiapaken kertas , terus diglundungaken kertas sewise tulisan ning watu dipai mangsi/tinta,
tembe dadi Koran.
4. Karya sastra masa modern

Sastra modern biasane sering disebut bari sastra anyar, yaiku sastra sing muncul
lan berkembang seuwise masa bengen. Bisane dipai weruh bahwa sastra modern iku
dimulai ketika terjadi perubahan-perubahan sing cukup mendasar terhadap sifat lan ciri
khas sastra sing nggunakaken masyarakat. Bisane dikatakan pula bahwa lahire sastra
modern yaiku ketika mulai terjadi perubahan penggunaane media sing di gunakaken yaiku
sing media lisan sing bersifat kuno dadi nggunakan media tulisan sing luwih modern.

1. Ciri-ciri Sastra Modern


 Beli terikat bari adat istiadat utawa luwih fleksibel
 Berhubungane bari kondisi sosial masyarakat
 Nyerminaken kepribadian penerbite
 Nyantumaken nami pengarange
 Beli terikat bari kaidah baku lan nggunakaken basa sing luwih bebas.

2. Priodisasi Sastra Modern


         Balai Pustaka
         Pujannga Baru (tahun 1930/1933)
         Angkatan 1945
         Angkatan 1950-1960-an
         Angkatan 1866-1970-an
         Angkatan Dasawarsa 1980-an
         Angkatan Reformasi
         Angkatan 2000-an
         Cyber Sastra
Daftar Pustaka

Sulistijo. Bahasa Daerah: Basa lan Sastra Indramayu kelas 12.. Graha Aksara Carakan

Kasim, Supali. 2012. Budaya Dermayu: Nilai-nilai Historis, Estetis, dan Transendental. Yogyakarta:

Gapura Publishing

https://blogkulo.com/tari-topeng-cirebon/

https://karyatulissekolah.blogspot.com/2015/01/sastra-modern.html

http://www.pil-tei.com/teknologi/alat-komunikasi-tradisional-dan-modern/

Anda mungkin juga menyukai