Anda di halaman 1dari 2

Nama : Dava Pramudya W

Kelas : X MIPA 2

No :7

ARTIKEL BAHASA JAWA

WAYANG SEBAGAI MEDIA PENDIDIKAN

Miturut para ahli budaya uga panemune penyelidikan para ahli arkeologi sing
ana ing Indonesia, kesenian budaya wayang kuwi saktemene bentuk asline wis ono
biyen-biyen, rikolo isih jaman kuna, yaiku jaman sakdurunge ana agama Hindu Budha.
Ing jaman semana sing diarani budaya wayang wis diduweni karo dening bangsa
Indonesia dewe. Dadi wayang kuwi iya kabudayan asline bangsa.

Ing jaman wali songo, wujude wayang di owah, digawe soko kulit lan balung sing
wujude mung kaya simbol-simbol supaya gegambarane menungsa dadi samar,
sakteruse  nganti sakprene wujude wayang mung kaya lan dadi  arupa simbol-simbol
wewayangan panguripane menungsa.

Ing jaman modern iki, wayang akeh kanggo media pendidikan terutama kanggo
para siswa saiki. Wayang saiki kanggo media pendidikan yaiku nglatih budi pekerti para
siswa lan kang akeh manfaat e kanggo para siswa. Dadi awak dewe kudu
nglestarikake wayang opo meneh wayang kulit Purwa.

Wayang uga dadi media informasi bagi para siswa,amarga ngei informasi
ngenani masalah masalah kehidupan lan kabeh asal usul e. Wayang bisa dadi media
hiburan amarga wayang isoh dinggo pertunjukan kang menghibur. Jelas wayang bisa
dinggo media pendidikan terutama mental,amarga wayang mengandung unsur unsur
pendidikan mental lan watak.

Unsur unsur pendidikan kang ana ing wayang yaiku: masalah keadilan,
kebenaran, kesehatan, kejujuran, kepahlawanan, kesusilan, psykhologi, filsafat, lan
berbagai masalah kang angel dipecahkake.
Media pendidikan ing wayang ora mung nang cerita ceritane, cara pentase,
intrumen.e,lan seni pendalangane,tetapi juga pada perwujudane wayang iku masing
masing. Wayang wayang iku gegambaran menungso kang digambarake kurang luwih
200 watak menungso lan kurang luwih 200 gambar wayang kulit purwa.

Dadi awak dewe para siswa kudu nglestarikake kebudayaan kita yaiku wayang
kang akeh manfaat e ing jaman modern saiki. kita kudu bisa ngembangake wayang
kulit iki lan ngenalne wayang kulit ing donyo luar.

Anda mungkin juga menyukai