Anda di halaman 1dari 2

Guruku

(dening Sutapa W.R)

Wingi rikala sikil iki

Tumapak sandhuwure bumi

During paja-paja ngerti ha, na, ca ra, ka

Alip, ba’, ta’ apa dene good morning teacher!

Lumakuning srengenge wis ganti

Panyawangku dadi padhang

Terawangan

Rasaku sangsaya…..

Ora bisa dakgambarake

Sih tresnamu nabet njanget

Sajroning atiku

Lamun tanpa panjenengan

Bisa apa aku napaki bumi iki?

Leladimu marang aku

Ora timbang karo piwalesku

Bu guru, pak guru

Jangkahku isih adoh

Uripku isih nyamut-nyamut

Sethithik satetes bun esuk

Iku wis cukup tinimbang banyu sakendhi

Marakake ati mati

Lepasen lakuku

Lilakna labuh labetmu


Dakumbare gagasanku

Sedyaku kasembadan

Donga pangestumu

Nuntun margining sedyaku

Gladhen 1
Pitakon ngisor iki wangsulana!
1. Apa wae sing diwulangake guru marang siswane?
2. Gegayutan karo gurune, apa sing ora bisa digambarake pangripta?
3. Apa sing dijaluk pangripta marang gururne?
4. Apa isine pada katelu?Jlentrehna
5. Pesen apa sing bisa dijuouk saka guritan kasebut?

Anda mungkin juga menyukai