Anda di halaman 1dari 4

Babak 1 :

Isuk iku, ono murid anyar pindahan tekan Jogja neng kelase Pak Tri.

Pak Tri : “Cah rungokno pak guru. Ana murid anyar pindahan tekan Jogja.”

Ezra : “Sinten pak? Sinten?”

Pak Tri : “Mlebuo nduk.”

Jeremy mlebu kelas lan kenalan karo murid liyo neng ngarep kelas.

jeremy : “Jenengku Jeremy Patrick. Iso diceluk Jeremy. Aku pindahan tekan Jogja.”

Valent : “Hahahaa… dandananmu culun ngono mosok pindahan teko Jogja?” (karo ngguyu).

Jeremy : (Langsung bengong karo guyu-guyu neng Valent).

Valent : “Iso ngguyu kok. Bocah aneh.”

Pak Tri : “Wis… wis, ndang lungguha nduk.”

Jeremy : “Enggeh Pak.”

Babak 2

Sakwise pelajaranakhire bel muleh sekolah muni. Bocah-bocah podo metu tekan kelas kabeh. Pas
muleh kui Ezra ketemu Jeremy terus mlaku bareng karo omong-omongan. Ezra eleng nek neng
sekolah Jeremy mesti ngguya-ngguyu neng Valent, terus Ezra tekok neng Rohmah.

Ezra : “Eh, Mah, aku pengen takok. Koe kok ngguya-ngguyu teru to nek ketemu Valent ke. Enek
opo sih?”

Jeremy : “Anu… Valent ke konco cilikku mbiyen, pas omahku sik neng kene. Gaene aku dolan
bareng karo Valent pas gung pindah neng Jogja.”

Ezra : “Oalah. Yowes nek e. aku disek ya.”

Jeremy : “Okee.”

Neng dalan Ezra ketemu karo Ryan lan Valent.

Ezra : “Lent… Yan…!! Tak omongi” (Karo bengok).

Ryan : “Eh Ret. Nyapo?”

Ezra : “ Mau aku ketemu Jeremy lho. Terus tak tekoni nyapo ngguyu neng jeremy. Jare we konco
cilik e Jeremy ta Lent?” (Madep neng Valent).

Valent : “Ja… jare sopo? Aku lho gak kenal blas karo wonge. Paling wonge mbletuk ben iso kenal
aku.” (Omong karo gugup. Wajah e ketok gugup).

Ezra : “Jare pas cilik gaene dolan bareng. Pas omahe sik neng kene, gung pindah neng Jogja.”
(karo ngguyu njaraki Valent).

Valent : “Wes…wes... ra sah digatekne. Koe pisan ra sah konconan karo cah kui Zra.”

Ezra : “Yoi bro.”


Bab 3

Sesokke, mlebu sekolah wayahe jam pelajaran olahraga. Valent, Abel, karo cah lanang liyo salin neng
njero kelas. Pas ganti, Valent cepet-cepet soale arep neng kamar mandi disek. Mergo cepet-cepet,
Valent njeblokne foto saka dompete. Valent ngerti foto kui, tapi pas arep omong Valent tibakno
Valent wis kadung mblayu. Foto kui terus neng ryan dijupuk.

Abel : “Foto opo iki ke?” (Kaget ndelok foto kui).

Foto mau terus disimpen Bel. Sampe pas bar olahraga, Bel ketemu karo Ezra.

Abel : “Eh…eh… Ret, tak omongi.” (Karo kesusu).

Ezra : “Opo Yan?”

Abel : “Heh… deloken fotone iki.” (Karo duduhne foto sing jeblok saka dompet e Valent mau).

Ezra : “Hlo… kui kok mirip karo Valent karo Jeremy? Koe nemu mu neng ndi?”

Abel : “Aku dek mau nemu neng kelas. Pas ganti olahraga dek mau jeblok tekan dompete
Rosyid.”

Ezra : “Yo berarti iki fotone Valent ta?”

Abel : “Iyo paling, aku mau gung tekok neng Valent. Soale dek mau valent meh tak tekoni wes
mblayu metu disek.”

Valent : “Bel, xra.” (Bengok sangka adoh terus marani).

Ezra : “Eh Lent.” (Langsung ndelekne foto sing dicekel mau).

Valent : “Opo sing mbok delekne kui ke?” (Ngingeti tangan e Retno sing ndelekne foto).

Ezra : “Eh… opo to. Aku ra ndelekne opo-opo kok.”

Abel : “Eh… aku luwe. Ayo ndang neng kantin. Ngko nek telat diseneni Pak Tri. Males aku
ngrungokne Pak Tri ceramah ra bar-bar.”

Ezra : “Ayo. Aku yo luwe.”

Valent : “Aku tak ganti disek. Koe karo Ezra disiko ae Bel.”

Abel : “Okee/”

Bab 4

Pas Ezra karo Abel neng kantin, cah loro kui ketemu ezra.

Ezra : “ rohmasi!”

Jeremy : “Nyapo Ret?”

Ezra : "Iki opo fotomu karo valent?” (Nduduhke foto mau).

jermy : “Hlo… koe kok entok kui sangka endi?” (Karo bingung).

Abel : “Dek mau aku nemu neng kelas. Pas ganti jeblok tekan dompete valent.”

Valent runjuk ujuk-ujuk teko terus njupuk fotone mau.


Valent : “Hloo…. ??” (Ndelok foto mau karo kaget).

“Entokmu tekan ngendi?”

Abel : “Aku mau nemu pas ganti. Fotone jeblok tekan dompetmu, lent”

Ezra : “Lho kok gak mbok balekne?” (Karo nesu)

Abel : “Lha dek mau koe tak celuk wis ngaleh. Jaremu dek mang arep neng kamar mandi sek.”

Ezra : “Heh…Wes-wes ora sah nesu. Iki fotomu to Syid? Lha sing siji iki sopo?”

valent : (Meneng)

Abel : “Ditekoni barang kok mengenge. Pie to Syid?”

Valent : “Eeee…” (Karo gugup).

Abel : “A-e-a-e… jawab ngonoe kok angelmen to Syid.”

Valent : “Iyo. Kui fotoku pas cilik.”

Abel : “Lha sing siji kui sopo Syid?”

valent : “Eee… kui ke jeremy.” (Karo nunjuk Rohmah).

ezra : “Lha berarti Rohmah ke koncomu cilik?”

Valent : (Meneng)

Abel : “Wong di tekoni jok mau kok menenge.”

Jeremy : “Koe ke ora ngakoni nek aku konco cilikmu to Syid? Pantes nek ngerti aku koyok wong
gak kenal ae.”

Abel : “Koe ke pie to Syid. Mosok nduwe konco ora mbok anggep.”

Valent : “Iyo, iyo, tak jelasne sek. Aku ke dek kae ora ngakoni Rohmah dadi koncoku cilik mergo
isin yo.

Ezra : “Nyapo isin ke?”

Valent : “Lha pas pertama mlebu kae dandanane culun jan ngono. Kan isin nek dilokne konconan
karo cah culun.”

Jeremy : “Nyapo isin nduwe konco culun ke?”

Valent : “Yo isin e. mosok aku keren e ngene konconan karo cah culun. Koe ke nyapo pas pertama
mlebu kok dandananmu culun ke?”

jeremy : “Pas ka eke aku cepet-cepet terus gak sadar nek dandananku culun. Soale pas kui aku
kawanen.”

Ezra : “Lha saiki Rohmah wes ra culun kok ora mbok jak konconan?”

Valent : “Lha aku wedi ketahuan nek aku mbletuk.”

Abel : “Yowes, saiki wes ketahuan wes ora sah isin-isinan neh. Ndang minta maaf kono. Retno
barang kui yo ndang minta maaf.” (Karo nunjuk Retno).
Ezra : “Lho aku nyapo minta maaf ke?” (Ngingeti Ryan).

Abel : “Lha koe gaene ngrasani Rohmah mosok ra eleng. Terus dek kae yo mbok kongkon tuku
jajan barang ne.”

valent : “Sing marai koe ne Yan. Koe kui lho yo minta maaf o.” (Nunjuk Ryan)

abel : “Koe kui lho sing salah e paling akeh ndang minta maaf disek, Syid. Bar kui Retno, terus
lagi aku. Kan salahku paling sitik.”

jeremy : “Niat po ra to. Arep minta maaf ngono e kok engkel-engkelan. Nek ra niat ke rasah minta
maaf.” (Karo arep ngaleh

ezra : “Eh... eh…eh…” (Nyekel tangane Rohmah) “Ojo ngaleh sek to Mah. Aku minta maaf.
Gaene ngrasani koe karo ngongkon-ngongkon koe.”

Abel : “Aku yo minta maaf Mah. Dek kae sing nduwe ide ngongkon koe ke aku. Tapi salahku sitik
tok kok Mah. Aku ra tau ngrasani koe kok.”

valent : “Halah-halah… gayamu Yan Yan. Aku yo minta maaf ya Mah wis gak ngakoni koe dadi
koncoku cilik. Trus pura-pura gak kenal nek ngerti koe”

jeremy : “Iyo, rapopo. Tapi ojo mbok baleni neh. Konconan ke ra usah milih-milih.”

valent : “Oke okee.”

abel : “ Lha nek ngene ki lak di ingeti penak. Konconan kabeh ra milih-milih. Wis ayo ndang jaja.
Luwe aku wis an. Ngko nek telah diceramahi Pak Tri ngko.

Anda mungkin juga menyukai