Neng desa majujaya awan iki wayahe pembagian bansos gawe masyarakat sing kurang
mampu. Pembagian bansos ana ing Balai desa.
Wati : ( lungguh tan sembari mbukak laptop ) Alhamdulillah. Akhire duitku cair
gawe bayar utang 300, nggawe bayar sekolah anakku 100, loh
lha kok karek sisa 100 wah wah gak beres iki. Aku kudu ngajak Sari iki,
nggawe demo.
Neng Balaideso
Rangga : Sik sik ono opo rame rame.
Ira : Niki bapak enten seng protes. Amargi mboten sesuai kaleh teng
proposal.
Sari : Yo jelas to protes. Soale gak sesuai mbek kenyataan. Iki hake e kene
kenopo kok di jupuk.
Wati : lhaya pak.
Lek chep : Iki gak adil.
Rangga : Gak adil piye, iki kabeh wis sesuai karo ketentuan.
Lek chep : Ketentuan pie maneh? Aku sing kerjo banting tulang wae ora entuk.
Yowes ngeneki jenenge kehidupan.
Wati : Kene mung nutuh bukti ora mung janji.
Sari : Iyo pak, Ojo mung nindas rakyat cilik demi kepentingan pribadi.
Rafi : Wis wis iki dijelasno ning kantor polisi wae, saiki ayo melu aku.
Lek chep : lololololo kalem bos.
Rangga : Awakmu gelem bebas ra?
Lek chep : Yo purun pak, kulo tasik nguripi anak bojo.
Rangga : Wis ngene wae, awakmu ndukung aku mengko awakmu tak dadikno
tukang sapu ing kantorku.
Lek chep : Walah….tukang sapu pak? Sing rondok duwur sitik lah, sekretaris ngoten
saget.
Rangga : Yowis dadi tukang pel wae, kerjo ne ning njero kantor ora kepanasen.
Lek chep : Oiyo….yowis deal. Ibu ibu mending di jelasno ning kantor polisi wae
mben aman.
Sari : Loh….piye to chep kok malah ndukung kunu.
Wati : Chep kene wes ga bestfriend saiki.
Lek chep : Wis manut, tak terno ning kantor
Rafi : Ayo ning kantor polisi saiki.