Anda di halaman 1dari 2

TEKS PROFIL TOKOH

Teks profil tokoh yaiku teks kang nyeritakake salah sijining tokoh awit saka asal-usule, riwayat
pendidikan lan pakaryane lan uga bisa nyeritakake kiprah lan lelabuhane salah sijining tokoh.
Tuladha tokoh:

1. Tokoh ing jagading olahraga: Christiano Ronaldo, Lionel Messi, Evan Dimas Darmono,
lsp
2. Tokoh ing jagading kabudayan lan kesenian: Anom Suroto, Sujiwo Tejo, Ki Manteb
Sudarsono, lsp
3. Tokoh ing jagading iptek: Albert Einstein, Prof. Dr. Ing B.J. Habibie, Thomas Alfa
Edison, lsp
4. Tokoh pahlawan nasional: Wage Rudolf Supratman, Dr. Soetomo, lsp

Bageyan-bageyan teks profil tokoh kaperang dadi 3, yaiku:

1. Pambuka: isine yaiku asal usul profil tokoh


2. Surasa/isi:
a. Riwayat pendidikan profil tokoh (latar belakang pendidikan)
b. Riwayat pakaryan (latar belakang pekerjaan)
c. Kiprah lan lelabuhane (aktivitas dan jasa-jasanya)
3. Panutup
a. Wekasan riwayate (akhir perjalanan tokoh)
b. Anugrah saka perjuwangane (penghargaan dari pemerintah)

Bab-bab sing kudu digatekake kanggo njupuk dudutan (kesimpulan) teks profil tokoh
yaiku:

1. Mengerteni urut-urutan struktur teks profil tokoh, yaiku pambuka, surasa, panutup;
2. Mengerteni ukara kang dadi topic lan punjering informasi ing samping paragraf;
3. Nulis dudutan/ kesimpulan ukara kang dadi punjere informasi ing sawijine
perangan/paragraph dadi bakune gagasan (pokok pikiran);
4. Nggathukake (menghubungkan) bakune gagasan ing antarane perangan/paragraph siji
karo perangan/paragraf candhake dadi urutan dudutan sing runtut.

Anda mungkin juga menyukai