Anda di halaman 1dari 5

PEMBENTUKAN JATI DIRI PASCA-RAMADHAN

Oleh: KH. Bagus Ahmadi, M.Sy., M.Pd.I


(Katib Syuriah PCNU Tulungagung)

Khutbah I

Sedoyo puji kunjuk dateng Allah lan syukur wonten ngerso dalem Allah SWT atas
sedoyo anugerah lan rahmatipun wonten enjang ingkang kebak berkah meniko kito saget
manggihi dinten ingkang agung, inggih meniko dinten riyoyo fitri, dinten ingkang mengku
kamulyan soho dan kesucian.
Kanthi raos trenyuh lan ikhlas, kito nilaraken wulan Ramadhan, wulan ingkang luhur
lan mulyo, wulan ingkang kebak rahmat lan ampunan saking Allah ta’ala. Kito
kumandangaken takbir, ngagungaken Allah ta’ala ugi nyuciaken dzatipun Allah kanthi maos
tasbih, nyuciaken saking sedoyo perkawis ingkang boten layak dipun semataken dumateng
Allah. Takbir, tahlil lan tahmid gilir gumanti, berkumandang wonten ing angkoso, dipun
ucapaken dening lisan-lisan ingkang ikhlas lan pasrah, tunduk dateng allah ta’ala. Sedoyo
meniko minongko perwujudan raos syukur dumateng Allah ta’ala atas sedoyo anugerah lan
nikmatipun, utaminipun nikmat hidayah dumateng agami Islam. Hidayah itu membimbing
kita meniti cahaya yang terang benderang, menuju kehidupan Ugi, ungkapan syukur sampun
saget nglampahi shiyam wonten wulan Ramadlan kanthi tabah lan ikhlas.
Hadirin Jamaah shalat idul fitri Rahimakumullah,
Enjang meniko, kito ngrayaaken Idul Fitri, dinten riyoyo fitrah ingkang dipun
tenggo-tenggo dening sedoyo insan ingkang beriman, kanthi meniko, kito wangsul dateng
fitrah, inggih meniko kemurnian dan kesucian Islam. Sedoyo tiyang ingkang nglampahi
shiyam Ramadhan sesuai kalian petunjuk al-Qur’an lan al-Sunnah, badhe kabusek dosa dan
kesalahanipun sehinggo dados suci malih kados bayi ingkang nembe medal saking rahim
ibu. Kesucian ingkang sampun diperoleh kanthi susah payah meniko seyogyanipun
dipertahankan ngantos wulan-wulan ingkang badhe dugi kanthi ningkataken iman, takwa
soho taqarub dumateng Allah ta’ala kanthi tunduk lan patuh.
Allahu Akbar, Allahu Akbar, Allahu Akbar,
Shiyam Ramadhan ingkang nembe kito lampahi saget membentuk pribadi tiap
muslim kagungan kemampuan ngendaliaken hawa nafsu lan saget ningkataken potensi
kesucian rohaninipun. Ibadah shiyam saget membentuk jati diri Muslim ingkang pari purna
kanthi ningkataken iman lan takwa dumateng Allah ta’ala. Iman lan takwa meniko dipun
buktiaken kanthi selalu berpegang teguh dumateng pitedahipun Allah ta’ala, nglampahi
sedoyo perintah saking Allah lan nebihi sedoyo awisanipun. Kanthi nglestariaken iman lan
taqwa, kita ngambah margi ingkang lurus nggayuh ridhanipun Allah ta’ala. Nggayuh
ridhanipun Allah ta’ala ingkang luhur meniko kedah ditempuh kalian nglaksanaaken ibadah
lan amal shaleh kanthi ikhlas lan jujur, kados ikrar ingkang selalu diwaos wonten saklebete
do’a iftitah: “Temen setuhune shalatku, ibadahku, urip lan matiku namung kerono Allah,
ingkang mengerani alam semesta, boten wonten ingkang nyekuthoni dumateng
piyambakipun.
Pembentukan jati diri nalikanipun nglampahi ibadah shiyam merupakan aktivitas
ingkang sanget penting, keranten kanthi jati diri meniko, manungso saget bersikap
istiqomah naliko nglampahi ajaran agami. Ibadah shiyam ingkang dipun lampahi, dipun
harapaken saget mbentuk jati diri setiap Muslim lan saget ningkataken kualitasipun saking
tahapan ingkang paling ngandhap tumuju tahapan ingkang paling nginggil.
Kaum Muslimin dan Muslimat ingkang minulyo
Perubahan ingkang sangat mendasar tumuju dumateng jati diri ingkang sempurna
saget diawali kanthi jagi pola hidup. Pola hidup ingkang asalipun dikebaki kalian kerakusan
digantos kalian kesederhanaan. Kesederhanaan wonten pola makan, pola berpakaian lan
tingkah lakunipun. Poso Ramadhan yektosipun saget membentuk jati diri manungso dados
pribadi ingkang berkualitas lan kagungan kemampuan ingkang luhur nggayuh kesuksesan
wonten dunyo lan akhirat. Salah setunggalipun jati diri piyantun mukmin inggih meniko
kagungan pola hidup sederhana lan saget ngendaliaken nafsu, sehinggo boten kejlungup
dumateng lembah kehinaan lan kehancuran. Wonten tigo jenis nafsu ingkang sering
njerumusaken manungso dateng jurang kehinaan, inggih meniko nafsu saking dorongan
weteng, nafsu seksual, lan hawa nafsu ingkang nyesataken. Kangjeng Nabi Muhammad
SAW sanget khawatir menawi umatipun terjerumus wonten ing tigang macam nafsu
meniko, sehinggo Panjenenganipun dawuh:

“Yektine sebagian perkoro sing aku kuwatir ingatase siro kabeh yaiku hawa nafsu soko
dorongane wetengmu, dorongan seksualmu dan hawa nafsu sing nyesataken. (HR. Ahmad.
No Hadis:18951)
Jamaah shalat idul fitri ingkang dirahmati Allah,
Wonten kehidupan modern ingkang kito lampahi sakmeniko, kito pirsani kathah
piyantun ingkang kejlungup dateng lembah kenistaan lan kehinaan. Wonten sebagian
masyarakat ingkang kejlungup dumateng nafsu wetengipun, sehinggo dados budak
wetengipun piyambak, piyambakipun dahar kanthi berlebihan, ngunjuk kanthi berlebihan,
sehinggo gesangipun namung kagem nyekapi kebetahan wetengipun. Kelompok nomer
kalih inggih meniko tiyang-tiyang ingkang dados budak nafsu seksualipun. Keadaan
ingkang mekaten tentu badhe nimbulaken kerisakan lan kehinaan. Kathah keluarga lan
masyarakat ingkang hancur keranten nuruti nafsu seksual. Keranten nuruti nafsu seksual
kathah manungso ingkang gubrat dosa amargi nglampahi selingkuh perzinaan. Wondene
kelompok ingkang kaping tigo, inggih meniko manungso ingkang diperbudak hawa
nafsunipun piyambak. Keranten nuruti hawa nafsu, piyambakipun nglampahi perkawis-
perkawis ingkang dados awisanipun agami sehinggo dadosaken kehancuran lan ujung-
ujungipun arupi penyesalan selami-laminipun wonten ing akhirat. Al-Qur’an sampun paring
pepenget dumateng kito sedoyo kados pundi menggah keadaan tiyang-tiyang ingkang nuruti
hawa nafsunipun, kados ingkang dipun jelasaken wonten surat al-Ahqaf: 20.

Lan (elingo) dino (nalikane) wong-wong kafir dihadapne maring neraka (Maring deweke
diucapne): "Siro wis ngenteake rezeki sing apik-apik ingdalem penguripan dunyo (wae) lan
siro wis seneng-seneng kelawan iku kabeh; Mulo ing dino iki siro diwales kanthi sikso kang
nginaaken kerono siro wis gumedhe ing duwure bumi tanpo hak lan kerono siro nglakoni
fasik".
Allahu Akbar, wa lillahil hamdu, Hadirin lan hadirat ingkang minulyo,
Wangsul dumateng fitrah ingkang suci lan bersih meniko ingkang yektosipun kito
lampahi sakmeniko. Dinten ingkang kebak kebahagiaan lan kesucian ingkang kito perkoleh
sak sampunipun nglampahi shiyam Ramadhan selami sewulan. Pramilo, boten wonten
ucapan ingkang paling tepat kito ikraraken wonten dinten meniko, kejawi do’a:

“Duh Gusti Allah, dadosaken kito sedoyo tiyang-tiyang ingkang wangsul dateng fitrahipun,
ingkang merkoleh bejo lan kemenangan soho dipun tampi amal ibadahipun”.
Kanthi wangsul dumateng fitrah, kito badhe nggayuh kebahagiaan lan kesuksesan
lahir batin kados ingkang kito idham-idhamaken. Monggo kito bertakbir ngagungaken asma
Allah, syukur atas sedoyo rahmat lan anugerahipun. Mugi-mugi kito sedoyo enggal saget
ucul saking pandemi corona lan saget nglampahi jejibahan, amal shalih lan nyebaraken
kemanfaatan wonten ing tengah-tengah ummat kanthi leluasa kados mongso-mongso
sakderengipun, Aamiin. Allohumma Aamiin.
Khutbah II

Anda mungkin juga menyukai