Omah tradisional Jawa Tengah salah sijine yaiku Joglo. Joglo iku jinis omah tradisional Jawa
sing katon prasaja lan dipigunakaké minangka simbol utawa panandha status sosial saka
bangsawan Jawa . Biasane, omah joglo mung diduweni wong kang duwe banda akih. Amerga
omah joglo butuhake material kang akih lan larang regane. Omah joglo uga butuhake lahan kang
amba amerga ana bagian kang digunaake nampa tamu kang akih. Nanging Ing jaman saiki wis
arang banget ditemokaké omah wangun joglo. Omah joglo kagolong kuna ing jaman saiki.
Omah iki duweni keunikan yaiku payone kang dhuwur lan duweni soko
wangun papat soko kang utama kang nyangga bangunan lan tumpang sari
kang wujud susunan balok kang disangga soko guru. Ciri khas liane yaiku
duweni payon kang dhuwur kaya gunung.
Ruangan ing omah joglo biasane dibagi dadi telu bagian. Bagian kaping
siji yaiku ruangan kanggo patemon kang kasebut pendhopo. Bagian kapindo
yaiku ruang tengah utawa ruang kanggo nanggap wayang kulit, kasebut
pringgitan. Bagian kaping telu yaiku ndalem utawa omah jero, kanggo ruang
keluarga. Ing jero rungan iki ana telu senthong, yaitu senthong kiri,
senthong tengah, lan senthong kanan.
Dalem yaiku pusat ing omah joglo. Fungsi utamane kanggo ruang
keluarga. miturut pola tata ruang, dalem duweni prabedan ing duwuring
pondasi, saengga membagi ruang dadi 2 area. Ing pondasi kang luwih
dhuwur digunakake panggon mlebu metune udara, ing bagian kang luwih
cendhek digunakake ruang keluarga lan senthong.
Setiap daerah di Indonesia memiliki sebuah bangunan berupa rumah yang menjadi
simbol atau ciri khas daerah tersebut disebut dengan rumah adat. Begitu juga dengan
daerah Jawa yang memiliki ragam khas arsiktetkur rumah adat yang tersebar di setiap
provinsi yakni Rumah Adat Joglo. Rumah Adat Joglo ada sembilan jenis yakni Joglo
Limasan Lawakan, Joglo Sinom, Joglo Jompongan, Joglo Pangrawit, Joglo Mangkurat,
Joglo Hageng, Joglo Semar Tinandhu, Joglo Kudus, Joglo Jepara, dan Joglo Pati.
Joglo adalah jenis rumah adat suku Jawa yang terlihat sederhana dan digunakan
sebagai lambang atau penanda status sosial seorang priyayi atau bangsawan Jawa.
Rumah ini mempunyai keunikan atau kekhasan tersendiri dengan adanya tiang-tiang
penyangga atau soko guru, beserta tumpang sari nya. Setiap bagian rumah
merepresentasikan fungsi yang berbeda, yang dibangun di atas lahan yang luas juga.
Oleh karena itu, rumah ini hanyalah dipunyai orang-orang dari kalangan berpunya saja.
ads
Joglo yaiku salah sawijining omah adat suka Jawa kang sing katon prasaja lan
dipigunakake minangka simbol utawa panandha status sosial saka bangsawan Jawa.
Biasane, omah Joglo mung diduweni wong kang duwe banda akeh. Amarga omah Joglo
butuhake material kang akeh lan larang regane. Omah Joglo uga butuhake lahan kang
amba amarga ana bagian kang digunaake nampa tamu kang akih. Nanging ing jaman
saiki wis arang banget ditemokake omah Joglo. Omah Joglo kagolong kuna ing jaman
saiki.
Ruangan ing omah Joglo umume diperang dadi telu bagian utama. Bagian kang
kapisan yaiku ruangan patemon kang kasebut pendopo. Bigian kang ke pindo yaiuku
ruangan tengah utawa ruang kang kanggo nanggap wayang kulit kang kasebut pringgitan.
Bagian kang katelu yaiku ruangan mburi kang kasebut ndalem, lan digunakake kanggo
ruang kaluarga. Ing rungan kui ana telu ruangan kang kasebut senthong (kamar), yaiku
senthong kiwa, senthong tengah, lan senthong tengen.
Bagian- bagian omah Joglo
1. Pendapa/ Pendopo
Pendapa dumunung ing ngarep omah. Biasane digunakake kanggo aktivitas kang
formal kayata patemon panggonan pagelaran wayang kulit lan tari-taian, sarta
upacara adat. Ruang iki nuduhake watak kang akrab lan ketok, sanadyan ngono
Pandapa kerep digawe apik lan megah.
2. Pringitan
Pringitan dumunung ing antarane pendapa lan omah njero. Bentuk pringitan
kayata serambi kang jumlahe telu persegi lan ngadhepi ing arah pendapa.
3. Emperan
Emperan yaiku gabungan antarane pringitan lan omah njero. Bisa uga diarteke
teras ngarep amarga ambane sekitar 2 meter. Emperan digunakake kanggo nampa
tamu, panggonan leren lan kagiatan public liyane. Ing emperan biasane ana sak
setel kursi kayu lan meja.
4. Omah Njero
Omah njero kerep kasebut omah mburi, dalem ageng utawa omah.
5. Senthong Kiwa
Senthong kiwa manggon ana ing sisih kiwa senthong tengah, nduwe guna dadi
panggon nyimpan senjata utawa piranti-piranti pertanian sing duwe omah, ning
onokalane senthong kiwa uga digunakne dadi panggon nyimpan bakal-bakal
kebutuhan baku keluarga, kaya pari, palawija lan liya-liyane.
6. Senthong Tengah
Senthong tengah manggon ana ing bagian njero. Kerep uga kasebut pedaringan,
boma utawa krobogan. Manut karo panggonane kang ana ing njero omah, bagaian
kui duweni guna kanggo panggonan nyimpen barang-barang penting, kayata
banda kaluarga utawa pusaka kayata keris lan liya-liyane.
7. Senthong Tengen
Senthong tengen yaiku pasren, biasane panggonan iki kanggo peturon lan
kanggo panyembahan kanggo dewi srin utawa dewi kesuburan lan
kemakmuran. Biasane uga kanggo nyimpen beras utawa palawija.
8. Gandhok
Yaiku bangunan tambahan kang manggon ing mburi lan samping banguan
omah Joglo.