Anda di halaman 1dari 6

LAPORAN KEGIATAN BASA JAWA

“SMPN 1 KESAMBEN MENYANG BALI”

KELAS IX-B
NAMA KELOMPOK :
1. CESAR ATHAILAIH AKBAR (06)
2. DAYAN FAHRI FIRMANSYAH (07)
3. DEALOVA FAIZAH AULIA ISRANTO (08)
4. M. FANDI HIDAYATULLAH (21)
5. RETNO AYU DINA PITALOKA (25)
6. SYARINI DWI PUTRI RAMADHANI (29)

SMPN 1 KESAMBEN
KABUPATEN JOMBANG
I. PAMBUKA
1.1 Lelandasane Pamendharan
SMPN 1 KESAMBEN saben taun duwe acara rutin kanggo para siswa, yaiku
karya wisata. Karya wisata mung mligi kanggo para siswa kelas 9. Miturut dhawuhe
Bapak Kepala Sekolah para siswa ora mung sinau ning njero kelas wae. Kanggo
nambahi jambarane wawasan tumprah bab-bab sing wis disinaoni ing kelas para
siswa perlu sinau ing laboratorium alam.

Laboratorium alam sajining panggonan kang cocok kanggo mbuktekake apa-


apa sing wis tau disinaoni dening parawisata. Kanthi mengko para siswa ora mung
ngangen-angen wae, nanging weruh lan ngerti tulandha sing nyata. Lelandhesane
kasebut sekolah ngajak marang para siswa karya wisata menyang Bali.

1.2 Kegiatan karya wisata menyang Bali nduweni tujuan supaya :


a. Ngembangake wawasan babagan pariwisata ing Indonesia, mligine ing Bali.
b. Ngidenthifikasi papan-papan tinggalan sejarah lan papan-papan belanja khas
Bali.
c. Ngidenthifikasi papan wisata sing nduweni nilai budaya kang dhuwur.

II. ISI
2.1 Jeneng Kegiatan
Kegiatan taunan iki duweni jeneng “Karya Wisata Siswa SMPN 1 KESAMBEN
Menyang Bali”.

2.2 Wektu Kegiatan


Kegiatan karya wisata dianakake :
Dina lan Tanggal : Minggu – Selasa, 25-27 Februari 2024
Papan Tujuan : Tanah Lot, Pantai Kuta, Tanjung Benoa, Pantai
Bedugul, Pantai Pandhawa
Peserta : 32 siswa lan 15 pembina
2.3 Anggota Panitia Kegiatan Yaiku :
1. Penanggung Jawab : Irawan Budi Santoso, S.Pd
2. Ketua : Dayan Fahri Firmansyah
3. Wakil Ketua : Cesar Athailah Akbar
4. Sekertaris : Retno Ayu Dina Pitaloka
5. Bendahara : Dealova Faizah Aulia Isranto
6. Seksi Konsumsi : Syarini Dwi Putri Ramadhani
7. Seksi Dokumentasi : M. Fandi Hidayatullah

2.4 Dheskripsi Ringkes


Bali kondhang minangka jujugan wisata tumrap wisatawan-wisatawan dhomestik
lan manca negara. Ora aneh, Jalaran kondhang nduweni peninggalan sejaran lan
kebudayaan. Bali uga duwe jajanan khas akeh jenise.

1. Tanah Lot yaiku salah sawijiné objek wisata ing Pulo Bali, Indonésia. Ing
Tanah Lot ana pura kang cacahé loro. Pura iki manggon ing sandhuwuré watu
gedhé. Pura kang sepisanan manggon ing sandhuwuré watu gedhé lan pura
sing sijiné ana ing sandhuwuré tebing kang mirib kaya Pura Uluwatu. Pura
Tanah Lot iki kalebu péranganing pura Dang Kahyangan. Pura Tanah Lot iku
pura sagara kang dadi panggonan kanggo muja lan nyembah dèwa-dèwa kang
njaga laut.
2. Pantai Kuta ya iku papan wisata kang dumunung ing tlatah Kuta kidul Kutha
Denpasar, Bali, Indonésia. Wilayah iki wis dadi tujuan wisata kanggo turis
manca lan wis dadi obyek wisata utama ing pulo Bali wiwit awal taun 1970-
an. Pantai Kuta asring diarani minangka pantai sunset dibandhingake karo
pantai Sanur. Kajaba iku, Bandara I Gusti Ngurah Rai dumunung ora adoh
saka Kuta.
3. Tanjung Benoa minangka papan wisata ing Bali sing misuwur kanthi pesisir.
Papan iki uga dadi swarga kanggo dolanan banyu kayata banana boat, scuba
diving, parasailing, rolling donut, seawalkers, iwak mabur, snorkeling, lsp.
Kajawi punika ugi wonten lelayaran tumuju Pulo Penyu ing pundi-pundi
penyu, ula, jalak Bali, lan sanes-sanesipun ingkang gesang lan katahan ing
panangkaran. Mula ora kleru menawa Tanjung Benoa dikenal minangka pusat
wisata bahari ing Bali.
4. Bedugul minangka salah sawijining papan wisata favorit ing pulo Bali.
Dumunung ing tlatah pegunungan, dhuwuré watara 1.400 mèter saka lumahing
segara. Bedugul nduweni pemandangan sing apik lan keren. Objek wisata
ingkang utami inggih punika Danau Bratan ingkang wonten ing pucuking
bukit. Kajaba iku, ana candhi sing ngadeg ing sacedhake Tlaga Bratan, yaiku
Candhi Ulun Danu.
5. Pantai Pandawa ya iku salah siji papan wisata ing tlatah Kuta Selatan,
Kabupatèn Badung, Bali. Ing sakubenge pantai iki ana rong tebing sing gedhe
banget ing sisih siji sing diukir limang patung Pandhawa lan Kunti.
III. PANUTUP

Kegiatan karya wisata wis kaleksanan kanthi becik. Sawise melu karya wisata
akeh bab sing bisa disinaoni kanthi langsung. Kita para siswa nduweni wawasan
kang tambah jembar, ora mung weruh liwat televisi, utawa liwat internet wae,
nanging weruh sanyatane

Pungkasane tulisan iki panulis nduweni pangjab ing saben taun sekolah tetep
nganakake kegiatan karya wisata lan asile bisa luwih apik tinimbang taun iki.
IV. Lampiran

Tanah Lot

Pantai Kuta

Tanjung Benoa
Pantai Bedugul

Pantai Pandawa

Anda mungkin juga menyukai