Anda di halaman 1dari 79

LIBURANG NANG TULUNGAGUNG

Dening : Ahmad Fani Istanto

Assalamualikum wr wb
Tepangaken nami kula Ahmad Fani Istanto.
Saking kls 12 1ps3, cerkak kula wayah SMA aku lan
kanca-kancaku mlaku-mlaku menyang pantai
gemah,Tulungagung aku lungane nggunakne mobil
carteran, aku mangkat saka omah jam 23.00 bengi nganti
ditekan kana Tulungagung jam 02.00 isuk. Wayah kuwi
jalane isih sepi dadi lakune cepett .
Neng tengah pasar Tulungagung aku mampir
disek nang warkop, lerenn karo ngopi disek,
Sodok suwi, aku lan kanca" budal maneh nang pantai,
tekan pantai gemah wayah subuh, pantai isekk sepi.
" iki pie dalan kok sepi temen se see " Fanny ngomong
karo kanca-kancane
salah siji kancane nyemauri "ya jelass sepi, wong bengii
kok "
"tapi biasane lek bengi tambah rame to,bek cah
pacaran, to kencan?". ature Fanny maneh.
Kanca sijine nyauri “kui lak nok Lamongan, knee
Tulungagung lurr ya beda. Lak kne wayah bengi ya turu,
makane to lek metu sing adoh ".
" oalahh....oke okee masukk” Fanny mungkasi
cecaturane.
Pemandangan kiwa tengen sing nyenengke.
Tekuk kana aku ndeleng akeh wong sing lagi adus.
Banjur aku genti kelambi. Genti kelambine kudu neng
kamar mandi sing akeh disewake ing pinggiran pantai
gemah. Wektu aku mlebu menyang kamar mandi
ambune wc ne kaya ora diresiki setaun. Aku banjur genti
kelambi kalih kanca" wedine aku semaput neng jero
kamar mandi.
Aku langsung mlayu nuju pantai lan nglangi, aku
lagi asik nglangi lakok kanca" nyeluk dikongkon
mangan lan aku kandha mengko dhisik. Sawise wektu
nglangi banjur aku leeren dhisik merga pegel. Aku
dikerjani karo kanca" aku di blebek-blebeke ing njero
banyu, irunglu jelas kelebonan banyu segara, rasane
perih banget lan asin neng ilat. Akhire aku lan kanca"
menyang mingger nang pasir, golek pangan gwe nganjel
weteng.
Gak suwe pak sopir ngajak budal mlaku maneh,
ing perjalanan Masi pemandangan kiwa lan tengen akeh
pengunungan sing sae",gak suwe aku keturon
lakok tangi tangi wiss tekan omah.

iku cerkak ku nang pantai gemah Tulungagung


wasaallamualikum wr wb.
KANCA ANYAR
Dening : Anisa Khusnul K.

Aku Nadine Ladysa, biasane di celok Nadine.


bocah sing nembe pindhah saka provinsi Jawa Barat.
Saiki aku manggon ing kutha Bali, Aku ora nyangka
khutha Bali iku apik banget. Panggonane asri, akeh
gunung daerahe sik ijo hawane sejuk, aku seneng banget
pindhah nang kene.
Saben dina, aku bias ndeleng lautan sing amba
banget. Arang banget isa dolanan, ing omah sing lawas.
Aku meh gak tau dolanan banyu. Tapi saiki nang kene
aku bisa dolanan banyu karo kaluwargaku nalika wayah
liburan.
Pas liburan teka aku dolanan ing pantai Kuta karo
kaluwargaku. Ora singaja nalika ana tanggaku ing kana.
Sing jenenge Daniel bocah lanang sing ramah lan murah
senyum, bocahe seumuran karo aku kelas 1 SMA.
Amerga aku kate netep ing kutha iki, dadi aku ya
kudu pindhah sekolah. Ketepakan aku sasekolahan karo
Daniel, kanca anyarku. saben dina aku budhal sekolah
bareng, mulih sekolah ya bareng. Biasane sawise sekolah
uga sering dolanan utawa leren ing pesisir pantai,
ndheweke mung mbutuhake wektu sawetara menit gawe
tekak pantai.
“Daniell.” Aku ngundang saka ngarep omahe kancaku.
“ya, sedhela” omong Daniel
“aya cepet dheweke dolanan.” Omongku
“iya-iya aya” Daniel ngomong maneh
Meh saben dina , dheweke nggunakake wektu
kanggo dolanan banyu. Mesthine, dheweke duwe izin
saka wong tuwa. Kadhangkala dheweke uga sinau
bareng utawa sekedar ndeleng kartun bebarengan.
Nalika dhewe dolanan ing pantai, ana bocah
saka kelasku teka, jenenge Nadia.
“Hai.. Nadia” bengokku saka adoh
Bocahe ngelinga, lan langsung moro nang aku
kalih Daniel.
“Ana apa iki?” omong Nadia
“Aku bik Nadine lagi dolanan banyu karo gelek kerang”
omong Daniel
“Eh piye lek dheweke lomba nguncalna watu merunu
(ambi nunjuk pantai). Sapa sing paling adoh bocah e sing
menang” Nadia njelasna
Aku karo Daniel pun melu sarane Nadia, jupok
watu karang sing cukup digawe nguncalna seadoh sing
dheweke isa.
Awitan aku sing menang, terus Daniel lan Nadia.
Dolanan iki wis nyenengna gawe dheweke. Dheweke
ngulang-ngulangi dolanan iku sampe dheweke puas.
Kadang Nadia sing awitan menang terus aku disusul
Daniel. Pernah uga aku sing paling mburi. Ikulah
persahabatan kami sing nyenengake. Muga-muga
sampeyan sedaya duwe kanca sing apik kaya kanca
kancaku.
NGLENCER NANG MALANG
Dening : Ayu Widiyah Larasati
Mantun dinten riyaden Mas kalih Mbak rencana
nglencer ten Malang. Mas rencana ngajak Mas Imam
kalih Mbak Ida. “Mam aya menesuk nak Malang, ngajak
Mbak Ida sisan” Mas ngomong. Mas Imam jawab “ayak
Mas, Mbak Ida tak omongane”. Mas Imam ngomong nak
Mbak Ida “Mbak sesuk aya nang Malang, dijak Mas.
Mbak Ida jawab “piye Mam menesuk ?”. Mas Imam
“heke Mbak menesuk”. Mbak Ida “emboh Mam tak pikir
e disek”. Mantun isya’ Mas, Mbak, Mas Imam, lan
Mbak Ida ngumpol ten ngarep omh. Mas ngomong “piye
sidane”. “Aya berangkat, ngajak Indy aku” saute Mbak
Ida. Mas ngomong “piye Mam”. Mas Imam “aya ae”.
Mas ngomong “Ayu tak jake ben tambah rame, mene
gocengan ambek awakmu”. Mas Imam “iyah Mas”.
Isuk kira-kira jam 05:00 aku, Mas, Mbak, Mbak
Ida, lan Mbak Indy perjalanan ten Malang. Tujuan
pertama menuju ten alun-alun Malang. Sampek ten alun-
alun Malang kira-kira jam setengah woluan. Ten alun-
alun Malang foto-foto, maem jajan, numpak biang lala.
Kira-kira jam setengah sepuluhan, lanjut tujuan
berikutnya ten Jawa Timur Park 1. Perjalanan ten Jawa
Timur Park 1 wonten kendala sak itik ngeh niku salah
jalan, dadine mumet mumet, alan sing wis diliwati,
dilwiati maneh.
Sampeke ten Jawa Timur Park 1 tumbas tiket
rumiyen sak marine tumbas tiket langsung mlebet ten
Jawa Timur Park 1. Ten Jawa Timur Park 1 foto-foto,
maem jajan, numpak wahana. Jawa Timur Park 1
nyuguhna wisata edukasi sinau, awet saka budaya adat,
rumah adat, ilmu pengetahuan, ilmu sosial lan tasik
katah. Kira-kira jam kalih welasan mutusna istirahat lan
sholat dhuhur. Samantune niku lanjut malih menuju
panggon renang. Berhubung cuaca pana banget dadus e
mboten siyas renang lan mutusaken foto-foto malih.
Kira-kira jam kalih lanjut ten tujuan berikute
ngeh niku songgoriti. Tujuan ten songgoriti ngeh niku
padus maem lan padus vila damel nginep sakmantune
ten paralayang. Maem ten songgoriti ngeh niku maem
bakso. Pas maem bakso rundingan siyas napa mboten ten
paralayang. Mas nomong ten Mas Imam “ya apa Mam
sida nak paralayang a?”. Mas Imam “emboh Mas pedaku
ya wis gak kuat nanjak eg”. Mas “ya wis gak usah nak
paralayang”.
Sakmantune niku langsung perjalanan mulih.
Sore kira-kira jam 4 leren ten Masjid sholat ashar lan
itirahat. Itirahat ten mriku lumayan suwi lan rencana
Mampir ten pemandian dewi sri. Mantun niku langung
perjalan mulih. Perjalan mulih macet banget. Sampek ten
pemandian dewi sri tumbas oleh-oleh. Krungu adzan
isya’ daduse sholat isya’ rumiyen. Samantune niku
langsung perjalanan mulih. Kira-kira jam songoan
istirahat malih ten pom bensin kalih tumbas bensin.
Kira-kira jam setengah suwelas pon sampek omah.
KANGGO MASA DEPAN SING PADHANG
Dening : Aziza Rahma Wati
Kanthi lumakune wektu, uga tambahe umur nuju
ing babagan urip sing luwih abot. Munggah menyang
tahap dewasa, kabeh wong kudu duwe cita-cita,
kepinginan, impian lan pangarep-arep urip kanggo Masa
depan sing luwih padhang. Nanging ora akeh alangan
sing kudu dilakoni sadurunge mara ing harapan kasebut.
Ing wektu iki, bakal muncul krisis keyakinan diri.
Siji bakal angel nentukna dalan apa sing bakal dipilih,
kaya bocah sing jenenge Dara iki, Dara yaiku bocah sing
umur 19 tahun dheweke bingung arep ngelanjutna kuliah
apa kerja. Nanging wong tuwane nyarana Dara kudu
mlebu perguruan tinggi sing dikarepna. Amarga Dara
anak tunggal lan bocahe pinter, senajan Dara iku urip ing
keluarga pas-pasan. Dara tetep bersyukur karo keadaan
iki. Piye maneh sing jenenge wong tuwa bakal ndonga
supaya anake besuke bisa sukses. Nganti wiwit Sd
sampek Sma Dara diwenehi urip sing serba kecukupan
amarga wong tuwane Dara golek nafkah kanggo anake
lan mengharapno kepingin dadi bocah sing pinter lan
mbanggakno bapak ibukne. Nanging Dara tetep mikir
kudu milih salah siji ing antara loro iku mau, Dara ga isa
nentukna kepastian ke loro pilihan iku mau, amarga Dara
tetep kepingin kuliah lan disambi kerja. Alhamdulillah
Dara diterima ing Universitas Negeri sing dikarepno
wong tuwane lan Akhire kepinginane Dara terwujud bisa
Masuk Universitas sing apik. Masuk ing Universitas iku
mau Dara oleh Beasiswa amarga Dara bocah sing pinter
lan akhire bapak lan ibuke Dara ga akeh-akeh ngetokno
biaya kanggo kuliah, Dara seneng lan bangga banget
bisa ketrima nganti ora ngetokno duwik sepeser kanggo
melbu kuliah. Tapi Dara tetep kepingin kerja kepingin
mbantu Bapak lan ibuke supaya gak nemen-nemen yen
nyambut gawe. Minangka rasa syukur kanggo Dara
wiwit cilik tekan saiki bisa menehi kehidupane Dara
kanthi ikhlas lan bangga. Ing tengah-tengah kuliah Dara
kepingin bantu bapak lan ibuk supaya tetep urip enak
senadyan ora kaya wong sugih. Tapi Dara duwe rasa
bangga lan bersyukur banget nduweni bapak ibuk sing
kaya iki sing selalu ndukung anake kepingin sukses.
Sapa wong sing nanam kebaikan bakal tumbuh kebaikan
sing luwuh apik. Doa wong tuwa iku ya butuh yen
kepingin sukses aja ngae gela atine wong tuwa.
Mbangun Masa depan sing cerah ora gampang
banget , butuh usaha sing kuat tekad lan optimis sing
kuat. Senadyan Dara ora dibantu didungakne wong tuwa
Dara ora bakal sukses tekan saiki. Dunga lan rasa syukur
iku mau sing ngeterno Dara dadi bocah sing sukses sing
kepingin Masuk Universitas sing dikarepna. Kayata kita
sinau lan dunga mesti ana tujuan sing kita karepno.
Insyaallah bakal terwujud sng kita karepna tapi kita kudu
usaha. Yen kita gelem usaha ora bakal hianati hasil.
Wong sing gampang nyerah ora gampang nemokna hasil
sing apik knggo awake dhewe, usaha ora gampang sing
penting kita bisa ngelakoni nganti ikhlas lan alon-alon
sing penting kelakon. Yen ana harapan lan impian bakal
dadi kenyataan.
KESASAR ING GUNUNG
Dening : Bagus Alief Kurniawan
Pas wayahe udan deres aq Miko, kepek dolanan
udan udanan Nok lapangan. awak Dhewe dolanan bal
Balan kepek Karo aku sing nyadok bal terus Miko
bagian hukumi bal lah pas bal tak sadok Miko langsung
mlayu jupuki bal, lah kog pas mlayu Miko kejeglong tela
Nok tengah sawah lah bar ngunu sekelebat Miko keseleo
aku Karo kepek bingung mikirna Miko mergake Miko
wes nangis banter rah karoan lah bar ngunu kepek
nduweni ide cek sikile Miko isa waras iku kudu dilabor
linet cek isa waras lah kog saking kebacute kelabur
Kabeh Roto sak awak e mulahne Miko dadi Ireng sing
asline Ireng nambah breng bar ngunu aku Karo kepek
bingung Wedi nek wong tuwane Miko lali Karo Miko
pas perjalan mulih aku kepek Miko lungguh Nok
sandeng sendang Karo masih gunung Semeru sing
duwur LAN indah bar ngunu Miko duwe acara nek Kate
ngejak mendaki Nok gunung Semeru terus Kabeh setuju
dan aku kepek Miko ngenteni Dina prei pas wayahe
Dina prei aku wong telu nyiapna bhn bhn sandangan
sing di gawa Nang nduwur gunung letak e Majakerto
desa Pekalongan Kula Miko kepek bingung Kate
numpak op Nang gunung Semeru bar ngunu kepek
nduweni akal palang gawe prahu terus di tumpak i lewat
Bengawan Solo lahkog Bengawan Solo banjir deres
banyune Munggah mudun tapi kita bertiga orang Wedi
pas prahu TK deleh Nok pinggir Bengawan langsong
kene wong telu numpak i prahu iku meskipun sekok wet
Gedangan tapi cukup THN lama dan setelah prahu
berjalan sehingga kita sampai tujuan yaitu di lereng
gunung Kelud sehingga kita bingung di sana karena kita
tidak sampai tujuan dadine kene wong telu bingung
langsing mutusno balek mulih Nang desa wae pas
perjalanan balek Nang desa aku Miko kepek kesasar
mergake dalane akeh wit witane watune gede gede
kewane uakeh dadi pas bingung golek dalam mulih aq
wong telu langsong mutus no palang ndaki Nok
nlgunung Kelud ae nimbang rasido ndaki dan Kabeh
setuju langsong kene budal mangkat sak anak e dalan di
lewati tapi log gak temok temok pose dadi aku bingung
keweden sing Miko sueneng merga kesasar GK ISA
mule sing kepek bingung ibot golek suri pas leren Nok
kunu awak ndhewe wong telu masih godong Grobogan
ati rasane ayem lah pas iku cah cah keleson langsong
ngetokne panganane Dhewe dwe mergake Dina wes
peteng Kabeh ngakakno senter ambek jumet mercon
Karo bakar api unggun pas pgnane anak mie goreng
godok ambek gawe kopi pas mie di masak aku Karo cah
cah kudu ngguyu Kabeh terus golek Gon gawe kencing
bar pas mari kencing langsong balek Nang Gon gawe
masak meskipun gk anak tendone mok gelar kloso Karo
kerdos lahkog lali mie ne gosong gk dadi pas mgn y
rasane Raj koyok mie langsong aku Karo cah cah gawe
kopine gawe anget anget anget taan bar ngunu anak
wong nyulu langsing aku Karo cah cah melok balek
mudun Nang didesa langsong bar ngunu kene wong telu
mulih Dhewe dwe sekian dari saya
DOLAN NANG BROMO
Dening : Bima Setiawan
Kenalake jenengku Bima aku nduweni kanca sing paling
goblok sak kabehe sing nduwe jeneng Fajar Kuprit
Enak dolan nandi ya,” Takon aku marang kancaku.
Dheweke njawab “enake mlaku-mlaku lan nggoleki
padang hawa ”. “Iya aku ngerti, nanging neng ngendi?”
Takonku meneh marang dheweke, banjur dheweke
njawabe: “Ya kaya ta nang gunung utawa nang
kebon/alas bedel manok ngunu”
Kanthi rai serius lan akhire aku oleh ide kanggo liburan
nang panggon sing apik lan kahanane kawah sing
linuwih. Mesti pamasaran ta aku arep neng ngendi?
Esuke aku lan kancaku sing nduwe jeneng Fajar Kuprit
kuwi nuju menyang panggon kuwi, nanging kancaku
kuwi isih ora due duwek .. kepeksa aku sing ngutangi
duwek 300 ewu . hehemmm… yen tembung wong
zaman saiki yen ora due duwek ora di rewangi tapi aku
ttep ngrewangi masen ogak duwe duwek sawise meh
nganti menyang panggon tujuan aku ngandhanekne
jeneng panggon wisata sing tak tuju kuwi, kanthi rai
seneng kancaku takon marang aku“? Kok apik banget
pemandangane apik gawe foto foto . Aku kanthi bangga
aku njawabe: “Iki panggon sing gawe cah hits hits tok.
dalanan sing menggok-menggok, mawa udarane sing
sejuk banget nggawe aku milih liburan nang kene iki.
Kanthi numpak montor aku lan Fajar Kuprit dalan
mungah nang gunung Bromo iku..
Sawise 4 jam ngebut nggawa cb herek akhire nganti
tutok neng puncak Bromo, aku lan Fajar banjur mudhun
menyang padang pasir sing ombo koyok stadion neng
sekitar gunung Bromo, kanthi sethithik kendala yaiku
ban montor sing sethithik kepleset mawa keblekok
ngliwati padang pasir semangat ku akhire umbul
umbulan gawa cb sing panggone tepat ana ing ngisar
gunung Bromo
Kanthi rasa ora sabar aku ro Fajar banjur markirke
montor, terus foto foto menyang undak-undakan sing
dihubungna sikil gunung Bromo kanthi puncak Bromo
Sawise sekitar kurang luwih 30 menit munggahi undak-
undakan kuwi akhire tekan neng puncak gunung Bromo,
mung tembung sing terlintas neng benak kami yaiku
“Bromo Apik Bangetttt”
Ya tembung kuwi sing tak pikirke sanganti neng puncak
Bromo kesebut, saka puncak kuwi aku lan Dian ndeleng
pemandangan sing becik lan alami. Mawa aku uga bisa
ndeleng apa sing ana neng sikil Bromo saka kene
conthone kaya: wong sing nunggang jaran utawa suku
Tengger, banjur aku uga ndeleng montor sing tak parkir
neng ngisar. Terus uws bengi akhire turu nang
pinggirane Bromo padang pasir gelar kloso sekitar. Jam
9 am.tros mulih jam 7 pagi hawane rasane adem banget
nganti jaket sing kandel tembos..akhire mulih dengan
selamat .
Mangkene cerita pengalaman pribadi liburan ke gunung
Bromo bahasa jawa yang dituliskan oleh bima
setiawan.Semoga bermanfaat.
STUDY TOUR ING JOGJA
Dening : Chindar Utari
Pas waktu Chindar isek SMP kelas 8, sekolahane
yaiku SMP NEGERI 2 KEDUNGPRING ngadhaake
study tour ing Jogja, sing di wajibna gawe kelas 8 lan
kelas 9. Study tour iku di laksanakno tanggal 4 maret
2016, sakdurunge budal bocah-bocah di wenehi
pengarahan karo Bapak Ibu guru lan di kon gawa
piranti.
Nepaki hari H budal tour ing Jogja iku budal jam
19:30. Bocah-bocah sing wis tekan sekolahan di kon
ngumpul ndek lapangan sekolah SMP N 2 kedungpring.
Kabeh bocah wis pada ngumpul nang lapangan langsung
di wenehi kaos gawe mene nek wis tekan Jogja lan di
wenehi nomer bis. Chindar kebagian sak bangku karo
Rani ndek bis 2. Pas wayahe menehi kaos karo nomer
bis, tibake bise wis tekan kana, kabeh bocah di kon baris
sing padha karo nomer bise sing wis di wenehi mau.
Langsung sak durung e budal bocah-bocah di kn ndonga
supaya selamet sampek tujuan. Sak wise donga bocah-
bocah di kon nglebokna barang-barange nak bagasi
langsung di kon munggah nang jero bis.
Chindar lan kanca-kanca ngunjungi panggonan
wisata sing apik-apik yaiku Parang Tritis, Candi
Borobudur, Taman Pintar lan belanja ing Malioboro.
Tekan Parang Tritis kira-kira jam 05:30. Sakdurunge
ndek pantaine bocah-bocah di kon adus dhisik terus
mangan ndek Rumah Makan sing ana ing Parang Tritis.
Sak wis mangan bocah-bocah di kon pembina study tout
utawa Bapak Ibu guru menuju pantaine, ws tekan pantai
bocah- bocah seneng banget amerga panggonane apik
lan hawane sejuk mergakne isek isuk. Chindar lan
kanca-kancane pada nikmati indahe pantai Parang Tritis
karo foto-foto ing kana. Sak wise saka Parang Tritis
langsung nglanjutna perjalanan nang Candi Borobudur.
Tekan Candi Borobudur kira-kira jam 11:00.
Sadurunge mlebu nang candi Borobudur bocah-bocah di
wenehi tiket di gawe mlebu nak candine. Mlebu nang
candie iku adoh banget, kudu mlaku kira-kira 300 meter
saka lawang mlebune iku mau. Pas mlaku-mlaku saben
dalan iku anak pirang-pirang pemandangan lan taman-
taman cilik sing apik, uga ana panggonan kanggo
lungguh-lungguh nak ngisar wit sing rindang dadi pas
kanggo gawe pengunjung sing rumangsa kepegelen. pas
wis tekan candine bocah-bocah kudu munggah lewat
undak-undak, dadine cukup megelno. Iku pas munggah
ndek Candi Borobudur panas banget sampek anak salah
siji bocah wedok sing semaput ing nduwur Candi, bocah
iku mau langsung di tangani karo guru-guru di wenehi
minyak lan sebaginae. Nganti nak dhuwur puncak
Candi, siji stupa Budha sing gedhe bakal bisa awake
dhewe demok lan delok secara langsung. Mula pas ndek
puncak candi seolah-olah ana ing dhuwur pesawat, ning
amerga dhuwur Candi Borobudur ngluwihi kedhuwuran
wit-wit ndek kira-kirae Candi. Dadi bocah-bocah bakal
leluasa ndeleng pemandangan alam sing ngana ijo
amerga panggonan kira-kira Candi iku di lebeki kanthi
kebun-kebun sing rindamg. Nang duwur Chindar lan
kanca-kancane pada foto- foto , akeh bocah-bocah sing
jalok foto karo buley. Pas foto-foto guru-guru ngongkon
bocah-bocah mudun mergakne isek anak panggonan sing
durung di tekani yaiku taman pintar. Bocah-bocah
langsung mudun kabeh. Wis tekan ngisar anak biksu
sing gundul-gundul , biksu-biksu iku tibake ibadah ndek
Candi Borobudur.
Sak wise nang Candi Borobudur langsung
nglanjutna perjalanan ing Taman Pintar. Tekan Taman
Pintar kira-kira jam 02:30 tibake nang kana udan deres
dadine bocah-bocah di kongkon guru-gurune mandek
sampek udane terang. Pas udane wis terang bocah-bocah
langsung mudun saka bis terus menuju nang Taman
Pintar. Nang jero Taman Pintar akeh gambar-gambar,
tulisan lan sebagiane. Pas nang jero bocah-bocah pada
foto-foto ndek Taman Pintar.
Wis saka Taman Pintar langsung blanja-blanja
nang malioboro, nang kana akeh kaos-kaos sing apik,
Chindar karo Rani tuku kaos padha gambare , nang kana
bocah-bocah pada blanja gawe oleh-oleh wong omah.
Chindar karo Rani nukokna wong sing nak omah,
Chindar tuku klambi gawe Ibuke karo Bapake uga tuku
pia rasa kacang ijo. Rani tuku kalmbi gawe adik-adike
uga tuku jenang.
Bocah-bocah wis mari blanja- blanja lagsung di
kongkon Balik nang bis langsung mulih . kira-kira jam
18:00 bocah-bocah di andekno nang Rumah Makan
mergane wis wayahe mangan bengi. Sak wise mangan
langsung nglanjutna perjalanan mulih. Tekan omah kira-
kira jam 04:30.
LIBURAN ING PANTAI BARON
Dening : Davit Ponco Pornomo

Aku lan keluarga ku mlaku-mlaku menyang


pantai baron. Aku lungane nggunakne elf sewoan. Dalan
aku menempuh 2 jam, aku mangkat saka ngomah jam
6.00 esuk nganti dikana jam 8 (wolu) isuk. Wayah kuwi
jalane isih ala dadi lakune suwe bange.
Neng tengah ndalan aku ndeleng pemandangan
kiwa tengen sing katon nyenengke (menyenangkan).
Sangantine ketuk kana aku ndeleng akeh wong sing lagi
adus. Banjur aku genti kelambi. Genti kelambine kudu
neng kamar mandi sing akeh disewakake ing pinggiran
pantai baron. Dumadakan wektu aku mlebu menyang
kamar mandi ambune wc ne kaya ora diresiki setaun.
Aku banjur genti kelambi wedine aku semaput neng jero
kamar mandi banjur metu.
Aku langsung mlayu nuju pantai lan nglangi, aku
lagi asik nglangi bapak ku nyeluk dikongkon mangan lan
aku kandha mengko dhisik. Sawise saerntara wektu
nglangi banjur aku seren dhisik merga ngelih banget.
Beruntung aku isih komanan pithik bakar sing digawa
saka ngomah karo Ibuk. Saentek mangan aku nyewa ban
fuso sarega 10.000 nuli aku nglangi meneh nggunakne
ban kui. Dumadakan aku ora ngerti yen kakangku ugo
nglangi neng cedhak ku. Aku dikerjani ro kakang aku di
blebek-blebeke ing njero banyu, irunglu jelas kelebonan
banyu segara, rasane perih banget lan asin neng ilat.

Banjur aku diceluk maneh ro bapak turene aku gelem


numpak prau ora, aku banjur jawab gelem. Aku mlayu
wedi yen keri lan aku munggah prau sing penumpange
ana wong 15, banjur prau kuwi dilakoke ngubengi pulau.
Ora krasa wayah wis sore, banyu segara anyak pasang.
Aku wis mraune wedine yen klelep lan aku genti
kelambi banjur mulih. Ora krasa aku teras turu neng
njero mobil, anehe rasane cepet banget anggone
perjalanan. Tangi-tangi aku wis ana neng ngarep ngomah
lan digugah ibuk kon mudun.
SINGSARANE PAK TANI
Dening : Devita Affiatin Putri E.
Wayah isuk angin semriwing kaliyan endahe
godhong pari kang diterak angin endahe srengenge sing
muncul saka wetan ngetokne cahaya kang endah banget.
Para petani padha budhal ing sawah kaliyan nyangking
pacul sing di seleh ing pundake. Saben isuk para petani
budal ing sawah kanthi sore.Srengenge wis ilang tanda-
tandane mulih e para petani. Saben dina para petani
angen-angen tandurane kang suwe panenne.
Saben isuk ing sawijining sawah kang
endhah,Pak Budi ngadhek Karo nyawang taneman pari
ing sawahe sing amba iku.Uwis sak ulan luwih pari sing
ditanem,Saiki godhonge wis padha ijo. Pak Budi
ngeliling mumeti sawahe turut kedhokan,Pak Budi
mandhek Masi suket-suket sing ana ing taneman
parine.suket-suket iku kathon urip subur lan luwih subur
saka tanemane pak Budi.Srengenge tansah nyentrong
mentor-mentor,tanpa sambat pak Budi medun ing sawah
banjur njupuk utawi mbabuti suket sing ana ing tengah-
tengahe pari iku.Tanpa mandheg siji Mbaka siji
diresiki,nalika panase srengenge tambah krasa ing
gegere pak Budi,kringet padha netes tanpa krasa adzan
dhuhur krungu ing telingane pak Budi,pak Budi
mandheg lan mlaku ing pinggire sawah lan pak Budi
mandheg ing gubug cilik ing tengahe sawah.semriwing
angin tansah nyegerake awake pak Budi kang teles
kenek keringet.Pak Budi njupuk botol sing ana ing
pinggire lan langsung diombe gawe ngurangi dahaga
sing dirasakna.Sawise ngerasa cukup istirahat,pak Budi
cepet-cepet ing kali ing sampinge sawahe.Pak Budi
wudhu lan Bali ing gubuge gawe ngelaksanaake ibadah
sholat."Masya Allah"ing tengah sawah e pak Budi ora
lali gawe bersujud dhateng Allah swt.
Sawise sholat Pak Budi ngelanjutake
penggaweane iku mau,ngerikiti suket sing ana ing antara
e pari-pari sawise suwi langite beda warna sing
sadurunge Katon cerah Saiki malah dadi peteng,pak
Budi krungu suwarane gemluduk petir.Tanpa ngenteni
suwe ujug-ujug udan deres banget kang nelesi Kabeh
tandurane pak Budi.Pak Budi langsung mandheg lan
nyawang ing sekeliling e sawah e kang saya sepi ora ana
wong sing ana ing sawah.Sawise kuwi pak tani tetep
nerusno Panggabean iku mau kan direwangi udan
sekalian gluduk sing ngerungokno kupinge.Meski awake
teles pak Budi tetep terus kerja Karo pacul cilik terus
njabuti suket kang tumbuh subur iku,panas sing
dirasakan awet isuk Saiki saya ganti adem sing dirasakan
pak Budi.
Saben awit rendheng pak Budi saya ketaya-taya
pak Budi kudu golek utangan gawe tuku bibit pari lan
pupuk.Panene pari iku dadi tabungan gawe pak
Budi.Amarga utang iku mau disauri pas wayah tanduran
parine pak Budi panen.Masa panen pari iku ana telung
wulan pan saben ulan kudu di pupuki ping Pindo. Dadine
pak Budi saya akeh nik gelek utangan.Marine mupuki
pari yen parine wis ambyak.sawise iku pak Budi kudu
ngompres pari supaya hama-hama ora wani ndumuk
utawi nyerang tandurane pak Budi.
MALANG PANCEN ADEM
Dening : Farhan Dwi Nuryanto
Sabtu isuk budal Malang sambang Masku sing
ganteng dhewe😂 nglencer karo seneng"sak durung e
budal ibu karo mbah Masak Bali tahu karo sega wakeh
alias mbontot😂 ya iki ciri khas aku sak kluarga mbek
ngeteni pak supir serapan disek karo nutupi lawang
cendela karo njabut radiator LPG. Wis siap kabeh pak
supir teka langsung mangkatt, pak supir gawa montor
mbek santuy tekan pom kabuh leren ngisi solar wis nang
perjalanan aku keturon😆 ruh" wis tekan ngantang trus
aku ngomong nang wong oma leren mangan sek enak
panggon e pw😅terus leren mangan sanding kali wis
nikmatt sak bar e mangan foto" mbek kluarga terus
mangkat maneh terus tekan batu krasa hawane suejuk
gak suwe wis tekan pujon ya iku panggon e Masku turu
alias omah e bulekku obo petuk Masku langsung
salaman tegur sapa trus sakluarga biasa kangen
kangenan leren sedilut trus nglajutne nglencer nang
singkaling ambi selekta fto" seneng terus ngeterne
Masku mbalek nk pujon trus aku sak kluarga Bali😀😀😀
NDELOK KONSERE SHAWN MENDES
Dening : Fika Nur Aghni Afifah

Ing sawijining dina ing sekolahan pas wayah


istirahat Nayla, Chilla, lan Diva omong omongan ing
ngarep kelas karo dolanan laptope Diva.
“heee….Nay, delok iki!” omonge Diva
“delok apa ta, Div ?” jawabe Nayla
“iki lho delok a wow banget loh!” jawabe Diva
“delok apa ta Div , aja nggarai kepo a awakmu iki”
omonge Chilla
“hmmm…iki lho Chill Shawn Mendes arepe konser ing
Jakarta tanggal 8 Oktober mene” jawabe Diva nang
Chilla.
Terus Nayla lan Chilla delok laptop e Diva
“loh…loh…loh… iki tenanan a Div?” omonge Nayla
sing ngefans banget karo Shawn Mendes
“tenan lho, Nay iki pengumumane resmi teka Instagrame
Shawn Mendes” jawabe Diva
“Piye Nay delok a ?” omonge Chilla karo mesam mesem
“Ayo delok bareng bareng rek, sueru ketoke” jawabe
Nayla karo ngguya ngguyu
Gak suwe bel sekolah muni tandane Masuk, Nayla,
Diva, lan Chilla mlebu kelas.
“wis wis rek mene dirundingna maneh saiki wis bel
Masuk kae lho!” omonge Diva
Ing omah Nayla mikir mikir maneh arepe ndelok
konsere Shawn Mendes amarga regane tikete sing larang
banget.Terus Nayla bukak bukak hp ne, dheweke bukak
Instagram.Pas bukak Instagram iku mau Nayla nemokna
akun sing ngadakna “giveaway” tiket konser Shawn
Mendes yaiku mbagina tiket gratis konsere Shawn
Mendes.Terus Nayla langsung melu giveaway iku maul
an nglakoni syarat syarate giveaway iku. Giveawayne
diumumna pas tanggal 1 Oktober.Isuke ing sekolahan,
Nayla, Diva, lan Chilla ngumpul ngomonga kosnser.
“piye rek, aku wis diolehi wong tuwaku lho nek arepe
ndelok konser” omonge Diva
“aku ya uwis diolehi, Div angger ati ati” jawabe Chilla
“terus awakmu piye Nay ? ndelok ta gak ?” omonge
Diva nang Nayla
“aku sik bingung rek, tabunganku ya wis entek.awakmu
kabeh enak wong tuwamu sugih sugih” omonge Nayla
melas
“lho aya lho Nay , tak silihi tabunganku karo Diva sik”
omonge Chilla
“iya Nay gapapa tabunganku gawea sik” omonge Diva
“gak usah rek, nyusahna awakmu kabeh.Aku ya wis
melu giveaway tiket konsere Shawn Mendes, dungakna
muga muga aku menang ya rek” omonge Nayla
“muga muga menang, Nay” omonge Chilla
“Amin” jawabe Diva
Gak suwe wis tanggal 1 Oktober wayahe
pengumuman giveaway tiket konser.Nayla wis mantengi
HPne ngenteni pengumuman.Jam 17.00 pas pemenang
diumumna.Nayla jingkrak jingkrak seneng amarga
dheweke sing menang giveaway.Nayla langsung ngechat
Diva lan Chilla nek dheweke menang giveaway.Nayla
terus kanda wong tuwane lan diizini ndelok konsere
Shawn Mendes.
Ing tanggal 8 Oktober sore, Nayla, Diva, lan
Chilla budal nang Sentul International Convention
Center(SICC) yaiku panggon konsere Shawn
Mendes.Ing kana Nayla lan kanca kancane foto foto karo
tuku “merchandise” konsere Shawn Mendes.Sadurunge
konser kawit udan mudun deres banget tapi iku gak
ngurangi antusias penonton gawe ndelok konsere Shawn
Mendes.Malah tambah sore penontone tambah akeh.Kira
kira jam 20.00 konser dikawiti.Metu Shawn Mendes teka
ngguri panggung karo nggawa gitar.Lagu pembukane
yaiku lagu “Lost in Japan” , “There’s nothing holding
me back” lan “Nervous”.Penonton langsung melu nyauti
nyanyi bareng bareng karo Shawn Mendes.Suasanane
rame banget .Nayla lan kanca kanca sumringah banget
amarga isa teka nang konsere Shawn Mendes, dheweke
ya melu nyanyi nyanyi bareng karo penonton liyane.
Sawise istirahat Shawn munggah panggung
maneh, nanging ing panggung sing luwih cilik teka
sadurunge.Panggunge bentuke bunder lan wis ana piano
ing nduwure, ora lali ana kembang mawar sing gede
banget ing nduwure panggung yaiku simbol album
anyare Shawn Mendes.Ing panggung iku mau Shawn
nyanyina single anyare sing duet karo Camila Cabello
yaiku “Senorita” sing wis dienten enteni karo
penonton.Nayla lan kanca kanca melu nyanyi banter
banget bareng penonton liane, pisan pisan lightstick e
sing wis digawa teka omah diakakna gawe meriahno
konser.
Kira kira jam 22.00 konser mari.Shawn Mendes
nyanyi lagu “Fix Yau” teka Coldplay lan “In my blood”
gawe lagu penutup.Penonton langsung melu nyanyi
bareng bareng nambahi suasana tambah rame.Sawise
Shawn nyanyi penonton tepuk tangan lan Shawn
ngucapna matur suwun marang penonton amarga wis
gelem teka nang konsere lan wis nyemangati Shawn
gawe terus berkarya ing bIdang musik.Nayla nangis
sangking senenge isa teka nang konsere Idolane.Kira
kira jam 23.00 Nayla lan kanca kanca mulih ing omahe
dhewe dhewe karo perasaan sumringah amarga bisa
ndelok konsere Shawn Mendes ing Indonesia.
NGLENCER NANG PANTAI SOWAN KARO
PANTAI REMEN
Dening : Julaikah Dewi Aprilia
Wayah sabtu sakbare riyaya 2019, pas jam 06.00
aku karo kanca-kanca Karang Taruna Dharma Bhakti,
karo Bapak Kepala Dusun sing teka Dusun Talun Juwet.
Kate budhal nang wisata sing ana nang Tuban. Yaiku
ana 2, Pantai Sowan karo Pantai Remen. Rombonganku
gawa mobil 2, yaiku mobil elef sing no 1 warna biru
ditumpaki kanca-kanca karo Bapak Kepala Dusun.
Mobil sing no 2 warna oren ditumpaki kanca-kanca ana
aku ya karo wong spesial (pacar) hehhehehehe.
Ogak lali aku ya sangu buah jeruk, susu coklat,
banyu aqua, permen, karo jajan akeh. Gawe ngemil
gaesss ben gak ngantuk wkwkwwkwkwwk. Tekan SPBU
Ngimbang leren tuku bensin, kanca-kanca padha
medhun ana sing tuku banyu aqua ana sing nang jeding.
Mari ngunu dilanjut perjalanane, nang mobil kanca-
kanca wasenane padha seneng yaiyalahhhh mantai
kuyyy. Perjalanan cukup suwi merga panggonane adoh.
Jam 10.00 wis tekan Pantai Sowan. Yaiku sing
perbatasan Tuban karo Jawa Tengah.
Nang pantai iki akeh diiciri wit Akasia. Pantai
iki ya akeh spot fotone., Yaiku kAyu sing dibentuk love
ana warna putih karo abang dadi siji. Ana ukiran kAyu
sing ditulisi Pantai Sowan. Ana wahana sing numpak
sepedha ontel nang dhuwur, biasane nek foto teka
dhuwur merga pemandangane apik. Dijamin aman
keslamatane merga dIdampingi karo petugas wisatane.
Aku mlaku-mlaku ndelok pemandangan sing indah. Mari
ngunu aku karo kanca-kanca leren nang lesehan ngombe
es karo mangan pentol. Terus dikongkon kumpul kate
foto bareng karo kanca-kanca. Mari foto kanca-kanca
padha mBalik nang mobil merga kate lanjutno
perjalanan nang Pantai Remen.
Pas tekan perjalanan hawane nang njeruh mobil
panas merga wis bedak. Tapi kanca-kanca padha sorak-
sorak nyanyi bareng karo gitaran. Jam 01.00 tekan Pantai
Remen, terpaksa mudun nang pinggire dalan merga
mobile gak isa Masuk terus diparkirno ae. Kanca-kanca
langsung njujuk warung merga wis padha lesu. Kanca-
kanca ana sing pesen sega pecel, soto, karo bakso aku
ya pesen bakso. Ngombene es jeruk kabeh. Tapi sing
lanang ana sing tambah kopi ireng. Sakbare iku terus
kanca-kanca padha keliling nang wilayah Pantai Remen.
Pantai Remen yaiku pantai utara bumi wali kota
Tuban, pantai iki diresmina kira-kira ulan Januari 2015.
Pantai iki sik Unyu-Unyu banget rekkkk. Merga dirawat
karo penduduk kira-kira pantai. Kanca-kanca padha tuku
kaos karo celana merga digawe renang. Sing renang ya
akeh awit bocah cilik, bocah enom sampek wong tuwa.
Sak teruse kanca-kanca sing mari renang padha leren
adus. Mari ngunu nglumpuk nang parkiran leren nang
sandinge mobil karo ngenteni kanca-kanca sing durung
nglumpuk. Beberapa menit kemudian kanca-kanca wis
nglumpuk kabeh terus persiapan mulih. Nang perjalanan
pas wayah adzan magrib Berkumandang, terus leren
nang Alun-Alun Tuban.
Nang kunu aku karo kanca-kanca sholat nang
Masjid kira-kira Alun-Alun Tuban. Ana sing ngopi, ana
sing ngegame nang warung. Mari sholat aku karo kanca-
kanca leren nang warung ngombe es degan karo mangan
gimbal jagung. Sakbare iku lanjutna perjalanan mulih.
Nang dalan kendaraan rame banget, lampune padha
nyala kerlap kerlip abang ijo. Nang mobil ya gak kalah
rame merga disetelna musik kanca-kanca padha joget
kabeh. Tekan Terminal Ngimbang leren sediluk tuku
bakso ana sing dipangan nang enggon, ana sing
dibungkus gawa mulih. Mari ngunu perjalanan
dilanjutno, tekan umah jam 08.30.
AWAL MELBU PONDOK
Dening: Melinda Murdian Karvandi
Perkenalkan jenegeku mawar aku kelas 1 SMP. SMP
aku dilebokno wong tuoku ndek pesantren ndek taMbak
beras jombang ora keinginaku se tpi wong tuoku sing
jalok. Aku dIdaftarno pas kuwabeh pendaftaran wis
ditutup ibuku karo ayahku tetep ngusahakno ben jek
anak ruang pendaftaran maneh sampek nang bu atau pak
yai sek aku oleh kartu gwe tes.pas aku oleh kartu aku
dibudalno ayahku nang pondok ndek kana aku mok 3
mingguan gwe ngadapei bimbingan latihan arab latihan
nulis dll trus aku tes ndek kana aku glombang loro dadi
kncaku mok sak itik soale kabeh padha glombang siji
sak wise tes aku dinyatakno kelbu aku mulih preinana
aku djupok ayahku ndek kunu aku ngrosos ndek padhak
enak soale jek murid anyar durung dikon lapo lapo
kegiatan ya jek gung anak.
Bar preinana aku dibudalno karo ayahaku nang
pondok aku mondok ora dhewe aku karo Mbak ku sing
jenege melati ndek kana aku sak sekolahan karo Mbak
ku tpi ora sak kamar aku ndek zakiyah Mbaku ndek sa-
adah.aku melbu kana kaget timane galngnku arek anayar
uwakeh ko daerah ndi ndi bahkan anak sing pulau jawa
sue ta,bah sue aku krasa kehidupan pondok piye timane
keras tak kira kabeh ki apik apik ae bahkan aku ndelok
arek sing keseurupan sing naggis naggis jalok pindah dll.
Kegiatanku ndek pondok suwi tambah suwi aktif ben
isuk ngaji budal sekolah mulih jm setgh 3 ndek kana
anak waktu gawe metu mok setengah jam nek ws jm 3
kudu Balik kabeh nang pondok gak oleh telat trus adus.
Adus kui uwantri op op antri gak anak sing gk antri
mangan antri bab antri bak antri serba antri nek wis
mandi sholat asar trus mgaji maneh bar ngunu mangan
bareng trus sholt mudun ko musholah kuwi padha gupuh
gupuh soale diniyah ndek kunu padha gawe sragam nek
kelas awal Masuk mok gawe hitam putih diniyah sampek
jam 9 bar diniyah isya nek bagi murit anayar nunuku bar
isya krusus bahasa inggris nek kayak Mbaku wis gak
lapo lapo soale kels 3 kurusu bahasa inggris ki ya k kira
biasa lako gurune nyuwengit akeh arek anyar sing padha
loro nunuku guruku gk percaya malah dicelok dikon
melok kursus.bar ngunu piket sing cuci piring trus
ngersiki kamar dll kui kabeh kudu kelas siji karo loro
sing kelas telu wis gak lapo lapo.
Pas dina kamis bengi diadakna kayak kumpulan
adik kelas nduwe kesalahn op ta gak sopan karo Mbak
Mbak ta ,iyane bakalan diomngna kadang sampek
disentak bar kuwi aku lagek eroh timane ndek pondok
gak semua apik kadang ya anak sing nyalong dll.tpi pas
kumpul galngnku nanggis malah disentaki. Aku ya tau
lali gak ngae kudung jenge ae murid anyar jek lalian trus
konangan aku di godak Mbak Mbak aku karo kncaku
trus dikon buak pembalut sak pondok kui aku ngroso du
mutah dan lain lain suwi suwi aku rabetah ndek pondok
aku loro ibuku mbi ayahku ra percaya nek aku loro
sampek sampek awaku kaku ibuku karo ayahku lagek
moror dikio ibuku karo ayahku cah pondok loro paling
loro gak krasan timane ogak aku kenek penyakit ndek
kunu bar kui aku obame bolak Balik trus karo ibuku
dipindah ndek SMP biasa.
KECELIK
Dening : Miftakhul Hudha

Saiki dina Senen tanggal 27 Agustus 2012. Aku


wis tangis sadurunge subuh lan ngewangi Ibu ing pawon.
Masak dan Rajang-rajang bawang, buncis lan liya-
liyane. Sawise aku sholat, aku banjur adus lan macak ing
kaca. Seragam dina iku uga aku setrika. Klambi putih,
kudung putih lan rok putih wis aku nggo kanti becik.
Aku wis semangat tenan mangkat sekolah. Ketemu
kanca-kanca lan guru-guru sing dak tresnani. Sawise aku
sarapan, aku pamitan karo Ibu. “Bu, kula menyang
sekolah rumiyin nggih”.
“Ya, mengko mulih jam pira?”. “Mboten ngertos Bu,
minangka kula mulih awal kula nggih langsung mulih
kok. Paling nggih mung halal-bihalal”.
“Ya, ngati-ngati ya!”. “Nggih Bu. Assalamualaikum”.
“Waalaikumsalamwarohmatullah”. Aku banjur ngetokke
pit-ku. Mangkat menyang sekolahan.
Tekan sekolah kira-kira jam pitu kurang seprapat. Lha
kok isih sepi? Kotong mlompong? Aku markir pit sing
sakdurunge dak kunci. Aku clingak-clinguk nggoleki
kanca. Apa saiki padha arep nelat? Ning kok keliwatan
tenan? Aku mlaku menyang kelas, nanging aku ketemu
karo pak Manto. “Mbak? Menika prei napa mlebet
sekolah Mbak?”.
“Lha menika dinten Senen tha pak? Nggih mlebet tha?”
aku ana perasaan ngganjel.
“Prei-ne tekan tanggal pira?”.
“Ng.. nggih tanggak 27”.
“Saiki tanggal pira?”.
“Tanggal 27”.
“Mlebu napa prei?”.
“Mboten ngertos, lha menika dinten senen nggih mlebet
sekolah no pak!” aku ngeyel.
“Ya wis, tak takon kari Kepala Sekolah”.
Aku wis wedi campur isin yen dina kuwi tenanan isih
prei. Nanging aku wiruh ana adek kelas lingguh ing
mushala. Apa iya saiki isih prei? Kok ketoke mlebu. Ah!
Aku langsung lunga ning wartel lan nelapon Alifah.
“Halo? Fah?”.
“Ya ana apa?”.
“Saiki mlebu apa isih prei?”.
“Prei lah Sal. Mlebu ne kan tanggal 28”.
“Laaa! Aku wis mlebu saiki! Piye?”.
“Kok isa? Kowe ora nggatekke pengumuman po?”.
“Ya nggatekke, ning dak kira tanggal 27 sing mlebu. Ya
wislah, aku dak mulih wae, Nuwun ya!”.
“Ya”.
Aku mlaku wis ora duwe daya. Lha kok ning
perpustakaan ana sepatu? Dak injen jebule Intas lagi
tengak-tenguk maca buku. “Tan? Saiki prei lo”.
“Welah! Isih prei tha? Kok aku ora ngerti? Yaa..,
mbokku wis mulih. Aku mulih karo sapa na?”.
Aku ngangkat alis. “Sak senengmu”. Aku banjur mlaku
numpak pit lan mulih.
Owalah, ini akiba seka ora mudeng pengumuman. Wis
cetha mela-mela kok tetep isih ora dong. Ya Allah, sesuk
maneh aku bakal nengeti pengumuman kanthi becik.
Supaya ora kena isin lan kecelik maneh. Ckckck, jan
ngisini tenan. Ya wis lah, aku menyang sekolah sesuk
esuk wae, saiki mulih langsung turu.
TUKU MERCON NOK PASAR KAMBANGAN
Dening : Miko Meiyanto

Pras deloken aku nggawa apa iki Pandu njawil


kancane karo bisik-bisik alon
Apa to Pan, kowe kok nyalawadi banget Pras ngintip
kresek cilik sing digawa Pandu, Yudhi uga melu melu
Wah kowe Pan, wani-wanine nggawa ses dor Yudhi
mbengok tapi langsung dikekep karo Pandu Pras deloken
aku nggawa apa iki Pandu njawil kancane karo bisik-
bisik alon
Apa to Pan, kowe koq nyalawadi banget Pras ngintip
kresek cilik sing digawa Pandu, Yudhi uga melu-melu
Wah kowe Pan, wani-wanine nggawa ses dor Yudhi
mbengok tapi langsung dikekep karo Pandu
Hushh aja banter-banter to Yudh, ngko nek mireng ibuk
aku isa didukani entek-entekan
lha kowe yo nemen koq Pan, mosok tarawih malah
sangu kembang api ngene Pras takon kanthi suara alon
Pandu ming cengar-cengir di skak kamerad e kaya
ngana, bocah sing pancen watake jahil kuwi malah
nggaya macak ustadz ngubetke sarung ning gulune terus
munggak dingklik ning ngarepe
Dadi sedulur-sedulurku kabeh, wulan pasa iku wayahe
kanggo ngakehi amal. Amal iku luwih becik nek ora
dieling eling. Nah kembang api sing tak gawa iki uga
salah sijine bagian amal”
Huuuu…Pandu stress, endi ana mercon ses dor dadi
amal Pras protes karo nguncalke sajadah pas ing raine
Pandu, sing keno ming isa cengingisan
Maksudmu ki apa to Pan sakjane Yudhi wis ora sabar
karo polahe Pandu
Hmm…ngene lho, mosok to kowe kabeh do ora kelingan
ngendikane pak Usman pas khutbah wingi kae Pandu
malah ngajak bedhekan
Pak Usman ncen ngendika apa to Pan, kayane ora ana
deh ngajak-ajak dolanan mercon, malah kuwi klebu sing
ora oleh, prohibited Yudhi tambah gumun.
OLAHRAGA DINA MINGGU
Dening : M. Niftakhul Alvin N.A.
Dina minggu isuk aku lan kanca-kancaku mlayu"
utawa jogging lan futsal
aku: hee lor sesuk aya mlayu2
Adi:aya... jam pira lor?
aku : jam 7 an ae ya
adi : ok siap..
aku tangi turu jam 4, langsung wudhu terus sembayang
suboh ing Masjid mari sholat aku langsong mulih ganti
klambi aku nyiapna banyu gawe ngombe pas mlayu
ngko mari nyiapna banyu aku langsong budal marani
kancaku sing jeneng e adi iku mau .aku wis tutok omh e
adi
aku: (nutok lawang e adi)toktoktok... di..di....
adi: ya sekto aku mlaku kilo...(mlaku mbukak lawang)
aku: aya sida mlayu2 tagak ?
adi :budalkan.....! awkmu nggawa apa ae pin?
aku: lha nggawa apa to di mosuk nggawa
nggawa tas.
adi : kate skolah ta
aku : lhaya to takok ae
adi: aya budal selak awan
aku ,adi lan kanca2 ne budal nang embong kulan e
dongde. Sepeda ku tak titepno warong .mari ngunu
pemanasan mari pemanasan aku langsong mlayu aku
mlayu terus sampek SMPN 1 Bluluk aku lan kanca ku
wis kringeten lan pegel mari mlayu2 aku langsong futsal
ng Sukorame aku lan kanca2 ku futsal musoh arek
Sukorame pas futsal aku lan kanca ku kepegelen futsal
wis mari aku karo kancaku langsung mulih dhewe2.tutok
omah terus siram awak rasa ne suegaer mari adus awak
rasa ne ws fress
GOLEK BORANAN
Dening : M. Pudyo Pramudyanto
Dina sabtu sore aku metu omah arepe tumbas pulsa
nok pinggir omah, lha pas mlaku aku simpangan karo
Amedya Putra sapaan e yaiku Medi
“ jo arepe nandi? “
“arepe golek pulsa met “
“ ayo ngko melu aku ya? “
“ arepe nandi met? “
“ wis ta teka melu ae ngko mari maghrib reneo nok
omahku “
“ iya wis ngko tak nang omahmu mari maghrib “
Sakwis e aku ketemu nok dalan karo medi aku
mulih maem trus adus. Jam nunjuk e wis wayah e
maghrib suara adzan wis saut sautan, aku langsung ganti
karo budal nok Masjid trus sholat. Sakiwse sholat aku
mulih trus aku moco al-quran diluk sawise moco aku
langsung nok omahe medi.
“ assalamualaikum…. Dok dok dok “
“ Waalaikumssalam mlebu kene aja sungkan2 “
“ piye Met sida gk metu iki? “
“ sida looo… wong gawe tugas kuliah ee…”
“ tugas apa Met? “
“ ya tugas gawe kuliah ngko aku ewangi “
“ nde iya wis, aku tak mulih ganti klambi sek “
“ iya tak enteni aku yaganti klambi karo nyiap o
pedah “
Aku balek mulih ganti klambi sing pas karo macak,
gawe minyak rambut cek klimis surian suwii.. trus lagek
pamitan ibuk e nek arepe dolen karo medi. Aku lagek
ijin saiki soale nek aku jarang di oleh i nek gk penting,
tapi nek aku dolen karo medi biasane di ijin i gk ngerti
dolen karo medi di ijin i. mari ijin karo macak gk lali aku
gawa hp gawe cek story karo gawa dompet sing dalam e
kandel sing isine jenis kartu reno2 ndek dalam e. sakwis
e ganti klambi aku balek nok omahe medi, medi sing
wis siap ngenteni aku suwi karo manasi pedah e. wis
siap kabeh langsung budal.. perjalanan e liwat
kedungpring belok kiri lewat sugio tembus Lamongan
kota tepat e ndek alun-alun. Nang perjalanan medi lagek
ngomong aku nek arepe golek sega khas Lamongan
yaiku sega boranan!! Trus aku dikongkon video no arek
e sing arepe wawancara i bakul e karo panggon e sega
boranan iku nandi lha... iku tugas kuliah e medi dakno.
Perjalanan nang gone golek sega boranan iku sek adoh
perjalanan iki disambi karo crito arek e pas sek sekolah
ndek smangi, arek e crito pas dihukum gara2 budal
kari,dihukum karo guru ngene lah sing ngunu , crito sing
mbolos barang. Wis pokok crito sing nguyakno di
critano nang aku karo nguyu karepe dhewe. Saking akeh
crita ne gk keroso nek wis tutuk Lamongan kota,
ngelewati alun alun karo nyetir pedah kalem kalem
lhaa... pas nang lampu merah iku ana polisi, embo pas
operasi ta sekedar ngewangi nyambrang wong sing arepe
ndek alun2, tapi pas ana polisi atiku dag dag dug tak
kirane operasi lha posisi ku gk ngawa helm sing ngawa
helm cuman maedi. Untunge gk di semprit polisi dadi ya
aman lahhh perjalanan wis arepe tekan panggon ane sega
boran, ternyata sega boranan iku akeh sing adol ndek
ngarepe plaza di janan pantura Lamongan. Ndek kana
akeh sing dodolan sega ninggal milih panggon ane. Aku
karo medi golek bakol sing radak sepi. Soale tak delok
sing dodol sega, ternyata rame tenan makanan khas
Lamongan iki, Akhir e aku karo medi entok panggonan
sing radak sepi. Sak urunge nang bakul e aku teka adoh
kira-kira 2-3 meter gawe video pembuka trus nang bakul
e pesen karo wawancara i ibu e sing dodol sega boran
iku.sak wis e mari gawe video tugase medi, langsung
aku karo medi maem2 sega borananan iki, nyata e uenak
tenan gk kalah karo panganan khas daerah liane, nek
nang Lamongan aja lali Mampir sega boran iki. Sawise
maem bayar karo mature suwun karo ibue sing wis
ngoleh i gawe video iki. Trus aku karo medi balek mulih
sak urunge balek Mampir indomaret medi arepe bayar
listrik karo tuku ngombe soale mau kurang en, wis mari
kabeh di lanjut perjalanan mulih nang omah…
NDELOK FILM HORROR
KARO KANCA-KANCA
Dening : Nurul Izzah Fauziyah
Ing sawijining dina aku lan kanca – kanca ndelok
film ing bioskop. Film sing tak delok karo kanca- kanca
iku film horror sing judule “ANNABELLE COMES
HOME” sing terusane film “Annabelle” sing lagi virall
pas jaman – jamane film horror kae. Pas sakdurunge
ngerencanakno ndelok film iki, arek – arek pada
semayanan disik liwat grup pesan online utawa sing saiki
sing disebut WA/WhatsApp, pas kabeh padha humek lan
rame ndek grup, aku mung nyimak tok gamelu mbahas –
mbahas , soale sakdurunge aku ogak ngerti sing dibahas
apa. Pas isuk e tak bukak lagek aku ngerti nek arek –
arek arepe ndelok film pas dina iki pisan, trus aku ya
langsung kaget lan dipeksa kanca – kanca dikon
langsung melu. Aku ndelok karo kanca – kanca sing
jenenge Rani, Laili, Rina, Michelle, Dwi, Susanto, lan
Syakir.
Sak wise iku isuke Laili nang omahku kandha
aku tentang ndelok film iku “Zaa, awakmu melu ndelok
film ta mbek arek – arek?” pitakonan Laili marang aku.
Terus aku njawab nek aku gak isa melu nek dina iki
langsung “gaisa melu aku kayak e soale ya kendadaken
to nek saiki, saiki lho jam pira? Terus tok kana jam pira?
Durung perjalanane sisan..” jawabku. Terus Laili sik
mempeng ngongkon aku melu ndelok film karo arek –
arek sing alasane dipeksa arek – arek dikon melu kabeh.
Akhire aku ya melu budhal karo Laili. Aku lan Laili
langsung siap – siap budhal ndek omahe Rina kumpul
disek karo ngenteni arek – arek sing durung kumpul ben
isa budhal bareng – bareng.
Pas tutok omah e Rina, Michelle ngomong nang
arek – arek nek acara iki syukuran ulang tahune Susanto
sing ke 17tahun winginane tanggal 24 Juni “hee rek,
kalian ngerti gak nek kita iki dipekso karo Susanto melu
soale dee ngomong nek aku acara iki iku syukurane
ulang tahune dee winginane.” Michelle ngomong. Pas
iku arek – arek langsung kaget dikirane acara iki mung
dolan dolan biasa,tapi gawe kanca – kancaku ora
Masalah, tambah seneng soale bakale oleh traktiran teka
Susanto.
Gak suwene ngenteni arek – arek pada kumpul,
Susanto wenehi kabar nek dee karo syakir isih ngopi
disek. Bar menehi kabar Susanto karo Syakir langsung
nang omahe Rina kumpul. Bar iku bocah – bocah pada
langsung budhal lewat dalan sing cepet lan nggawa
sepedah sing ana SIM e lan Surat – surat penting sing isa
dienggo pas perjalanan adoh. Tapi, ana sing kurang soale
ora kabeh bocah pada nggawa helm terMasuk aku lan
Laili ora nggawa amarga lali “ heee…rek pada nggawa
helm kabeh se?” pitakon Dwi “ora ndehh, aku gak
nggawa helm wi karo Zaza, piye terusan?” jawabe Laili.
“ ancenee mesti kowe ki, wong wis ngerti arepe metu
perjalanan adoh kok gak nggawa helm” saut Rani
gregeten. Bocah – bocah pada debat lan bingung soal
helm kurang sing arepe digawe perjalanan adoh, sampek
Michelle menehi solusi nek ngongkon ora kabeh bocah
sing nggawa helm, tapi mung sing nggonceng tok utawa
sing ngarep. Akhire Masalahe wis mari lan langsung
budhal lewat dalan cepet tutok panggonan Bioskop.
Tutok perjalanan, ana kancaku sing mencar lewat
dalan liane ora bareng aku lan kanca – kanca liane dee
iku Rani lan Syakir. Pas tutok panggonan, aku lan kanca
– kancaku pada bingung nakokno bocah loro kui nandi
parak e, soale jarene bocah loro kui golek dalan sing
cepet tutok panggonan bioskop kanca – kancaku ya pada
wedi nek cah loro kui kesasar. Tapi, malah disikan aku
lan kanca – kancaku sing tutok panggonan. Terus aku
positif thinking ngandani arek – arek nek cah loro kui
leren mendek disek nang pom “palingan ya cah loro kui
mandek tuku bensin nang pom. Wis ta rekk enteni diluk
disek” kandanku. Akhir e cah loro kui tutok panggonan
tepak jam 12.00
Tepak jam 12.00 awan aku lan kanca – kanca
tutok panggonan bioskop, lan perjalanan mlaku
menduwur lantai 3 ana bioskop. Pas iku nepak i
eskalatore rusak akhire aku lan kanca – kancaku lewat
tangga sing munggahe rodok megelno uwong. Tapi
seruuu lan seneng banget soale direwangi arek – arek
mlaku bareng – bareng. Pas tutok panggonan bioskop
awakdhewe pada kaget nek bisakap e antri dowo bangett
“yallah rekk, kok ruame ngunu bioskop e?” pitakon Dwi
“halahhh, yawis to cek bahno wong panggon umum kok,
awkdhewe rene ya tujuane ndelok film kok babah to,
cuek ae” eyelan Michelle. akhire tetep dileboni karo arek
– arek soale tujuan utamane kene ya ndelok film dadi ya
resikone ditanggung bareng – bareng.
Akhir e aku lan kanca – kancaku melbu bioskop,
pas wis melbu kanca – kancaku pada humek maneh
sampek di delok i wong wong sing nang njero bioskop
iku mau soale bingung milih film sing arepe di delok
terus arek – arek njaluk persetujuan Susanto sing nduwe
acara iki “sus, piye iki ndelok film apa?” pitakonan Rani
“halah sekarep sel, njaluk e arek – arek mau apa lho?
Anak gak?” jawabe Susanto. Lan akhir e kesepakatane
kanca – kanca pada milih film horror sing pertama kali
sing wis dipingini arek – arek yaiku “Annabelle Comes
Home”.
Lan sak bar milih film kui salah siji saka
awakedhewe (Michelle) ngantri tuku tiket film e. aku lan
kanca – kanca liane ngenteni nang ruang tunggu sing wis
di sediani nang njero Bioskop. Gak suwene ngenteni
akhire Michelle wis oleh tiket film e saka antrian dowo
kui mau. Ora mung oleh tiket film e tok tapi oleh
minumane lan snack sisan, lan langsung dibagino karo
Michelle. Kabeh iki dibayari karo Susanto, soale
syukurane dee ulang tahun winginane.
Terus sak bar e iku arek – arek ngenteni diluk
giliran studione, pas wis mari ngenteni aku lan kanca –
kanca langsung melbu menjero studio, studio iku pas
tepak studio 2 sing biasane aku ndelok film. Pas iku gak
lali ngekekno tiket e nang petugas bioskop. Terus pas
wis tutok njero studio aku lan kanca – kanca lungguh sak
deretan bareng cah wolu. Pas ndelok film horror iki aku
lungguh nang tengah, lan kancaku sing jenenge Laili iku
wedian dee tepak lungguh nang pinggir tembok. Lan dee
kandha aku nek gak wani lungguh pinggir tembok “zaa..
pindaho rene ijolan bangku karo aku, aku wedi lungguh
kene pinggir tembok” kandan Laili pingin ijol panggon
“eealahh.. apa sing kok pingini ijolan bangku ki, wong
ya padha ae.. yawis yawis ndang pindah o mrene
cepetan” ngeyelku lan aku langsung ijolan bangku karo
Laili. Pas film e mulai sampe apene mari Laili gak kuat
wedi, lan cerak cerik nang njero studio saking wedine
dee wis gak iling nek dee nang njero studio sing nang
njero kunu mau akeh wong yaan sing ndelok. Kanca –
kancaku liane pada nyeneni Laili merga dee gaisa
nepakno awak e nang panggonan umum. Akhir e Laili
sadar lan dee wis ora cerak cerik maneh tapi dee ndelok
karo ditutupi mripate.
Sawise filme mari, filme kuwi mau durasine
cukup suwe rong jam setengah kepungkur aku lan kanca
– kanca nang njero studio sampek turu – turu terutamane
Susanto lan Syakir kui mau soale cah loro kui ora ngerti
ceritane dadine ya mung ndelok ndelok gambare tok. Pas
wis mari film e aku lan kancaku langsung metu teka
studio, tapiii sak durunge mulih aku lan kancaku foto –
foto disik nang bioskop.
Akhir e aku lan kancaku wis foto foto, terus
perjalanan lanjute arep mulih. Tapiiii, jare Syakir ora
langsung mulih, tapi golek mangan. “he rekkk.. aja
mulih disik, aya mangan sik golek panggon mangan
nandi ngunu sing enak murah, ben kalian kabeh mulih –
mulih wis warek” kandane Syakir. bocah – bocah ya
gelem karo idene Syakir. Aku lan kanca – kancaku
langsung ngelanjutno perjalanan golek mangan nang
pinggir – pinggir dalan sing enak lan murah. Tapi pas
kui Dwi karo Rina gaisa bareng kanca – kanca soale
dheweke arepe tuku bensin disik, dadine aku lan kanca –
kanca liane langsung budhal disik golek panggon
mangan karo ngenteni cah loro kui sinambi numpak
sepedah alon alon.
Pas nang perjalanan gak suwene ngenteni Dwi
lan Rina wis nyusul nang mburi lan padha bareng
runtung – runtung golek mangan. Akhir e aku lan kanca
– kancaku nemu panggonan mangan sing enak lan
murah, terus arek – arek wis pada pesen karek aku
dhewe sing durung. Aku bingung arepe pesen mangan
apa, lan aku teka langsung ae pesen sate sak porsi. Lan
gak suwene ngenteni aku lan kanca – kancaku pada
mangan bareng – bareng lan ora lali ngombene,
ngombene dipadakno kabeh sing seger yaiku es teh karo
es jeruk, aku pesen es jeruk.
Pas wis mari kabeh, aku lan kanca – kancaku
pada wareg lan leren disik ngenteni wetenge kabeh
mudhun, wkwwk.. sak marine kui aku lan kanca –
kancaku bayar mangane kui mau. Terus langsung siap –
siap mulih wareg lan wis ora mikir mangan maneh.
Perjalanan iki mau dadi pengalaman sing gaisa di
lalekno marang kanca – kancaku Masio ana susah,
sedihe tapi tetep dilakoni bebarengan. Lan akhir e pada
slamet kabeh tutok omahe dhewe – dhewe.
LIBURAN NANG PANTAI
Dening : Rachmad Bayu I.
Ing Dina sabtu tanggal 26 oktober 2019 aku lan
kanca kancaku rencana liburan nang pantai,
Aku : he lek aya dolan nandi nandi kana lo
Trio : nang ndi
Aku: nang adoh kana
Trio: pantai ta
Aku: aya budal
(isuke..)
Pas jam 9 isuk aku marani kancaku nang omahe
nggugah,kancaku ijek turu,gugahane uangel sampek tak
walek bayange ora tangi tangi, sak jam nggugah cahe bar
ngunu cahe tangi langsong adus, teroa aku pamitan
mulih adus, jam 10 isuk aku nang omahe kancaku bar
ngunu budal, aku lan kancaku bingong kate nang pantai,
sak wise miker terus,aku lan kancaku nduwe ide nang
pantai tuban.
Pas budal aku digonceng kancaku gawe sepedae
kancaku. Perjalanan stengah jam aku lan kancaku nang
pom bensin,kanggo ngisi bensin, bar isi bensi aku
nutukno perjalanan neh meuju ke pantai. Pas jam 12
awan aku lan kancaku tutok pantai, aku leren nek nisar
uwet mbek ngrasakno hawane angen sing semriwing
semmriwing adem ,
Sak wise leren aku lan kancaku mlaku mlaku nek
pesisire pantai karo dolanan pasir. Kira-kira jam 2 aku
lan kancaku pengen mulih merga wis pegel wis
kepanasen, nek perjalanan mulih aku digoceng
kancaku,bar ngunu Mamper nek pinggir dalan tuku oleh
oleh. Jam 4 sore tutok omah.
NGLENCER NANG BROMO
Dening : Raviansyah Yudistira Pratama
Kenalake jenengku RAVI, aku nduweni kanca
sing paling tak banggakane sing nduwe jeneng Alex
Liburan sekolah wis teka nanging aku lan
kancaku isih bingung kate liburan neng ngendilibur
sekolah enake neng ngendi ya?
Kanthi rai serius lan akhire aku oleh ide kanggo liburan
menyang panggon sing apik lan pemandanane kawah
sing apik.
Esuke aku lan kancaku sing jenenge alex kuwi nuju nang
panggon kuwi, nanging kancaku kuwi isih durung ngerti
panggon tujuan sing arep dituju, kepeksan aku ora
ngandani bocae dhisik. hehemmm… yen tembung wong
zaman saiki sih kandhane SURPRISE, sawise meh
nganti menyang panggon tujuan aku ngandani jeneng
panggon wisata sing tak tuju kuwi, kanthi rai seneng
bocae takok nang aku panggon apa iki? apik banget
pemandangane lan hawane sejuk banget. Aku sampek
bangga. aku njawabe Iki panggon sing tak pingini yaiku
gunung Bromo
Sawise mlaku sampek sak jam, akhire sampek
neng puncak Bromo, aku lan alex banjur mudhun
menyang padang pasir sing amba neng kira-kira gunung
Bromo, sampek anak Masalah saitik yaiku banku bocor
kepleyet watu keblegong ngliwati padang pasir iku,
sampek aku semangat akhire sampek panggon parkir
sing panggone tepat ana ing ngisar gunung Bromo
Kanthi rasa ora sabar aku ro alex banjur markirke
sepeda, langsung mlayu nang undak-undakan sing
dihubungna sikil gunung Bromo kanthi puncak
BromoSawise kira-kira kurang luwih 10 menit munggahi
undak-undakan iku akhire tekan neng puncak gunung
Bromo, mung tembung sing terlintas neng benak kami
yaiku Bromo Apik Bangetttt
Ya tembung kuwi sing tak pikirke sanganti neng
puncak Bromo kesebut, saka puncak kuwi aku lan alex
ngewasi pemandangan sing apik lan alami.aku isa
ngewasi apa sing ana neng sikil Bromo saka kene
conthone kaya wong sing nunggang jaran utawa suku
Tengger.
LIBURAN ING PUNCAK BHUTAK
Dening : Septian Aldi Nurdiansyah
Liburan sekolah wis teka nanging aku lan
kancaku isih bingung arep liburan neng ngendi, “libur
sekolah enake neng ngendi ya?” Takon aku marang
kancaku. Dheweke njawab “enake mlaku-mlaku lan
nggoleki kahanan anyar”. “Iya aku ngerti, nanging neng
ngendi?” Takonku meneh marang dheweke, banjur
dheweke njawabe: “Ya kaya ta menyang gunung utawa
menyang kebon/alas ngunu”
Esuke aku lan kancaku sing nduwe jeneng Riski
dinan harianto neno lan eko kuwi nuju menyang
panggon kuwi, nanging kancaku kuwi isih durung reti
panggon tujuan sing arep dituju, kepeksa aku ora
ngandhanekne dheweke dhisik. sawise meh nganti
menyang panggon tujuan aku ngandhanekne jeneng
panggon wisata sing tak tuju kuwi, kanthi rai seneng
dheweke pitakon marang aku“panggon apa iki? Becik
banget pemandangane lan udarane sejuk banget”. Aku
kanthi bangga aku njawabe: “Iki panggon sing tak ngen-
ngen sajroning iki yaiku gunung Bhutak”
Ana buku ugo ditulisake pengalaman pribadi
liburan ke gunung bhutak bahasa jawa yen Kahanan
alam sing becik, dalanan sing menggok-menggok, mawa
udarane sing sejuk banget nggawe aku milih liburan
menyang kene iki. Kanthi numpak montor aku lan kanca
kancaku banjur anyak munggah menyang gunung bhutak
kesebut.
Sawise sak jam kapungkur akhire nganti uga
neng puncak Bhutak, aku lan kanca kancaku banjur
mudhun menyang padang pasir sing amba neng sekitar
gunung Bhutak, kanthi sethithik kendala yaiku ban
montor sing sethithik kepleset mawa keblekok ngliwati
padang pasir kesebut nanging semangat ku akhire nganti
uga neng panggon parkir sing panggone tepat ana ing
ngisar gunung Bhutak.
Kanthi rasa ora sabar aku ro kanca kancaku
banjur markirke montor, banjur mlayu menyang undak-
undakan sing dihubungna sikil gunung bhutak kanthi
puncak Bhutak.
Sawise sekitar kurang luwih 10 menit munggahi
undak-undakan kuwi akhire tekan neng puncak gunung
Bhutak, mung tembung sing terlintas neng benak kami
yaiku “Bhutak Apik Bangetttt”
Ya tembung kuwi sing tak pikirke sanganti neng
puncak Bhutak kesebut, saka puncak kuwi aku lan kanca
kancaku ndeleng pemandangan sing becik lan alami.
Mawa aku uga bisa ndeleng apa sing ana neng sikil
Bhutak saka kene conthone kaya: wong sing nunggang
jaran utawa suku Tengger, banjur aku uga ndeleng
montor sing tak parkir neng ngisar.
LULUS SD KELAS 6
Dening : Sherli Puspita Sari
Sawise lulusan sekolah atiku deg-degan banget
amerga tahun ajaran kang anyar iki aku Wis mulai
nuntut ilmu ana ning bangku SMP. Alhamdulillah
senajan bijine hasil ujian nasionalku ora sempurna
nanging aku bisa di terimo ana ing sekolahan favorit sing
wis tak karepke kawit SD biyen,, yaiku SMP NEGERI 1
MODO.Masio sekolah iku wis dadi kebiasaan aktivitas
kang rutin kanggo awakku. Nangging tahun ajaran anyar
iki,, aku ngroso luweh deg-degan merga aku mulai
sekolahan ana ning SMP NEGERI 1 MODO sing
mestine bakal ketemu sekolah anyar,kanca anyar, bapak
lan ibu guru anyar kanggo aku.
Ora mung kanca anyar lan bapak ibu guru tok
sing anyar nanging lingkungane pun anyar,, SMP iki
beda sanget kalih SD amerga jaman SD mbiyen ora
patek o mikir pelajaran katah jamkose lan akeh
gemuyane karo rencang rencang nanging Masa SD Masa
sing paling puwenak kanggo urepku amerga SD kanca
kancane sabar lan apikan.Nek Masa SMP yaiku Masa
sing awal bagi kula kangge bersatu kalih kanca kanca
anyar,guru,lan lingkungane pun.
Ket dina minggu bapak lan ibukku wis pada
paring wejenggan supoyya aku nyiapke perlengkapan
kanggo sekolah kaya sepatu, tas,seragam ,ugo alat tulis
supoya dina pertamaku melebu sekolah tahun ajaran iki
ora keteteran. Pertama melebu yaiku dikawiti dina senin
yaiku upacara bendera, senajan aku durung kenal karo
kanca kanca anyarku nangging merga uwis di pandu
dening bapak lan ibu guru ugo kakak kelas 8 lan 9.
Barisan upacara bisa rapi sawise upacara rampung murid
murid anyar kelas 7 diumumake supaya tetep ana ning
halaman sekolah kanggo mirenggake kegiatan sing kudu
dilakoni yaiki Masa orientasi siswa baru utawa kang
disebut MOS.
WUJUDE IMPEN SING DADI NYATA
Dening : Umar Raharso
Jenengku Umar Raharso utawa biasa dicelok
Umar. Aku saiki sekolah ing SMAN 1 Ngimbang kelas
12. Umurku 17 taun, omahku Dsn. Kendung Ds.
Pasarlegi Kec. Ngimbang Kab. Lamongan. Hobiku
dolanan futsal, saben seminggu pindo aku latian futsal
karo kanca kancaku. Aku lan kanca kancaku kapene
melu turnamen utawa lomba futsal ing Jombang. Aku
optimis yen aku mene isa menang. Aku lan kanca
kancaku latian temenan ben isa menangno pertandingan
mene.
Sadurunge budhal menyang Jombang, aku
pamitan marang ibukku disek. "buk, kula badhe
menyang Jombang saniki" pituturku. "iya le ati ati"
timbalane ibuk. Jawabku "inggih buk,
assalamualaikum"."waalaikumsallam". Sawise pamitan
ibuk, aku budhal marani kanca kancaku. Ing perjalanan
menyang jombang aku dunga marang gusti allah muga
muga disukani kelancaran lan kemenangan.
Wis tekan ing kana aku lan kanca kancaku leren
sedilut, terus siap siap gawe pemanasan. Timku dicelok
karo panitiane. Pas wayah babak siji timku kalah,
ananging iku ora bisa agawe timku nyerah. Pas wayah
babak keloro timku bisa mbales kekalahanne lan bisa
menang. Akhire aku bisa lanjut main maneh. Pas wayah
iku aku seneng banget lan gak lali aku bersyukur marang
gusti Allah swt.
Aku mulih gawa rasa seneng. Dina isuke timku
main maneh lawan SMA Jombang dhewe. Awitane aku
psimis nanging aku tetep jajal gawe optimis. Aku yakin
yen usaha lan doa yen dadi siji gak ana barang kang
mustahil. Tiba wayahe timku main aku bener bener gak
percaya yen timku bisa menang lan klebu babak final.
Pas wayah final timku sempet kalah ananging aku terus
ngoptimisno kanca kanca yen dheweke bisa menang.
Akhire timku bisa menangno pertandingan lan dadi juara
siji ing turnamen iki.
Pas wayah mulih aku seneng banget yen akhire
timku bisa menang juara siji. Tekan omah aku matur
marang ibukku yen aku lan timku bisa menang juara siji.
Ibukku melu seneng lan bangga yen akhire latianku ora
sio sio.
GOLEK ILMU
Dening : Vonny Citra Amelia

Menurutku ilmu iku penting gawe generasi-


generasi penerus Bangsa,supaya ndue Masa depan sing
cerah.Kaya critaku iki jenengku Vonny,nalika aku umur
5 taun sekolah ing TK PGRI 1.
Aku biyen langsung nol kecil soale biyen sek
dorong ana paud.Biyen pas aku wis nol besar kate
munggah kelas 1 SD aku ora diunggahna karo ibukku
soale umurku isek enom .Ane cerita lucu pas aku isek
nol besar yaiku pas kelasku dibangun murid-murid
dipindahna kelase nang omah sandinge kelasku.Amerga
dipindahna aku lan kanca-kanca sarungan karo
pitik.Lagek sejam pelajaran akeh murid-murid sing
keroken kalebu aku,amerga dicokot gurem.Langsung
kediyan Bu Guru diulihna lan aku lngsung di adusi
ibukku banyu anget pas tok omah.
Unggah-unggahan kelas 1 Alhamdulillah aku
munggah.Aku sekolah diterna ibukku tapi wis ora
ditungguki kaya pas isek TK.Saben ngeterna aku sekolah
ibukku mesti ngomong “Sekolah sing pinter ndok,ben
munggah kelas terus”.Ibukku ngomong ngana soale pas
aku ora munggah kelas aku dibijuki nik aku ora
munggah gara-gara aku ora isa dhewe.
Taun nang taun tak lakoni nganti wayah
perpisahan kelas 6.Alhamdulillah aku lulus karo danem
sing apik yaiku 27,35 urutan nomor 3 saka dhuwur.Ohh
iya ges,aku iki lulusan SDN Wateswinangun 1.
Aku lulus SD bingung arep sekolah SMP
menyang ndi,soale kancaku akeh sing sekolah ing SMP
2 Ngimbang.Bapakku ngutus aku sekolah ing SMP 1
Ngimbang lan bapak maringi saran kaya ngene “Ndok
sekolaha nok SMP 1 sing adoh teka omah cek awakmu
duwe pengalam lan nduwe kanca akeh”.Karo saranne
bapak mau aku lansung daftarnnang SMP 1Ngimbang
lan Masuk.
Aku ora Masuk kelasunggulan tapi Masuk kelas
regular yaiku kelas 7E.Munggah kelas 8 kelasse diacak
aku Masuk kelas 8D.Unggah-unggahan kelas 9 kease
Balik maneh kaya kelas 7 aku Masuk kelas 9E,.Aku
lulus SMP nilai ijasaku ra muasna yaiku 27,35 kaya pas
aku SD.
Lulus SMP aku daftar nang SMAN 1 Ngimbang
lan keterima.Aku mlebu jurusan IPS,aku ora mider soale
ket awet aku jipik IPS.IPS dibagi 3 yaiku IPS 1,2 lan
3,aku Masuk kelas 10 IPS 3.Unggah-unggahan
kelas,kelase diacak karo IPS 1 soale lintas minate
padha.Aku Masuk kelas 11 IPS 1,kemangka kanca
plekku Masuk kelas 11IPS 3.Aku mulih nangis jalok
pindahna kelas lan esuke ibukku nang sekolahan
mindahna kelas lan oleh tapi ya ngana ijol-ijolan karo
bocah.Awale oraoleh tapi suwi-suwi oleh.
Munggah kelas 12,kelase pancet kaya kelas 11
ora diacak.Kelas 12 aku mulai nata Masa
depan,yaikusinau ditambah supaya lulus karo danem
dhuwur.Aku bingung kate kuliah nandi tapi bapakku
mesen kayak ngene “Ndok kuliaha nang Universitas sing
apik,aja mikir biaya bapak lan ibuk ae sing ngurusi”.Aku
jawab “Lah nik mboten Masuk pripun pak?”.Bapak
ngendhika “wis mikir positif wae ae ndok”.Semangatku
nambah lan aku mulai milih-milih jurusan sing cocok
karo aku.
Ndelok Bal-Balan
Dening : Yumna Ellisa
Ing wayah isuk, srengenge wis ana. Aku mbukak
HP-ku mara-mara ana SMS lan telpon saka kanca
komunitasku. Kiki ngajak aku lan arek-arek komunitas
liyane gawe ndelok bal-balan ing Surabaya yaiku
pertandingan antarane Persebaya lawan PSIS
SEMARANG. Aku kaget lan ngomong ing kancaku,
"Kon iku ngajak ndelok ya ndodok, iya nek pas aku gak
nduwe dhuwit, untung nduwe", kancaku ngomong
ngene, "Lha piye Mbak Yum, pumpung big match,
amarga Persebaya main maneh lo ya sawulan engkas
maneh mari riyaya, suwi Ndeng". Aku mung manut lan
ngomong iya.
Sawise dihubungi Kiki, aku ijin marang ibukku pas
ibukku lan mbahku awan-awan kondur saka pasar, "Buk,
aku lan kanca-kanca badhe ndelok bal-balan ing
Surabaya, panjenengan ngijini napa mboten?".
Ngendikane ibuk, "Loalah Nduk apa Kowe gak lesu ta
ngelak apa, pasa-pasa ngene budhal adoh", Aku
nyemauri ngene, "Mboten buk, ambikan maine niku
bengi dadi aku lan kanca-kanca budhal sore ae."
Ngendikane ibuk, "Yawis ati-ati bae."
Pungkasane ibuk lan mbahe ngijini aku, tapi aku kudu
gawa sega gawe buka ing kana. Ngendikane ibuk,
"Timbangane tuku palang gawa dhewe soale luwih irit."
Aku manut ibuk lan Alhamdulillah sanguku ditambahi
50 ewu.
Ing wayah jam 3 sore, aku adus lan jam 4 sore iku
kanca-kancaku wis marani nang omah. Aku cepet-cepet
nyiapna apa-apa sing perlu tak gawa yaiku dhuwit, make
up, sega gawe buka, lan atribut bal-balan liyane. Sawise
kuwi aku budhal jam 4 luwih 15. Aku pamit ibukku lan
mbahku dhisik.
Ing tengah dalan yaiku tutuk Sambeng, aku mandheg
lan ngenteni kancaku dhisik amarga isek ngisi bensin
ing pom mini. Banjur kuwi aku budhal lan ogak ana
halangan apa-apa, Alhamdulillah. Tutuk ing Terminal
Benowo yaiku kira-kira jam 6 sore utawa maghrib. Aku
lan kanca-kanca gelek tiket dhisik ing calo, amarga tiket
sing dipesen online wis entek. Alhamdulillah oleh tiket
rega murah yaiku kira-kira rega 65-70. Soale biasane,
bal-balan ing laga big match tikete isa mundhak teka
rega awal yaiku 55 isa nganti 100 punjul. "Paling tikete
calo iki durung enek sing tuku lan wonge butuh dhuwit
paling gawe ijol tikete." , batinku..... Hahahahaha
Sawise kuwi aku lan kanca-kanca mlebu ing stadion.
Aku lan kanca-kanca buka dhisik. Alhamdulillah kanca-
kancaku gelem mangan lan buka bareng. Banjur kuwi,
foto-foto dhisik lan pamer ing grup komunitas amarga
isa budhal soale liyane gak isa budhal wkwkwk.
Kira-kira jam 7 bengi bar isak, aku lan kanca-kanca
mlebu ing loket stadion terus mlebu ing stadione. Gelek
panggon sing penak yaiku ing tribun kidul amarga tribun
sing tak karepne yaiku Green Nord, wis kebek arek-arek
Green Nord. Aku lan kancaku gelek panggon ing
ngarepan amarga gak ketok. Banjur kuwi bal-balan wis
dimulai kira-kira jam 8 bengi. Arek-arek sing ana ing
tribun kidul pada ngechant lan nampilake koreo sing
apik-apik sampek pertandingane mari.
Ing wayah jam 10 bengi, pertandingane akhire wis
mari. Aku lan kanca-kancaku langsung mulih amarga
wis dalu. Tapi ing tengah dalan, aku lan kanca-kancaku
leren dhisik mangan tuku bakso amarga keluwen.
Sawise iku, kira-kira jam 12an, akhire sampek
Ngimbang, sepedha motore Mas Faisal lan Mas Didi
mandheg, "Ana apa Mas kok mandheg?," , Mas Faisal
ngene, "Iki aku arepe Balik ing Surabaya lan ing Gresik
karo Didi amarga ana sing penting . Sampek kene gak
apa-apa se, dalan embong wis padang ae kok ya." Aku
mbatin gak apa-apa amarga tutuk Spensa masio dalane
radak sepi tapi lampu embong kuwi mau pada padang.
Aku digonceng Kiki. Banjur kuwi wis tutuk omahku
kira-kira jam setengah sijian. Arek-arek komunitasku
leren ing omahku dhisik amarga kepegelen lan dheweke
nunut WiFi-an ing nggone WiFi-ne tanggaku.....
Hahahahah... Sawise kuwi wayah jam 1an, arek-arek
mulih. Yaiku Resa, Julian, lan Irfan dirangkok 3 amarga
sepedhae mok 1. Kiki ogak gelem mulih lan dheweke
mutusna gawe nginep nang omahku. Banjur kuwi
sepedhae Kiki tak lebokna ing njero omah.
Aku lan Kiki ora turu sik amarga awak dhewe pengin
melekan sampek isuk. Tapi ing wayah jam 4 subuh, aku
lan Kiki turu ing kamar amarga nguantuk pol.
Srengenge jam 6 isuk, aku lan Kiki wis tangi. Kiki
sambat yen dheweke kepegelen kabeh lan njaluk tulung
yen awake tak idek-idek utawa tak pijeti sikile. Akhire
Kiki tak idek-idek dhisik. Banjur kuwi, Kiki pamit lan
mulih jam 7 isuk. Dheweke mulih dhewe. Alhamdulillah
budhal mulih ogak ana halangan apa-apa lan slamet
sangking ijine Gusti Allah.

Anda mungkin juga menyukai