Anda di halaman 1dari 1

Rabu 13 Januari 2021

Bahasa Ngoko
Nama : Rindhani Putri U.

Kelas : XII IPS 6

Mapel : Bahasa Jawa

Liburan ke Borobudur

Taun wingi, wayah prei sekolah, aku sak keluarga plesiran menyang yogyakarta saka
Solo aku numpak bis mlaku-mlaku menyang Jogja, Obyek wisata keraton lan Maliyoboro dadi
panggonan sing wajib ditekani loro panggonan wisata kasebut wes dadi ikone Yogyakarta kang
wis kondhan g tekan Manca Negara. Nanging, kurang manteb rasane yen ora terusake plesirane
menyang Candhi Borobudur.

Sak jane Candhi Borobudur iki kalebu wilayah Jawa Tengah nanging Yogyakarta luweh
cedak saka Semarang. Mulane aku lan keluargaku langsung wae nyewa montor travel kanggo
dolang menyang Candhi Budha paling gedhe sak donyo iku. Sak wise kurang luwih sak jam
numpak montor akhire tekan ing komplakes Candhi Borobudur. Sak wise montore diparkirke
aku lan keluargaku banjur mlaku ngliwati dalan menyang Candhi. Akeh bakul panganan lan
umben-umben, ana uga bakul topi lan tukang sewa payung.

Menawa arep mlebu komplek Candhi Borobudur awak dewe kudu mbayar tiket Rp.
30.000,-/ wong. Awake dewe ora oleh nggawa panganan kaya sega bungkus jalaran bisa gawe
reget komplek wisata Candhi. Yen gawa omben-omben ora apa-apa. Pas mlebu ana petugas
bakal meriksa para wisatawan yen konangan gawa panganan seng di larang, kudu niting ana ing
panggonan nitip tas untung keluargaku ora ana sing gawa sega bungkus.

Ing areal taman sakiwatengene Candhi Borobudur, tak delok akeh anak-anak sing seneng
banget numpak gajah lan ana uga sing numpak jaran. Dene aku terus mlaku menyang Candhi
lumayan undak-undakan sing duwur. Akhire aku tekan ing Candhi Borobudur saka Candhine
aku bisa nyawang pemandangan ing sakiwatengene. Aku bisa nyawang gunung merapi. Pas
mlaku munggah Candhi Borobudur aku bisa ndelok Relief kang nyeritaaker Budha Gautama.
Awake dewe kudu mlaku mubeng supaya bisa ngerti ceritane relief kasebut. Awake dewe uga
bisa ndelok arca-arca ana ing Candhi iki.

Sakwise mlaku ngubengi Candhi Borobudur pancen gawe kesel akhire tekan panggonan
duwor dewe kang ana Stupane. Saka kono aku bisa nyawang endahe pemandangan ingkang asri.

Wis katog ing Candhi, aku lan keluargaku banjur mudun. Ing sakpinggire dalan metu
saka Candhi Borobudur alkeh wong dodolan oleh-oleh nanging aku lan keluargaku ora ana sing
kepinging merrgane pengen cepet bali menyang yogyakarta maneh lan nginep ning kana rong
dina maneh

Anda mungkin juga menyukai