Anda di halaman 1dari 10

RENCANA PELAKSANAAN PEMBELAJARAN

(RPP)

Nama Satuan Pendidikan : SMK NEGERI NGARGOYOSO


Mata Pelajaran/Tema : Bahasa Jawa
Kelas/Semester : XI / Gasal
Materi Pokok : Novel
Alokasi Waktu : 4 pertemuan 2 x 45 menit
Tahun Pelajaran : 2021/2022

1. Tujuan Pembelajaran
Peserta didik dapat memahami isi petikan teks novel berbahasa Jawa
2. Langkah-Langkah Kegiatan Pembelajaran
2.1. Alat dan Bahan
2.1.1. Alat : LCD, Laptop
2.1.2. Bahan :
Materi tentang novel, buku paket Prigel Basa Jawa, Buku paket Trampil Basa dan
internet
2.1.3. Pertanyaan
1. Apa kang kok ngreteni babagan novel?
2. Sebutna unsur-unsur novel?
2.2. Siswa berlatih praktik /mengerjakan tugas halaman buku .....
Siswa berlatih mengerjakan buku paket Trampil Basa halaman….
2.3. Siswa mempresentasikan hasil kerja kelompok/individu
Setelah menemukan jawaban bab novel, siswa kemudian mempresentasikan hasil
pekerjaannya didepan kelas
2.4. Menyimpulkan dan Penilaian Pembelajaran
2.4.1. Kesimpulan Pembelajaran
Para siswa dapat memahami pengertian, nilai lan unsur – unsur novel
2.4.2. Penilaian
 Teknik : Tes dan non tes
 Bentuk: a. Penilaian pengetahuan: Tes tertulis dan portofolio
b. Penilaian praktik: Presentasi

Ngargoyoso, 17 Juni 2021

Verifikator,
Wakil Kepala Sekolah Guru Mata Pelajaran

Joko Budiyanto,S.Pd Mita Therysia Nanda


NIP 19740319 200604 1 007

Mengetahui,
Kepala SMKN Ngargoyoso

Sukidi, S.Pd.,M.Pd
NIP 19700310 199702 1 004
RENCANA PELAKSANAAN PEMBELAJARAN
(RPP)

Nama Satuan Pendidikan : SMK NEGERI NGARGOYOSO


Mata Pelajaran/Tema : Bahasa Jawa
Kelas/Semester : XI / Gasal
Materi Pokok : Novel
Alokasi Waktu : 4 pertemuan 2 x 45 menit

1. Tujuan Pembelajaran
 Setelah proses pembelajaran, siswa dapat menceritakan isi petikan novel berbahasa Jawa
2. Langkah-Langkah Kegiatan Pembelajaran
2.1. Alat dan Bahan
2.1.1. Alat : LCD, Laptop
2.1.2. Bahan :
Materi tentang novel, buku paket Prigel Basa Jawa, Buku paket Trampil Basa dan
internet
2.1.3. Pertanyaan
Aweha panemu tumrap andharan wos surasane novel kang dijlentrehake dening
kancamu!
2.2. Siswa berlatih praktik /mengerjakan tugas halaman buku .....
Siswa berlatih mengerjakan buku paket Trampil Basa halaman…
2.3. Siswa mempresentasikan hasil kerja kelompok/individu
Setelah menemukan jawaban bab novel, siswa kemudian mempresentasikan hasil
pekerjaannya didepan kelas.
2.4. Menyimpulkan dan Penilaian Pembelajaran
2.4.1. Kesimpulan Pembelajaran
Para siswa dapat memahami pengertian, nilai lan unsur – unsur novel
2.4.2. Penilaian
 Teknik : Tes dan non tes
 Bentuk: a. Penilaian pengetahuan: Tes tertulis dan portofolio
b. Penilaian praktik: Presentasi

Ngargoyoso, 17 Juni 2021

Verifikator,
Wakil Kepala Sekolah Guru Mata Pelajaran

Joko Budiyanto,S.Pd Mita Therysia Nanda


NIP 19740319 200604 1 007

Mengetahui,
Kepala SMKN Ngargoyoso

Sukidi, S.Pd.,M.Pd
NIP 19700310 199702 1 004
RENCANA PELAKSANAAN PEMBELAJARAN (RPP)

Nama Satuan Pendidikan : SMK NEGERI NGARGOYOSO


Mata Pelajaran/Tema : Bahasa Jawa
Kelas/Semester : XI / Gasal
Materi Pokok : Novel
Alokasi Waktu : 4 pertemuan 2 x 45 menit
Tahun Pelajaran : 2021/2022

1. Tujuan Pembelajaran
 Setelah proses pembelajaran, siswa dapat menceritakan isi petikan novel berbahasa Jawa
2. Langkah-Langkah Kegiatan Pembelajaran
2.1. Alat dan Bahan
2.1.1. Alat : LCD, Laptop
2.1.2. Bahan :
Materi tentang novel, buku paket Prigel Basa Jawa, Buku paket Trampil Basa dan
internet
2.1.3. Pertanyaan
 Gaweya limang pitakon adhedhasar buku paket prigel nganggo basamu dhewe.
Pitakon kasebut ditakokake marang klompok liya.klompok liyane aweh wangsulan!
2.2. Siswa berlatih praktik /mengerjakan tugas halaman buku .....
Siswa berlatih mengerjakan buku paket Trampil Basa halaman…
2.3. Siswa mempresentasikan hasil kerja kelompok/individu
Setelah menemukan jawaban bab novel, siswa kemudian mempresentasikan hasil
pekerjaannya didepan kelas.
2.4. Menyimpulkan dan Penilaian Pembelajaran
2.4.1. Kesimpulan Pembelajaran
Para siswa dapat memahami pengertian, nilai lan unsur – unsur novel
2.4.2. Penilaian
 Teknik : Tes dan non tes
 Bentuk: a. Penilaian pengetahuan: Tes tertulis dan portofolio
b. Penilaian praktik: Presentasi

Ngargoyoso, 17 Juni 2021

Verifikator,
Wakil Kepala Sekolah Guru Mata Pelajaran

Joko Budiyanto,S.Pd Mita Therysia Nanda


NIP 19740319 200604 1 007

Mengetahui,
Kepala SMKN Ngargoyoso

Sukidi, S.Pd.,M.Pd
NIP 19700310 199702 1 004
RENCANA PELAKSANAAN PEMBELAJARAN (RPP)

Nama Satuan Pendidikan : SMK NEGERI NGARGOYOSO


Mata Pelajaran/Tema : Bahasa Jawa
Kelas/Semester : XI / Gasal
Materi Pokok : Novel
Alokasi Waktu : 4 pertemuan 2 x 45 menit
Tahun Pelajaran : 2021/2022

1. Tujuan Pembelajaran
 Peserta didik dapat memahami isi petikan teks novel berbahasa Jawa
2. Langkah-Langkah Kegiatan Pembelajaran
2.1. Alat dan Bahan
2.1.1. Alat : LCD, Laptop
2.1.2. Bahan :
Materi tentang novel, buku paket Prigel Basa Jawa, Buku paket Trampil Basa dan
internet
2.1.3. Pertanyaan
 Kanggo nuduhake pemahamamu tumrap nilai-nilai kang kamot sajroning crita,
jumbuhna nilai-nilai kasebut karo penguripan ing masarakat sanyatane!
2.2. Siswa berlatih praktik /mengerjakan tugas halaman buku .....
Siswa berlatih mengerjakan buku paket Trampil Basa halaman…
2.3. Siswa mempresentasikan hasil kerja kelompok/individu
Setelah menemukan jawaban bab novel, siswa kemudian mempresentasikan hasil
pekerjaannya didepan kelas.
2.4. Menyimpulkan dan Penilaian Pembelajaran
2.4.1. Kesimpulan Pembelajaran
Para siswa dapat memahami pengertian, nilai lan unsur – unsur novel
2.4.2. Penilaian
 Teknik : Tes dan non tes
 Bentuk: a. Penilaian pengetahuan: Tes tertulis dan portofolio
b. Penilaian praktik: Presentasi

Ngargoyoso, 17 Juni 2021

Verifikator,
Wakil Kepala Sekolah Guru Mata Pelajaran

Joko Budiyanto,S.Pd Mita Therysia Nanda


NIP 19740319 200604 1 007

Mengetahui,
Kepala SMKN Ngargoyoso

Sukidi, S.Pd.,M.Pd
NIP 19700310 199702 1 004
LAMPIRAN

1. Pangertene novel
Novel yaiku salah sawijining wujud sastra. Novel iku crita fiksi awujud tulisan
utawa rerangkening tembung-tembung lan duwe unsure intrinsic lan ekstrisik. Sawijining
novel umume nyritakake babagan lelakon uriping manungsa ing bebrayan agung
sesambungan karo sapepadhane. Sajroning novel, pangrakit marsudi kanthi temen supaya
isa narik kawigatene pamaos marang gegambaran utawa andharan ngenani panguripan
kang sanyatane lumantar crita kang kamot ing sajroning novel.
Miturut sawenehe kasusastran modern, novel iku luwih prasaja tinimbang karo karya
sastra liyane. Novel luwih prasaja anggone jlentrehake crita, alur crita lan paraga kang
dicritakake ora ngayawara among digawe luwih cekak lan aos.
Saperangan pangerten wis diandharake dene novel iki wujud kasusastran kang
paling popular. Wujud sastra iki luwih akeh pandhemene tinimbang karo wujud sastra
liyane, amarga meh ing ngendi papan mesthi ana pawongan kang seneng maca novel.
Novel iku wujud karya sastra kang ngemot piwulang budaya, sosial, moral, lan
pendidikan. Novel minangka karya sastra kang ngemot rong unsure yaiku unsur intrinsic
lan ekstrisik kang kalorone sinambungan kang ngendhaleni karakite karya sastra. Novel
uga karya sastra kang awujud prosa kang ngemot unsur intrinsik.
2. Unsurnovel
Unsur-unsur pembangun novel (tema, latar/setting, penokohan, alur, pesen, punjering
crita/sudut pandang, lan konflik), wos surasane crita, lan gawe ringkesan.

3. Tuladha novel (kapethik saka Ngulandara)

9. NGREKSA NAMANING BENDARA

Soroting rembulan ingkang dados coloking dalu kados ngarih-arih nènèman kekalih
wau. Ramyang-ramyang damel sekécaning pandulu lan tentreming manah. Dèrèng
ngantos katog anggènipun kasaput ing méga kandel, Rapingun rumaos kegelan ing manah,
satemah nolèh ngiwa, ing pangangkah badhé pitakèn dhateng Radèn Ajeng Tien, kados
pundi raosing manahipun. Nanging Rapingun kagèt sumerep Radèn Ajeng Tien suntrut
pasemonipun, linggih kaliyan sidhakep.
Rapingun ingkang rumaos dados pamomong, kepéngin sumerep punapa sababipun
déné Radèn Ajeng Tien taksih ketingal sedhih, mangka pancènipun kedah kosok
wangsulipun, awit sampun luwar saking bebaya. Murih boten andadosaken kagèting
manahipun Radèn Ajeng Tien, wicantenipun Rapingun kadamel alon sarta gadhah raos
anorraga.
“Ndara!”
Radèn Ajeng Tien boten mireng, sanget anggènipun angraosaken rubédaning manah,
mila Rapingun lajeng ngambali wicantenipun malih: “Ndara Ajeng!”
Radèn Ajeng Tien anjenggirat, ketingal kagèt mireng pangundangipun Rapingun
ingkang sarèh lan melas asih punika. Sanalika pasemonipun Radèn Ajeng Tien ingkang
ketingal suntrut lajeng byar padhang, kados wulan purnama ingkang oncat saking
pangridhuning méga, ngléla gilar-gilar. Ingkang makaten wau kajawi kanggé nutupi
raosing manah ingkang saweg ruwed, inggih murih sampun ngantos Rapingun ketaman
raos ingkang boten-boten. Mila Radèn Ajeng Tien gugup anggènipun mangsuli dhateng
Rapingun: “Ana apa, Rap?” Criyos makaten wau kaliyan nyilakaken sinoming ingkang
modhal-madhul wonten bathuk, perlu kanggé mbucal tilas.
“Anu Ndara! Kula tingali panjenengan kok ……..” Rapingun rumaos awrat badhé
nglajengaken criyosipun.
“Ora, ora. Rap, aku ora apa-apa.”
“Inggih, ananging samangké sumelanging manah kula tikel satus katimbang kala
kula ajeng-ajengan kaliyan tiyang kekalih wau.”
“Sing kosumelangaké apa?”
“Saged kula ngretos ingkang kula sumelangaken, yèn sampun wonten teranging
dhawuh panjenengan.”
“Kok anèh temen kowé kuwi.”
“Tiyang panjenengan inggih anèh.”
“Anèhé kepriyé?”
“Pancènipun panjenengan sampun boten perlu sekel ing panggalih, amargi sampun
oncad saking bebaya. Punapa Ndara taksih sumelang? Tangan kula ingkang kiwa
langkung prigel ngolahaken séndhok ban, Ndara.”
“O, Rap. Aja klèru tampa, rèhné kowé wus ngorbanaké jiwa ragamu tumrap
keslametanku ………….”
“Mligi saking kasetyan kula dhateng Bendara Setèn sekaliyan, sumrambahipun
dhateng panjenengan.”
“Aku ngandel. Lah kuwi wis pantesé saiki kowé takpasrahi ala beciking awakku.”
“O, ngaten ta, kula sampun mangretos. Bab menika kejawi saking karsa panjenengan
piyambak, kula ugi sampun ngrancang kados pundi prayoginipun, nanging kula dèrèng
saged matur dhateng panjenengan.”
“É, é, dadi kowé wis ngerti karepku?” Cariyos makaten wau kaliyan mèsem ketingal
bingah: “Hara kepriyé?”
“Boten susah kula medharaken karsa panjenengan ingkang kedah kula sengker
wewadosipun, cekap kula matur kémawon?”
“Iya, kepriyé?”
“Mangké dumugi ndalem, panjenengan matur dhateng ingkang rama saha ingkang
ibu, bilih tangan kula tengen kénging slinger.”
“O, ya talah Rapingun, pantes kowé dadi sedulurku, semono anggonmu ngayomi
menyang awakku. Nanging kepriyé, wong slinger kok ngenani tangan?”
“Menika sanès barang mokal, Ndara.”
“Apa iya?”
“Inggih. Sampun ta, kula aturi pitados kémawon.”
“Mangka kowé ora bisa muter montor, montoré apa kena diputer saka starter.”
“Bab punika tanggelan kula piyambak.”
“Ora, Rap. Apa kowé ngerti karepé Hardjana mau?”
“Namung nitik saking tandang solahipun kémawon, amargi kula boten ngertos
tembung Welandi.”
“Sing koanggo ngantem Hardjana karo Suratna mau apa?”
“Séndhok ban. Menapa ingkang setunggal wau namanipun Suratna?”
“Iya. Nanging aku gumun, déné kowé kok olèh sendhok ban.”
“Tiyang sampun sedhiya wiwit pangkat saking Magelang.”
“Dadi kowé wis nyedhiyani wiwit ana Magelang?”
“Inggih.”
“Kowé kok ngerti?”
“Tiyang kula manggih dlancang sacuwil ingkang panjenengan tampi.”
“Lo, sok ngono kowé ngerti tembung Landa, lan ngulataké aku ana rèstoran.”
“Tembung Welandi kula sekedhik kémawon boten naté kambetan, nanging, anggèn
kula ngretos wiwit wonten bangsal ringgit tiyang.”
“Sok ngono kowé ya nggatèkaké banget menyang aku.”
“Makaten wau rèhning kula dados pamomong, dados wajib rumeksa dhateng
panjenengan.”
“Bapak utawa Ibu apa dhawuh ngono kuwi menyang kowé?”
“Boten.”
“Apa kowé ora kuwatir mungsuh wong loro mau?”
“Awit saking setya kula dhateng bendara, boten wonten sumelanging manah
sekedhik-kedhika. Alit sakit, agengipun dumugi pejah dèrèng mantra-mantra nimbangi
sihipun Bendara Setèn sakaliyan dhateng kula.”
“Apa tandhané Bapak lan Ibu asih menyang kowé?”
“Tandha yekti ingkang wujud, kula boten saged ngaturaken, nanging manah kula
tatu lebet sanget ketaman sihipun Ndara sakaliyan.”
“Dhèk wiwitané kowé kok katon wedi banget menyang bajingan loro mau, nganti
aku rumasa ora bakal olèh pangayoman.”
“Makaten wau pancèn kula damel. Sapisan, menawi Hardjana wau boten badhé
damel wisuna dhateng panjenengan, boten perlu kula ngedalaken tandang kula. Kaping
kalih: supados Suratna mangretos yèn kula ajrih, ngantos piyambakipun ical
kaprayitnanipun, amargi ingkang boten kénging kula mengsah menika namung
pistulipun.”
“Nanging luputmu, déné ndadak ngremuk lentéra piet montor, dadi kélangan wektu
sethithik. Oto arep mlaku, Hardjana wis bisa tangi.”
“Yèn lentèra boten kula remuk, panjenengan lan kula saged ugi namung wangsul
nama thok, amargi Hardjana saged nututi oto mawi piet montor kanthi pistulipun.”
“O, iya.” Sasampunipun cariyos makaten punika Radèn Ajeng Tien lajeng unjal
napas: “Saiki kepriyé pangiramu tumrap awakku, Rap?”
“Panjenengan suci lan resik.”
“Anggonmu ngarani ngono mau gèk mung saka wedimu.”
“Kula ajrih? Salaminipun kula namung badhé ngantepi menapa ing leresipun
kémawon.”
“Iya, ya Rap. Aku ngandel. Nanging kiraku kowé durung ngerti sabab-sababé kabèh
mau.”
“Ngertos sanget.” Sareng cariyos makaten wau Rapingun getun sanget, amargi
sumelang manawi dipunwastani ngretos ginemipun Hardjana lan Radèn Ajeng Tien.
Pancènipun Radèn Ajeng Tien badhé pitakèn kados pundi teka ngertos dhateng
wosing rembag. Nanging kepeksa boten dipunlajengaken, selak badhé sumerep
pamanggihipun Rapingun.
“Kepriyé panemumu tumrap aku lan Hardjana?”
“Tumrap Hardjana rai gedhèg. Tumrap panjenengan kula boten saged matur, amargi
prakawis jejodhoan boten kénging kapeksa. Tumrap kula piyambak, sampun ingkang
nama musthikaning bawana, nadyan widadari pisan, yèn boten tresna dhateng kula, boten
badhé ngébahaken manah kula.”
“Tumrap aku, Rap, durung mesthi ungguling rupa lan bandha nggléwangaké atiku.”
“Sampun ta, Ndara, samangké kados sampun lingsir dalu, mangga lajeng kondur
kémawon.”
“Kowé apa bisa mbacutaké nyetir?”
“Saged.”
“Tanganmu tengen rak ora kena kesénggol, apa kena kanggo nyekel setir?”
“Cekap tangal setunggal.”
“Yèn bisa, ya wis ayo.”
Oto dipunstarter, gesang, lentéra dipunurubaken. Saben tanganipun Rapingun
ingkang kiwa nglebetaken versnelling, setir dipunpèpèt mawi dhadhanipun. Sareng
versnelling tiga sampun saged nyambet (kapasang), setir dipuncepeng mawi tanganipun
kiwa. Tuter boten naté kaungelaken, namung mawi klakson manawi perlu, awit knopipun
klakson wonten tengah-tengahing setir, dados gampil kapèpèt mawi tanganipun kiwa
ingkang ngrangkep nyetir. Jam kalih welas kirang sekedhik dumugi Ngadireja kanthi
wilujeng.
Dumugi Asistènan, sasampunipun Radèn Ajeng Tien mandhap, oto lajeng
kalebetaken ing kandhang, déné Rapingun terus dhateng patilemanipun.
Kala semanten Radèn Bèi Asistèn sakaliyan dèrèng sami saré. Sareng Radèn Ajeng
Tien mlebet, dèrèng ngantos dipunpitakèni lajeng cariyos: “Pak, tanganipun Rapingun
ingkang tengen abuh kénging slinger, wau ngantos sumaput.”
Radèn Bèi Asistèn sakaliyan kagèt, terus murugi kamaripun Rapingun dipunetutaken
Radèn Ajeng Tien. Radèn Ayu Asistèn Wedana ngrumiyini, dumugi kamaripun Rapingun
lajeng ngungalaken dilahipun téplok, priksa Rapingun sampun tileman boten mawi cucul
panganggé. Radèn Ayu Asistèn Wedana terus ngemèk tanganipun Rapingun ingkang
abuh, ingkang kala semanten katumpangaken ing dhadhanipun, kaliyan gugup pitakèn:
“Kepriyé ta, Rap, kok dadi kaya ngono?”
Rapingun badhé tangi saking patileman, nanging lajeng kaduwa déning Radèn Ayu
Asistèn Wedana.
“Kénging slinger, Ndara.” Rapingun anggènipun mangsuli wau kaliyan mèsem,
murih kakintena mayar sakitipun.
Radèn Bèi Asistèn ingkang ugi sampun wonten ing ngriku pitakèn:
“Apa koputer nganggo slinger?”
“Inggih Ndara, slingeripun lajeng mbalik.”
“Pancèné disendhal baé sak slag rak wis urip.”
“Inggih menika lepat kula piyambak.”
“Apa starteré wis ora kuwat?”
“Inggih taksih kiyat. Nanging rèhning dalu, mangka ragi asrep, mila lajeng kula
puter kémawon kuwatos yèn ngantos kedangon gesangipun, dados badhé nyudakaken
strooming accu, ingkang badhé ngirangaken padhanging lentéra.”
“Olèhé kena ana ngendi?”
“Ngajengaken dumugi Temanggung.”
“Apa otoné béka?”
“Boten. Sekawit lentéra kedhap-kedhèp. Kula lajeng kèndel ngleresaken. Sareng
kula puter mawi slinger, slingeripun mbalik ngéngingi tangan.”
Radèn Ayu Asistèn Wedana nyambeti sajak nutuh, nanging kétang saking sanget
émanipun dhateng Rapingun: “Bocah sok sembrana, ambok ya ngati-ati.”
“Wis, Bu, ombènana anggur, bèn anget awaké.”
“Kaé, Tien jupukna anggur.”
“Inggih.”
“Kuwi, Bu sepatuné bukaken.”
“Sampun mangké kémawon.”
Radèn Ayu Asistèn Wedana terus mbikak sepatunipun. Sareng sampun, Radèn Bèi
Asistèn piyambak nangèkaken Rapingun, nanging inggih taksih linggih ing patileman.
“Wis, Bu, jasé karo dhasiné bukaken, rangkepané karo clana ora susah, bèn anget.”
Sareng sampun kabikak, Rapingun katilemaken malih. Radèn Ayu Asistèn Wedana
terus nggugah pun Kreta, kapurih mendhet kasur ing kamar nglebet.
Let sakedhap Radèn Ajeng Tien dhateng nyangking anggur lan gelasipun, Kreta
manggul kasur.
Ing sakawit Rapingun boten purun dipunsukani kasur, nanging sarèhning
panampikipun boten kagega, kepeksa manut. Rapingun lajeng dipundegaken ing jrambah
dipunjagèni Radèn Bèi Asistèn. Radèn Ayu Asistèn Wedana ingkang nata, kasur
kalèmèkaken sepré. Sasampunipun rampung, Rapingun katilemaken malih.
“Wis, saiki ngombéa anggur, ya, Rap?”
“Inggih, Ndara.”
Gulunipun Rapingun kasanggi ing tanganipun Radèn Bèi Asistèn. Radèn Ayu
Asistèn Wedana ingkang ngombèkaken, telas sagelas.
“Manèh apa, Rap?”
“Sampun, Ndara.”
“Wis, Tien gelas lan angguré dokokna méja kono baé.”
“Inggih.”
Sareng Rapingun sampun katilemaken malih kanthi lon-lonan déning Radèn Bèi
Asistèn, tanganipun tengen katumpangaken ing dhadha, tanganipun kiwa lajeng kanggé
nutupi mripatipun ingkang wiwit brebel-brebel medal luhipun.
Bawanipun priyantun èstri, sumerep makaten wau Radèn Ayu Asistèn Wedana
inggih lajeng tumut ngedalaken luh. Radèn Ajeng Tien inggih béla. Radèn Bèi Asistèn
tansah mriksani dhateng Rapingun, ketingal welas sanget, lajeng takèn: “Kepriyé rasané
awakmu, Rap?”
“Boten menapa-menapa, Ndara.”
Radèn Ayu Asistèn Wedana nyambeti pitakèn:
“Apa ora lemes, Rap?”
“Boten, Ndara. Namung manah kula ingkang lemes sanget.”
Radèn Bèi Asistèn lajeng nggrayangi ugel-ugelipun Rapingun ingkang kiwa, badhé
sumerep lampahing erah.
“Lemesing manah kula boten saking kirang saéning lampahipun rah, Ndara.”
“Lah saka apa?”
“Saking kawraten nampèni sih panjenengan ingkang samanten agengipun.”
Wicanten makaten punika luhipun Rapingun saya deres wedalipun, amargi saya keraos-
raos manahipun.
Radèn Ayu Asistèn Wedana lajeng anggrayangi tanganipun Rapingun ingkang kiwa,
ingkang nutupi mripatipun, dipunsingkiraken ngiwa, luhipun Rapingun dipunusapi.
Rambutipun ing bathuk dipunsilakaken. Radèn Bèi Asistèn lajeng wicanten: “O, Rap! Aja
akèh-akèh sing kopikir. Sawangen aku. Aku wong tuwamu. Kowé anakku ora béda karo
Tien.”
Rapingun mireng ngandikanipun Radèn Bèi Asistèn makaten wau, manahipun kados
dipuniris-iris welat, satemah mripatipun kumembeng kaca-kaca malih. Radèn Ayu Asistèn
Wedana lan Radèn Ajeng Tien srikutan anggènipun ngusapi luhipun piyambak-piyambak.
“Kowé, Tien, sing durung weruh rasaning atiku tumrap Rapingun, wiwit dina iki
Rapingun anggepen sedulurmu, awit kowé dhéwé ora duwé sedulur.”
Radèn Ajeng Tien boten mangsuli, namung ndhingkluk kaliyan mbrebes mili.
Rapingun sampun boten kraos sakit, nanging saya mindhak awratipun déning mireng
ngendikanipun Dèn Bèi Asistèn Wedana ingkang makaten wau.
Yektosipun priyantun tetiga: Radèn Bèi Asistèn sakaliyan lan Radèn Ajeng Tien
sampun dangu ketuwuhan manah ingkang semanten dhateng Rapingun, namung kaot
dèrèng naté dipuncocogaken. Ing samangké sami lega ing manah, déné bab punika
sampun kawedharaken piyambak déning Radèn Bèi Asistèn, ingkang minangka
teturutanipun Radèn Ajeng Tien lan Ibunipun.
Radèn Bèi Asistèn sakaliyan sampun sumerep bilih ingkang kanggé mblebed
tanganipun Rapingun punika setagènipun Radèn Ajeng Tien, nanging boten purun takèn,
awit ing wekdal kesusahan ingkang makaten wau, perlu sanget Radèn Ajeng Tien
nindakaken punapa kémawon ingkang perlu. Kejawi saking punika, dipuntakènana boten
badhé wonten perlunipun, malah saged ugi andadosaken isin kalih-kalihipun.
Rèhning Rapingun sampun ketingal tentrem manahipun, Radèn Bèi Asistèn lajeng
dhawuh: “Beciké kowé sésuk takgawa menyang rumah sakit baé, Rap.”
“Inggih, Ndara, kados sekéca manggèn ing griya sakit.”
“Apa ora kena diopèni dhéwé ta, Pak?”
“Awaké dhéwé mangsa ngertia, bareng dhokter rak bisa weruh terang.”
“Dilebokaké rumah sakit ngendi, Pak?”
“Rumah sakit Magelang baé.”
“Ora, Pak, beciké ana Parakan baé, bab pangané bisa dikirim saka Kemantrèn
Guron. Tien rak bisa ngubetaké ta?”
“Saged Bu.”
“Boten, Ndara, boten susah kintun menapa-menapa, kula saged lan inggih seneng
gesang cara griya sakit.”
“Bab kuwi kowé ora susah mèlu ngrembug, Rap.”
“O, ya, bener pratikelmu kuwi, Bu.”
“Sésuk-ésuk baé bareng karo Tien bali menyang Parakan.”
“Iya, aku dhéwé sing ngeteraké. – Wis, Rap, saiki yèn bisa turua. Ngasoa sing
kepénak.”
“Inggih, Ndara, kula pancèn sampun ngantuk.”
“Wis, Bu, ayo padha ditinggal.”
“Mengko dhisik takkemulané. Karo kaé Kreta didhawuhi jaga kéné, mengko nèk ana
perlu apa-apa.”
“Iya. – Ta! Kreta!”
“Nun!”
“Kowé jagaa kéné ya.”
“Inggih, Ndara.”
Rapingun lajeng sami katilar, gentos kajagi pun Kreta..

Anda mungkin juga menyukai