Anda di halaman 1dari 15

DOKUMEN NEGARA

SANGAT RAHASIA Bahasa Jawa SMK

UJIAN SEKOLAH
BERSTANDAR NASIONAL
(USBN)
TAHUN PELAJARAN 2017/2018

UTAMA
SMK SEMUA PROGRAM KEAHLIAN

BAHASA JAWA
Senin, 26 Maret 2018 (07.30 – 09.30)

1
B. JAWA/USBN/SMK/2018-UTAMA
DOKUMEN NEGARA
SANGAT RAHASIA Bahasa Jawa SMK

SEKOLAH MENENGAH KEJURUAN


VISI MEDIA INDONESIA

MATA PELAJARAN
Mata Pelajaran : Bahasa Jawa
Jenjang : SMK
Program Keahlian : Semua Program Keahlian

WAKTU PELAKSANAAN
Hari, Tanggal : Senin, 26 Maret 2018
Waktu : 07.30-09.30

PETUNJUK UMUM
1. Tulislah lebih dahulu Nomor Peserta dan Identitas Anda pada lembar
jawaban yang disediakan sesuai petunjuk yang diberikan oleh
pengawas menggunakan pena.
2. Untuk menjawab Soal Pilihan Ganda, gunakan pena untuk
menyilang huruf A, B, C, D, atau E pada lembar jawaban yang
disediakan.
3. Untuk menjawab Soal Uraian, gunakan pena dalam menuliskan
jawaban pada lembar jawaban yang telah disediakan.
4. Selama Pelaksanaan USBN tidak diperkenankan bertanya atau minta
penjelasan mengenai jawaban soal yang diujikan kepada siapapun.
5. Dilarang menggunakan kalkulator, HP, kamus dan alat bantu lain
dalam menjawab soal USBN.
6. Periksa dan bacalah soal-soal dengan teliti sebelum Anda menjawab.
7. Laporkan kepada Pengawas bila terdapatlembar soal yang rusak,
tulisan yang kurang jelas atau jumlah soal yang kurang.
8. Jumlah soal sebanyak 45 butir, terdiri dari:
a. Soal Pilihan Ganda sebanyak 40 butir soal, dari nomor 1 – 40.
b. Soal Uraian sebanyak 5 butir soal, dari nomor 41 – 45.
9. Dahulukan mengerjakan soal-soal yang Anda anggap mudah.
10. Periksa pekerjaan Anda sebelum diserahkan kepada Pengawas/
sebelum keluar ruang ujian.

2
B. JAWA/USBN/SMK/2018-UTAMA
DOKUMEN NEGARA
SANGAT RAHASIA Bahasa Jawa SMK

A. SOAL PILIHAN GANDA

1. Surasane wara-wara ing ndhuwur yaiku....


A. Ulem kanggo para siswa kelas XII SMK ing laladan Kabupaten Semarang
supaya melu Job Fair ing SMK N 1 Semarang
B. Ulem kanggo para siswa SMA/ SMK ing laladan Kabupaten Semarang
supaya melu Job Fair ing SMK N 1 Bawen
C. Ulem kanggo para siswa kelas XII SMK ing laladan Kabupaten Semarang
supaya melu Job Fair ing SMK N 1 Bawen
D. Ulem kanggo para siswa kelas X SMK ing laladan Kabupaten Semarang
supaya melu Job Fair ing SMK N 1 Bawen
E. Ulem kanggo para siswa kelas XII SMK ing laladan Kabupaten Semarang
supaya melu nyambut gawe ing SMK N 1 Bawen

Wacan kanggo pitakonan no. 2

Program listrik mlebu desa pancen gawe senenge masyarakat mligine


sing manggon anandesa. Kalebu ing desaku uga entuk jatah listrik mlebu desa.
Nanging, kanggonewong kang ora tahu sekolah, mujudake prekara kang
nganeh-anehi. Nuju sawijining wengi, listrik mati.Ana simbah-simbah ngendika,
“Kena apa iko kok mati?” Putune mangsuli,” Setrume entek mbah, lagi diiseni”.
Simbahe gemremeng, “Ngejog lenga mbok mau-mau isih awan, dadi ora peteng-
peteng ngene iki.”

2. Crita ing ndhuwur kalebu jinise crita pengalaman kang ngguyokake, amarga
simbah….
A. Jengkel
B. Ora duwe lilin
C. Peteng
D. Penemune ora gathuk
E. Ngisine lenga telat

Cerkak kanggo pitakonan no. 3


“Romiyanto, nom-noman saka Pagerayu kang dadi kembang lambe
dening wong sak kabupaten, amarga nalika uripe kesrakat, dheweke tansah nrima
lan ora tahu sambat. Nanging nalika uripe dadi mulya, dheweke uga isih tansah
sumanak, andhap asor, lan gelem nulung marang sapa wae. Romiyanto ora gelem
mamerake kesugihane. Dheweke uga gelem srawung urip bebrayan, padha kaya
nalika isih rekasa. Mula kabeh padha sarujuk nalika Romiyanto dicalonke dadi
Lurah Pagerayu”

3. Watak paraga Romiyanto wonten ing cerkak ingndhuwur yaiku….


A. Nrima, sumanak, andhap asor
B. Cekatan, narima, sumanak
C. Gumedhe, narima, cekatan
D. Sumanak, cekatan, andhap asor
E. Sumanak, galak, gumedhe

3
B. JAWA/USBN/SMK/2018-UTAMA
DOKUMEN NEGARA
SANGAT RAHASIA Bahasa Jawa SMK
Cerkak kanggo pitakonan no. 4
Ketiban Daru
dening Suharno DP
Lintang-lintang ing langit katon ambyor madhangi antariksa. Rembulan
wis gumlewang ing langit sisih kulon, mratandhani wengi saya mrambat parak
esok. Langit katon padhang njinglang, parandene soroting rembulan lan lintang-
lintang mau isih kalah padhang yen ditanding karo soroting lampu-lampu
merkuri ing plataran Stasiun Tawang. Wengi sangsaya mrambat mucuking fajar.
Jam bunder ing tembok stasiun wiwit ngancik tabuh telu kurang sitik. Swara
tukang becak, kuli-kuli,sopirangkot lan bakul-bakul pada nawakake dagangane.

4. Latar papan panggonan ana ing cuplikan cerkak ing ndhuwur yaiku....
A. Stasiun
B. Pasar
C. Terminal
D.Wengi ing stasiun
E. Wengi ing Pasar

5. ?a=[go[nNmLkukufuz=[go[zlM|. Aksara Jawa iki diwaca…


A. kanggo mlaku kudu golek ngelmu.
B. kanggo aku bisa tuku buku.
C. kanggoku mlaku karo maca buku.
D. anggone mlaku kudu nganggo ngelmu.
E. anggone mlaku bisa golek buku.

Setitekna geguritan ing ngisor iki!


Jagone wis kluruk
Dening : J. Bilawa
Cukuurukuuk…..
Kae jagone kluruk
Cecekerakek,
Gek golek isi pincuk
Jago kluruk celuk-celuk
Celuluking wanci esuk
Nggugah sing lagi padha ngepluk
Gregah tangi ngrambah rai
Jenggirat myat eling sholat
Bening banyune suci batine
Tawaduk niate nyembah Gustine
Ngiter donyane ya nguber akherate
Jagone kluruk ing pangkringan
Ngelingake sing arep padha golek pangan

6. Tembung “padha ngepluk” ing geguritan mau duweni karep…


A. rekasa uripe
B. ngaso saka pagaweyane
C. nyambut gawe awan lan wengi
D. ngeplaki nyamuk wayah wengi
E. turu angler ing ngomahe

4
B. JAWA/USBN/SMK/2018-UTAMA
DOKUMEN NEGARA
SANGAT RAHASIA Bahasa Jawa SMK
7. Setitekna ukara-ukara ing ngisor iki!
(1)Sawise sawetara wektu diantu-antu, Kemis,10 Maret 2016 putra mantu
Presidhen kang nama Ananda Selvi babaran kanthi slamet mijil lanang kang
glewa-glewo ana ing PKU Muhammadiyah Surakarta.
(2)Dene para warga among bisa padha andher ana sangarepe gedhung PKU
Muhammadiyah Surakarta.
(3)Para pejabat padha gilir gumanti mirsani lan melu mangayubagya klairane
wayahe Presidhen.
(4)Kabar kang gawe bungah marang kulawarga agung Presidhen Joko Widodo
wis kaleksanan.
(5)Dina kuwi PKU Muhammadiyah dadakan dadi rame banget, sawise ditlesih
jebul ing kono lair putrane Mas Gibran Rakabumi.

Supaya dadi teks pawarta kang wutuh, ukara-ukara ing dhuwur iku urutane…
A. (1), (3), (2), (5), (4)
B. (1), (4), (3), (2), (5)
C. (4), (1), (5), (3), (2)
D.(4), (2), (5), (1), (3)
E. (4), (5), (1), (3), (2)

8. Ing ngisor iki arupa kagiyatan nalika prakerin:


(1) Praktik ana ing DU/DI
(2) Ndata siswa/siswi kelas XI
(3) Siswa penerjunaning DU/DI
(4) Gawe laporan
(5) Pembekalan prakerin
(6) Siswa penarikan seka DU/DI

Saka data ing dhuwur, urutan kang trep kanggo gawe wacana eksposisi yaiku ….
A. (2), (5), (3), (1), (6), (4)
B. (2), (3), (5), (1), (6), (4)
C. (6), (5), (2), (1), (6), (4)
D. (5), (2), (3), (1), (6), (4)
E. (2), (6), (3), (1), (5), (4)

9.
Ingkang kinurmatan Bapak Kepala Skolah, ingkang kinurmatan ugi Bapak
Ibu Guru, sarta perwakilan saking DU/DI, ingkang kula tresnani siswa siswi
sedaya. Ingkang sepisan mangga kita konjukaken puji syukur dhumateng Gusti
Ingkang Maha Wikan ingkang sampun maringi kasarasan kagem kita sedaya
supados kita saged makempal ing sekolahan punika kanthi acara pembekalan
siswa siswi prakerin ing DU/DI.
Prathelan teks sesorah ing dhuwur kalebu bageyan ....
A. Salam pambuka
B. Surasa basa
C. Purwaka basa
D. Intine sesorah
E. Wasana basa

10. Prathelan pambagyaharja ing ngisor iki wacanen!

5
B. JAWA/USBN/SMK/2018-UTAMA
DOKUMEN NEGARA
SANGAT RAHASIA Bahasa Jawa SMK
Bapak/Ibu Guru ingkang kula urmati saha kanca-kanca ingkang kula
tresnani, pahargyan ing enjing menika pungkasaning pahargyan saking
reroncening acara mengeti ambal warsa SMK Kanisius ingkang kaping 22
.wekdal punika pinungkasan kanthi nggelar ajang seni lan kreasi siswa-siswi
SMK Kanisius Ungaran minangka papan kangge .... siswa-siswi. Eman sanget
menawi sakathahing kesagedan punika botem dipunajangi. Awit kula pitados
SMK Kanisius punika kondhang boten namung saking edhukasinipun, nanging
ugi saking kesenian lan kaprigelan sanesipun.
Kanggo jangkepi cecek-cecek (....) pambagyaharja ing dhuwur kang trep ....
A. Nedahaken saha ngrembakaken kaprigelanipun
B. Ambal warsa SMK Kanisius Ungaran marang
C. Juri lomba seni yaiku Bapak/Ibu guru lan peserta
D. Ajang kreasi seni siswa SMK Kanisius kanggo mengeti
E. Pambagyaharja menawa dina iki nandakake ana acara

11. Semaken wawancara ing ngisor iki!


Cipto : Nuwun sewu Bapak ngapunten kula badhe nyuwun pirsa
punapa Bapak ngundang (1) kula?
Bu Harti : Oh ya, iki tulung diwenehna (2) Bu Yusi ing bagiyan Keuangan
ing lantai telu
Cipto : Inggih Pak, napa malih Pak?
Bu Harti : Iki mau Pak Direktur kanda (3) yen awakmu bar saka kene
kudu nemoni Pak Direktur disik sadurunge bali,
Cipto : Nggih Pak.
Tembung kang trep ing tembung kang kacetak kandel yaiku ....
A. Nyeluk (1), Dikeke (2), ngomong (3)
B. Nimbali (1), aturke (2), ngendika (3)
C. Nimbali (1), dikeke (2), caturan (3)
D. Nyelu (1), aturke (2), ngendika (3)
E. Nimbai (1), aturke (2), caturan (3)

12. Wacanen khotbah ing ngisor iki!


Kita samenika leres-leres ngraosaken bingah, bahagia, kebingahan
ingkang mekaten menika boten namung ing dinten menika, ananging mbenjang
wonten ing alam kelanggengan raos bingah ingkang leres-leres bingah badhe kita
panggihi. Sehaoso wekdan puniku kathah tiyang-tiyang ingkang kesusahan
akibat pola tingkahipun piyambak inggih menika nalika wonten ing alam donya
namung nuruti hawa nepsunipun boten towat dhumateng Allah malah tumindak
mbejijat, nglacik mursal maksiat wani karo wong tuane duraka, mangan barang
haram, ndem-ndeman malima lan sapiturutipun.
Surasa khobah ing dhuwur yaiku ....
A. Tumindak ala bisa gawe urip bungah
B. Tumindak sakarepe dewe manut kapribadhen
C. Aja seneng njukuk barange wong liya
D. Aja nindakake korupsi nepotisme
E. Aja tumindak ala supaya ngrasakake kebungahan

Nulung sedulur
Sawise lulus SMP, Warno ora bias nerusake sekolah jalaran wong
tuwane ora duwe ragad. Sanajan nasibe kaya mengkono Warno ora nglokro,

6
B. JAWA/USBN/SMK/2018-UTAMA
DOKUMEN NEGARA
SANGAT RAHASIA Bahasa Jawa SMK
tansah ikhtiar kanthi sregep maca buku, majalah, lan liya-liyane supaya
kawrue saya mundhak pinter lan dewasa ngadhepi kahanan uripe. Bareng saya
gedhe pikirane saya majuora kalah karo kanca-kancane sing padha isih tetep
sekolah. Sanajan wis ora sekolahanggone kekancan karo kancane sing isih
sekolah tetep sumambung apik.
Warno saiki duwe usaha anyar yaiku mbukak bengkel sepedha motor.
Usaha iku dilakoni kanthi seneng jalaran manut panemune Warno, bengkel
kuwi dudu pagaweyan sing nistha nanging malah mulya. Awit saka
katrampilane dadi mekanik, Warno bisa tetulung marang liyan uga bisa
ngangkat drajad wong wong tuwane.
Kaya unen-unen : Sapa temen bakal tinemu, sapa obah mamah. Ikhtiar
Warno diridhani dening Gusti. Akeh wong kang padha teka lunga anggone
ndandakake sepedha motor. Warno ora tau ngarani opah kajaba ganti
ondherdhil tetep bayar kaya rega liyane, opahe ndandani naming sapawehe.
Pakarti kang kaya ngene iki kang njalari wong-wong padha seneng mbengkelake
menyang nggone Warno. Awit kekuwatane wong kuwi beda-beda mula ya ana
sing menehi kanthi murwat uga ana sing sethithik. Kabeh mau ditampa dening
Warno kanthi lila legawa tanpa ngresula. Ing atine warno, kajaba usaha kuwi,
dalane rejeki uga bisa kanggo sarana tetulung marang tangga teparo.

13. Tegese ukara “sapa temen bakal tinemu” yaiku. . .


A. Sapa sing gelem usaha bakal sugih uripe
B. Sapa sing gelem usaha bkal kelakon sing dikarepake
C. Sapa sing gelem usaha temenan bakal ketekan apa sing dikarepake
D. Sapa sing gelem usaha bakal mulya uripe
E. Sapa sing gelem usaha bakal seneng uripe

14. Tembang ing ngisor iki satitekna!


DHANDHANG GULA
Wardining kang sasmita jinarwi
Wruhing kukum iku watekira
Adoh marang kanisthane
Pamicara punika
Weh reseping sagung miyarsi
Tata karma punika
..........
..........
Ngupa boga, dene kelakuwan becik
Weh rahayuning angga
Jangkepe gatra
Ing tembang iku miturut paugeran lan tata runtut surasane yaiku. . . . .
A. Ngedohaken panyendhu, kagunan iku kinaryo
B. Ingutus Sang Narpendah, kinen mocok murdantaji
C. Kang tumrap ning tanah Jawa,agama ageing aji
D. Yeku ilapating wahyu, yen yuwana ing salami
E. Cinancang pucuking cipta, nora ucul-ucul kaki

15. Wong salah ora gelem ngaku salah


Suwe-suwe sopo wonge sek betah
Mripatku uwis ngerti sak nyatane

7
B. JAWA/USBN/SMK/2018-UTAMA
DOKUMEN NEGARA
SANGAT RAHASIA Bahasa Jawa SMK
Kowe selak golek menangmu dewe
Tak tandur pari jebul tukule suket teki

Saka pethilan tembang ing ndhuwur miturut penyanyine isine yaiku . . . . .


A. Wong nandur apik durung mesthi thukul apik
B. Wong kang ora gelem ngalah
C. Kasunyatan ora padha karo pangajab
D. Nggambarake katresnan priya lan wanita nanging dicidrani
E. Kabeh jawaban bener

Caping Nggunung
Dhek jaman berjuang njur kelingan anak lanang
Biyen takopeni, ning saiki ana ngendi
Jarene wis menang keturutan sing digadhang
Biyen nate janji ning saiki apa lali
Ning nggunung takcadhongi sega jagung
Yen mendhung taksilihi caping nggunung
Sokur bisa nyawang, gunung desa dadi reja

16. Surasane tembang campursari ing ndhuwur yaiku ...


A. Ngenteni ana ngendi anake sing biyen diopeni
B. Ngenteni pasangane sing biyen tau urip bebarengan
C. Ngandhakake swasana kang ana ing pagunungan
D. Aja ninggalake adat lan tata susila ing tanah Jawa
E. Nggoleki apa kang dadi prasetyaning urip

17.

Kang kanggo ngethok pinggire kain bisa nggunakake ...


A. Gunting
B. Obras
C. Cutter
D. Tang
E. Cathut

18. …………, …….………,


Dadi anak, sing ngajeni
Sampiran ingkang trep kangge ngganepi parikan nginggil yaiku ... .
A. Kebo manak, mangan dami
B. Kebone manak, mangan dami
C. Kebo manak, mangane dami
D. Kebone manak, mangane dami
E. Kebone manak, panganane dami

Wacan tembang macapat kanggo mangsuli soal nomer 19!

8
B. JAWA/USBN/SMK/2018-UTAMA
DOKUMEN NEGARA
SANGAT RAHASIA Bahasa Jawa SMK
Mingkar mingkuring angkara
Akarana karenan mardi siwi
Sinawung resmining kidung
Sinuba sinukarta
Mrih kretarta pakartining ngelmu luhung
Kang tumrap ing tanah jawa
Agama ageming aji

19. Wos surasane tembang pangkur ing nduwur yaiku ….


A. Yen kepingin kelakon panjangkane kudu gelem prihatin.
B. Wong iku kudu tansah eling lan tumindak becik ing ngendi papan
C. Wong kudu gelem sinau panguripan, supaya ora miyar-miyur uripe.
D. Kudu bisa milah kang bener lan luput, amarga manungsa iku duwe agama.
E. Wong tresna iku mung mrentul saka ati, ora prekara liyane.

20. Rafi : “Pak, panjenengan badhe …. dhateng bengkel


tabuh pinten?”
Pak Didik : “Mengko aku kira-kira budhal jam 8 esok.”
Tembung kang trep kanggo njangkepi pacelathon mau kanthi unggah-ungguh
basa kang bener yaiku ....
A. lunga
B. kesah
C. tindak
D. sowan
E. bidhal

21. Wonten pangarsanipun para sesepuh, pinisepuh ingkang hanggung


mastuti dhumateng pepoyaning kautamen, ingkang pantes pinundhi saha
kinabeekten. Para pangemban-pangembating praja, kasatriyaning nagari ingkang
minangka songsong agung saha pamomonging para kawula dasih imgkang tuhu
pantes sinudarsana.
Perangan atur pambagyaharja ing nduwur kalebu ….
A. pambuka
B. atur pakurmatan
C. atur panuwun
D. wosing gati
E. panutup

22. Nalika ngrungokake pasrah penganten, ana pratelan :


Dhumateng para sesepuh pinisepuh ingkang pantes pinundhi-pundhi.Para
tamu kakung putri ingkang winantu ing pakurmatan.
Pratelan iku kalebu perangane tanggap wacana, kang diarani ….
A. Pambuka
B. Surasa
C. Basa
D. Panutup
E. Ringkesan
Pandhu Jumeneng Nata Ing Hastinapura
Negara Hastinapura kagungan putra calon gumanti Nata, yaiku Dhestarastra
lan Pandhu Dewanata lan Widura. Katelune iku di gulawentah dening Resi

9
B. JAWA/USBN/SMK/2018-UTAMA
DOKUMEN NEGARA
SANGAT RAHASIA Bahasa Jawa SMK
Bisma.Kang jumeneng nata ing Hastina iku Pandhu. Dhestarastra lila yen sing
kawisudha dadi ratu iku Pandhu, amarga dheweke nglenggana duwe
kekurangan kang ginaris dening Gusti kang Murbeng Jagad. Miturut
pemanggihe Negara kang dipangarsani titah kang cacat bakal nuwuhake
swasana kang ora becik.
Dhestarastra krama karo Dewi Gendari putri ratu Basubala ing Negara
Gandara duwe putra cacah satus kang diwastani kurawa. Pandhu krama karo
putri loro, yaiku Dewi Kunthi. Peputra telu Yudhistira, Bima, lan Arjuna. Dene
garwane Pandhu sijine aran Dewi Madrim, peputra kembar yaiku Nakula lan
Sadewa.

23. Paraga utama ing crita kasebut yaiku ….


A. Prabu Pandhu
B. Prabu Dhestarastra
C. Widura
D. Prabu Matswapati
E. Prabu Salya

24. Miturut crita kasebut lelakon iku ngemot pitutur kang becik yaiku ….
A. Aja rebutan panguasa
B. Nglengana marang kekurangane
C. Negara kang adiluhung
D. Ngalah dhuwur wekasane
E. Nandur bakal ngundhuh

Wacan kanggo pitakonan angka 25-26


Pramila awit saking punika putri temanten kakung sampun marak
mangarsa wonten ngarsa panjenengan sedaya. Kaparenga ing mangke
temanten kakung kula pasrahaken saha kula sumanggaaken dhateng
panjenenganipun bapa Slamet Raharjo minangka sulih saliranipun bapa
Sulistiyo sekalian ibu Siti Maimunah cunduk kalian lampahing adicara.

25. Ing duwur yaiku tuladha sambutan wonten adicara...


A. Ijab
B. Atur pasrah temanten kakung
C. Atur tampi temanten putri
D. Tirakatan
E. Kenduren

26. Tembung sulih ing wacana ana ing duwur duweni teges...
A. ingkang kagungan kersa
B. wakil
C. para tamu
D. tiang sepuh temanten putri
E. tiang sepuh temanten kakung

10
B. JAWA/USBN/SMK/2018-UTAMA
DOKUMEN NEGARA
SANGAT RAHASIA Bahasa Jawa SMK

27. Aksara kang kagaris diwaca ...


A. Seleksi, zona
B. Selasa, joda
C. Seleksi, joda
D. Selektif, zona
E. Selasa, zona

28. Wacan ing dhuwur ngamot babagan ...


A. Kualitas karyawan
B. Rekrutmen karyawan
C. Mutu karyawan
D. Kualitas perusahaan
E. Rekrutmen perusahan

29. Kang ora kalebu titikan (kriteria) artikel yaiku ...


A. Dumadi saka fakta, opini, lan interpretasi
B. Kamot ing ariwarti utawa kalawarti
C. Ngamot 5W+1H
D. Tulisan asipat objektif lan logis
E. Sistematika panulisane cetha lan runtut

30. Trap-trapane nulis artikel kang bener yaiku …


A. Nemtokake tema, nemtokake tujuan, ngumpulake bahan, lan panutup.
B. Nemtokake tujuan, ngumpulake bahan, nyusun lan ngerembakakake
cengkorongan.
C. Nemtokake tema, nemtokake tujuan, ngumpulake bahan,lan gawe dudutan.
D. Nemtokake tema, nemtokake tujuan, ngumpulake bahan, nyusun lan
ngerembakakake cengkorongan.
E. Nemtokake tema, nemtokake tujuan, ngumpulake bahan, lan gawe opini.

Kanggo mangsuli soal nomer 31-32


Kacarita Dewi Durgandini duk ing bengawan Swilugangga, ngenteni mbok
menawa ana wong kang bakal nyabrang, dheweke kang saguh bakal
nyabrangake. Bareng weruh ana wong awe-awe nuli diparani, kang ora liya
sang Maharsi Palasara lan para panakawan. Sedyane Sang Maharsi bakal
nututi manuk emprit ingkang nusuh aneng gelunge. Emprit ora gelem nusone
anake, nuli dibujung, wusana bisa ketemu karo Dewi Durgandini aneng prau.
Kocapa sang Maharsi dupi mulat marang citrane Sang Dewi karenan ing
penggalih. Wantuning taruna derenging driya, ketaman ing asmara, datan kena

11
B. JAWA/USBN/SMK/2018-UTAMA
DOKUMEN NEGARA
SANGAT RAHASIA Bahasa Jawa SMK
sinayutan, temah kama kerut ing usap kinebekaken ing warih, temahan
disarap dening rekatha lan iwak tambra.
(Kapethik saka Panjebar Semangat kanthi irah-irahan Dewi Rekathawati)

31. Isi saka carita wayang ing dhuwur yaiku .....


A. Dewi Durgandini ora gelem nyebrangake manuk emprit.
B. Dewi Durgandini ora gelem nyebrangake Maharsi Palasara lan para
panakawan.
C. Dewi Durgandini ora gelem nulungi wong kang nyebrang ing bengawan
Swilugangga.
D. Dewi Durgandini ora saguh nyebrangake wong kang nyebrang ing bengawan
Swilugangga.
E. Dewi Durgandini saguh nyebrangake wong kang nyebrang ing bengawan
Swilugangga.

32. Pitutur saka pethilan carita wayang yaiku .....


A. Dadi wong kudu bekti marang wong tuwa.
B. Dadi wong kudu ngurmati wong liya.
C. Dadi wong kudu lung-tinulung marang wong liya.
D. Dadi wong kudu sopan marang wong liya.
E. Dadi wong kudu nglarani atine wong liya

33. Para pangemban pangembating praja satriyaning negari, ingkang kinarya


pangayomaning para kawula dasih ingkang pantes sinudarsana.
Perangan ceramah ing ndhuwur kalebu ….
A. salam pambuka
B. atur pakurmatan
C. atur puji syukur
D. atur pangapura
E. wedharing gati

34. Sarasehan utawa seminar yaiku patemonan kanggo ngrembug sawijining


prakara kang dipandhegani dening para ahli kang tujuwane yaiku ….
A. kepengin ngatonake pintere para pakar
B. kepengin dadi wong sing misuwur
C. kanggo nggayuh larasing panemu
D. kanggo golek senenging ati
E. kanggo ngundhakake mblanjane

35. Idhem pramamem ora ana sabawane walang alisik. Kekayon njegreg.
Godhonge nora mobah. Angin mandheg. Mendhung ireng peteng nutupi karaton
rikala Pangeran Muhammad Zainal Amirudin Sinambela, kang rikala timure uga
katelah Pangeran Gindoporang Sinambela, putrane sinuhun Sisingamangaraja
VIII, lagi sapejagong karo sang kinasih kang isih prenah kaponakane dhewe,
sang Dyah Ayu Putri Gana Sinambela, kang uga katelah Putri Gana Baru
Sinambela, Putra-putrine Sang Prabu Sisingamangaraja IX.
(Kapethik saka Panjebar Semangat kanthi irah-irahan Pongki Na Ngol-ngolan)
Isi pethilan carita rakyat ing dhuwur yaiku …..

12
B. JAWA/USBN/SMK/2018-UTAMA
DOKUMEN NEGARA
SANGAT RAHASIA Bahasa Jawa SMK
A. Pangeran Muhammad Zainal Amirudin Sinambela nandhang kasmaran karo
Dyah Ayu Putri Gana Sinambela.
B. Pangeran Muhammad Zainal Amirudin Sinambela sengit karo Dyah Ayu
Putri Gana Sinambela.
C. Sisingamangaraja VIII nandhang kasmaran karo Sisingamangaraja IX.
D. Kulawarga kang tentrem antara kulawarga Pangeran Muhammad Zainal
Amirudin Sinambela lan kulawarga Dyah Ayu Putri Gana Sinambela.
E. Perang kulawarga antara kulawarga Pangeran Muhammad Zainal Amirudin
Sinambela lan kulawarga Dyah Ayu Putri Gana Sinambela.

36. Panyandra duweni guna kanggo .....


A. nggambarake alane swasana nalika ana ing acara penganten.
B. nggambarake kaendahan sawijining bab utawa edining swasana.
C. nggambarake panganan nalika ana ing acara penganten.
D. nggambarake kursine panganten ing pawiwahan dina kuwi.
E. nggambarake eleke swasana nalika penganten panggih.

37. Binarung swaraning gangsa kang hambabar ketawang Langen Gita Sri
Narendra katingal putra temanten jengkar saking sasana rinengga keparenging
sedya marak sowan wonten ngarsanipun para rawuh menjing ing panti busana
arsa ngrucat busananing kanarendran badhe hangrasuk busana kasatriyan.
Tembung sing kacithak kandel duweni teges ....
A. Papan
B. katon
C. meja
D. klambi
E. bareng

38. Sinigeg kang wus lumaksana, genti kacarita. Ing wana Lengka tlatah
Singgela, ana rajaning sato wana wujud singa barong, nama Prabu Misana.
Nuju sawijining dina nganakake pisowanan agung den adhep para wadyabala
wujud sato wana pepak, ana sirna, warak segawon ajag, naga, wrana lan
bangsaning gegremet kang mawa wisa. kabeh sato galak iku ora kaya jamaking
sato isen-isen wana, nanging seluman kang bisa tata jalma kaya manungsa.
Paraga ing pethilan carita dhuwur yaiku …..
A. Prabu Pandhu
B. Prabu Misana
C. Prabu Janaka
D. Prabu Wisa
E. Prabu Sato

39. Bondan Nusantara, penulis naskah kethoprak, drama basa Jawa lan
wartawan SKH Berita Nasional Ngayogyakarta ngejak "ngrusak" basa jawa
marang kanca-kanca sutresna basa lan sastra Jawa, mligine marang anggota
Sanggar Sastra Jawa Yogyakarta ing patemon sasi Oktober kepungkur. Anehe,
pangajake Bondan kasebut dianthuki alias disarujuki dening kanca-kanca
anggota SSJS, kamangka ing sanjabane sanggar mesthine isih akeh sutresna
basa lan sastra Jawa kang ora sarujuk karo panemu lan pangajake Bondan
kasebut kang ora sarujuk iku mesthine wae sing kepingin basa Jawa tetep ana

13
B. JAWA/USBN/SMK/2018-UTAMA
DOKUMEN NEGARA
SANGAT RAHASIA Bahasa Jawa SMK
asline. Supaya ora ngalor ngidul mula Bondan ngejak sutresna sing "setuju
ngrusak" lan "sing ora" mlaku bebarengan.

Wacana ing dhuwur kagolong wacan ....


A. argumentasi
B. persuasi
C. eksposisi
D. dheskripsi
E. narasi

40. Ing ngandhap punika ingkang kalebet ancasipun wacana argumentasi inggih
menika…
A. nguatake kagem pamaos ngengingi panemu utawa ide ingkang
dipunaturaken panulis
B. maringi informasi babagan kagem nambah pangertosan.
C. maringi wawasan kagem pamaos
D. maringi hiburan kagem pamaos.
E. maringi pengalaman estetis / keindahan kagem pamaos

B. SOAL URAIAN
41. Wis telung dina penataran lumaku. Pak Darmadi saya nekad anggone
nyedhake aku.Malah nalika bel mlebu dheweke gageyan nglungguhi kursine
Marsini karepe arep njejeri aku. Nanging bareng Marsini mlebu terus diuring-
uring lan Pak Darmadi sidane isin dhewe. Jane aku ya mesakake, niyatku arep
dakbaklani yen aku wis duwe anak bojo. Nanging malah Marsini tetep ora oleh.
(Kapethik saka Kumpulan crita Cekak Banjire Wis Surut kanthi irah-irahan
Dudu Salahku)
Paraga ing carita ing dhuwur yaiku ….

42. Pitutur bener iku,


sayektine pantes den tiniru,
nadyan metu saka wong sudra pepeki,
lamun becik wurukipun,
iku pantes sira anggo.
Tembang macapat ing dhuwur kalebu tembang ....

43. ?A/junp[vCnBgusTenn\,
Menawa ditulis aksara latin dadi .....

44. Idhem pramamem ora ana sabawane walang alisik. Kekayon njegreg.
Godhonge nora mobah. Angin mandheg. Mendhung ireng peteng nutupi karaton
rikala Pangeran Muhammad Zainal Amirudin Sinambela, kang rikala timure uga
katelah Pangeran Gindoporang Sinambela, putrane sinuhun Sisingamangaraja
VIII, lagi sapejagong karo sang kinasih kang isih prenah kaponakane dhewe,
sang Dyah Ayu Putri Gana Sinambela, kang uga katelah Putri Gana Baru
Sinambela, Putra-putrine Sang Prabu Sisingamangaraja IX.
(Kapethik saka Panjebar Semangat kanthi irah-irahan Pongki Na Ngol-ngolan)
Isi pethilan carita rakyat ing dhuwur yaiku …..

14
B. JAWA/USBN/SMK/2018-UTAMA
DOKUMEN NEGARA
SANGAT RAHASIA Bahasa Jawa SMK
45. Sebutna tahapan kanggo gawe wacana argumentasi (sarasehan) !

15
B. JAWA/USBN/SMK/2018-UTAMA

Anda mungkin juga menyukai