Anda di halaman 1dari 13

SOAL UTAMA

DOKUMEN NEGARA
PAKET A
SANGAT RAHASIA

TRY OUT UJIAN SEKOLAH


SMK KABUPATEN PURBALINGGA
TAHUN PELAJARAN 2013/2014

LEMBAR SOAL

Mata Pelajaran : Bahasa Jawa


Bidang Studi Keahlian : Semua Bidang Studi Keahlian
Hari/ Tanggal :
Alokasi Waktu : menit
Dimulai pukul : WIB
Selesai pukul : WIB

PETUNJUK UMUM
1. Isikan identitas anda kedalam Lembar Jawaban Ujian Sekolah ( LJUS ) yang tersedia
menggunakan pensil 2B sesuai petunjuk dalam LJUS.
2. Hitamkan bulatan di depan nama mata ujian pada LJUS
3. Periksa dan bacalah soal-soal sebelum anda menjawabnya, pastikan setiap lembar soal
memiliki nomor paket yang sama dengan nomor paket yang tertera pada cover
4. Laporkan pada pengawas ujian apabila terdapat lembar soal yang kurang jelas, rusak atau
tidak lengkap
5. Tersedia waktu 90 menit untuk mengerjakan paket soal tersebut
6. Jumlah soal sebanyak 50 butir, pada setiap butir soal terdapat 5 ( lima ) pilihan jawaban
7. Mintalah kertas buram kepada pengawas ujian, bila diperlukan
8. Tidak di ijinkan menggunakan kalkulator, HP, atau alat bantu hitung lainnya.
9. Periksa pekerjaan anda sebelum diserahkan kepada pengawas ujian
10. Lembar soal tidak boleh dicorat-coret.

Try Out Ujian Sekolah Basa Jawa XII 2014 Kaca 1


SELAMAT MENGERJAKAN

PITUDUH : Wangsulana pitakonan wonten ngandhappunika kanthi milih Wangsulan


A,B,C,D utawi E ingkang dipunanggep leres !

WARA-WARA LELAYU

Innalillahi wainnailaihi rojiun


Sampun Katimbalan ing Ngarsa Dalem Allah SWT:

Bapak SUTIONO, SH
Jln. Mayjend Soengkono No 10 Purbalingga
Rikala dinten Jumat Pon tanggal 12 Januari 2014 Tabuh 02.30
Ing Purbalingga

Mugi-mugi Gusti Allah SWT paring pangapunten dhumateng sedaya


Kalepatan, saha nampi sedaya amalipun kanthi ganjaran kaswargan.
Amien

Nderek Belasungkawa : Ingkang Nandhang Sungkawa :


Keluarga Besar Ny. Rani Sutiono
Penyebar Semangat Bisma Bayuangga ( Putra 1)
Hudiono Hudoyo ( Putra 2 )
Dalah kualawarga sadaya

1. Katenger saking suraosipun, genah menawi wacana ing nginggil kalebu...


A. layang lelayu
B. pariwara lelayu
C. iklan lelayu
D. pawarta lelayu
E. wara-wara lelayu

2. Wara-wara ing nginggil, ngemu babagan...


A. ulem
B. hajatan
C. lelayu
D. kitir
E. iber-iber

Gatekna tuladha cerkak ing ngisor iki

UPACARA RITUAL SADRANAN PUNDHEN

Try Out Ujian Sekolah Basa Jawa XII 2014 Kaca 2


Wewengkon Dhusun Dhukuh, Desa Banyuanyar, Kecamatan Ampel, Kabupaten
Boyolali kang lokasine ing sikiling Gunung Merapi iring wetan, sawijining papan kang klebu
larang banyu. Luwih-luwih ing mangsa ketiga. Ing wewengkon kono ora ana pengairan
sawah utawa irigasi. Pesawahan ing kono mung ngendelake banyu udan utawa sawah tadhah
udan. Lumrahe nandur pari ing mangsa rendheng. Kuwi uga padha nandur jagung, kacang
gleyor, lombok, pohung, jahe lan tela pendhem. Anggone nenandur mau padha diselang-
selang utawa tumpang sari antaane pari, jagung lan pohung.
Dina Jumat Pon tanggal 8 Oktober 2004 wiwit esuk umun-umun kabeh warga
Dhusun Dhukuh padha tangi risik, luwih-luwih para ibu-ibu. Awit dina kuwi sadurunge jam
11.00 WIB kudu wis nyawisake rerangken sesajen kanggo melu upacara ritual tradisional
Sadranan Pundhen. Kabeh warga kang gung-gunge 96 kepala kulawarga mau padha masak
sega gurih, sambel goreng kecek, goreng-gorengan, lawuh, lan dhawet. Ketambahan ingkung
pitik jago tumrap sing mampu. Upacara Sadran Pundhen mau mujudake sawijining
penyuwun mring Gusti Allah amrih enggal enggal kaparingan udan.
Mungguhing warga Dhusun Dhukuh, ngadani upacara ritual Sadranan Pundhen
utawa upacara udan Dhawet mujudake kegiatan rutin lan wajib saben setaun sepisanan.
Dileksanani ing dina Jumat ing mangsa kapat. Ancas lan tujuane kang baku, nyenyuwun
mring Gusti Allah enggal pinaringan udan. Warga duwe keyakinan, menawa upacara ritual
mau ora diadani mangsa ketiga bisa lumaku luwih dawa. Iku ateges warga kono pra bisa
nandur pari. Pengalaman kang uwis-uwis, sawise diadani upacara mau watara setengah sasi
candhake banjur udan deres.

Kapethik saka : Djaka Lodang, 13 Nopember 2004

3. Ing wewengkon ngendi upacara Sadranan Pundhen lan Upacara Udan Dhawet iku diarani ....
A. Dhusun Banyuanyar
B. Dhusun Karanganyar
C. Dhusun Kaliurang
D. Dhusun Dhukuh
E. Dhusun Sambung Macan

4. Apa tujuwane diadani upacara Sadran Pundhen iku .…


A. nyuwun mring Gusti Allah enggal piraning udan
B. nyuwun mring Gusti Allah enggal pinaring rejeki
C. nyuwun mring Gusti Allah enggal pinaring panen sing akeh
D. nyuwun mring Gusti Allah enggal pinaring keselamatan
E. nyuwun mring Gusti Allah enggal pinaring kerukunan

5. Upacara ritual Sadranan Pundhen utawa Upacara Udan Dhawet mujudake kegiatan rutin lan
wajib ditindakake saben ....
A. Rong taun sepisan
B. Sewulan sepisan
C. Setaun sepisan
D. Seminggu sepisan
E. Telung taun sepisan

6. Apa sing dadi wose cerkak ing dhuwur iku ....


A. warga dhusun dhukuh

Try Out Ujian Sekolah Basa Jawa XII 2014 Kaca 3


B. nyuwun mring Gusti Allah enggal pinaring udan
C. upacara ritual sadranan pundhen
D. pengairan sawah utawa irigasi
E. masak bareng-bareng

7. Bapak : “Fitri, kowe mbesuk pengin dadi apa?


Fitri : ……………….

Wangsulane Fitri sing bener yaiku ....


A. Kula mbenjang pengin dados guru Pak, amargi guru punika mulya
B. Durung ngerti, Pak
C. Lha kepenake kula niki dados napa?
D. Mbuh Pak, durung kepikiran
E. Ketoke pengin dadi dhokter hewan

8. Fitri anggone matur Bapake manut unggah-ungguh kudu basa .…


A. Ngoko lugu
B. Ngoko alus
C. Ngoko andhap
D. Karma alus
E. Karma lugu

9. Ukara ngandhap punika pundi ingkang basa karma alus ....

A. Mbenjang ing dinten Minggu legi Pak Raharja badhe kagungan kersa
B. Simbah seneng banget mirsani wayang kulit
C. Generasi mudha saiki akeh sing ora ngerti unggah-ungguh
D. Sesuk sampeyan melu piknik napa mboten?
E. Menawi penjenengan ngersakake dak aturi mindhah piyambak

10. Bapak, Ibu mbesuk yen aku wis lulus entuk kuliah apa ora?
Ukara iku yen diowahi dadi basa karma alus dadine ….
A. Bapak, Ibu mbenjang menawi aku pun lulus angsal kuliah apa mboten?
B. Bapak, Ibu mbenjang menawi kula sampun lulus pikantuk kuliah punapa mboten?
C. Bapak, Ibu ngenjang yen kula empun lulus angsal kuliah apa ora?
D. Bapak, Ibu ngenjing menawi kula wis lulus pikantuk kuliah napa mboten?
E. Bapak, Ibu mbenjang menawi aku pun lulus saestu kuliah napa mboten?

11. Patrape wong Jawa nalikane nampa tamu iku kudu aruh, lungguh, suguh. Lungguh maksude
….
A. Ngaturi mlebu omah
B. Nakone karep lan tujuane
C. Ngaturi tamu supaya lungguh
D. Nyaosi unjukan lan dhaharan
E. Age-age methukake tamune

12. Patrap aruh marang tamu becike migunakake basa . . . .


A. Ngoko lugu

Try Out Ujian Sekolah Basa Jawa XII 2014 Kaca 4


B. Ngoko alus
C. Ngoko andhap
D. Karma alus
E. Karma lugu

Kangge No 13 & 14
Mbangun Kandhang Ternak ing Balerante
Nganti wektu iki dhampak erupsi Gunung Merapi isih krasa ing desa Balerante, Kec.
Kemalang, Kab. Klaten. Sanajan panguripan wis wiwit normal, nanging warga during bisa
ndandani omahe sing remuk, lantaran keganasan Gunung Merapi. Kaanane kewan bantuane
pamarentah sing wis diopeni warga kangelan papan mula ya mung diopeni kanthi fasilitas
saanane. Malah ana warga sing ngingu kewane dadi saomah karo sing dienggoni.
Kaanan kang mrihatinake iku, kanggo nangani pangopene kewan, Dompet Peduli
Merapi (DPM) Solopos-Harian Jogja Minggu pungkasan wulan Februari 2011 maringi
bantuan kanggo mbangun kandhang ternak bantuan diujudake gendheng lan semen,
diserahake ing Dukuh Banjarsari, Desa Balerante, Kemalang, Klaten.
Asisten manager sirkulasi Solopos, Dewi Wara makili DPM nyerahake bantuan marang
warga Banjarsari wujud 320 sak semen lan gendheng 14.000 iji. Bahan kasebut arep didom
rata saben warga nampa 10 sak semen lan 400an gendheng, mangkono ngendikane Darminto
nalika nampani bantuan makili warga. Kajaba iku, ngendikake menawa pambangune
kandhang ditarget rampung sajroning 20 dina.
Dompet Peduli Merapi
Solopos, 24 Februari 2011
13. Pawarta ing nduwur kasebut apa ira-irahane ….
A. mbangun kandang
B. mbangun kandhang ternak ing Balerante
C. mbangun desa
D. kandhang ternak
E. kandhang ternak ing Balerante
14. Pawarta kasebut kapethik saka ngendi ....
A. Dompet Peduli Merapi
B. Dompet Amal
C. DPM, Solopos 24 Februari 2011
D. Kedaulatan rakyat
E. Suara merdeka

TONTONAN SING DADI TUNTUNAN

Jaman siki sing jenenge sing nemukna tontonan wayang utawa kethoprak uwis langka
banget. Masyarakat wis akeh sing ora ngerti maning crita-crita sing ana ning kethoprak lan
wayang. Mangkane sing jenenge kethoprak lan wayang kuwe tontonan lan hiburan sing njerone
ngandhut piwulang sing apik, dadi tontonan sing bisa dadi tuntunan. nanging sing mriyatinaken
ning jaman siki wong esih seneng nonton sinetron, FTV, telenovela, lan drama-drama sekang
manca.
……………………………………………………………………………………………………
15. Wacana ing nginggil kalebu jinising wacana…
A. Narasi
B. Eksposisi
Try Out Ujian Sekolah Basa Jawa XII 2014 Kaca 5
C. Deskripsi
D. Argumentasi
E. Persuasi

16. Punapa sebabipun masyarakat boten mangertos wayang lan kethoprak?, amargi…
A. Tiyang ngnggep wayang lan ketoprak wis ora jaman
B. Tiyang ngangep wayang lan kethoprak mboseni
C. Tiyang nganggep wayang lan kethoprak regane larang
D. Tiyang nganggep wayang lan kethoprak critane angel
E. Tiyang langkung remen mirsani Sinetron

Kanggo soal no 17-20


Kaperang matur dhumateng Bapak Harja Semita sekaliyan. Kula ing ngriki dipun
sasraya dening Bapak Hadi Siswaya kinen ngaturaken:
1. Salam kawilujengan konjukdhumateng Bapak Harjosemita sekaliyan
2. Ngaturaken ubarampe lamaran pinangka paningsete rembag ing sampun manunggal
antawisipun Bapak Hadi Siswaya kaliyan Bapak Harja Semita bilih wosing rembag
badhe njodhohaken putranipun Bapak Hadi Siswa inggih Bagus Raharja kaliyan Rara
Ayu Wulandari putrinipun Bapak Harjo Semita
3. Sinaosa sedaya ubarampe lamaran punika naming sumapala mugi katampi kanthi suka
remaning penggalih pinangka tangsuling rembag.

17. Cuplikan sesorah kasebut isine yaiku ….


A. Nampa manten
B. Pasrah manten
C. Pasrah paningset
D. Mboyong kembar mayang
E. Tiang lamar

18. Sedaya ubarampe lamaran ampun dipun tingali kertaajinipun nanging kapirsanane makna
saha mumfangatipun. Tembang kang kacethak miring tegese pada karo ….
A. Barang-barang
B. Regane
C. Jinise
D. Akehe
E. Wujude

19. Ingkang punika sedaya mugi katampi kanthi renaming penggalih. Tembung ngisor iki
tegese pada karo penggalih, kajaba ….
A. Wardaya
B. Kalbu
C. Nala
D. Tyas
E. Asta

20. Ing acara pasrah paningset limrah dipun tengeri kanthi lira kalpika. Kalpika iku ….
A. Kakung
B. Anting-anting

Try Out Ujian Sekolah Basa Jawa XII 2014 Kaca 6


C. Gelang
D. Suweng
E. Ali-ali

21. Ing ngisor iki sing nelakake pakurmatan, yaiku ….


A. Bapa Harja Basuki ingkang kinabekten. Para rawuh sedaya ingkan satuhu kinurmatan.
B. Manga tansah muji syukur dhateng ngarsa dalem Allah SWT.
C. Bapa Hadi Siswaya nglampahi darmaning asepuh miwaha putrinipun Rara Ayu
Kusumawardani ing kajatu dening Bagus Ridwan Prabowo putranipun Bapak Ahmad
Muzaini
D. Mugi-mugi panganten sarimbit dados jodho sejati pikantuk ridhanipun Gusti Allah.
E. Cekap semanten atur kula, kathah kalepatanipun nyuwun pangapunten.

Geguritan ana ing ngisor iki kanggo mangsuli pitakonan nomer 22-24

.......................................
Nalika bagaskara wis angslup ana ing sisih kulon
Lintang-lintang cumlorot ana ing tawang
Ngancani ratri kang sepi
............................................

22. Tembung ratri nduweni teges…


A. esuk
B. awan
C. sore
D. wengi
E. uput-uput

23. Apa kahanan ana ing geguritan mau?


A. rame
B. sepi
C. sibuk
D. panas
E. adhem

24. Apa irah-irahan kang cocok kanggo geguritan mau?


A. Lingsir wengi
B. Gagat esuk
C. Wayah sore
D. Wayah sandekala
E. Wayah awan

Crita ana ing ngisor iki kanggo mangsuli soal no 25-30

YUDHISTIRA

Try Out Ujian Sekolah Basa Jawa XII 2014 Kaca 7


Jeneng yudhistira ing crita jawa asline dinggo dening Raja Jin ing alas Mertani. Ing lakon
babad alas mertani Pandawa kasil ngalahna jin-jin ana ing alas kuwe. Yudhistira manjing ana ing
ragane Puntadewa. Yudhistira banjur kondang dienggo dening Puntadewa kang dadi raja ing
amarta, Indraprasta, Cintakapura utawa Banatakawarsa sing tilas ana alas mertani.
Ing padalangan Puntadewa iku pambarepe Prabu Pandu Dewanata kalian dewi Kunti.
Puntadewa ndhuweni dasanama Yudhistira, Darmakusuma, Darmaputra, Darmawangsa,
Wijayangka, Gunatalikrama, Samiaji, lan Sang Ajathasatru. Miturut layang mahabarata, salugune
Puntadewa putrane Batara Darma, Dewa keadilan. Srana Batara drama manunggalaken rasane
karo Dewi Kunti kang matek dayane aji Adityarehdaya (matek aji panggendaming Dewa kang
aran Punta wekasing rasa tunggal sabda tanpa lawanan). Sarehne bab mau kurang trep ing
bebrayan jawa mula dening para pujangga banjur diowahi karo tuntunan budaya Jawa lan
kapribadian Jawa kang isine yen peputra ora karo bojone dhewe kuwi tumindak sing nista.
Mulane ing crita padalangan Puntadewa tetep diakoni putrane Prabu Pandu kalian Dewi Kunti.
Dene Batara Darma dadi bapak angkate, kang manitis ana ing ragane Puntadewa

25. Jeneng Yudhistira ing crita Jawa asline dienggo dening Raja Jin ana ing alas…
A. Roban
B. Setra
C. Mertani
D. Purwa
E. Dandanglak

26. Ana ing crita ndhuwur Puntadewa iku dadi putra … Pandhawa. Kanggo njangkepi ceceg-
ceceg mau yaiku…
A. Ragile
B. Kepapate
C. Panengahe
D. Pambarepe
E. Bontotane

27. Yudhistira iku jumeneng dadi Ratu ana ing negara…


A. Amarta
B. Astina
C. Alengka
D. Ayodya
E. Argasoka

28. Yudhistira kuwe duwe dasanama akeh, endhi sing ora kalebu dasanamane?
A. Darmakusuma
B. Putra Gangga
C. Darmaputra
D. Darmaraja
E. Darmawangsa

29. Dewi Kunti bisa kagungan putra tanpa lawanan (garwa), amarga nduwe ajian…
A. Pancasona
B. Rawarontek
C. Adityarehdaya

Try Out Ujian Sekolah Basa Jawa XII 2014 Kaca 8


D. Pasopati
E. Socaludira

30. Wong iku arep diajeni lan orane dening liya iku gumantung saka gunemane, iku jumbuh karo
unen-unen ...
A. aji godhong aking
B. ajining salira saka busana
C. bechik kethitik ala katara
D. ajining dhiri saka lathi
E. aja dumeh

Wacanen penggalan drama ing ngisor iki (kanggo mangsuli pitaken nomer 31-33!

Rr. Mangli : ( saweg ketungkul ngrangke sekar wonten ing teras ngajeng)
”Nuk Genuk!”
Emban Genuk : (mlebet saking plataran emper sisih tengen karo nyekel sapu)
”Nandalem nimbali Ndara?”
Rr. Mangli : He-eh
Emban Genuk : (majeng nyelaki Rr. Mangli)
”Badhe dipundhawuhi menapa, Ndara?”
Rr Mangli : ”Anggonmu metik kembang kiye kurang lan ora pas, siki coba
metik ana ing taman maning.”
Emban Genuk : ( Ngadeg karo tumuju maring taman)
”Menika Ndara, sekaripun.”
Rr Mangli : (Mirsani kembang sing digawa emban Genuk sajak kurang rena)
”Lho kok sing iku, kowe ki pancen abdi sing ora ngerti karepe
bendara.”

31. Wateke tokoh Emban genuk inggih punika…


A. nesunan
B. welasan
C. manutan
D. guyonan
E. sabaran

32. Amanat perangan sandiwara ing nginggil inggih punika...


A. Dados tiyang kedah tegas tumrap keputusane
B. Dados tiyang kedah ngakoni kesalahane
C. Dados tiyang kedah sabar lan ngerti marang kesalahane wong liya
D. Dados tiyang kedah nggadahi rasa nelangsa
E. Dados tiyang kedah loman

33. Latar kang ana ing penggalan drama ing ndhuwur yaiku...
A. ana ing njero omah
B. ana ing teras
C. ana ing kamar

Try Out Ujian Sekolah Basa Jawa XII 2014 Kaca 9


D. ana ing emper
E. ana ing pedangan

34. Teater kethoprak kang nyritakake Damarwulan ngenger, nilai utawa amanat kang bisa
dijukut yaiku, sanajan Damarwulan tesih trahing ngaluhur ,dening Ki Patih Logender
didhawuhi dadi pekathik/tukang ngarit, nanging pagawean iki ditampa kanthi legawa.

Damarwulan ngantepi piwulange para sepuh kang unine . . . .


A. Yen arep mukti aja gelem rekasa
B. Yen gelem rekasa aja mukti
C. Yen wis mukti ngapa rekasa
D. Yen kepengin mukti kudu gelem rekasa
E. Yen kepengin mukti aja rekasa
35. Nalika nembangaken tembang Macapat, ingkang leres inggih punika. . .
A. salagune manut titi larase
B. luke dawa supaya lewih apik
C. nggunakake laya-luluh supaya luwih jero maknane
D. nganggo cengkok sing angel
E. kebak gregel supaya luwih endah

SEKAR MACAPAT

SEKAR MACAPAT inggih menika reriptan utawi dhapukaning basa mawi


paugeran tartamtu (gumathok) ingkang pamaosipun kedah dipunlagokaken ngangge kagunan
swanten.Sekar Macapat saged ugi kawastanan sekar alit, tuwuh sasampunipun sekar
tengahan.
Jinising Sekar Macapat wonten 11 inggih menika mijil, kinanthi,sinom,
asmaradana, lan sakpanuggalanipun.
Supados saged damel Sekar Macapat ingkang sae, kedah nggatosaken paugeran.
Paugeranipun sekar Macapat wonten tiga inggih menika (1) guru gatra, (2) guru wilangan,
saha (3) guru lagu (dhong-dhing).

36. Manut wacana ing nginggil tembang macapat kaperang dados…


A. 10
B. 11
C. 12
D. 13
E. 14

37. Wonten ngandhap punika kalebet sekar macapat, kejawi…


A. Dhandhanggula
B. Maskumambang
C. Gambuh
D. Wirangrong
E. Durma

38. Wonten ngandhap punika paugeran sekar macapat, ingkang leres...


A. guru swara

Try Out Ujian Sekolah Basa Jawa XII 2014 Kaca 10


B. guru lagu
C. guru basa
D. guru sastra
E. guru krama

39. ASMARADHANA

Aja turu sore kaki


Ana dewa nganglang jagad
Nyangking bokor kencanane
Isine donga tetulak
Sandhang kalawan pangan
Yaiku bagiyanipun
Wong melek sabar narima

Guru gatra tembang Asmaradhana ing ndhuwur iku ana ....


A. 5 gatra
B. 6 gatra
C. 7 gatra
D. 8 gatra
E. 9 gatra
40. Guru wilangan lan guru lagu wonten gatra kaping tiga inggih punika...
A. 8,a
B. 8,i
C. 8,e
D. 8,u
E. 8,o

41. Surasa tembang macapat ing nginggil inggih punika. . .


A. Piweling sinau
B. Piweling mangan
C. Piweling makarya
D. Piweling aja turu sore
E. Piweling dedonga

42. Tembang Caping Gunung, Stasiun Balapan, lan Aja Lamis kuwe kagolong tembang . . . .
A. Lawas
B. Macapat
C. Tengahan
D. Tembang gedhe
E. Campursari

Wacan kanggo mangsuli soal no nomer 43-44


?zunD|h[wohi=pk/ti?
?ai=s[j]oni=auripBeb]ynHnai=tnhjwi,anpribsnK=auni[nzunD|h[wohai=pk/
ti.bebsnHikuzemusurstege[s[w=ok=nnD=ks=srnHutw[nmu=kbegJnHm/gskpk/y[n[d[w.
43. ?apairhiranWcnHi=duwu/
A. Ngundhuh pakartine dhewe

Try Out Ujian Sekolah Basa Jawa XII 2014 Kaca 11


B. Ngundhuh wohing pakarti
C. Ngundhuh pakartine wong liya
D. Ngundhuh kalawarti
E. Ngundhuh wosing pakarti

44. Miturut wacan ing dhuwur apa surasane paribasan “Ngundhuh wohing pakarti” . . .
A. Wong kang nandhang kasangsaran merga polahe wong liya
B. Wong kang nandhang kasangsaran merga kakean utang
C. Wong kang nandhang kasangsaran merga polahe anake
D. Wong nandhang kasengsaran amarga pakaryane dhewek
E. Wong kang nandhang kasangsaran merga pakaryane simbahe

45. Pak Guru remen ngunjuk kopi. Menewi dipunserat ngagem aksara Jawa dados...
A. ?pkG|ruxmenZ|vJ|[kKopi.
B. ?kularemenZ|nJ|k[Kopi.
C. ?kulxmenZ|nJ|[kKopi.
D. ?pkG|rusen_zunJ|[kKopi.
E. ?pkG|ruremenZ|nJ|[kKopi.
46. ?jurutulisHnai=keluranFiarni...
A. Lurah
B. Camat
C. Carik
D. Lebe
E. Kadus

47. Sangyaning para pilenggah samya jumeneng asung pakurmatan miyosing penganten putri
nenggih Dyah Ayu Ratna Palupi, SPd. jengkar saking panti busana , kadherekaken arsa
lenggah ing sasana rinengga. Panti busana iku , tegese . . .
A. Papan kanggo ngrias penganten
B. Papan kanggo sare penganten
C. Papan palereman penganten
D. Papan kanggo siram penganten
E. Papan kanggo dhahar / ngunjuk penganten

48. Anggenya lumampah risang pinanganten anut wiraming gendhing , kanthi kebak pangati-ati
lan tansah nengenaken mring subasita. Subasita dasanamanipun inggih punika . . . .
A. Tata basa
B. Tata krama
C. Tata titi tentrem
D. Tata busana
E. Tata wiraga

49. Bacutna ukara wonten ngandhap, supados karakit dados parikan kang leres lan sae.

Godhong tales yakuwe lumbu


…………………………………..
A. Klambi teles aja dinggo
B. Tuku es karo sapu
C. Aja males yen sinau
D. Yen uwis ayo metu
Try Out Ujian Sekolah Basa Jawa XII 2014 Kaca 12
E. Yen ngantuk ya turu

50. Unen-unen ing ngandhap, pundi ingkang kawastanan Wangsalan?


A. Wedang, gawe padang
B. Alon-alon waton kelakon
C. Sega sekepel digrumut tinggi
D. Asem-asem rasane kecut
Mesam-mesem jebule kebacut
E. Ngenteni kowe nyaron bumbung, cengklungen banget

?sug_mk/y?

Try Out Ujian Sekolah Basa Jawa XII 2014 Kaca 13

Anda mungkin juga menyukai