Anda di halaman 1dari 10

IKLAN JAWA

(PARIWARA)
MGMP GURU BAHASA JAWA SMK NEGERI 2 KEBUMEN
Tegesing iklan
 yaiku wujud sesambungan kang nduweni maksud
kanggo menehi greget tetuku, nawakake sawijining
barang utawa tenaga, kanggo mrebawani panemune
wong akeh, narik payengkuyuning wong akeh amrih pikir
lan tumindake laras karo kekarepe sing masang
pariwara.

 Utawa kegiatan menehi informasi bab barang lan jasa


sing migunakake media massa online utawa offline.
Paugeranipun iklan lan titikanipun
 Paugeran(aturan) iklan :
 1) Iklan migunakake media massa kanggo media layang.
 2) Migunakake sponsor sing wis teridentifikasi.
 3) Nduweni sifat menehi informasi marang khalayak.
 4) Nduweni tujuan kanggo ngetokno audiens seakeh-akehe.
 Titikanipun (ciri-ciri) iklan :
 Isine cekak aos
 Cetha (gamblang), narik kawigate
 Gampang dimangerteni / dieling-eling
 Nawakake barang kang nyata
 Bisa dikantheni gambar (dagangane)
 Ora ngala-ala produk liya
Jinis jinis iklan :
 A. Iklan khusus
 1.Miturut media kang digunakake :
 a) Iklan Cetak yaiku iklan kang digawe lan dipasang karo migunakake teknik
cetak. Tuladhane, yaiku: iklan cetak surat kabar, iklan cetak poster,
iklan spanduk, lan liya-liyane.
 b) Iklan Elektronik yaiku iklan kang dipasang ing media kaya radio, lan TV.

 2.Miturut ancas/tujuan iklan :


 a) Iklan Komersial yaiku iklan bisnis kang nduweni tujuan kanggo ngetokno
keuntungan ekonomi. Iklan komersial dibagi dadi telung jenis iklan,
yaiku iklan kanggo konsumen, kanggo bisnis lan iklan kanggo
profesional.
 b) Iklan Non Komersial yaiku iklan kang digunakake kanggo nyampekake
informasi, ndidik khalayak.
 B. Iklan sing nganggo dasar tujuan
 1. Iklan Informatif
 Iklan informatif yaiku, iklan kang nduweni paugeran :
 a) Nduweni tujuan mbentuk kesadaran lan pengetahuan bab produk
utawa fitur-fitur saka produk kang wis ana.
 b) Njelasna cara kerja pproduk.
 c) Menehi informasi harga lan kemasan produk
 d) Ngoreksi produk
 Tuladhane iklan informatif yaiku iklan hp Sony Ericsson Z550i, iklan Dji
Sam Soe, iklan Coca Cola.

 2. Iklan Persuasif
 Iklan persuasif nduweni paugeran,yaiku :
 a) Nduweni tujuan nyiptakno kesenengan, preferensi lan keyakinan,
sahinggo konsumen arep tuku lan migunaake barang lan jasa.
 b) Nganjurno khalayak milih merk tertentu.
 c) Nganjurno kalayak tuku.
 d) Ngubah persepsi konsumen.
 e) Mbujuk khalayak tuku saiki.
 Tuladhane iklan persuasif yaiku, iklan Samsung Slim Fit T, iklan Canon
Printer PIXMA iP1200.

 3. Iklan reminder
 Iklan reminder nduweni paugeran, yaiku :
 a) Nduweni tujuan ndorong konsumen tuku maneh barang lan jasa.
 b) Ngilingna konsumen tuku produk iku.
 c) Njaga kesadaran produk.
 d) Njalin hubungan apik karo kosumen.
 Tuladha : iklan Vita Zone, iklan Hotel Santika Malang, iklan Simpati Jitu.

 C. Iklan umum
 1. Iklan Tanggung Jawab Sosial
 Iklan tanggung jawab sosial, yaiku iklan kang nduweni tujuan nyebarno
pesan kang nduweni sifat informatif, penerangan, pendidikan supaya
mbentuk sikap warga, sahinggo nduweni tanggung jawab marrang
masalah sosial. Tuladha : iklan anjuran, lan iklan penggambaran sosial.
 2. Iklan Bantahan
 Iklan bantahan yaiku iklan kang digunakake mbantah utawa nglawan
isu kang nggawe rugi dan ndandani citrane wong, perusahaan utawa
merek kang tercemar amarga informasi kang ora bener. Ciri khas iklan
iki yaiku ndeleh komunikator gawe pihak kang teraniaya utawa digawe
rugi pihak liya. Tujuan iklan bantahan yaiku: nglurusake isu ing porsi
kang bener, trep karo maksud perusahaan; mbangun simpati khalayak;
mbangun opini publik menawa perusahaan ana ing posisi kang bener.
 3. Iklan Pembelaan
 Iklan pembelaan yaiku ‘lawan’ saka iklan bantahan. Tujuan saka iklan
iki yaiku supaya oleh simpati saka khalayak menawa perusahaan ana
ing posisi kang bener. Tuldhane yaiku iklan kang kaiket karo hak
paten.
 4. Iklan Perbaikan
 Iklan perbaikan yaiku iklan kanggo mbenerke layang-layang bab hal
kang wis kadung keliru lan disebarake nganggo media. Istilah liyane
iklan iki yaiku iklan ralat utawa iklan pembetulan. Iklan iki nduweni
tujuan kanggo ngralat informasi sing keliru, sahinggo publik tetep oleh
informasi kang bener.
 5. Iklan Keluarga
 Iklan keluarga yaiku iklan kang isine wara-wara saka pengiklan
bab anane prastawa keluarga, marang keluarga/khalayak
lainne. Iklan keluarga biasane luwih akeh arupa iklan kolom lan
display, ora akeh nduweni isi ilustrasi gambar, lan luwih
ngandalnake layang tulis. Tuladhane yaiku iklan bab kematian,
mantenan, wisuda, lan liya-liyane.
Tuladha iklan mawi basa Jawa
KANGGE GLADHEN GARAPEN KUIS ING LINK
MENIKA
https://forms.gle/QBFUjvbdY8bPjMpP7

CEKAP SEMANTEN
MATUR NUWUN

TUKU KATHOK DAWA, CACAHE LIMA


KABEH PARA SISWA, NGERTIA ING TATA KRAMA

Anda mungkin juga menyukai