Anda di halaman 1dari 2

Asal-usulipun Kutha Klaten

Dipunsebataken bilih Kota Klaten menika kaapit dening kalih keraton ingkang misuwur inggih
menika keraton kasunanan Surakarta Hadiningrat kaliyan keraton Kasultanan Yogyakarta.

Ing mriki kula badhe ngaturaken asal-usulipun kutha Klaten. Ing jaman Kerajaan Mataram kirang
langkung 580 taun kepungkur wonten abdi dalem ingkang luhur budinipun saha sekti mandraguna.
Ingkang dados abdi kinasihipun Raja Mataram. Inggih menika Kyai Melathi Sekalekan.
Piyambakipun salah setunggalipun murid Sunan Kalijaga.

Nuju sawijining dinten, Raja paring pangertosan dhumateng Kyai kala wau bilih putra-putri Raja
sampun ngancik dewasa. Sampun pitados kaliyan adat, bilih putra-putri Raja kedhah
ngawontenaken upacara ritual untunipun kedhah dipunwerni cemeng ingkang mbetahaken kembang
Melati ingkang kathah saha buah Joho, pramila kedhah nanem kembang Melati saha buah Joho
wonten ing musim Pancaroba.

Kyai Melathi nyanggupi, nanging wonten pundi nanemipun sekarang Melati menikah, kamangka
pekarangan Mataram sampun dipun kebaki dening wit Kelapa pitakenipun Kyai Melathi.
Salajengipun Sang Raja dhawuh marang Kyai Melathi supados kesah tumuju sakidul wetanipun
Gunung Merapi, ing mrika wonten sabin kagunganipun Tumenggung ingkang subur sanget.
Salaminipun ngemban tugas saking Raja kala wau, Kyai Melathi kedhah njagi martabat minangka
abdi dalem Mataram.

Tembung Tumenggung ingkang sampun dipunsebat kala wau, asmanipun Raden Tumenggung
ingkang dados dadi Bupati ing Keraton Mataram kala rumiyin.

Raja Mataram: "Kyai, ora suwe meneh, putri-putri ku wes padha ngancik dewasa. Manut tatacara
adat para leluhur, arep dianakakke ritual ngirengake untu sek mbutuhake akeh kembang Melati lan
buah Joho. Mula saka kui nanduro Melati lan buah Joho ing musim pancaroba iki."

Kyai Melati: "Sendika dhawuh Gusti, nanging wonten pundi kula kedhah nanem?, sedaya
pekarangan Mataram sampun kebak taneman klapa."

Raja Mataram: "Tumuju o menyang kidul wetan gunung Merapi, ing kana ana sawah kagungan e
Tumenggung sing lemah e subur. Sak suwene tak paringi tugas iki jaganen martabat mu minangka
Abdi Dalem Mataram!."

Sasampunipun nampi tugas saking Raja Mataram kala wau, Kyai Melathi ugi paring piweling
dhumateng Nyai Melathi supados ngancani. Nyai Melathi nyanggupi lajeng siap-siap ngemban
dhawuhipun Sang Raja. Nyai Melathi ngendika menawi mlampahipun dhumateng ingkang dipuntuju
menika tebih sanget lan kathah rampok, ingkang asring sanget dipunjamah menungsa. Ananging
Kyai Melathi ngendika marang Nyai Melathi menawa ing tlatah kono aman ora ana rampok

Kyai Melati: "Nyi, kowe siap-siap o ngancani Aku nglaksanakake tugas sing diparingake soko
Paduka Raja."

Nyai Melati: "Nanging Kyai, dalan tumuju panggenan menika tebih sanget saha rawan kaliyan
rampok."

Kyai Melati: "Sawah kagungane Raden Tumenggung iku, ana kidul wetan e Merapi lan isih arang
dijamah manungsa, tenang na pikir mu Nyi, ing kana aman saka rampok."

Sasampunipun tata-tata setunggal dinten anggenipun nyiapaken bibit Kembang Melati saha buah
Joho, Kyai Melathi lan Nyai Melathi bidhal menyang papan ingkang badhe dituju. Mboten dangu
Kyai lan Nyai Melathi sampun dumugi sawah kagunganipun Raden Tumenggung Mangunkusuma.
Ing Mriku sampun wonten sampun taneman kembang Melati saha Buah Joho ingkang kathah
sanget lan semerbak arum. Amargi sampun rumaos ayem lan tentrem manggen ing papan mriku lan
sampun cekap tugas saking Sang Raja, Kyai lan Nyai Melathi manggen wonten mriku saha mboten
wangsul dhateng griyanipun malih. Saya dangu kathah warga ingkang dumugi lan manggen wonten
mriku sahengga dados perkampungan lan Kyai Melathi dados sosok ingkang dipunajeni minangka
sesepuh. Kyai Melathi gadhah amanat dhumateng para warga inggih menika "Ajining diri ana ing
lathi" Ingkang artosipun ajining diri saking pocapanipun.
Mboten dipunnyana-nyana kahanan ingkang sampun tentrem punika dumadakan ing wanci dalu
Kyai Melathi Sekalekan dipunserang dening rampok, ingkang rampas bandha donya mas picis raja
brana kagunganipun Nyai Melathi.

Nyai Melati: "Kyai Kyai!, mriki cepet tulung, pirsani niki!."

Kyai Melati: "Ana apa Nyi?, kok mbengok-mbengok?."

Nyai Melati: "Panjenengan pirsani Kyai, kotak perhiasan kula kosong menika."

Kyai Melati: "Heee perampok!, tingkah lakumu aja kaya wong sing ora nduwe agama!."

Perampok: "Apa kui omongan mu wong tuo?, gunane apa agama?!."

Kyai Melati: "Kowe aja mung golek kabagyan ndoya!, nanging pikiren nasibmu ing akhirat sesuk!."

Perampok: "Nanging kepiye yen Aku ora nduwe bandha donya?, Aku bakal sengsara ing kene."

Kyai Melati: "Koe arep dak bimbing tumuju dalan ning Gusti, gedhekna atimu tak dadekake
muridku."

Perampok: "Inggih Kyai, Kula nyuwun pangapunten saha matur nuwun sampun ngemutaken kula".

Wangsulane perampok banjur sujud ing sangarepe Kyai Melathi. Wusanane perampok dados
muride Kyai Melathi tumuju dalan sing bener.

Kangge ngurmati Kyai Melathi pramila ing tlatah mriku dipunparingi asma Sekolekan ing sakmenika
dados Sekalekan. Inggih perkampungan menika asal-usulipun Kutha Klaten. Amargi mboten dipun
mangertosi silsilah Kyai lan Nyai Melathi piyambakipun dimakamaken ing dhusun Sekalekan caket
ing panggenanipun Kyai Melathi.

Makamipun Kyai saha Nyai Melathi ngantos samenika kathah ingkang sami ziarah sae saking
kabupaten Klaten ugi saking sanes kabupaten Klaten. Panggenan makamipun wonten Jalan
Anggrek, Kelurahan Klaten, Kabupaten Klaten.

Asal-usulipun Nami Klaten Wonten Kalih Versi


1. Bilih Klaten asalipun saking tembung Kelati ingkang artosipun buah bibir
2. Bilih Klaten Melati basa Jawanipun Mlathi, Mlathi ngalami disimilasi dados Klathi, lan malih
ewah daos Klaten

Nanging kanthi dhasar dukungan sejarah ingkang sampun katulis ing bab pendirian benteng Klaten,
pramila dipunpilih tanggal 28 Juli 1804 minangka dinten lahiripun Kabupaten Klaten lan sampun
dipuntetepaken minangka Perda no 12 Tahun 2007 tertanggal 18 Juni 2007 katetepaken dinten
ambal warsanipun kabupaten Klaten.

Kangge mengeti sejarah mboten kedhah mangertosi asal-usulipun Kota Klaten, nanging kanthi
sinau nilai-nilai luhur ing kedadean rikala semanten, menika guru ingkang bijak.
.

Anda mungkin juga menyukai