Anda di halaman 1dari 2

Assalamu'alaikum Wr. Wb.

‫صالَةُ َوال َّسالَ ُم َعلَى َسيِّ ِدنَا ُم َح َّمد َِن‬ َّ ‫ َوال‬، ‫ت ِإلَى ال ُّنوْ ِر‬ ُّ َ‫اس ِمن‬
ِ ‫الظلُ َما‬ َ َّ‫ ْال َح ْم ُد هلل َأ ْخ َر َج الن‬،‫َّحي ِْم‬ ِ ْ‫بِس ِْم هللا الرَّح‬
ِ ‫من الر‬
‫ َأ َّما بَ ْع ُد‬، َ‫ َو َعلَى آلِ ِه َوَأصْ َحابِ ِه َأجْ َم ِع ْين‬،‫ق ِإلَى النَّ َجا ِة ِمنَ ْالجُوْ ِر‬ِ ‫السَّاِئ‬.

Ingkang kawulo hormati (..........)


Ingkang kinurmatan (...........)
Segenap hadirin soho hadirat ingkang kawulo hormati ugi.

Monggolah kito sesarengan ngucapaken puji tahmid dumateng Allah sebagai tanda
syukuring kito atas sedoyo pewewehan nikmat saking Allah SWT ingkang mboten
saget kito itung.

Sholawat soho salam, mugi kaatur dumateng nabi Muhammad SAW ingkang sampun
menyinari umat kelawan nur Islam.

Hadirin ingkang kinurmatan

Peringatan Isra' Mi'raj meniko kito piringati setiap tanggal 27 wonten wulan Rajab.
Ing ndalu tanggal 27 Rajab meniko nabi Muhammad diisro' Mi'rajaken dumateng
Allah saking Masjidil Haram maring Masjidil Aqsa dilajengaken menuju langit
kelawan tumpaan Burok.

Ing saat perjalanan wonten langit setunggal, nabi Muhammad ketemu kaliyan nabi
Adam AS, pertemuan nabi Muhammad SAW kalih nabi Adam meniko nabi
Muhammad dipun dongaaken nabi Adam.

Dilajengaken menuju langin nomor kalih. Nabi Muhammad disambut dumateng nabi
Isa dan nabi Yahya. Kekalih nabi meniko ugi sami andongaaken dumateng nabi
Muhammad supados selamet.

Dilajengaken munggah wonten langit ke tigo nabi Muhammad sareng Malaikat Jibril
tekan langit ketigo. Wonten ing langit nomor tigo meniko nabi sareng malaikat Jibril
disambut dening nabi Yusuf.

Hadirin ingkang dimuliakan Allah

Wonten ing langit tingkat sekawan, nabi Muhammad ketemu kalian nabi Idri,
salajengipun nabi Muhammad munggah malih wonten langit ingkang nomor gangsal,
wonten langit gangsal meniko nabi Muhammad kalian malaikat Jibril disambut
dening nabi Harun AS.

Sak sampunipun angsal do'a lan restu saking nabi Harun, Nabi Muhammd nerusaken
perjalanipun wonten ing langit tingkat enem. sami kados langit ing sak ngandape,
nabi Muhammad disambut kalian nabi Musa.

Dilajengaken nabi Muhammad kalian malaikat Jibril menuju marang langit pitu,
wonten langit terakhir meniko nabi Muhammad disambut kalian nabi Ibrahim.
Pertemuan nabi Muhammad meniko dipun paringi nasihat saking nabi Ibrahim,
supados umatipun selalu ngatahi maos tanaman surga inggih puniko :
"La khaula wala quwwata illabillahil aliyyil adzim" ugi waosan  "Subhanallah wal
hamdulillah wala ila haillah wallhu akbar."

Hadirin ingkang kawulo hormati

Saksampunipun ngelewati pitung langit, nabi Muhammad ngelajengaken menuju


Sidratul Muntaha.

Menikolah perjalanan singkat saking Isra’ Mi’raj Nabi Muhammad SAW. Mugi
bermanfaat.

Wassalamu’alaikum Wr. Wb.

Anda mungkin juga menyukai