Anda di halaman 1dari 31

GEGURITAN]

URAIAN MATERI
KB-4 GEGURITAN

1. SASTRA JAWA
Sastra Jawa iku salah sijining asiling kabudayan Jawa. Tembung
sastra dhewe kadhapuk saka wod ‘sas’ kang tegese mulang lan imbuhan ‘tra’
kang tegese piranti (Subalidinata, 1994: 1). Sakawit, sastra pancen
digunakake kanggo mulang. Ing jaman penjajahan, pamrentah kolonial
kepengin ngedegake lembaga pendhidhikan kang ancase ndhidhik wong
kanggo mbantu pamrentah kolonial. Lembaga pendhidhikan kuwi arane
Lembaga Bahasa Jawa (Instituut Voor de Javansche Taal) ing Surakarta
(1832), Breda (1836). Lan Delf (1843) kang ngadeg watara abad 19. Dene
kanggo bahan piwulangan kang awujud buku utawa naskah karya sastra,
C.F. Winter (guru ing lembaga bahasa Jawa) kang direwangi dening R.Ng.
Ranggawarsita nyepakake naskah-naskah karya sastra kanggo mulang
(Suwondo, 2006: 1). Saka akehe panjalukan saka lembaga Bahasa Jawa mau
banjur nuwuhake krenteg wong-wong pribumi nulis maneka warna sastra
Jawa. Wiwit saka kadadeyan iku, sastra Jawa sangsaya ngrembaka.
Ngrembakane sastra Jawa nuwuhake krenteg sakehing rakyat Jawa
mula sastrawan Jawa uga sangsaya akeh. Ora beda karo sastrawan Indonesia,
sastrawan Jawa uga banjur kaperang-perang miturut jaman laire karya,
yaiku:
a) Sadurunge Indonesia Merdika (Jaman dijajah Walanda)
1) Sastrawan Balai Pustaka
Balai Pustaka yaiku lembaga kang dipandhegani dening
pamrentah kolonial nalika taun 1908. Wiwitan ngadeg lembaga iki
jenenge Komisi Bacaan Sekolah dan Bacaan Rakyat (Commissie
voor de Inlandsche School en Volkslectuur) kang banjur diowahi
dadi Balai Pustaka nalika taun 1917 (Suwondo, 2006: 2). Ancase

| Winda Prasetyoningrum, S.S 1


GEGURITAN]

pamrentah kolonial ngedegake Balai Pustaka yaiku kanggo


nyuksesake Politik Etis. Sastrawan kang anggitane kawedharake ing
taun 1920 yaiku R.L. Djajengoetara, M. Prawirawinata, M.
Hardjasoewita, Soeradi Wirjaharsana, R. Sasraharsana, Kamsa
Wirjasaksana, Hardjasapoetra, R. Ng. Jasawidagda, Sastrasoewignja,
R.Ng.Wirawangsa, R.M. Soelardi, Mw. Asmawinangoen, Danoeja,
M. Prawiraatmadja, R.M. Kartadirdja, M. Ardjasoeparta. Dene
sastrawan kang anggitane kawedharake ing taun 1930 yaiku M.
Hardjawiraga, M. Prawirasoedarma, R. Sastraatmadja, M.
Kartamihardja, M. Soeratman Sastradirdja, M. Martasoeganda, M.
Djaka Lelana, Margana Djajaatmadja, Mt. Soepardi, L.K.
Djajasoekarta, Adi Soendjaja, R.S. Wiradarmadja, R. Sri.Koentjara.
Bisa dipirsani menawa akeh-akehe sastrawan Balai Pustaka
duwen gelar bangsawan kayadene M. (Mas), Raden Mas (R.M),
Raden Ngabehi (R.Ng.), Raden Lurah (R.L) (Suwondo, 2006: 3).
Mangkono iku amarga mung bangsawan kang wektu kuwi kang
duwen kalodhangan kanggo entuk pendhidhikan ing pawiyatan.
Sakliyane kuwi uga amarga wektu semono pamrentah kolonial mung
kekancan lan duwe gegayutan kang becik karo para priyayi. Karya-
karya kang diasilake dening sastrawan Balai Pustaka uga ora wani
ngrembug babagan politik nanging isine medharake bebasan-bebasan
kang alus lan nggambarake solah bawa lan patrap kang trep kang
dadi titikane para priyayi.
2) Sastrawan non-Balai Pustaka
Sakliyane Balai Pustaka ana uga lembaga kang ora
dipandhegani dening pamrentah kolonial nanging ngadeg dhewe
kanthi ancas ngasilake karya kang bebas dening kekuasane
pamrentah kolonial. Lembaga non-Balai Pustaka tuladhane
Paguyuban Pancasudara, Book Astra, Purnama, Badan Penerbit

| Winda Prasetyoningrum, S.S 2


GEGURITAN]

Indonesia, Putra, Yayasan Bhakti, Expres, Tan Koen Swie, Darma


Kandha, Jawi Hiswara, Pusaka Surakarta, lan Panjebar Semangat.
Dene penganggite kng kawentar yaiku Asmara Asri, Ki Loemboeng,
Sri Soesinah, Pangripta, Pandji Poetra, Loe Mien Noe, Ki Soerjo,
Atnirah, Sri Melati, SriKoesnapsijah, Sri marhaeni, Endang
Wahjoeningsih, Mt. Soepardi, lan liya-liyane (Suwondo, 2006: 3).
Karya-karya kang diasilake dening sastrawan non-Balai
Pustaka luwih kendel. Akeh karya kang wani ngrembug babagan
politik kang kadangkala kanggo wujud protes karo aturane kompeni.
Sastrawan non-Balai Pustaka luwih bebas anggone medharake
pamanggihe.
b) Sakdurunge Indonesia Merdika (Jaman dijajah Jepang)
Ing jaman iki, Jepang tumindake lewih kejem. Sakehing paguyuban
karya sastra ditutup lan diganti paguyuban kang mbatheni tumrape
Jepang, kayadene kalawarti Panji Pustaka. Kahanan iki njalari Sastra
Jawa banjur ora ngrembaka, mandheg. Panganggit kang misuwur ing
jaman iki yaiku Soebagijo I.N, Poerwadhie Atmodihardjo,
Poerwadarminta, Ki Loemboeng, Ki Tjroeboek, Andaja, lan Hawe
(Suwondo, 2006: 3 – 4). Karya sastra ing jaman iki isine diatur dening
pamrentah Jepang lan dinggo piranti propaganda. Sastrawan Jawa ora
bebas mula kadangkala nganggo jeneng singlon menawa pengen
ngasilake karya sastra kang jumbuh karo panemune. Saka keadeyan iku,
sastra Jawa banjur geser saka tradisi sastra klasik marang sastra modern.
c) Sakwise Indonesia Merdika
Sakwise Indonesia mardika, sastra Jawa sangsaya ngrembaka,
tuladhane kang kawentar yaiku anane wacan panglipur wuyung lan crita
detektif. Lembaga penerbitan kang esih ngadeg yaiku Panjebar
Semangat, Jaya Baya, Expres, lan Poestaka Roman. Ing jaman iki sastra
uga sangsaya ngrembaka awit anane Sanggar Seniman ing Madiun kang

| Winda Prasetyoningrum, S.S 3


GEGURITAN]

dipimpin dening Sahid Langlang lan sanggar Puspita Mekar ing


Tulungagung kang dipimpin dening Tamsir A.S. Penganggit ing jaman
iki kaperang dadi penganggit jaman Orde Lama lan Orde Baru. Nanging
ana uga penganggit kang ajeg ngasilake karya kayadene Any Asmara.
Dene penganggit kang kawentar yaiku Ny. Suhartien, Widi Widayat,
Any Asmara, Satim Kadaryono, Sri Hadidjojo, Poerwadi Atmodihardjo,
Sukandar S.G., Soeparta Brata, Sudharma K.D., Basuki Rachmat,
Dwiprasojo,Trim Sutedjo, Is Jon, Lesamnadewa Purbakusuma,
Maryunani Purbaya, Esmiet, lan liya-liyane. Akeh-akehe para sastrawan
kuwi nganggit novel lan cerbung. Dene cerkak lan geguritan durung pati
ngrembaka. Nanging penggurit-penggurit wis akeh kang ngasilake karya,
kayadene Soebagijo I.N., Meljono Soedarmo, St. Iesmaniasita,
Rachmadi K., lan Kuslan Budiman (Suwondo, 2006: 7).

2. Geguritan
1. Tegese Geguritan
Geguritan kalebu salah sijining Puisi Jawa. Pangerten babagan
tegese geguritan ing antarane diandharake dening Subalidinata (1994:
45) ing bukune kang irah-irahan Kasusastraan Jawa. Geguritan yaiku
iketaning basa kang memper syair. Miturut Subalidinata, geguritan asale
saka tembung gurita kang diowahi saka tembung asline yaiku gerita.
Tembung gerita dhewe minangka tembung andahan kang linggane yaiku
tembung gita, tegese tembang utawa syair.
Pangerten babagan tegese geguritan uga dijlentrehake dening para
winasis liyane. Mulyana (2014: 42) ngandharake menawa geguritan iku
asale saka tembung guritan kang oleh proses morfologis dwipurwa dadi
geguritan. Dene tembung guritan asale saka tembung gurit+an 
(tulisan, pahatan, utawa senandung). Ing kamus Baoesastra Djawa
tembung gurit ngemu teges tulisan utawa tatahan; kidung utawa tembang

| Winda Prasetyoningrum, S.S 4


GEGURITAN]

(Poerwadarminta, 1939: 157). Dene ing kamus Kawi-Jawa anggitane


Ranggawarsita, tembung gurit nduweni teges reka, tulis, turut, urut.

2. Jinise Geguritan
Adhedhasar dhapukaning ukara lan pangiketing tembung,
geguritan bisa kaperang dadi:
1) Syair rong gatra sapada yaiku geguritan kang saben padane kasusun
saka rong gatra utawa larik. Geguritan iki uga diarani Gita Dwigatra.
Tuladha:
Apa Wis Jamane
Dening: Sunardi KS
Apa wis wancine gurit-gurit sumlempit
Ing rak buku kebak lebu

Apa wis wancine tembang-tembang wis kumambang


Krembang-krembang kena playune jaman

Apa wis wancine kidung mrangguli suwung


Ing gumerahe jaman gudag-gudagan

Apa wis wancine aku lank owe ngijolake pakulinane


Jalaran wis dianggep lunges
(Panjebar Semangat, No 28 – 12 Juli 2014)

2) Syair telung gatra sapada yaiku geguritan kang saben sapadane


kasusun saka telung gatra utawa telung larik. Geguritan iki uga
diarani Gita Trigatra.
Tuladha:
Butuh

| Winda Prasetyoningrum, S.S 5


GEGURITAN]

Dening: Umi Kulsum S.

Wutah angkuh
Saka ringkih
Lan ndedele butuh

Menungsa blumbang
Ora mung banyu
Senajan uwuh mlebu

Ora ana enteke


Impen-impen ora ana lungsene
Butuh ora ana bongkot-pucuke
(Panjebar Semangat No 32 – 9 Agustus 2014)

3) Syair patang gatra sapada yaiku geguritan kang saben padane


kasusun saka patang gatra utawa patang larik. Geguritan iki uga
diarani Gita Catur Gatra.
Tuladha:
Nyawiji
Dening: Soewardi Baroto
Martono
Sinerat ing sekar asmara dana
Ora harta, ora citra
Endahing jati asmara, cinipta
Winengku tri murti

Ati tansah nyawiji


Rasa, lan karsa, den bundeli

| Winda Prasetyoningrum, S.S 6


GEGURITAN]

Dimen mulya sayekti


Iba ayem tentrem, sih wilasa gusti

(Panjebar Semangat, No 49-5 Desember 2015)


4) Syair limang gatra sapada yaiku geguritan kang saben padane
kasusun saka limang gatra utawa limang larik. Geguritan iki uga
diarani Gita Panca Gatra.
Tuladha:
Aku Ra Pa-Pa
Dhek wingi kapiadreng nyambangi
Jare arep ngentas aku saka kesrakating urip
Ngertia, jane aku ra pa-pa
Lemahku subur kena daktanduri
Asil luwih dak sukuri, kurange dak dhadhagi

Gegaran kautaman sanjamu ngajak kanca


Cancut gumregut tumandang
Ora ulap mring karyamu mangun wewayangan
Nglenggana aku ra pa-pa
Wewayangan mono bisa dadi gaman

Mantra aji playune kaya mimis


Mantrane ukara, ajine ulat manis
Yen sanyatane mung lamis, sejatine iku wengis
Dak kikis, aku ra pa-pa
Ora arep nangis
(Panjebar Semangat, No 45-7 November 2015)

| Winda Prasetyoningrum, S.S 7


GEGURITAN]

5) Syair nem gatra sapada yaiku geguritan kang kang saben padane
kasusun saka nem gatra utawa nem larik. Geguritan iki uga diarani
Gita Sadgatra.
Tuladha:
Dinaku Lara
Dening: Deni Candra Irawan

Tansah linabur asih katresnan


Ngepasi bukak Geber
Manuk prenjak bungah mranah
Mrangguli praupan tanpa ciri
Dina-dina tansah kebak bungah
Mbangun balesomah tanpa saka

Jebul wis !!
Ambyar kesasar kawiyang
Mrangguli tatu-tatune jiwa
Banyu rob tansaya banter
Mbarengi mbengoke manah
brana Dinaku tansah lara
(Panjebar Semangat No 19 – 10 Mei 2014)
6) Syair pitung gatra sapada yaiku geguritan kang kang saben padane
kasusun saka pitu gatra utawa pitung larik. Geguritan iki uga diarani
Gita Sapta Gatra.
Tuladha:
Lali kang Nora Dinyana
Dening: Ki Glinggang Jati

Tembang macapat wiwit sekarat

| Winda Prasetyoningrum, S.S 8


GEGURITAN]

Ilang saka jagad musna menyang pangkone sapa


Ati krasa sumuk sumuk akeh kang ora gathuk
Akeh wong jawa sing gumun
Krungu tembange dhewe
Rumangsane tembang saka negara manca
Apa lali kang ora dinyana

Luwih gumun maneh


Ketemu wong jawa ora ora bisa jagongan
Awit sing duwe omah susah nganti grayah-grayah
Metani rembug lan ukaraku
Rumangsane basa saka ngendi
Tandha-tandha wong Jawa ilang Jawane
Apa lali kang nora dinyana
(Panjebar Semangat: No 18 – 3 Mei 2014)
7) Syair wolung gatra sapada yaiku geguritan kang kang saben padane
kasusun saka wolung gatra utawa wolung larik. Geguritan iki uga
diarani Gita Hastha Gatra.
Tuladha:

Gurit Palakrami

Dening: Astiana Ajeng Rahadini


Manunggaling rasa
Rasa kang sejati
Sejatining rasa pindhaning rukmi
Ingkang estri tansah pangabekti
Ingkang kakung kebak rasa asih
Mugya Gusti ingkang sun pepuji

| Winda Prasetyoningrum, S.S 9


GEGURITAN]

Sedya paring berkahing akrami


Saged nyawiji ngantos tumekaning pati
(Antologi Geguritan “Kelir Jroning Aksara”, 2016: 20)
8) Syair sangang gatra sapada yaiku geguritan kang kang saben padane
kasusun saka sangang gatra utawa sangang larik. Geguritan iki uga
diarani Gita Nawa Gatra.
Tuladha:
Kineker
Dening: J.F.X. Hoery
Srengenge gumlewang nyingkap cakrawala sore
Candhikayu ora melu lan
Angin sore bakal nyaruwe
Ayam alas ialng tengara kluruke
Kang nate dadi pandom awaling mangsa
Ngupaya punjering rerambatan rasa
Kembang mawar kang sumebar
Ngrengga impen ing wengi gumlewang
Sinambi ngrantu nyangking pangarep

(Panjebar Semangat No 5 – 30 Januari 2016)


Jinising geguritan liyane adhedhasar paugerane geguritan,
geguritan bisa kaperang dadi Geguritan Gagrag Lawas / Kuna lan
Geguritan Gagrag Anyar (Padmosoekotjo, 1960). Andharane
kawedharake ing ngisor iki.

1) Geguritan Gagrag Lawas


Geguritan gagrag lawas luwih sering kasebut kanthi tembung
guritan. Geguritan gagrag lawas nduweni paugeran kang gumathok,
kayata:

| Winda Prasetyoningrum, S.S 10


GEGURITAN]

(a) Cacahing gatrane ora tartamtu, annging lumrahe paling sithik 4


gatra.
(b) Cacahing wanda saben sapadha padha gunggunge.
(c) Dong-dinging swara ing kabeh wekasane gatra kudu runtut, yaiku
nganggo purwakanthi guru swara.
(d) Sangarepe geguritan diwiwiti nganggo bebuka “Sun
nggegurit”. Tuladha geguritan gagrag lawas:
Sun nggegurit:
Kaanan djaman saiki
Sipat pemuda-pemudi
Srawungane saja ndadi
Raket wewekane sepi
Tan kadi duk djaman nguni
Srawung sarwa ngati-ati

Yen manut wasiteng kuna


Prija srawung lan wanita
Gampang ketaman panggoda
Nerak ing laku susila
Temah darbe djeneng ala
Wasanane tibeng papa
2) Geguritan Gagrag Anyar
Ing wiwitan jaman ngrembakane kasusastraan Jawa, para
penggurit banget anggone manut lan nggatekake paugeran geguritan.
Nanging saya suwe, para penggurit luwih seneng karo wujude
geguritan kang bebas, mula banjur sinebut Geguritan Gagrag Anyar.
Titikane geguritan gagrag anyar yaiku:
(a) Cacahing wanda saben sakgatra ora katemtokake
(b) Cacahe gatra utawa larik ora katemtokake

| Winda Prasetyoningrum, S.S 11


GEGURITAN]

(c) Kadangkala esih nggatekake purwakanthi swara, purwakanthi


sastra, lan purwakanthi lumaksita nanging akeh uga kang ora
nganggo purwakanthi.
(d) Nganggo basa rinengga nanging Jawa modern
(e) Ora nganggo tembung “sun
nggegurit” Tuladha
Layangan
Dening: Soetrisno
Lungaku ninggal barang suci
Kang banget tak aji-aji
Paranku aja dadi pitakonan
Ngalor-ngidul, ngulon apa ngetan

Niyatku nggoleki layangan


Kang pedhot ing tengah dalan
Biyen warnane biru asli
Menawa suwek bakal tak ganti
Nganggo dluwang sing gandhane wangi
(Panjebar Semangat No 9-3 Maret 2012)

3. Unsur-unsur kang Mbangun Geguritan


1) Perangan Basa
Saka tuladha-tuladha geguritan ing ndhuwur mau, bisa
dipirsani yen tembung-tembung kang ndhapuk geguritan kuwi
nganggo basa rinenggaine. Kabeh sing kalebu karya sastra pancen
rinacik mawa basa rinengga. Iki jumbuh karo panemune Sutardjo
(2014: 19) kang ngandharake menawa ancase nganggo basa kang
endah ing sakjeroning tembang lan puisi Jawa yaiku supaya bisa

| Winda Prasetyoningrum, S.S 12


GEGURITAN]

gawe seneng lan nikmat tumrap sapa wae kang maca lan
ngrungokake. Basa rinengga yaiku basa kang edi peni utawa basa
kang endah lan nresep ing ati. Subalidinata (1994: 4) ngandharake
menawa edi penining basa warna-warna, lan katon menawa
diucapake. Basa rinengga bisa amarga pilihaning tembung (diksi)
bisa uga amarga unine tembung. Racikaning basa kang peni karana
rinengga-rengga, lan warna-warna rerengganing basa. Bisa nresep
ing ati uga amarga apik anggone milih tembung lan pas anggone nata
tembung.
Basa rinengga dhewe asale saka tembung ‘rengga’ kang oleh
seselan –in-. Ing Baoesastra Djawa (1939: 528) tembung rengga
nduweni teges dipacak murih katon endah. Mula ancase nganggo
basa rinengga ing geguritan yaiku supaya nambah nilai rasa
kaendahan. Miturut Padmosoekotjo (1956) (Mulyana, 2014: 68) cara
ndhapuke basa rinengga bisa nggunakake piranti susastra Jawa
kayata basa Kawi, purwakanthi, lelewaning basa utawa basa kias lan
tembung-tembung kang awujud mligi (tembung garba, mawa seselan
–in-, lan liya-liyane) kang bakal kajlentrehake siji mbaka siji.
1) Basa Kawi
Basa Kawi yaiku basa kang dinggo dening para
pujangga, kuna utawa anyar, amarga Kawi tegese penyair
(Zoetmulder, 1974: 511 dalam Abdullah, 2007: 13). Panemu iki
uga jumbuh karo tegese ‘kawi’ ing Kamus Bahasa Jawa Kuna-
Indonesia kang asale saka basa Sansekerta kawi utawa kavi sing
tegese “pujangga utawa penyair” lan tembung kawya utawa
kavya kang tegese sajak, syair, puisi (Mardiwarsito, 1981: 274 –
275 dalam Abdullah, 2007: 13). Mula kuwi, para penggurit akeh
kang nganggompilihaning tembung kang nganggo basa Kawi

| Winda Prasetyoningrum, S.S 13


GEGURITAN]

supaya unine ukara dadi lewih endah lan resep. Tuladha basa
kawi bisa dipirsani ing tabel ing ngisor iki.
Tabel.1 Tuladha Basa Rinengga kang Awujud Basa Kawi
No. Basa Jawa Ngoko Basa Kawi
1. banyu tirta
2. Mata netra
3. Ora tan/datan
4. wong janma
5. padha samya
6. nuju nudya
7. susah dhuhkita
8. apik yogya
9. selasa anggara
10. gunung giri

2) Purwakanthi
Sakliyane nganggo basa Kawi, cara liyane amrih
geguritan luwih apik yaiku kanthi nggatekake purwakanthi.
Purwakanthi ing basa Indonesia diarani sajak utawa rima.
Jinising purwakanthi, yaiku purwakanthi guru swara,
purwakanthi guru sastra, lan purwakanthi lumaksita utawa
purwakanthi basa. Jinising purwakanthi mau bakal kajlentrehake
kanthi luwih gamblang ing andharan ngisor iki.
(1) Purwakanthi guru swara yaiku purwakanthi kang disebabake
anane swara vokal kang padha, bisa urut utawa selang-seling.
Purwakanthi dumunung ing pungkasaning tembung saben
saklarik utawa ing pungkasaning gatra. Purwakanthi swara
uga diarani asonansi. Geguritan kang nganggo purwakanthi
guru swara bisa dipirsani ing tuladha ngisor iki.

| Winda Prasetyoningrum, S.S 14


GEGURITAN]

Tuladha:
Yitna yuwana kena lena tuladha purwakanthi swara kang
runtut

Kembang mlathi warna peni ganda wangi  tuladha


purwakanthi selang seling
(2) Purwakanthi Guru Sastra yaiku purwakanthi kang disebabake
anane swara konsonan kang padha. Beda karo purwakanthi
swara, purwakanthi konsonan ora kudu tiba ing pungkasaning
gatra, nanging swara kang padha bisa ing wiwitan utawa
tengahing gatra. Purwakanthi sastra uga sinebut aliterasi.
Geguritan kang nganggo purwakanthi guru sastra bisa
dipirsani ing tuladha ngisor iki.
Tuladha:
Serat Srikandhi Maguru Manah

Pinggir sendhangana gadhung,


Rumambat ing klapa gadhing,
Pinencokan manuk podhang,
Sajodho tan ana tandhing,
Jroning gedhong ana endhang,
Milihi wohing kurandhing

(Sutardjo, 2014: 55)


Purwakanthi sastra ing tuladha geguritan dhuwur iku ora
mung ana ing sakgatra nanging uga ing pungkasaning gatra.
(3) Purwakanthi lumaksita uga sinebut purwakanthi basa yaiku
purwakanthi kang disebabake anane tembung ing
pungkasaning gatra utawa ukara kang dibaleni ing wiwitaning
gatra utawa ukara sakbanjure.

| Winda Prasetyoningrum, S.S 15


GEGURITAN]

Tuladha:
Pepujaning Ati
Dening: Agustini
Yen godhong, godhonge salam
Pikiranku tansah ngenam
Yen godhong, godhonge waru
Tekamu tansah dakantu
Yen godhong, godhonge gedhang
Ati iki sangsaya kebranang
Yen godhong, godhonge senthe
E, rasaku kok dadi kaya ngene
Yen godhong, godhonge rambutan
Ngapa rasane poyang-payingan
Yen godhong, godhonge tales
Muga-muga tresnaku tansah dibales
(Panjebar Semangat No 1- 7 Januari 2012)

Sakliyane purwakanthi, ana uga kang sinebut rima akhir sing


bisa gawe unine geguritan dadi lewih resep. Rima akhir iki bisa
dadi bukti menawa geguritan gagrag anyar oleh pangaribawan
saka geguritan gagrag lawas. Rima akhir iki padha kaya
purwakanthi, nanging dununge ana ing pungkasaning gatra.
Tuladha geguritan kang ngemu rima akhir yaiku geguritan
anggitane Subagiyo I.N kang kaanggep cikal bakale geguritan
Jawa modern. Geguritan mau bisa dipirsani ing ngisor iki.

Cahya Padma Manguwung


Dening: Subagiyo I.N
Cahya padma manguwung ing jumantana

| Winda Prasetyoningrum, S.S 16


GEGURITAN]

Tandha rina arsa ginanti Hyang Ratri


Sajak owel Surya ninggal Arcapada
Kasengsem mawas kaendahing Bumi

Tan beda lan angganing kalana mudha


Kang arsa pepisahan lan kekasihe
Rumangsa kewran arsa maluyeng kata
Kepencut nyawang memaniking netrane

Mula nora gampang ninggal kasenengan


Kang baud maweh kemaremaning driya
Karasa abot sumedhot ing gagasan
Nggrantes nandhes terus ing nala

Mula begja wong kang baud amikani


Marang owah gingsire kaanan donya
Sadurunge wus padha den mangerteni
Yen tan ana barang kang langgeng lan ana
(Kajupuk saking Saputra, 2017: 49)

Ing tuladha geguritan ndhuwur mau ngemu rima akhir ing


pungkasaning gatra yaiku a-b-a-b utawa selang-seling.

3) Lelewaning Basa (Majas)


Lelewaning basa yaiku basa kang asring kanggo ing
geguritan. Ancase penggurit nganggo lelewaning basa yaiku
supaya geguritan kang ditulis luwih endah utawa duwe efek
estetis. Lelewaning basa iki biasane nganggo bebasan utawa
tetandhingan kang kudu digoleki tegese. Miturut Nurgiyantoro

| Winda Prasetyoningrum, S.S 17


GEGURITAN]

(2014: 62-63), lelewaning basa kaperang dadi 4. Luwih cethane


bisa dipirsani ing gambar ngisor iki.

Simile

Metafora
Perbandingan
Personifikasi

Alegori

Metonimi
Pertautan
Sinekdoki

Majas
Repetisi
Repetisi
Paralelisme

Hiperbola

Litotes

Pengontrasan Paradoks

Ironi

Sarkasme

Gambar 2. Bagan Jinising Lelewaning Basa

| Winda Prasetyoningrum, S.S 18


GEGURITAN]

Jinise lelewaning basa bakal kaandharake kanthi ringkes ing


ngsior iki:
(1) Simile yaiku lelewaning basa kang nganggo tembung-
tembung kayadene duk, lir, kadya, kaya, kadi. Fungsine
kanggo ngumpamakake. Tuladhane:
Mlayune banter banget kadya thathit ing angkasa.
(2) Metafora yaiku lelewaning basa kang ora nganggo tembung
umpama, nganggone basa kias. Tuladha:
Kembang desa saka Wonogiri nembe dirabi wong
bule. Kembang desa yaiku wong kang ayu banget.
(3) Personifikasi yaiku lelewaning basa kang ngumpamakake
bendha mati bisa nglakokake pagaweyan kayadene barang
urip.
Tuladha: Angin wengi mbisiki aku yen kowe wuyung!
(4) Alegori yaiku lelewaning basa kang tegese sinandhi lan
nganggo lambang.
Tuladha: Sliramu sekar mlathi, aku kumbang nyidhamsari
(5) Metonimi yaiku lelewaning basa kang nganggo jeneng
sesinglon kanggo nudhuhake barang tartamtu.
Tuladha: Simbah kang njaga alas kene kawentar wengis lan
galak.
(6) Sinekdoki yaiku lelewaning basa kang nyebutake perangan
nanging tegese kabehan, utawa suwalike.
Tuladha: Krungu jumangkahe sikilmu nyedhak njalari aku
ayem.
(7) Repetisi yaiku lelewaning basa kang dinggo mawa mbaleni
tembung, frasa utawa klausa.

| Winda Prasetyoningrum, S.S 19


GEGURITAN]

Tuladha: Aku bakal maju, maju, lan maju terus nganti kowe
gelem nampa tresnaku.
(8) Paralelisme yaiku lelewaning basa kang nganggone kanthi
cara mbolan-mbaleni tembung, frasa, klausa utawa ukara.
Tuladha: Kowe kuwi tresnaku, kowe kuwi impenku, kowe
kuwi uripku.
(9) Hiperbola yaiku lelewaning basa kang ngluwih-luwihake
samubarang kang ancase kanggo mbangetake.
Tuladha: Rega beras sundhul langit
(10) Litotes yaiku lelewaning basa kang isine nyilikake
kasunyatan kareben ora pamer.
Tuladha: nywun pangapunten gubug kula awon.
(11) Paradoks yaiku lelewaning basa kang yyandhingake rong
perkara kang tegese kuwalikane.
Tuladha: Ing papan kang rame iki, atiku sepi banget.
(12) Ironi yaiku lelewaning basa kang wujude pasemon.
Tuladha: Wah elok tenan biji repotmu kobong kabeh!
(13) Sarkasme yaiku lelewaning basa kang wujude sindiran
kasar. Tuladha: Swaramu mbudhegake kupingku!

4) Tembung-tembung kang awujud mligi


(1) Tembung Garba
Tembung garba yaiku rong tembung kang digabung dadi siji.
Ana ing tembung garba iki, sok kedadeyan owah-owahing
swara amarga digabung karo tembung liyane. Tuladha:
waspada + ing = waspadeng
kadya + iku = kadyeku
saniskara + ing = saniskareng
priya + agung = priyagung

| Winda Prasetyoningrum, S.S 20


GEGURITAN]

nara + indra = narendra

(2) Tembung mawa seselan –in-


Seselan -in- tegese pada karo ater-ater di-. Nanging
yen kanggo ing geguritan, tembung mawa seselan –in- luwih
apik keprungu tinimbang tembung kang nganggo ater-ater di-.
Tuladhane:
diserat = sinerat
disawang = sinawang
ditemu = tinemu
dikudang = kinudang
disebut = sinebut
Sakliyane lanyah anggone nggunakake basa rinengga,
para pujangga uga kudu ngerteni babagan mardibasa.
Mardibasa yaiku pujangga kudu ahli anggone ngothak-athik
tembung. Ing jaman modern, tembung ‘Mardibasa’ meh
padha tegese karo lisencia poetica utawa lisencia gramatica
(bebas anggone nganggo basa, tembung, teges, lan amanat)
(Saputra, 2017: 38-39).
Tuladhane mardibasa utawa licentia poetica kang
diduduhake dening Ranggawarsita, sang pujangga pamekas,
bisa dipirsani ing tuladha ngisor iki.
//Songsong gora candraning
artati/ Lwir winidyan saroseng
parasdya/ Ringa-ringa pangripten/
Tan darbe labdeng kawruh/
Angruruhi wenganing budi/
Kang mirong ruhareng
tyas/ Jaga angkaranung/

| Winda Prasetyoningrum, S.S 21


GEGURITAN]

Minta luwaring duhkita/


Away kongsi kewran lukiteng kinteki/
Kang kata ginupita//
(Ranggawarsita, Serat Cemporet, pupuh I, pada 1)

Tuladha licentia poetica bisa kawruhan ing tembung


winidyan. Tembung winidyan yen diudhal adhedhasar
wuwuhane dadine kaya mangkene:

widya panambang Winidyan "diwenehi seserepan"


-an
seselan -in-

Tembung winidyan iki ora dingo ing basa padinan.


Yen ana wong kang arep ngendika kang tegese “diwenehi
seserepan/ilmu” luwih sering nganggo tembung “diwulang”.

2) Citraan
Fungsi citraan yaiku kanggo nuwuhake gegambaran utawa
khayalan kang tuwuh merga pandhapuking ukara kang endah. Sutejo
(2010, 20-24) merang citraan dadi 5 yaiku citra penglihatan (citra
panyawang), citra pendengaran (citra pangrungu), citra penciuman
(citra pangaras), citra perabaan (citra pandemok) lan citra gerak (citra
owah).
(a) Citra panyawang nganggo tetembungan kang nggayutake apa
kang bisa dilakoni lan dirasakake dening mata.
Tuladhane:
Esemmu ngujiwat gawe atiku kemeser.

| Winda Prasetyoningrum, S.S 22


GEGURITAN]

(b) Citra pangrungu nganggo tetembungan kang nggayutake apa


kang bisa dilakoni lan dirasakake dening kuping.
Tuladhane:
Banter banget anggone bengok, brisik!
(c) Citra pangaras nganggo tetembungan kang nggayutake apa kang
bisa dilakoni lan dirasakake dening irung.
Tuladhane:
Ganda wangi parfumu aku isih apal.
(d) Citra pandemok nganggo tetembungan kang nggayutake apa
kang bisa dilakoni lan dirasakake dening kulit.
Tuladhane:
Tanganmu nggandheng tanganku. Anget. Ayem.
(e) Citra owah nganggo tetembungan kang sejatine ora owah
nanging dicritakake bisa owah.
Tuladhane:
Wit-wit katon padha mlayu ngadohi aku. Slamur.

3) Perangan Wujude Geguritan


Perangan wujude geguritan uga sinebut tipografi. Tipografi
yaiku wujude larik geguritan kang ndhapuk wujud tartamtu.
Umpamane mbentuk zig-zag, bunderan, ndhapuk wangun layangan,
lan liya-liyane. Tuladha tipografi zigzag bisa dipirsani ing tuladha
ngisor iki.

| Winda Prasetyoningrum, S.S 23


GEGURITAN]

Gambar 3.
Tipografi awujud zig-zag
Gambar kajupuk saka http://1.bp.blogspot.com/-
i3WusZoI2h0/VeEsYMhcFOI/AAAAAAAABjM/febwH8KsaI8/s1
600/TRAGEDI-WINKA-SIHKA--e1336107562465.jpg

3. MACA LAN NULIS GEGURITAN


a) Maca Geguritan
Maca geguritan kuwi ancase kanggo medharake ruh lan amanat
sing kamot ing sakjeroning geguritan. Mula, maca geguritan ora kaya
maca warta utawa cerita. Ana bab-bab kang kudu digatekake supaya ruh
lan amanate geguritan bisa tinampa kanthi becik. Bab-bab mau, yaiku:

| Winda Prasetyoningrum, S.S 24


GEGURITAN]

Gambar 4. Maca Geguritan


(Gambar kajupuk saka
https://www.google.com/search?q=geguritan&source=lnms&tbm=isch&
sa=X&ved=0ahUKEwiAsaK10bHaAhUjTo8KHRuGAwoQ_AUIDCgD
&biw=1024&bih=504#imgrc=d0i53PS0CxswOM:)

1) Wicara
Wicara iku gegayutan karo babagan cethaning swara utawa
pocapan nalika maca geguritan. Swara kang cetha bisa dibedakake
antarane unine swara /d/, /dh/, /t/, /th/, tembung siji lan liyane ora
nggandheng lan ora bindheng. Swara kang cetha bakal penak
dirungokake.
2) Wirama
Wirama yaiku andhap asore swara kang kajumbuhake karo
isining geguritan. Umpamane maca geguritan kang ngemu duhkita,
wirama swara sing digunakake alon lan ora banter.
3) Wiraga

| Winda Prasetyoningrum, S.S 25


GEGURITAN]

Wiraga yaiku patrap utawa solah bawa lan ora kakehen


ngobahake awak. Umpamane yen maca geguritan kanthi tema
Sumpah Pemuda, wiraga kang katunjukake yaiku ngepelake tangan
kang nduwe teges “semangat”.

Gambar 5. Owahing tangan kang nudhuhake wiraga


(Gambar kajupuk saka
https://www.google.co.id/search?q=deklamasi+dengan+semangat+na
sionalisme&dcr=0&source=lnms&tbm=isch&sa=X&ved=0ahUKEw
ipwPX-
9rHaAhWHwI8KHUr0DlYQ_AUICygC&biw=1024&bih=504#imgr
c=M4_r2oh_YZQwvM)
Kalebu ing wiraga yaiku busana sing dinggo kajumbuahke
karo ancas utawa suasane lan panyawange mripat. Umpamane nalika
maca geguritan kanthi tema Sumpah Pemuda mau mula nganggo
aksesoris iket werna abang lan putih, maca geguritan kang isine
duhkita wiragane nganti nangis.
4) Wirasa
Wirasa (penjiwaan) teges isine geguritan dirasakake ing
sanubari. Yen maca geguritan kang isine nelangsa praupane susah
(ngguya-ngguyu).

| Winda Prasetyoningrum, S.S 26


GEGURITAN]

Maca geguritan padha tegese karo deklamasi. Tuladhane deklamasi


utawa maca geguritan bisa dipirsani ing video ngisor iki.
https://youtu.be/fuEEn43AmG4

b) Nulis Geguritan
Seliyane maca geguritan, nulis geguritan uga perlu nggatekake
babagan tartamtu kayadene: a) nemokake tema geguritan b) Mantha-
mantha tema dadi topik kang luwih mligi, c) milih diksi utawa tembung
kang trep karo topik d) ngronce ukara nggunakake basa rinengga, e)
aweh ruh lan teges sajeroning geguritan. Bab-bab mau bakal
kajlentrehake kanthi luwih cetha ing andharan ing ngisor iki.
1) Nemokake Tema Geguritan
Tema miturute Yule lan Brown (1983) (lumantar
Mulyana, 2005: 37) tegese kang ndhasari wicara. Tema luwih jembar
momotane tinimbang topik. Gambar ing ngisor iki nuduhake yen
tema iku minangka baboning pacelathon.

Tema
Topik
Irah- irahan

Gambar 7. Urut-urutaning Tema, Topik, dan Irah-irahan

2) Mantha-mantha Tema dadi Topik kang Luwih Mligi


Topik iku perangan kang lewih mligi saka tema. Topik asale
saka basa Yunani topoi sing tegese “tempat” utawa panggonan. Ing
guneman, topik dadi intine pirembagan.

| Winda Prasetyoningrum, S.S 27


GEGURITAN]

3) Nemtokake Irah-irahane Geguritan


Topik banjur digawe luwih mligi maneh dadi irah-irahan
(judul) geguritan. Gegayutane antarane tema, topik, lan irah-irahan
bisa dipirsani ing bagan ngisor iki. Yen digawe tuladha, gegayutan
antarane tema, topik, lan irah-irahan geguritan bisa dipirsani ing
bagan ngisor iki.

Tema:
Teknologi

Topik: Topik:
Paedahe Teknologi Tunane Teknologi

Tuladha irah-irahan Tuladha irah-irahan:


Tuladha irah-irahan: Tuladha irah-irahan
geguritan: Wuyungku tan Ana Alangan
Lali Sepi
Kabeh sarwa Cepet

Gambar 7: Tuladha Gegayutane tema, topik, lan irah-irahan geguritan

4) Milih diksi utawa tembung kang trep karo topik


Diksi yaiku pilihaning tembung kang trep. Iki jumbuh karo
pamanggihe Keraf (1980: 34) sing ngandharake menawa diksi yaiku
pilihaning tembung kang apik, bisa awujud basa lisan utawa basa
tulis. Diksi ing geguritan nggunakake tembung kang menthes lan
endah. Diksi uga kajumbuhaken karo topik lan tema.
5) Ngronce Ukara Nggunakake Basa Rinengga
Uwis kaandharake ing ndhuwur menawa basa rinengga bisa
kadhapuk kanthi maneka cara, ing antarane nganggo basa kawi,
tembung garba, tembung mawa wujud kang mligi, utawa nggatekake

| Winda Prasetyoningrum, S.S 28


GEGURITAN]

purwakanthi. Basa rinengga uga bisa kadhapuk kanthi nggunakake


lelewaning basa.
6) Aweh Ruh marang isining Geguritan
Ruh lan pesen ing sajroning geguritan kuwi minangka
perangan kang wigati (Mulyana, 2014: 49). Ruh njalari geguritan
kuwi bisa nduweni rasa kang jero. Dadi geguritane bisa ngemu teges.
Dene pesen utawa amanat ing sajroning geguritan minangka wos
kang jumbuh karo ancase penggurit nganggit geguritan. Penggurit
lan wong kang maca geguritan bisa sinambung amarga anane pesen
iki. Wong kang maca geguritan uga dadi bisa ngerti apa karepe
penggurit.
Ngrembug babagan pesen, ing jaman saiki akeh kang
nggunakake geguritan kanggo nepangake nilai-nilai pendidikan
karakter. Sakjane iki ora beda karo gunane sastra ing wiwitan wektu
laire. Nilai-nilai pendidikan karakter yaiku sakehing nilai karakter
kang asale saka ideologi bangsa, agama, lan budaya Indonesia kang
bisa digunakake kanggo pedoman nglakoni urip. Miturut
Kemendiknas (Wibowo, 2012: 43-44) sing kalebu nilai-nilai
pendidikan karakter yaiku 1) Religius, 2) Jujur, 3) Toleransi, 4)
Disiplin, 5) Kerja keras, 6) Kreatif, 7) Mandiri, 8) Demokratis, 9)
rasa ingin tahu, 10) Semangat Kebangsaan, 11) Cinta Tanah Air, 12)
Mengahrgai Prestasi, 13) Bersahabat/Komunikatif, 14) Cinta damai,
15) Gemar Membaca, 16) Peduli Lingkungan, 17) Peduli Sosial, 18)
tanggung Jawab.

E. Rangkuman
1. Sastra Jawa kadhapuk saka tembung sas lan tra kang tegese piranti kanggo
mulang.

| Winda Prasetyoningrum, S.S 29


GEGURITAN]

2. Sastrawan Jawa bisa kaperang adhedhasar jaman laire karya, yaiku karya
kang lair sakdurunge Indonesia merdika lan sakwise Indonesia merdika.
Jaman sakdurunge Indonesia merdika esih kaperang maneh dadi jaman
dijajah Landa lan jaman dijajah Jepang. Nalika jaman dijajah Landa
kaperang maneh dadi Balai Pustaka lan non-Balai Pustaka.
3. Jinising sastra Jawa kaperang dadi loro yaiku Prosa Jawa lan Puisi Jawa.
4. Jinising sastra Jawa uga bisa kaperang adhedhasar periodisasi wektune,
yaiku Sastra Jawa Kuna, Sastra Jawa Tengahan, Sastra Jawa Baru, lan Sastra
Jawa Tengahan.
5. Para winasis wis medharake pangertene geguritan dhewe-dhewe.
6. Adhedhasar dhapukaning ukara lan pangiketing tembung, geguritan
kaperang dadi geguritan DwiGatra, Tri gatra, Catur Gatra, Panca Gatra, Sad
Gatra, Sapta Gatra, Hastha Gatra, lan Nawa gatra.
7. Adhedhasar paugerane, geguritan kaperang dadi geguritan gagrag Lawas
utawa geguritan tradhisional lan Geguritan Gaggrag Anyar.
8. Unsur-unsur kang ndhapuk geguritan yaiku perangan basa, sastra, retorika,
lan tipografi.
9. Ing basa Indonesia, maca geguritan uga diarani deklamasi.
10. Maca geguritan kudu nggatekake babagan wicara, wiraga, wirama, lan
wirasa.
11. Maca geguritan kanthi patrap kang trep nuwuhake kanikmatan lan resep ing
ati.
12. Nulis geguritan kudu nggatekake tema, topik, irah-irahan, basa rinengga, ruh
lan pesen ing sajroning geguritan.

| Winda Prasetyoningrum, S.S 30


GEGURITAN]

DAFTAR PUSTAKA

Mulyana. 2014. Bahasa Jawa Kreatif Panduan Lengkap Menulis dalam Bahasa
Jawa. Yogyakarta: Tiara Wacana.
Nurgiyantoro, B. 2014. Stilistika. Yogyakarta: Gadjah Mada University Press.
Saputra, Karsono.H. 2017. Puisi Jawa, Struktur dan Estetika (edisi Revisi). Jakarta:
bukupop.
Subalidinata, R.S. 1994. Kawruh Kasusastraan Jawa. Yogyakarta: Yayasan Pustaka
Nusatama.
Suharianto, S. 2009. Pengantar Apresiasi Puisi. Semarang: Bandungan Institute.
Sutardjo, S.S., M.Hum. 2014. Tembang Jawa (Macapat). Surakarta: bukutujju.
Sutejo. 2010. Stilistika Teori, Aplikasi, dan Alternatif Pembelajarannya. Yogyakarta:
Pustaka Faedah.
Suwondo, Tirto, dkk. 2006. Antologi Biografi Pengarang Sastra Jawa Modern.
Yogyakarta: Adi Wacana.
Padmosoekotjo, S. 1960. Ngengrengan Kasustraan Djawa. Yogyakarta: Hien Hoo
Sing.
Poerwadarminta, W.J.S, dkk. 1939. Baoesastra Djawa. Batavia: J.B. Wolters
Uitgevers
Teater Kelir Surakarta. 2016. Antologi Geguritan “Kelir Jroning Aksara”. Surakarta:
CV Kekata Group.
Wibowo, Agus. 2012. Pendidikan Karakter Strategi Membangun Karakter Bangsa
Berperadaban. Yogyakarta: Pustaka Pelajar.

| Winda Prasetyoningrum, S.S 31

Anda mungkin juga menyukai