Anda di halaman 1dari 1

Preian Sekolah ing Griyane Kakung

Ora kroso Minggu ngarep wis preian sekolah. Aku lan keluargaku duwe
rencana bakal dolan menyang griyane kakungku ning Gunung Sari. Desane kakungku
ijek asri, kaline bening, lan sawah-sawahe katon ijo royo-royo.
Perjalanan seko omah ngasi omahe kakungku butuh wektu sekitar patang jam.
Bar shalat Subuh, aku langsung semangat adus lan nyiapne klambi ganti nggo liburan
ning kana. Ora lali ibukku ya nyiapne sangu nggo dipangan pas ning ndalan.
Akeh pemandangan sing apik mergo perjalanan menyang omahe kakungku
ngelewati gunung lan alas. Keluargaku budal seko omah jam pitu esuk numpak mobil.
Pas perjalanan, aku dicritani pengalamane bapak pas jih cilik ning desa mbien. Aku
dewe asline ndue rencana dolan ning kali utawa sawahe kakung.
Ora krasa cerita ngalor-ngidol, wayah jam 12 awan jebul ameh tekan omahe
kakungku. Kakungku wis siap ngenteni ning ngarep omah karo wajahe sing seneng
banget amarga meh ketekanan aku, putu sing disayang. Selama nek omahe kakungku,
aku diajak dolan menyang kali, sawah, lan kebon. Aku seneng iso liburan sekolah
ning desane kakungku.

Anda mungkin juga menyukai