Anda di halaman 1dari 2

Nama: Elia Nur Afifah

MI : MI Nurul Falah Krowe

PENDIDIKAN MADRASAH MINANGKA SARANA KAGEM


MUJUDAKEN ISLAM RAHMATAN LIL'ALAMIN

َّ ُ‫اَلس َََّل ُم َعلَ ْي ُكم َو َرحْ َمة‬


ُ‫َّللاِ َوبَ َر َكا تُه‬
‫ َوالص َََّلةُ َوالس َََّل ُم َعلَى‬،‫لح ْم ُد ِ َّّلِلِ َربِّ ال َعلَ ِمي َْن‬ َ َ‫ ا‬،‫َّحي ِْم‬
ِ ‫َّللاِ الرَّحْ َم ِن الر‬َّ ‫بِس ِْم‬
َ ‫ف األَ ْنبِيَا ِء َوال ُمرْ َسلُي َْن َسيِّ ِدنَا ُم َح ِّم ٍد َو َعلَى اَلِ ِه َو‬
‫ اَ َّما‬،‫صحْ بِ ِه اَجْ َم ِعي َْن‬ ِ ‫أَ ْش َر‬
‫بَ ْع ُد‬
Dhumateng Bapak Ibu dewan juri ingkang dahat kinabekten,

Dhumateng kanca-kanca pendherek sesorah Basa Jawi ingkang kulo


tresnani.

Purwakaning atur sumangga kita ngunjukaken puji syukur wonten


ngarsanipun Allah Swt. ingkang sampun paring kanikmatan dhumateng kita sedoyo,
sehingga kita saget makempal wonten majlis ingkang mulya punika. Shalawat saha
salam mugi katur dhumateng Nabi Agung Muhammmad saw.

Bapak Ibu dewan juri ingkang kulo hormati,

Allah Swt. sampun dawuh wonten ing Al-Qur'an Al-Karim surat Al-Anbiya' ayat
107:

َ َ‫َو َمآ أَرْ َس ْل َٰن‬


َ ‫ك إِ ََّّل َرحْ َمةً لِّ ْل َٰ َعلَ ِم‬
‫ين‬
Arthosipun: Lan kawulo ora ngutus siro (Muhammmad) kejobo kanggo Rahmat
tumrap sekabehe salam.

Kanthi dasar punika sampun pertelo bilih agami Islam kagem mujudaken
Islam ingkang ayem tentrem tumrap sedoyo alam. Madrasah punika salah
satunggalipun panggonan panggulawentah tumrapipun putra putri kita, kagem
mujudaken Islam rahmatan lil'alamin.

Bapak Ibu dewan juri saha kanca-kanca ingkang kinurmatan,

Panggulawentahan punika salah satunggalipun perkawis ingkang penting


sanget, amargi lewat panggulawentahan saget bantu mahami saha ngembangaken
potensi kita. Lumantar madrasah, kita pikantuk panggulawentahan nilai-nilai agami
saha toleransi wonten ing pagesangan kita, sehingga saget mujudaken Islan ingkang
ayem tentrem.

Bapak Ibu dewan juri ingkang kulo hormati, mekaten sesorah ingkang saget
kulo aturaken panggulawentahan madrasah badhe paring nilai-nilai agami saha
toleransi, sehingga saget mujudaken Islam ingkang rahmatan lil'alamin.

Wonten lepatipun nyuwun pangapunten

َّ ِ‫ب‬
ُ‫اّلِلِ التَّ ْوفِيْق َو ال ِه َدايَة‬

ُ‫و ال َّسَل ُم َعلَي ُك ْم َو َرح َمةُ َّللاِ َوبَ َركاتُه‬

Anda mungkin juga menyukai