Anda di halaman 1dari 2

Assalamu'alaikum Warahmatullahi Wabarakatuh

Ingkang kinurmatan bapak soho ibu panjuri Festifal Tunas Bahasa Ibu

Ugi mboten kasupen rencang-rencang ingkang kawulo tresnani

Sumangga langkung rumiyin sami ngaturaken puji Syukur dhumateng gusti maha kuasa,

ingkang paring Rahmat lan hidayahipun, sahingga kita sedaya saget kempal wonten acara

punika kanthi mboten alangan setunggal punapa.

Sholawat saha salam senantiasa kita haturaken dhumateng junjungan kita nabi agung

Muhammad SAW, ingkang kita tengga-tengga syafaatipun benjang ing dinten akhir,

Kula wakil sangking SDN Ngemplak Kidul 03 jumeneng teng mriki ajeng medaraken

babagan “Pitutur Luhur Sajroning Tembang Dolanan”

Salah satunggaling tembang ingkang asring dipun tembangake inggih menika padhang

bulan. Kangge rencang-rencang kang dereng mangertos, tembang padhang bulan unine

kados mengkene:

Yo prakanca dolanan ing njaba

Padhang bulan padhange koyo rina

Rembulane sing awe-awe

Ngelingake ojo padha turu sore

Tembang dolanan padhang bulan nduweni makna religious, tembang dolanan menika

nggadahi teges, kita manungsa kedah muji Syukur dhumateng gusti ingkang maha kuasa,

amargi saged ngraosaken endhahing alam, ugi dipunjab mboten sare satemah saged

ngibadah ing wanci dalu

Tembang menika nduweni nilai-nilai kang wigati sajroning urip yaiku:

Kaping satunngal, gotong royong

Kaping kaleh, paseduluran

Kaping tiga, nilai agama ing ngibadah


Sumangga kita sesarengan ngreksa lan ngelestariken tembang dolanan. Amargi yen mboten

kito minangka generasi muda ingkang bakal nerusake budaya, banjur sapa maneh??

Mekaten sesorah ingkang kulo aturaken, sedaya kekirangan saha kelepatan ingkang mboten

saged adamel suka renaning penggalih panjenengan sedaya, keparenga kula ngaturaken

sedaya kelepatan nyuwun agunging pangaksami.

Wassalaamu'alaikum Warahmatullahi Wabarakatuh

Anda mungkin juga menyukai