Anda di halaman 1dari 4

SANGUINE SEMBAHYANG

Sanguine sembahyang
dupa, beras, banyu, kembang
Srana nggo sesuji
Ganda harum lenga wangi

Cecakupan tangan
Ngujar mantra bebarengan
Atur pangabekti
Madep maring sang nyang widi

Sranane, percaya lahir bathine


Wajibe, saben dina nindhak ake
Panjur muspa kembang
Puja – puji bebarengan
Atur pangak sama
Gusti paring sing nugraha

Sranane, percaya lahir bathin


Wajibe, saben dinanindhak ake
Panjur muspa kembang
Puja – puji bebarengan
Atur pangak sama
Gusti paring sing nugraha
PRAHU LAYAR
Ayo kanca padha gembira
Anindakake ajaran agama
Ing dina Tilem lan purnama
Siji Saka lan dina riyaya
Alon swarane sembahyang
Gumremeng sarwa pujian
Ora jemu – jemu kanthi mituhu
Ngilangakake rasa hawa nepsu
Tatwam Asi…,yuk ditindakake
Tingkah laku kang sarwa prasaja
Manembaha marang kang kuwasa
Dene…,aja lali saben dina sembahyang

GERONGAN KINANTI
OM SWASTYASTU
duh hyang widhi masa agung.Pangerane jagat katri,
acahya suci gumilang,dahat hulun puji…puji,
Anglunturno sih nugraha …ooo,sumunaring cahyo wening.

BRAHMA,WISNU,CIWA
Tumunduk ing manah hulun,manter amandangi budhi
dado sojo laran niro,rahayu mulyo sayekti, gesang
wonten,moyo podo, gesang wonten moyopodo ….Ooo
dumugi delahan singgih
OM SWASTYASTU
Hyang tunggal ugi sinebut, narayana dedasaring, kang
tumitah Sabuwono, ingkang sampun ingkang wingking
tampo purwo tan wasono,… ooo
datan wujud datan lahir

BRAHMA, WISNU, CIWA


Pepeteng datan manaput, netro tan wenang umeksi,
tuhu dewa suci eko,narayana datan kalih,….
datan wonten ngimbangono, …..ooo
Ingkang uning saget tunggil.

LANGGENG JAWI
SUN SASUWUN
SUN SASUWUN NGARSANE HYANG MAHA SUCI
TINAMPIYO SOWAN HAMBA
TINE BEHNO SAPU DENDANE
SEMBAH ULUN MOGI KONJUK
ING NAGRSANE HYANG MAHA WIDHI
CIPTA ULUN MUNG PADUKA SESEMBAHAN ULUN
PADUKA TUING SADAYA SAHA KUWASA
MANGREH JAGATD SEKALIR
JANGKA KAWULA JURINGNO
UTAMANE
UTAMANE WONG TINITAH URIP
DEN BISAHA ANGENAK’E MANAH
MARANG SAK PADHA – PADHANE
PEPADANE TUMUWUH
ANGABEHNO PANGGAWE BECIK
LUWEA MANIS SING BASA BASUKINE TEMBUNG
PUNGA TAMPADOYO MYANGSA
GEGULANGEN ING SYANG PANTARA RATRI

PANGKUR
PANGKUR WURYANING KITOYO
SADURUNGE SIRE DUMADI
WONTEN PUNDI DUNUNGIPUN
SEJATINE ORA ONO
BAPA BIYUNG KANGGEH LANTARAN INGSUN
PUNDEN KULA WONTEN NDONYO
TEKENG PATI DEN URI - URI

Anda mungkin juga menyukai