Anda di halaman 1dari 11

KIDUNG SUCI AGAMA HINDU

DHARMA KINIDUNG
KANGGO PANGIRING 
UPACARA
SEMBAHYANG
 

Katulis Dening :
Mbah Dharmo
Banyuwangi, 5 Januari 2013
wongsinting2012@gmail.com  

Om Swastyastu.
Om Awignamastu namo sidham.
SINOM KETAWANG
Gusti Hyang Maha Wasesa
Sinembah sagung dumadi
Tumurun ing marca pada
Ingayab gung dewa-dewi
Sumunar cahya suci
Angambar ganda arum
Mustikaning jagad raya
Amisesa siang ratri
Ing wasana gya bangkit paring nugraha.

GERONGAN PUCUNG LADRANG


Hamba munjuk, lumantar pamantranipun
Kanthi puja brata, nggennya minta tirta suci
Kukus arum anglantarken sembah hamba.
Dhuh Hyang Agung, sih paduka kula suwun
Mugi dadya srana, pangleburing papa dhesti
Papa sirna raos wening jroning nala.
Umat sagung, mangga sami anenuwun
Minta sih nugraha, nugrahane Sang Hyang Widhi
Pinaringa katentreman dhirga yuswa.
Gya tumurun, nugrahaning Hyang Maha Gung
Kang lumantar tirta, tinampen pra umat sami
Temah mulya widada nir sambekala.
DANDANG GULA GEDHONG KUNING
Lir kusumo, mbabar ganda wangi
Kumelun wor kukusing sang dupa
Sang yogi muntu ciptane
Hanut laksiteng wahyu
Matek mantram tulus melatsih
Pindha sang madu branta
Kunjuk Hyang Maha Gung
Hambuka wenganing tyas
Ing sasmita wahyuning Hyang Hodipati
Weh daya katentreman.

GERONGAN WIDOSARI
Kukusing dupa kumelun
Hanawur ganda mrik milir
Kumenyar cahyaning dupa
Dadya pancering pangesti
Puspita jatining angga
Karya lenggahing Hyang Widhi
Pindha pesating supena
Sumusup ing rasa jati.

Mangkono ingkang winuwus


Kang bangkit marjayeng westi
Hamberat budi angkara
Angagungken pangastuti
Tan singlar wangsiteng Weda
Maweh ascaryeng sabumi

Suradira jayaningrat
Lebur dening pangastuti.

KETAWANG KADUK RETNO


E…………angin mangidit milir
Arum-arum dupa sekar sesari
E…………angin mangidit milir
Arum-arum dupa sekar sesari
Ri Sang Pekik amuja wening ciptane
Yayah kojem brahmana mangsah semedi
Mangkono ingkang winuwus
Sanghya pra umat sadarum
Angesti wijiling wahyu
Sang resi amusti tirta
Arum kukusing dupa
Angambar ing awang-awang
Umat samya sinekar panjang ilang.

PANJANG ILANG
Ngeningken cipta sayekti
Tuhu titis ing pangrasa
Rasa ngreh panca ndriyane
Rinacut manjing sajuga
Sumusup sajroning nala
Kang riris angambar arum
Ambabar jatining rasa.
Dhuh Gusti Hyang Maha Widhi
Lumunturo sih paduka
Muhung tur puja mantrane
Minta sih peparing tirta
Anggayuh sucining nala
Cinaketno munggweng kayun
Rinengkuh Maha Wasesa.
Dhuh Gusti Hyang Maha Suci
Wit saking asih paduka
Kasembadan sasedyane
Sawusnya anampi tirta
Lulus tan manggih rubeda
Kaparenging Hyang Maha Gung
Widada nir sambekala.

ASMARANDANA
Amiwiti amemuji
Manembah Hyang Widhi Wasa
Cinawisna pirantine
Dupa tirta lan sekarnya
Kanggo srana amemuja
Kanthi wening jroning kayun
Nggennya kita ameminta.

BAWA PUCUNG PAMBUKA


Dhuh Hyang Agung
Sinembah umat sadarum
Dhahat sru nalangsa
Nggennya sami amemuji
Mugi-mugi Hyang Widhi Paring nugraha.
 

BAWA DANDANG GULA SIDO ASIH


Pamintaku kunjuk ngarsa Gusti
Linuberno ing teguh yuwana
Kang tansah gung aksamane
Dhuh Gusti dasih ulun
Jroning ari sembahyang niki
Tan kena tininggala
Sagunging mitraku
Antuk bagya nirmala
Dhirgayuswa sumrambah sentana sami
Saking wahyuning Hyang Dharma.

TINAMPEN AYAK PAMUNGKAS


Hyang Widhi, Maha Suci
Sampun purna atur sembah
Hyang Widhi, rahayua
Pemangku amercik tirta
Tirta suci ganda arum
Tarlen amung amemuji
Mugi umat Hindu Dharma
Sepuh anem jaler estri
Estinen mustikaning tyas
Manunggal ngarsane Widhi.

Hyang Widhi, mugi-mugi


Kaparinga anugraha
Hyang Widhi, lestariya
Sagung jiwa umat samyo
Umat manungsa kang gesang
Anugraha nurwidiya
Brahmacari kaluhurna
Satyam ewa na anertham
Satyam siwam lan sundharam
Moksa artham jagadhita.

Hyang Widhi katampia


Ulun angaturken sembah
Hyang Widhi, sembah ulun
Lahir batin amemuji
Wahya dyatmika sembah ulun
Ijen ta tan hana waneh
Werdha mudha jaler estri
Gumolong dadi sawiji
Ing dinten sembahyang niki
Cekap nyuwun tirta suci.

IBU PERTIWI
Ibu pertiwi
Paring boga lan sandhang kang murakapi
Peparing rejeki manungso kang bekti...........
Ibu pertiwi........... ibu pertiwi...............
Sih sutrisno mring sesami............
Ibu pertiwi kang adil luhuring budi
Ayo sungkem mring ibu pertiwi
Hyang prameng kawi
Tinedahno hamba mring lampah utami
Kang manut wewaton dhasaring agami..............
Tat twam asi.............. kang sesanti.................
Rahsa tan beda sayekti...............
Aiwa kongsi suko deksiyo sesami
Ayo ngudi mrih luhuring budi.

BAWA PUCUNG PANUTUP


Umat sagung
Sembahyangan sampun rampung
Swawi wedhar sila
Kanthi namaskara santi
Asesanti rahayu kang pinanggiha.

Om Santi santi santi Om 

Anda mungkin juga menyukai